SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Selasa, 26 Maret 2013

Pranata Acara Kirab Temanten


Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,

Alkhamdulillahirobbil ‘Alamin, Assholatu wassalamu ‘ala Rosulillahi Ajma’in, Ashadu Anla ilaha Illalloh Wa Ash-hadu anal Muhammadarrasululloh, Wa Qola Rosulullohi SAW, Annikahu ‘an Sunnati Famarrokiba ‘an sunnati falaisa minni..Amma ba’du.

Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT ingkang Maha Asih, mugi tansah kasajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.

Nuwun.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.

Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma. Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Illahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.

Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun ingkang hamengku gati sagotrah, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka  pinangka jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa wonten ing pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun  Bp …………. ( Ingkang hamengku gati ) netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing ri kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning tata upacara. Nun inggih Bp…….. ( Pamengku gati ) sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bp…….., ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bp……. ingkang lenggah wonten ing …….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA utawi ing dalem).

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :

Binuka kanthi sowaning putra temanten putri saking sasana busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban ...,...,... (Dukuh, kelurahan,Kecamatan,Kabupaten)
Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan minangka titi laksana Kalajengaken sowaning putra temanten kakung saking sasana busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga adi lan adicara upacara panggihing penganten sawetahipun, adicara ingkang angka tiga.  
Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bp…….. mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
 Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.

 Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu …….  ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji.

Penganten putri sampun purna ngadi busana, karigenaaken dening ibu…………. Kakanthi ibu…….. lan ibu……… kadherekaken sawetawis para, penganten putri tumunten badhe miyos lenggah ing palenggahan penganten,

Jengkaring temanten saking sasana busana binarung ungeling gendhing ingkang sampun cinandhi ing pita swara dening kadang kawula panata pita swara, dhumateng para – para ingkang piniji hambok bilih sampun samapta ing gati murih rahayuning sedya, kasumanggakaken.

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar  ketawang puspa warna, ana gandha arum amgambar katiyuping samirana mandha, kawistara jengkaring sri atmaja penganten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku wredhi papan ingkang wangi wus hangarani, ateges milil saking panthi busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para ingkang kunurmatan, rawuh manjing salebeting sasana riningga kinanthen panjenenganipun………..

Sri panganten putri hangagem busana ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating nggalebyar pating pancurat kalamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasesilih prenah.

Hangagem puspita rinonce ing ukelira sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kangsa gandane hangebeki wisma pawiwahan.

Endah edining busana, bamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamun to cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah bathari suwarga loka ingkang tumurun.

Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindha singa lapa, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijil ing lesan, hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.

Wus handungkap prapta ugyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga, hanggrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
~~~~~~~~~~~~~~~~

 Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata upacara sowaning penanganten putri , katitik sri penganten putri sampun lenggah kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana menika mracihnani bilih  laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah dhedhepe wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula dherekaken.

……..Bismillaahirrahmaanirrahiim……
~~~~~~~~~~~~~~~~

 Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah, ingkang badhe kasarirani denening sedherek …………………… Anamung keparenga sak derengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sak dereng lan sak sampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi kasumanggaaken dhumateng sedherek ……………. Sumangga.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~

 Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan ayeming suwasana prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.

Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bp …… ( Pamengku gati )  sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bp……( Pamengku gati ) sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bp……….. Dhumateng Bp………..kula sumanggaaken, saha mugi kepareng Bp………( pamengku gati )  sekaliyan, kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bp……….. Sumangga.
~~~~~~~~~~~~~~~

 Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa ... sekaliyan ingkang lumantar Bp………… Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bp……. ( Pamengku gati )  sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para putra badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.

( Wirungan Sakwetawis Menawi wonten hiburan saged pun isi hiburan )
~~~~~~~~~~~~~~~~

Nuwun para tamu kakung putri, penganten kakung sapendherek sampun kepareng rawuh,

Para tamu kakung putri, pengantin kakung sapendherekipun sampun tata rakit ing wiwaraning pasamuwan, ingkang punika paraga ingkang kajibah sumangga tumunten keparenga hangacarani rawuhipun penganten ing pasamuwan,

Para rawuh sekaliyan ingkang winantu pakurmatan, langkung langkung dateng priyagung lan para sepuh ingkang mahambeg dharma, pana ing pamawas, miwah lebda ing pitutur,

Prasasat linobong  ing manah ingkang dahat suta amarwata suka, dupi anggenipun anguningani yen ta sajroning sasana pawiwahan, kawuryan  kebak luber ambelabar sagunging pra tamu kakung putri, lenggah satata pepak sinaroja.

Binarung pradangga munya angrangin, ana gandha angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulya, kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, gebyar gebyar mawa teja anelahi, sumambirat pindha soroting baskara ingkang  mijil ing wayah gagad rahina, kumenyar mawa prabawa kentar kentar winar  gondhowidho, sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, pranyata punika candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wisma palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.

Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimba busananing narendra, lamun kadulu saking mandrawa katon agung mrabu hamrabawa, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung, dene mrabu apindha jejering narendra kang kawiwaha nucwring sajuga, mrabawa tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.

Dampyak dampyak ingkang samya lumaksana, mbinayangkara temantene kakung ingkang ngemba busananing narpati, pinayungan songsong agung ingkang kawastanan songsong agung tunggul asmara.

Ingkang samya nginarebeg pinaragan dening para kadang sentana, sutresna, sumitra miwah warga wandawa, ingkang sampun rila dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkari.

Tindakira lengkeh lengkeh anyardula lapa, lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amrabata nenggih hangringin sungsang,

Sembada ing driya, tan mengkoh ing pakewuh, yekti yen tamtama, sumbada wiratama prawira jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Mila lamun kacandra kasasra, kadi senapatining narendro ingkang arsa tedak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.

Prapteng dwiwaraning pawiwahan, nalika semana temanten kakung dahan ngunguni werdaya, dupi nguningani rerengganing pawiwaha. Kang dumadi saking pradapa manca warna

 Kandeg lankahnya putra temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinata titi tataning gati, sigra jumangkah winang sraya pametuking sekar cepaka, amurweng kandha dumateng kang sampun kapiji.

Para tamu kakung putri, tumunten badhe katindakaken adicara panggihing penganten , para ingkang tinanggenah keparenga nyawisaken pirantos sacekapipun, panggihing penganten karigenakaken dening ibu…… ……… awit saking punika ibu……………. Keparenga nganti pengantin putrid tumuju dhateng papaning panggih para tamu kasuwun paringipun puji pangestu dhumateng penganten kekalih, panggihing penganten kabiwadha ungeling gendhing monggang kalajengaken ketawang larasmaya pelog barang. Sumangga.

Panggih

Wus dumugi wahyaning mangsa kala dumawahing kodrat, saking panguaosing Gustu ingkang Maha Wikan, Welas, Tresna lan Asih, nalika semana ana titahing Gusti kang asipat jalu lan wanita, ingkang sumedya netepi jejering agesang ngancik ing alam bebrayan, amestuti ila-ila ujaring para kina ingkang dahat pinundhi pundhi, sarta angleluri laksita harja nulad edi endahing budaya, nuladha budaya kang sarwa sarwi adi luhung, tumuju dateng kautamen.

Dhampyak – dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindakipun putra temanten kakung , kandeg sawetawis sareng dumugi dwiwaraning pawiwahan.

Gantya kang winursita…

Ingkang jengkar saking sasana rinengga, anenggih punika warnanipun temanten putri , kinarebeg sagunging para – para ingkang samya humiring, kinanti myang para-para kang wis pinanci.

Dene kang munggeng tut wuri hanenggih warnariro jejaka kenya tumaruna kalih ingkang ngasta kembar mayang kawasta, kalpataru, dewandaru, jayadaru ingkang kinarya sarana dauping temanten sarimbit. Tindakira lengkeh – lengkeh kadya sarjula lapa riyak anggajah nggaling, lambean amblarak sempal yayah merak kasimpir,

` Gendhing laras maya…

Minggah ungeling ketawang laras maya, tumapaking pada nut wirama swaraning pradangga kang munya hangrangin, rinambang ungeling munggang kang kapiyarsa ing akasa.

Kadya saur manuk anglur selur asung pepuji pangestu marang penganten kekalih, mrih kasembadan sedya anggenipun bebrayan ngantas dumugi kaki nini, tebih ing rubeda celak ing kanugrahan lan kabagyan

Saya caket saya caket anggenipun lumaksana, risang temanten putri dupi wus dumugi papan kang wus sinedya, sigra kandeg sawetawis, temanten sami apagut tingal, tempuking paningal catur netra, catur wus ngarani papat netra mripat, padha sakala wonten daya pangribawa ingkang ambabar karsa dadyo sarana pambukaning rasa ginaib ingkang tumenem ing sanubari, tempuking pandulu satemah mbabar  raos geter ing telenging nala

Gantalan :

Datan saranta risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netra risang pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punapa to menggah darunanipun gantal ingkang dados bebalanganing putra tinemanten,,?

Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minangka sarana ambuntel sarananing ganten, suruh tinangsulan ing lawe seta satuhu ngemu pralmpita,



Suruh, jarwa dhosokipun kesusu kepingin weruh, suruh lamun to pradapa beda lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajuga jejer priya satunggal mijil wanita, kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal rasa cipta miwah karsane, temu ing raos, tinangsulan ing raos tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.

Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri panganten kakung darbe raos asih mrih garwo, tumuju ing jengku, penganten putri tansah ngajeng – ajeng ing pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodyo dados pangayomaning brayat.

Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing palaraban ngemu wasita panyuwun mrih wanodya mulur ing cipta, dene ing jaja amrih mekaring rasa, satemah penganten puri saget menggalih kanthi weninging rasa, saniskaraning tumindak miwah wicara mung  karenak tyasing sasama.

Purna ambalang gantalan kanthi bombonging manah…..kebak raos ingkang tumenem ing sanubari, kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang raja, pasemone nyata lamun daupira wus pinesthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendratama.

Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gya marepeki antiga cinaket ing bokor kencana, minangka wadahing sekar setaman, sakala panang antiga tinapak ing pada,,Pyar,,,pecah sanaliko,,pramila daya-daya penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung, purna denira sumembah gya amijiki samparaning ingkang raka kang winastan ranupada, ranu wus ngarani toya, pada teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang raka kanthi sedya ngatonaken darma bekti mring garwa, amberat sawarnaning sukerta, satemah anggenira lumebet ing alam madya gesang bebrayan, saged lulus raharja manggih kamulyan.

Taya perwito kang minangka sarana pambasuhing pada, manunggal mring sekar triwarna, nunninggih mawar , mlati miwah kenanga, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncara asmane, bisa dadi tepa palupining brayat mudha.

Paripurna winijikan samparanira jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos tresna asih, pralampitane, risang pinanganten minangka jejering priya, kasdu ngangkat drajating wanodya, amrih saget jajar kaliyan drajating priya.

Singep sindur :

Paripurnaning gati kang titi laksana adicara panggih, lajeng jumeneng jajar putra tinemanten kekalih sandhing kekanten asta, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanadya datan nyingkur kadrating wanita minangka garwa, risang pinanganten asra lumampah tumuju ing sasana rinengga , alake kang samya humyat….

Gandheng renteng – renteng kekanthen asta risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinara sasra, sarwi singep sindur ingkang awarni rekta miwah seta deneng rama ibu, kanthi pangajab bebrayaning putra sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiya ing budi rahayu linambar raos tresna, rhosa, tepa, sembada lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kaduragan lan kanistan,

Kadya raja myang prameswari arsa tedhak siniwaka lenggah ing dhampar denta, sapungkurnya risang penganten inggih bapak-ibu………..suka rena ing wardaya bapak – ibu…………dupi wus bisa ngentasi wajibing wredho malakrama aken putra pinanganten sarimbit nun inggih kang ahayu rara………kaliyan sang abagus ………priya kang mijil saking tlatah………satuhu putra kekudanganipun bapak-ibu……, wus widagda nambut guna talining akrami risang pinanganten, kanthi nopokhasmoni pustaka pikukuhing palakrama tumapaking adicara ijab ing dinten…….surya kaping mapan ing ………..ing wanci menika mestuti tatacara adiluhung kanthi nindaaken adicara panggih.

Para kadang samya tutwuri mring tindakira risang pinanganten, jumurung mring karsanira risang pinanganten, anggenira darbe karsa mangun bale wisma, mangun kulawarga, mugi ing tembe enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadya mimi lan mintuna, saking dunya dumugya delahan.

Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinengga , gunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun suka pakurmatan tumapaking adicara panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit,

Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasana mulya , suka ing driya risang pinangantyan putri, ginantha ing wardaya, kadya puspa warnane.



~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Para tamu kakung putri, adicara panggihing pengantin sampun tumakap kanthi prayogi, wilujeng nir ing sangsaya, salajengipun kunjuk ngarsanipun ibu……………. Keparenga nglajengaken adicara kacar-kucur tanpa kaya tuwin adicara adat saperlunipun…sumangga.

................................................

Sampun sawetawis anggenya jumeneng ing wiwaraning sasana wiwaha panjenenganipun bapak – ibu…………, tumuli salajengipun bapak – ibu……….badhe mapak ingkang beksan, kalamun pinanggya age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagyo kawilujengan,

Wus jengkar saking plenggahaniro bapak-ibu,,,,,,,,arsa mapak ingkang beksan bapak-ibu………sampun antu-antu praptaning kang besan, arso mbage kabagyan awit dhauping putra temanten, nalika samana lumaksana bapak-ibu……..tansah suka ing galih, kacihna esem tansah sinunggih ing lathi, satindak tumuleh manganan, sapecak tumuleh mengering, lamun rinumpaka kadya asung pambagya mring para tamu ingkang minulya.

Sampun pinanggya ingkang bebesanan ing wiwaraning sasana wiwaha, ingkang bebesanan samya ajejawat asta, bapak – ibu………ngaturaken kawilujengan.

Sugeng rawuh dhumateng ingkang beksan bapak-ibu…………ingkang rawuh saking tlatah……..

Anggenira lumaksana para ibu wanten ing ngarsa, para bapak  wanten ing pungkur, menika dados pratandha, kalamun para priya suka pangayaman marang para wanita, para priya suka panjurung tumindaking para wanadya kang datan nalisir saking paugeraning kautamen.

Wus gambuh penggalihira ingkang bebesanan, suka rena ing driya dupi uninga ingkang lenggah jajar ing sasana mulya, langkung – langkung para tamu ingkang sampun lenggah pepak sinaroja, paring pangestu dhumateng risang pinanganten, den gegadahang amrih ingkang putra kang lenggah ing sasana mulya, satuhu bakal mulya uripe, nemu kagabyan lang karaharjan, kepareng ingkang besan kadereaken lenggah ing sisih keringiro risang pinanganten, paripurna ngaturaken palenggahan pakurmatan dhumateng ingkang beksan, bapak – ibu ……wangsul ing sasana sakawit.

..........................................................

Para rawuh kakung putri miwah saguning para sepuh ingkang mahambeg dharma, dupi sampun paripurna titi laksana adicara panggih miwah tanpa kaya, kaparenga ngrumpaka dhumateng adicara sungkeman. Dhuwung kalolos dening panjenenganipun bapak…………awit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh mila datan prayogi lamun asikep gegaman. Arih tindakira sri pinanganten sarimbit  lumarap marak sowan ing ngarsanipun rama saha ibu, kekelihipun kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak – ibu….

“ Hung wilaheng ngawi genam emas punama sidhem,,

Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinengga, anganti ingkang garwa lumarap ngabyantara myang kang para pinundhi, nenggih rama dalasan ingkang ibu, lampah jengku bebasan sata matarangan, esthining penggalih amung sumedya sumungkem dhateng padanipun ingkang  rama ibu, sigra tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane temanten sarimbit,

Tangkepeng asta sarwa sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipta rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudya hastawa saking rama miwah ibu, mring esthining driya denira bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Maha Welas lan Asih.

Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan bisa ngunandhika, kadya sinendhal mayang bathine, sumedhot ing galih, dhene putra sing linairake saiki wus dewasa arep mangun bale wisma, datan karasa trenyuhing nala akarya tumetesing waspa lamun kacandra kadya mutyara rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putra, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresna asih.

Punapa to menggah darunane…..?

Jro sumungkem anguswa pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikala linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang kinudhang kudhang wiwit alit sahingga dewasa,

Enget marang rama ingkang wus sembada angukir jiwa ragane miwah dadya lantaraning tumuwuh.

Enget marang ibu ingkang wus kuwawa dadya papaning yuga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta anglelinthing anggulawenthah wiwit kalane ing ngguwa garba nganti tumekeng akhir  dewasa, rumaos menawi ageng sanget anggenipun katah dwusanipun dateng rama ibu lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.

Eling – eling risang panganten wiwit timur mula anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amila namung sakedhep netra wus bangkit angusadani onenging nala, nadyan anandhang sungkawa cekap ing samudana.

Waspada ing semu dupi anguningani bilih ingkang putra denira karantang galih, kadya kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasita adi, makaten tha umpamiya kawijil ing lesan . :

“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….

“ Duk kalane isih cilik sira dak kekudang yen to dewasamu bisa winengku dening satriya tama , ingkang sembada hangayami jiwa raganira ing mengko tumekeng delahan, ing kalungguhan iki, sepira to lega bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Maha Agung, Pangestune rama ibu marang sira sakloron bebasan tansah anglur selur pindha ilineng narmada, muga nggenira palakrama bisa tuwuh hangrembaka, nganthi tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning rasa tresna kang hangrembaka, binarung lan pangestune rama ibu kang wus satruju dumurungi marang palakramamu , bisa atut saruntut kadi mimi lan mintuna, mugya tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerta lan godha rencana, sarta dak sesuwun ing rina pantaran ratri, mugi enggal antuk talining brayat , yoiku wujuding pratima ingkang bangkit bisa tata jalma, ingkang datan liya momongan minangka rengganing bale wisma lan talining bebrayan “.

Dupi wus paripurna anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun rama-ibu, temanten lajeng kanthi kebak tata lan kasusilan, subasitaning putra dateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arsa nglenggahi dhampar rinengga ingkang kasasra sarwa sarwi edipeni.

apa to rerengganing dhampar…..?

Rerenggan tarub kajawi janur kuning ingkang karengga adi, ugi kawistara sawenehing tetuwuhan miwah puspa rinonce , kadi to tetuwuhan wulung cengkir gadhing dwegan wilis, gedang mas sarakit, sinangga pisang raja ron kemuning, pari wulen sak angkan pinara kalih, jagung otek, godhong maya, godhong apa-apa, miwah sekar kenongo, mawar melati ingkang ajrah jroning babut permadani, kongas ngambar arum gandane ginanda ganda jebat kasturi, punapa to werdining tebu kang kadayang saking antebing kalbu, tiyang sepuhipun kekalih, sampun sumedya agolong agulung, sumedya bebesanan ingkang sinambet kaliyan raos kencenging pikir,

Ingkang pangajab panganten tuwuh tumuwuh, tumangkar gampil anggenipun nguladi guna kaya, manggiya kalanggengan ing sugengipun, satemah ngambar arum ing asmo pindha sekar kemuning, lan saged dados pangayomaning para sanak sederek, kadang pawong sumitra, raharja kalis ing sapara-para, tebih ing sesuker talak panyendhu.

Yayah surya kembar candrane, penganten sarimbit mila cingaking para-para ingkang samya humiyat, pindha bathara kamajaya ngejawantah ingkang sarimbit kaliyang ingkang garwa bathari kumaratih, gesang reruntungan  wiwit saking madya pada  ngantos dumugyoa alam janaloka, rukun sayuk pindha gesangipun mimi lan mintuna, menawi kacandra ing jaman purwa, kadya brayanipun risang pamadyaning pandawa risang harjuna kaliyan putri dewi wara ireng yo wara sembadra, kasanepa ing jaman madya kadya dhaupipun risang panji asmara bangun kaliyan dewi sekar taji, putri ing bebaya ing kediri

Kacandra ing jaman majapahit, kacandra kadya prastyanipun raden damarwulan lan ingkang garwa dewi anjasmara,
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bp……… ( Besan ) sekaliyan ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bp……… minangka talanging pangandika Bp……. ( Besan ) sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bp…….. kula sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bp …….. ( Besan ) sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bp……. sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.

......
.....
...
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

 Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bp…….. minangka talanging basa Bp…….. ( Besan ) sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp………..  minangka sulih sarira panjenenganipun Bp …. ( Pamengku gati ) sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.

......
....
...
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp …………. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.

................
......
....
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bp………. ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising pinanganten sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, sehengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi sak lami-laminipun. Amin.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

*Sakderengipun nyekar prayogi dipun rumiyini pathetan rumiyin ingkang jumbuh kaliyan laras lan patheting gendhing ingkang kangge ngrenggani kirab*

Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumeneaken sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Anyarkara kinarya ngrenggani
Mamrih regu regenging pahargyan

Karya umiring lampahe
Nenggih cucuking laku
Dera arsa manjing ing panti
Penganten wus samapta
Kinirapaken tuhu
Minta lunturing haksama
Tresna asih puja puji pangastuti
Hayuning palarama



Anteng tajem jatmika kaeksi
Ngegungaken susila nuraga

Tan kuciwa prayitnane
Siyaga sureng kewuh
Ubayane tan mbalenjani
Tegen, tanggon, tangguh
Pan alon tanggah jumangkah
Hanyaketi unggyane penganten kalih
Mangsah lumampah kirab



Mudha kalih siyaga umiring
Lampahira risang adimuka

Putri dhomas sawurine
Sulistya warna punjul
Rinengga ing busana adi
Karya gawok kang miyat
Temah cipta ngungun
Mangkana lampahe prapta
Ing ngarsane risang penganten serimbit
Gya tinabuh tenggara
Sebet byar kang cinarito…

Lah puniko minangka bebukaning kandha Ing ari kalenggahan punika, ndungkap titi laksana kirabing panganten, Kawuryan ana sesetya kalih kang coplok saking embanan, lah apa to sebabe kawastanan mangkono..?

Wonten jejaka tumaruna dhaup kaliyan warara, ingkang sahabe  pepraya arsa lelumban ing madyaning bebrayan , wusnya samapta gatining kang titi laksana upacara kirabing temanten, samana sang suba manggala ingkang mangarsani lampah sigra hanganti para paraganing kirab ingkang sampun sawega ing gati.

Sinten to ingkang kapiji ing karya…?

Mboten sanes sang manggala yudha, kang asipat satriya kalih sakembaran, dhasar kekalihipun sami sami taksih mudha tumaruna, pekik ing warna, ngagem busana endah kang sarwi padha, mila lamun cinandhra satriya warujuning dyan pinten lan tangsen, utawi nakula lan sadewa.

Kanti antebing manah nyawego ing gati, hangiring panganten jengkar saking sasana wiwaha tumuju ing sasana busono, gyo hambrastho sakehing pepalang ing samargo margo, mrih yuwananing pinanganten sarimbit , kanthi asesanti rawe rawe rantas malang malang putung.

Ing pungkuran, para putri dhomas wilangan…ngagem busana sarwi…..Dhasar sedaya maksih sami kenya, sami sulistya ing warni, Pramila lamun kacandra, pepindhane puspita panca warna kang mekar ing taman sari, pramila datan mokal lamun bisa gawe cingaking para taruna kang hamong karya, Sinambet para kadang kadayan saha pamong sumitraning panganten kang samya gemregut rebat ngajeng, nedhahaken sih sutrinanipun dhumateng penganten kekalih.

Pungkasaning kirab, bapak – ibu………tindak lon lonan semu mesem ing wardaya, mratandhani suka bagyaning manah nampi nugraha saking Gusti ingkang akaryo jagad.

Rikala samana iring-iringaning kirab wus dumugi sangajenging dhampar rinengga, sang suba manggala sigra hangaturi penganten sarimbit jengkar saking dhampar rinengga, astha kadhereaken gantas busana, Dupi priksa isarating sandi sang suba manggala, sri pinanganten kekalih jengkar saking palenggahan sami jumeneng gegandengan asta.

Kebak ing kasusilan ngacarani risang temanten jengkar saking palenggahan, pinandhengan cucuk lampah ingkang ngarsa nyarirani dadya suba manggala, gigut gemregut  rebut ngarsa pars para ingkang ngirabaken temanten,

 Jengkaring penganten kekalih lamun cinandra pindha sang sri narendra kang arsa langen suka.

Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan sekar-sekar saking kadang kawula …………… ( Group Hiburan )…..Sumangga.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


 Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.

Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.

Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu Juru rias saha para ingkang piniji, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem.

Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri  kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bp……….. ( Pamengku gati ) sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang waruh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh tuwin wonten suguh ingkang kirang lawuh,  mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Lan lumantar kawula ugi, panjenenganipun risan juru paes putra temanten ibu juru rias nun ninggih ibu……….. saking keluarga ageng…………… ( Nama salon/Sanggar rias ), ugi sedoyo kru ingkang samya ngayahi jejibahan wonten ing mriki papan, juru pita swara, juru dokumentasi foto miwah video lan sedaya wadya balanipun sabregada, kepareng matur wonten ngarso Bp………… ( pamengku gati ) hangaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit saking sampun mitadosaken dhumateng panjenenganipun anggenipun paring pepaes putra temanten lan papan pahargyan tuwin samudayanipun, lan mestinipun kathah kekirangan wonten ing babagan punapa kemawon, pramila lumantar kawula panjenenganipun ibu…….. ( juru rias ) saha sedaya para-para ingkang samya hangayahi karyo minongko jangkeping adicara pawiwahan meniko, samudayanipun nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama.

Mliginipun tumprap jasad kawula pranata adicara, mestinipun katah anggen kawula matur klenta klentu, saru siku temah tan bangkit andamel renaming penggalih paduka para tamu,  miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.

Ing wusana ngaturaken sugeng kondur, sugeng pepanggihan malih wonten ing papan ingkang langkung prayogi..

Nuwun…nuwun…nuwun..

Akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah..

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.












Lepat kawula Nyuwun Pangaksami Awit Sedanten Kekirangan Lan Kalepatan Wonten Ing Seratan Punika
Pamrayogi ingkang arupi kritik lan saran tansah kawula suwun murih sae lan leresipun seratan ing nginngil.
Kirang Langkungipun Nyuwun Pangaksami
Nuwun
Matur Sembah Nuwun


Jaka Lelana




Tidak ada komentar: