SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Jumat, 08 Maret 2013

Kancil Lan Keong

Sawijining dina ing pinggiring kali kang bening banyune ana keong kang lagi geguyonan sak kancane kedadak kaget sabab jumedhuling kancil kang kengelaken kepingin ngombe galesak galesek solahe kaya telung windu ora kambon banyu,,

"Oooo kowe to Cil? ndak kira wong kampung kang nembe luru lan pingin njikuki aku, ha mbok yo sraba! teko teko kok biyayakan,,," mangkono guneme keong kang kaget,

"Hemm... iyo aku. umpama iya wong kampung kang nggoleki kowe arep di gawe panganan apa iya kowe iso mlayu wong lakumu wae kaya mangkono,?? tembunge kancil sajak karo ngece.
"Sanadyan lakuku ora santer kaya lakumu sak ora orane aku bisa nibakake awakku kanggo umpetan" Keong mbela awake kanti pikir kang adem.
"O alah,, kok yo kewan kaya kowe di ciptakake ki gek yo kanggo apa to ya ya..?? wis mlakune njememet, omah di gawa nyandi nyandi,,, Omahmu ki selehna playumu kareben santer!" kancil sangsaya ngina si keong.
"Sanadyan kaya mangkono aku tansah syukur ngarsane Gusti kok Cil,, aku duwe omah, tinimbang kowe omah ora duwe, yen mung babagan playu, sak ora orane aku bisa lumaku kanggo luru pangan, atiku tansah bungah marga atiku tansah syukur" mangkono saure si keong.
"Hem,,,, lha kowe yen uyak uyakan ra tau menang beda karo aku tansah unggul yen lagi balapan mlayu" mangkono tembunge kancil sajak congkak lan sombong ngendelake kabisane.
"Yo wis pancen tak akoni kok, aku ora santer yen playon nanging aku yo ora wedi yen kudu ngedu playu karo awakmu" 
"Hemmm.... karo merem yen aku kudu adu playu karo awakmu, ayo kapan lan ana ngendi di buktekake yen kowe kepingin ngerti kaya ngapa rikate playuku" mangkono tembunge kancil kang wus percaya karo kabisane kang ora mungkin di kalahake keong.
" Tak langgati dina sesuk ana kene sak dawane kali iki" keong tanpa rasa wedi nyanggupi apa kang dadi penjaluke kancil.
" Jan jane aku wegah merga wis mesti menange, nanging yo ra dadi ngapa kancil kok arep di lawan" mangkono sumbare kancil karo lunga.

Wengi iku Keong nglumpukake kanca kancane kabeh kanggo ngrembug kepiye carane ngalahake kancil kareben ilang sipat sombong lan congkake. Sajake keong wus nemokake dalan kanggo ngalahake playune kancil, Keong printah menyang kanca kancane sesuk kinen baris sak dawane kali lan manawa kancil mbeluki saka inggiring kali keong kang ana ngarepe mangsuli. kanca kancane nyanggupi.


Esuk esuk keong lan kanca kancane wus sumadya kabeh, sadurunge kancil teko kabeh wus padha siap baris sak dawane kali, 


Ora wetara suwe kancil teka


"Piye, apa kowe wis siap? Pitakone kancil menyang keong sajak nyepelekake.

"Mung gari nunggu awakmu aku wis sumadya" wangsulane keong.
" Yen mangkono mlayua luwih disik mengko sak wise adoh aku bakal sumusul" ucape kancil.
" Hora, ayo bareng mlayu kareben adil" keong ora gelem nglakoni prentahe kancil.
"Kowe mlayua disik mengko aku sumusul" kanti sombong kancil meksa supaya luwih kesawang banter playune.
" Kancil Kancil, ilangana sipat sombong kang ana ing atimu iku, jalaran iku bisa ndadekake petenge pikir nganti kowe ora bisa ngerteni apa kang nembe kok lakoni" mangkono keong menehi pepeling.
"Ora usah kakean suara gek ayo di lekasi kowe mlayua luwih disik!" mangkono kandhane Kancil.
" Yo Wis aku ndak mlayu luwih disik. kanggo ngerteni wus teka ngendi aku, mangko belukana lan aku bakal mangsuli.." keong wus gelem napa kandhane Kancil amarga yen ora mangkono ora ndang di wiwiti,,

Keong lumaku kanti temen, kabeh kabisane wi ketokake, kancil kang ngerteni playune keong ngguya ngguyu  sajak ngece,,


" Wah aku turu luwih disik, mengko yen keong wus adoh aku bakal ngawiti mlayu" mangkono kandhane kancil sajroning ati.


Durung wetara suwe kancil banjur mbeluki keong.


" keong........."

"Iyo, aku wis teka kene" mangkono wangsulane keong kang ana adoh sangarepe kancil.
"Hellhoh...... kok wus adoh temen" kancil bingung banjur mlayu sipat kuping, sawise mlayu rada adoh lan wus ngrasa bisa nglancangi si keong kancil mandheg, banjur mbeluki keong maneh. "Keoonnggg...."
" Iyo, aku wis ana kene" mengkono wangsulane keong kang wus ana adoh sangarepe kancil.
"Lho kok nganeh anehi,,, kok wus ana ngarep?" kancil banjur mlayu meneh, dirasa wus nglancangi keong kancil banjur mandheg lan ngundang keong." keong...."
" Apa... gek ayo uyaken aku!!" 


Mangkono saurane keong saben di jeluki kancil, keong kang ana ngarepe kancil kang mangsuli, nganti wayah tengahing dina anggone kancil lan keong adu santer anggone playon durung rampung ananging kancil kaya kaya wus kentekan napas,, menggeh menggeh ambegane,,


"Keong...." kancil wus kaya ra kuwat ngundang keong.

"Apa, ayo bisa ngalahake aku apa ora? wangsulane keong.
" Uwis, aku ngakoni yen aku kalah, aku wus ra kuwat mlayu maneh, sikilku padha gemeter ambeganku wus ora bisa di tata, Wis aku ngakoni kalah.
"Heemmm... Kancil kancil, mula yo mula aku rak wis ngomong, aja sok rumangsa bisa aja sok sombong malah ngilangake kaprayitnanmu.." Keong ngelingake kancil.
" Iya, aku ngakoni, pancen bener ucapmu, aku njaluk sing gedhe ngapuramu wus ngina lakumu,"
" Iya, ora dadi ngapa, mung wae aja sok ngina lan ngala ala kewan sejene, kabeh mau di ciptakake kang Maha Kawasa kuwi nduwe keluwihan lan kekurangan dhewe dhewe, cekake kabeh kuwi datan ana kang sampurna kajaba kang nyipta kita yoiku Gusti Kang Murba Jagad iki.
" Iyo, aku wus ngrumangsani luputku" kancil wus nglenggana salahe, banjur pamit marang Keong.

Sawise iku keong ngaturake tarima kasih menyang kanca kancane kang wus sabiyantu ngelingake Kancil saka sipat kang luput.



~Oo. Cunthel .oO~

Ngilmu kang bisa kapetik



  1. Sipat rumangsa bisa lan sombong bisa ngilangake weninge panggrahita temah gampang di apusi saha bisa ngilangi sipat kaprayitnan saengga kang ana amung grusa grusu.
  2. Pagawean kang rinasa abot iku bisane entheng lamun linakonan kanti bebarengan kaya dene keong kang nyawiji ngalahake playune kancil.





Tidak ada komentar: