1
Jaman rumiyin ing Kraton Demak wonten satunggaling pertapa ingkang sekti mandraguna asmanipun Ki Kesdik Wacana. Panjenenganipun nyepi mapan wonten ing satunggaling guo ingkang kalebet jajaraning gunung sewu. Wonten ing kanan keringing Gunung sewu wonten alas ingkang endah ingkang kebak wit witan lan sesawangan ingkang sarwa ijo royo royo damel remening manah. Mboten mokal bilih rumiyin ingkang mangku panguwaos ing kraton Demak ndadosaken alas kala wau papan pariwisata lan bebedhag kewan.
Sawijining wekdal, wonten rombonganing raja ingkang dipun iring senopati saha prajuritipun ingkang saperlu badhe nginggar inggar manah sarana bebedhag kewan utaminipun menjangan, Wondene hasilipun wonten ingkang dipun dhahar ing mriku kangge pesta lan seneng seneng sarta mboten sakedhik ingkang dipun begta dateng Kraton. Papan kangge pesta lan seneng seneng kala wau sapunika dados satunggiling desa inggih punika Desa Seneng, ingkang mengku werdi papan kangge seneng seneng. Ngantos wekdal punika desa kala wau taksih wonten.
Ing lintu wekdal Raja Demak ngirimaken satunggiling utusan ingkang pinaringan asma Raden Panji ingkang saperlu manggihi pertapa sakti Ki Kesdik Wacana. Lumantar Raden Panji, Raja Demak Nyuwun dhumateng Ki Kesdik Wacana supados nyowanaken menjangan ingkang saperlu badhe dipun dadosaken ingon ingon wonten ing Kraton Demak. Ki Kesdik Wacana mboten kawratan lan nyagahi panyuwunipun Raja Demak kala wau.
Salajengipun Ki Kesdik Wacana nglebetaken kidang kidang kala wau dateng salebeting bumbung petung lan dipun tutup. Bumbung kala wau salajengipun dipun pasrahaken dateng Raden Panji.
"Raden Panji, bunbung iki isine kidang kidang kang di kersakake Gusti Prabu, ingsun lebokake ing bumbung petung supaya gampang anggonmu nggawa, luwih luwih lakumu saka papan kene nuju Demak kuwi adoh. Mung welingku, aja pisan pisan tutup bumbung iki kok bukak nganti mengko menawa sliramu wus ana ngarsane Gusti Prabu."Welingipun Ki Kesdik dateng Raden Panji.
"Ngaturaken agunging panuwun Ki, kula badhe tansah enget pitungkasipun Ki Kesdik Wacana." Ngendikanipun Raden panji saraya nyuwun pamit dateng Ki Kesdik.
Salebetipun mlampah kundur dateng Demak, penggalihipun Raden panji kathah pitakon ingkang mboten saget dipun wangsuli kalian Raden Panji. Miturut Raden panji mboten mlebet ing ngakal menawi menjangan dipun lebetaken dateng bumbung, napa malih mboten namung satunggal cacahipun. punika mboten mungkin.
Sanadyan kados mekaten raden Panji tansah enget dateng welingipun ki Kesdik Wacana supados sampun ngantos mbikak bumbung kala wau ngantos mangke sasampunipun wonten ngarsanipun Raja ingkang sampun paring dhawuh ngutus Raden Panji.
Sampun tebih Raden panji anggenipun mlampah, wonten ing satunggaling alas jati Raden Panji ngaso kangge ngilangaken raos capek lan lesu. Salebeting ngaso pandenganipun Raden Panji namung tumuju dateng bumbung kala wau. Awit raos kepingin pirsa ingkang ageng lan mboten saget kabendung malih wasana Raden Panji mbikak tutuping bumbung kala wau.
Namung wekdal tutuping bumbung binukak, Raden Panji kaget mirsani kedadosan ingkang aneh, wonten kahanan ingkang taksih bingung, saking bumbung kala wau medal kewan ingkang alit ingkang sangsaya dangu sangsaya ageng, kewan kewan kala wau dados menjangan ingkang cacahipun wonten wolung pasang. sedanten sami mlajar mlebet dateng wono jati.
Raden Panji lajeng eling saking kagetipun, kiambakipun mlajar nguyak kidang kidang ingkang mlebet alas jati kala wau ngantos mboten pirsa bilih kethunipun dhawah. sedanten cara sampun dipun lampahi kangge mbudidaya supados kidang kidang kala wau wangsul dateng bumbung, namung sedanten mboten wonten ingkang kasil, malah sangsaya tebih kidang anggenipun mlajar.
Raos sedih salebeting manah raden panji, keduwung ing batos sabab sampun mbadal dhawuhipun Ki Kesdik. namung sedanten sampun kelampahan raden panji namung saget ngraos keduwung lan isin mboten mangertos malih punapa ingkang kedah dipun lampahi. Badhe nglajengaken lampah dateng Demak tartemtu mangke nampi duka saking Ratu Gustinipun, badhe wangsul dateng Ki Kesdik ajrih dipun dukani.
Ki Kesdik Wacana ingkang sekti mandraguna sampun pirsa kedadosan kala wau, lajeng sumusul Raden Panji. Wonten ing margi Ki Kesdik Wacana manggihaken kethunipun Raden Panji ingkang dhawah wekdal mburu kidang kidang kala wau, Ki Kesdik medhar sabda " Bumi lan langit padha nyeksenana, panggonan iki wiwit wektu iki ingsun paringi jeneng Wana Kethu yo Alas kethu." Pramila ngantos sapunika papan kala wau sinebat Wana Kethu. Wana punika alas lan Kethu punika kopiah.
Mboten wetawis dangu Ki Kesdik manggihaken papanipun Raden Panji, mangertosi rawuhipun Ki Kesdik Wacana, raden Panji kagyat.
"yuwun agunging pangaksami Ki, kawula sampun kuma wantun lancang mbikak bumbung kala wau ingkang nyababaken kidang kidang medal saking bumbung lan mlajar dateng alas jati punika Ki. Sapunika Kawula pasrah piukuman punapa ingkang badhe kawula sandhang lan kawula tampi, namung nyumanggakaken Ki" Ngendikanipun Raden Panji katingal memelas.
Mireng ngendikanipun Raden Panji, Ki Kesdik Wacana rumaos mesakaken lan mboten mentala, namung ingkang lepat kedah nampi ukuman,
"Raden Panji, Satemene sliramu iku utusaning Ratu kang diwenehi amanat, ananging sliramu ora bisa nindakake dhawuh kuwi mau, Sabab saka iku sliramu kudu nampa ukuman. Wiwit wektu iki sliramu ora pantes wujud manungsa, ananging wujudmu kidang wulung papanmu yo ana kene dadi tunggoning alas jati iki." Ngendikanipun Ki Kesdik.
Perwaca anggenipun ngendika Ki Kesdik Wacana, kados sineksenan dunya sak isinipun, dunya dados peteng bledheg sami nyamber, kedadak ical wujuding raden panji ingkang wonten Kidang wulung ingkang gagah prakosa, kidang kala wau nangis wonten ngajengipun Ki Kesdik Wacana.
"Lepat kula nyuwun pangapunten Ki, awrat kawula nampi piukuman punika, Kersaa Ki Kesdik mangsulaken wujud kula malih Ki" tangisipun Raden Panji ingkang sampun njilma dados kidang wulung
Namung sedanden sampun kedadosan, sabda pandhita ratu datan kena wola wali, Raden Panji sampun njilma dados Kidang Wulung lan dados ratuning para kidang ingkang lepas saking bumbung kala wau.
Sasampunipun kedadosasn punika, Ki Kesdik minggah dateng pucuking puthukan ingkang wonten mriku. Sasampunipun dumugi ing pucuking puthuk Ki Kesdik mandheg sawetawis anggenipun mlampah kangge mirsani kaendahan sesawangan ing ngandhapipun.
"Puthukan iki endah kalamun sinawang, Mbesok yen ana rejaning jaman puthukan iki bakal di arani Gunung Giri, lan kali kang mili ana ngisore bakal di arani Kali Wahyu." Ngendikane Ki Kesdik Wacana.
Kali wahyu sapunika dipun sebat kali bengawan solo.
Sawijining wekdal, Sunan Giri ingkang nembe ngumbara dumugi ing papan ingkang sami kaliyan ingkang dipun rawuhi ki Kesdik Wacana kala rumiyin, Mboten benten kaliyan Ki Kesdik Sunan Giri ugi kasengsem kalian endahing sesawangan ing alas ingkang amba lan alamipun ingkang kebak kalian puthukan. Sunan Giri Ngendika " Mengko sawijining dina kalamun papan iki wus rame bakal di arani Wonogiri"
Wana utawi Wono artosipun alas lan Giri artosipun Gunung. Mekaten panggenan alas ingkang ombo lan kebak gunung gunung punika ngantos dumugi dinten punika sinebat WONOGIRI ingkang kalebet laladan Jawa Tengah.
~~~.o0o.~~~
2
Sasampunipun Majapahit runtuh,Kasultanan Demak Bintoro sangsaya ageng.Kathah kadipaten alit ingkang rumiyin dados kuwasanipun Majapahit nyawiji kalian Demak Bintoro, Raden Patah ingkang minangka sultan mrintah Demak Bintoro kanthi adil, lan arif. Sedanten kala wau mboten lepas saking andilipun para waliullah ingkang sinebat walisanga. lan sedanten punggawa kraton kasultanan.
Ngantos Sunan Giri dumugi ing satunggaling gunung ingkang wonten nginggiling bengawan solo, Gunung ingkang ing mriku kathah tetaneman kayu jati. Saben dinten kathak tiyang ingkang pados suket lan kayu obong ing gunung puniku. Sunan Giri ngaso sawetawis ing ngandhaping kajeng Jati ingakang royom godhongipun, tiyang ingkang ngetutaken kala wau ugi umpetan mboten tebih saking panggenanipun Sunan Giri.
Sangsaya dangu Sunan Giri rumaos keganggu awit wontenipun tiyang kala wau, Sunan Giri nancepaken tekenipun ing siti lajeng lenggah sila ngeningaken cipta nyenyuwun ngarsanipun kang Maha Kawasa. supados saget dipun sisihaken bebaya ingkang badhe ngalang alangi anggenipun ngudi wontenipun kayu jati kala wau.
Gusti Allah ngabulaken panyuwunipun Sunan Giri, tiyang kala wau rumaos bilih Sunan Giri taksih lenggah wonten sangandhaping kayu jati kala wau, ananging yektosipun Sunan Giri sampun tindak tebih dateng sisih wetan, Sunan Giri rumaos wungun awit sesawangan sakanan kiringipun ingkang wonten namung alas lan gunung.
Ngantos dumugi Sunan Giri wonten satunggiling alas jati ingakang jatinipun sampun ageng lan katingal sampun tua umuripun, Sunan Giri rumaos remen ing penggalih sabab sampun manggihi punapa ingkang dipun udi. Namung raos bingah kala wau mboten lami sabab Sunan Giri sapunika kwatos bilih mangke ingkang kagungan kajeng mboten ngeparengaken kajeng jati dipun suwun punapa dipun liru kalian bandha sanesipun.
Sunan Giri ngupadi sinten ingkang kagungan jati kala wau, Sampun setengah dinten Sunan Giri ngupadi wonten pundi ingkang kagungan jati kala wau namung dereng saget kepanggih. raos sayah sampun dipun raosaken Sunan Giri. kedadak Sunan Giri pirsa wontenipun pondokan alit ingkang asri, resik lan kerawat kawontenanipun. Sunan Giri daya daya ngrawuhi pondhokan kala wau.
"Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh"
Sunan Giri ngaturaken salam, namung mboten wonten ingkang wangsulan. lajeng Sunan Giri salam malih lan ndhodog lawang pondhokan kala wau. Mboten dangu Sunan Giri dipun dugeni piyantun kakung ingkang yuswanipun mbok menawi sami kalian yuswanipun Sunan Giri.
"Madosi sinten Kisanak?" piyantun kala wau ndangu Sunan Giri
"Nyuwun sih pangapunten, saderengipun punapa kawula kepareng ndherek tanglet?" Sunan Giri wangsul ndangu piyantun kala wau.
"Punapa kisanak kesasar ngantos dumugi papan panggenan punika kisanak?" piyantun kala wau ngaturaken pitakenan malih.
" Mboten kisanak, kula namung badhe tanglet singten ingkang kagungan alas jati punika?" Sunan Giri ndangu malih.
"O,, mekaten,, mangga mangga lenggah rumiyin, punten ndalem sewu kursinipun reyot."
"Kula ingkang kedahipun nyuwun pangapunten sabab sampun ngganggu kamardikan panjenengan kisanak." Ngendikanipun Sunan Giri sasapunipun lenggah.
"Kisanak, saderengipun kula wangsulan temtu mboten lepat menawi kawula pingin mangertos sinten kisanak saestunipun, saking pundi lan punapa kersanipun ngantos dumugi panggenan kula puniki?" piyantun kala wau pitaken malih.
"Kisanak, sewu lepat nyuwun pangapunten, bilih sowan kula ing mriki dipun anggep lancang, kula punika Giri, Kula punika abdi dalem Sunan Demak Bintoro..." dereng ngantos tutug anggenipun Sunan Giri ngendika, tiyang kala wau mandhap saking kursi badhe ngaturaken sembah, namung dipun cegah kaliyan Sunan Giri.
"kula lan panjenengan punika sami sami hambanipun Allah kisanak,, mboten wonten bentenipun salintunipun amal lan iman kita kisanak." Ngendikanipun Sunan Giri.
Mireng pangandikanipun Sunan Giri, piyantun kakung ingkang ngakeni asmanipun Kyayi Donosari ngaturaken panuwun sampun dipun rawuhi Sunan Giri lan matur menawi alas jati punka gadhahanipun. Lajeng kyai Donosari matur," Kanjeng Sunan, sasampunipun kawula ngertos kersa paduka rawuh wonten mriki, kula namung nyumanggakaken sumangga Kanjeng Sunan milih kiyambak kajeng jati ingkang badhe dipun dadosaken saka guru mangke ing masjid agung Demak Bintoro."
"Sembah nuwun kiayi, kesaenan panjenengan Gusti Allah ingkang badhe paring piwales." ngendikanipun Sunan Giri.
Mboten dangu Sunan Giri sampun milih kayu jati ingkang ageng inggil, lempeng lan tua umuripun jati kala wau naminipun jati cempurung.
"Kiayi Donosari, ngandhap punika wonten kali naminipun kali punapa?" Sunan Giri ndangu kiayi Donosari.
"Punika kali keduwang Njeng Sunan."
"Punapa kali punika mili ngantos bengawan solo?"
"Leres Kanjeng Sunan, liripun kados pundi?"
" Ngaten Kiai, kula nyuwun tulung panjenengan bantu kula nganyutaken jati punuka dateng kali, mangke kula kiambak ingkang ngetutaken ngantos sacedhaking Demak Bintoro"
Dipun criosaken nalika semanten wekdal nggotong kajeng jati dateng kali keduwang, kiayi Donosari ngutus pesindhen nembangaken tembang tembang macapat, Anehipun kayu jati kala wau sangsaya entheng lan kados mlampah kiambak dateng kali keduwang,
Saderengipun Sunan Giri tindak ninggalaken Kiai Donosari, Sunan Giri ngendika, "Kiayi, salaminipun kula mlampah ingkang wonten namung alas lan gunung gunung, awit saking punika panjenengan sekseni, papan punika kula paringi tetenger Wonogiri. Insya Allah sawijining dinten mangke papan punika badhe rame dipung panggeni tiyang.
"Wonogiri, Njeng Sunan?" pitakene Kiai Donosari kangge nyakinaken.
"Leres, Wono artosipun Alas wondene Giri punika gunung?"
"Sendika dhawuh Njeng Sunan, dalem ingkang pinangka saksi bilih panggenan punika dipun paringi tetenger Wonogiri."
Sunan Giri ugi paring tetenger dateng alas jati kala wau kanti aran alas Donoloyo, lan Kiayi Donosari dipun paringi asma Ki Ageng Donoloyo.
Salajengipun Sunan giri ngiring kayu jati ingkang dipun kanyutaken sareng ilining banyu kali kedawung, sasampunipun dumugi ing bengawan solo Sunan Giri mampir dateng gunung ingkang kala kapengker kangge nancepaken tekenipun, Sunan Giri badhe mendhet malih tekenipun, sadugining papan ingkang dipun tuju katingal pawongan ingkang kala rumiyin kanti sesingidan ndherekaken lampahipun Sunan Giri, Sunan Giri nyaketi pawongan kala wau saking wingking. Mboten sumerap rawuhipun Sunan Giri ingkang mboten kanyana nyana pawongan kala wau kaget mboten kanten kantenan. Sabab ing raos taksih dipun awat awati anging tiyang ingkang dipun uwasi saking katebihan sampun wonten wingkingipun lan nyekel pundhakipun pawongan kala wau.
" Nyu,, Nyuwun pangapunten kisanak" aturipun pawongan kala wau kati gugup.
"Panjenengan kuwi satemene sapa lan duwe karep apa dene teka seprene tansah mbuntuti lakuku?" Sunan Giri ndangu dateng pawongan kala wau.
" Ku,, Kula Wasingo,, kula mboten gadhah karep punapa punapa kisanak."
" Lamun datan duwe karep apa apa kenengapa tansah atut marang lakuku?"
Pawongan ingkang aran Wasingo kala wau namung saget nundhuk mboten saget matur punapa punapa.
" Oo,, Yo wis yen kaya mangkono, saka panggrahitaku sliramu seneng mapan ana panggonan kene, tunggunen tekenku iki, sajake sliramu ngarepake kepingin nduweni teken iki" Ngendikanipun Sunan Giri.
Wasingo namung saget mendel kemawon, ngadeg ugi mboten saget, namung Wasingo taksih saget mireng lan mangertosi punapa ingkang dipun ngendikaken Sunan Giri.
Salajengipun Sunan Giri Ngendika malih," Amarga aku nate leren ana papan iki mula kanggo pangeling eling papan iki ingsun paringi aran Gunung Giri. Yo uwis aku njaluk pamit bakal nerusake anggonku ngetutake lakuning kayu jati menyang Demak Bintoro"
~~~.o0o.~~~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar