SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 03 Maret 2013

Serat MO 5


Kaserat dening : Kalanindi (Kudapralebda)
Naskah asli saking :
SASONO POESTOKO, KARATON SURAKARTA 


بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

S I N O M


  1. Aniteni kang kawruhan, ananing ma-limang sait, ingkang dadi kalakuan, awit mamadat kang dihin, antuke makolehi, ing dasat tanapi kahyun, utawi ceda cuha, ujar lumrah dalem lair, estu tumrap ing patrap kang linampahan.
  2. Neracak kang padha rena, nadhah madat mangkya uni, nayaning nistha kang warna, noring cipta nangsayani, nala lit lumuh supenuh, natkala kasepenan, niring barang den-remeni, nedya nora nana den-amana.
  3. Cepake madat cinacat, cinarita nora becik, camah batin yen wus kocap, cecege ginawe ngencik, campupure bangsa bincil, cumeples sinambi nucup, cagak lek nalar pencar, cumeplong nora kecicir.
  4. Ragane kerasa pera, rasaning rah rerem aris, rumangsa sranduning wras, renguning manah pan aring, rusake saking ririh, rada suwe rada murud, raga saru asarang, reged biru ingkang dhiri, riyak jlagra gora godha dadi lara.
  5. Kapindho mamadon ingkang, kinidung direng kinteki, kang becik kalawan mokal, kinawruhan lawan pikir, kerasa sregep ngingkis, kekenan ing nala sekung, kumantil angrereka, katiti nata met kingkin, kinulita tanduking sabda ngrumpaka.
  6. Darapon asmaradana, daladag sedya ber budi, dasat ulat gung dinandan, dinulu katona adi, daleder mondar-mandir, datan tanggon barang tanduk, dolanan pancaludan, dorane ginawe sandi, delap ulat balere sugih rubeda.
  7. Tarike wong karem batal, talendha mring ulah niti, tuhune kerep kliwatan, tuman linyok barang warti, terkadhang tuwuh juti, toging don tinaman retu, tumimbul badan rata, tumuli madeg narpati, tekeng muka tengran rajasinga durta.
  8. Sumerang mangsah mrawasa, sarupane bangsa jisim, sinalinan sipat siksa, saking rajasinga resi, saru sipating kongsi, sisip tembir nusung sungsum, supenuh nanah basah, sayekti gelis ngemasi, simpangana aja nerak raja rusak.
  9. Wateke wong nginum duwak, waragang tanapi awis, wite kawuryan semuwa, wani wanter samukawis, wedharing wuwus awik, wignya buwang rikuh ewuh, wigar niweing awak, wadheh wadi datan mawi, winaweran wantuning wuru janarwa.
  10. Limpat teteg barang polah, lalu lumuh lamun lilih, lali ngaraling kawula, lacude tanpa kekelir, lir sang kukila angling, lukita katon balilu, lena lir lodra kala, loke sura suka julig, luhur bae asore nora winilang.
  11. Puwara dasate lupa, parusane naya tipis, pugut parabote kaprah, prapta camahe nanggapi, pendhak janma nyurupi rapuh, padharan padhaning rapuh, padharan rempu-rempak, pulang rah upama tapis, papas pepes sarira anandhang papa.
  12. Dhedheg dhendhane tumedhak, dharodhog kaya kajodhi, dhong ingarak lamun tedhak, dhara raga lir bedhidhing, dhadhakane angendhil, dhudhukuh larane wadhuk, dhoke apulang kandhang, dhuh pra mudha kang asandhing, dhengerena maminum dipun kedhadha.
  13. Jejer main kang pinajar, jalentreh ing ujar wajib, jujur mujur ingkang beja, jinurung prasasat aji, jugruge lamun rujit, jarojogan tanpa tlajung, jungkung, kang ngajap-ajap, jayane main pinuji, jumeneng adeging badan antuk jajan.
  14. Yayah angudi-udiya, yen menang royal ing pyayi, yatrane siniya-siya, yak-yuk sasat slawat mayit, yen kalah poyang-paying, yangyun ngyu-uyu tayuh, yangyanging kang takyin, yen wus roh kyat mangsah-mangsuh tanpa sayah.
  15. Nyuprih pulih ing jayanya, nyanane nora maleyik, nyatane linyok tur sonya, nyinyilih ginawe anyir, nyaut angunyik-unyik, nyengkut nyengka budi lunyu, nyamah lair batinnya, nyat-nyut tyase monyar-manyir, nyaba tangga buwang dhiri satekatnya.
  16. Murang margane utama, mung marsudi denira mrih, menang main wuwuh mamak, mejanani marang bumi, miwah tuturing umi, manut kang kaetung amung, main sire utama, manusa kaprah sasami, marenana mamain ambuwang lumrah.
  17. Gantya maling ginagas, ginupita lawan anggit, gunane maling tan wegah, gegempur omah tan wigih, gumregut ngugih-ugih, nggoning barang ingkang agung, golek gunem jujugan, gegolonganing wong sugih, ginagapan pager lawan kang tinengga.
  18. Bareng antuk guna kabar, baranging wong den-rerumbing, binasmi miwah binabah, babar ji ginawe kibir, bodhoken sarak nabi, barengkut abubut-bubut, bandhaning wong binebas, bareng kacandhak jebibir, binuwang mring sabrang brung ragane bubrah.
  19. Thethas ethese wus brastha, thilang-thilung kathip-kethip, thothele mantheng mung dwi stha, thukule pakarti nisthip, ther yatna anrang westhi, thik-ithik dadya blag thuthur, thiklu mekas misih ngithip, thektha sura babar tanduking reh dustha.
  20. Nginger wenganing kelingan, ngandhut ngarah rina wengi, ngulatake nggon celengan, ngangka ngukup saben tangi, ngrurusak ngengis-engis, ngusuti praja winangun, ngampak memalaning rat, ngruwat janma dus karti yogya ilanga.
  21. Titi rampunging panedhak, nuju malem Buda Manis, tanggal ping sat Dulkangidah, wuku Prang Bakat Be warsi, angka den-sengkalani, dwi lintah angesthi ratu, mangsa astha Sancaya, de kang nedhak srat puniki, ran Kalanindi Taman Skap Jagasura.

Amarengi dinten Kamis tanggal ping : 19 Besar Be 1832, awit saking keparengipun ingkang karsa dalem pengagenging Wirayodha. Ingkang nedhak serat punika, kaingser dados Manskap Tamtama sarta kaparingan salin nama Kudapralebda.






Dalem ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Mas Alang Alang Kumitir ingkang minangka rujukan anggen kawula posting seratan punika, Mugi seratan punika wonten mumpangatipun dateng diri kula pribadi minggahipun dhumateng para sedherek sedaya ingkang kersa mampir wonten blog kawula,

Nuwun

Tidak ada komentar: