SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Kamis, 31 Januari 2013

Lirik Lirik



         Dhandhang Gula

             Al Fatihah 


Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti,
Gusti Allah Ingkang Maha Mirah,
Maha Asih Sejatine,
Puja Lan Puji Iku, 
Amung Allah Ingkang Ndarbeni,
Gustining Jagad Raya,
Yo Alam Sawegung,
Engkang Maha Asih Cetha, 
Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti,
Kukuding Alam Ndunya,

Hamung Dhumateng Paduka Gusti,
Hamba Nyembah Saha Kumawula,
Hangrerepa Dhepe Dhepe,
Hamba Nyuwun Pitulung,
Tinedahna Margi Kang Yekti, 
Margining Tiyang Kathah,
Ingkang Begja Tuhu,
Paduka Paringi Nikmat,
Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami,
Amin Tutuping Donga

            



          Rukun Islam

Rukun Islam Lima aja lali,
Kaping pisan amaos syahadat,
kalimat loro unine,
kaping pindho puniku,
Sholat wajib ing limang wanci,
Netepi aweh zakat,
Jangkep nomer telu,
Rhomadhon nindakne pasa,
Kaping lima tindak haji yen kuwawi,
Rukun Islam sampurna,





   Lungiting Asmara 


Seprene nggonku ngenteni janji
Iki prasetyaning ati
Aku tresna mring sliramu dhuh wong ayu
Ra eleng dina lan wektu

Ing ati katon ra bisa ilang
saya suwe saya ra karuan
Sandyan tansah hanggadhang
aku samar yen sliramu rakelingan

Wong ayu tak anti anti
Jo pijer semaya wae
Aku tresna karo kowe

Tegane atimu 
Saya gawe lara 
iku ra prayoga

Aku ora bakal mundur
aku ora bakal mlayu
Yen durung nyandhing sliramu

Ukuraning Tresna 
dudu bandha nanging 
Lungiting asmara





     Megat Tresna

Yen kelingan marang sliramu wong ayu
Kaya rinujit rujit jroning atiku 
Jaman mbiyen mbiyene aku katon apa
Saikine aku iki katon apa

Dek semana sliramu nate prasetya
Bungah susah dilakon kanti lila
Nanging aku ra ngira yen sliramu cidra
Ninggal krama nggandheng karo priya liya

Jan jane iki mau salahe sapa
Kok nganti sliramu megatake tresna
ora nyono lan aku uga ora ngira
Yen sakiki uripmu banget nelangsa

Dhuh wong ayu mung welingku mring sliramu
Aja tega welasa putra putrimu
Aku wong ora guna papa tur kuciwa
Wis tak tampa pasrah karo sing kuwasa




      Isih Tresna

Sapa kuwat nglakoni
yen nyawang wong sing tak tresnani
Lungguh jejer lan sesandhingan
Kinupeng tamu rakaruan

Gela rasaning ati
Apa iki wis ginaris pesthi
Aku kudu pepisahan
Seprene nggonku sesandhingan

Tega temen kowe nyidrani janji
Nganti bisa nglarani ati
Kebangeten sliramu
Kok tega ninggalake aku

Aku mung meling janji
sliramu aja nganti lali
seprene aku iseh tresna
Ning ati iki tetep gela




   Jaka klanthung

Jaka klanthung 
ngalor ngidul turut nglurung
Sempoyongan lagake kaya wong linglung
Rambut gondrong lagake pendhekar ulung
Yen wis mendem watake mudah tersinggung

Rewa rewa kaya raden Gatutkaca
Kang kesengsem kelawan dewi pergiwa
Mesam mesem saben ketemu cah ayu
Jowal jawil pangucape,,, I LOVE YOU

Kaca mata sandhal jepit penitenan
warok warung iku wus dadi parapan
Mangan wolu ngakune mung entek telu
Jaka klanthung di paido mesti nesu

Nganti judheg nggone mikir wong tuane
Mrana mrene amung dadi kembang lambe
banjur sapa sing bakal di salahake
Jaka klanthung iku wis dadi wawatakane





              Jaka Ndesa


Kula niki bocah saking ndesa
Mboten duwe napa napa
Pengalaman lan tata krama
Sopan santun kirang tata

Niat kula urip wonten kutha
Ngudi kawruh golek kanca
Panas udan awan lan wengi
Lara lan lapa kula lampahi

Bapak ibu
Paringa donga pangestu
muga muga kaleksanan panjangkaku

Ati nagis gela lan lara
Wonten kutha adoh wong tua
Ati kangen bali neng ndesa
Ndesa wutah darah kula




     Bengawan Sore

Neng pinggiring bengawan
Tansah sedya ngenteni sliramu
Eling eling jamane seman
Wus ndungkap pitung ketiga

Neng pinggiring bengawan
Saben saben mung tansah kelingan
Wus prasetya ing janji kang suci
Ing lahir terusing ati

Sanadyan kaya ngapa manungsa
Mung bisa ngreka lan njangka
Gusti kang paring idi lan pesthi
Kita sadrema nglampahi

Neng pinggiring bengawan
Wayah sore tan saya kelingan
Gawang gawangen esemmu cah ayu 
Gawe sedhihing atiku




           Esemu 

Suwe ora ketemu cah ayu
Gawe kangene atiku
Tak suwun rinten lan dalu
Pamujiku manggiha rahayu

Lha piye genah genahe yogene
Tak antu antu kabare
Ora esuk ora sore mung kelingan
Sak solah bawane

Nadyan mung krungu swarane
Apa maneh yen nyawang eseme
Bebasan segara madu kalah manis 
Sing manis pancen esmu

Iba bungahing ati cah manis
Antuk nugrahaning Gusti
Ora mung Jroning Impenku
Bisa nyandhing sliramui cah ayu



      Lara bronto

Yen kelingan mring sliramu adhuh
Kadya rinujit atiku
yen siang tansah katon lelewa
Dalu datan bisa nendra

Apa sliramu wis lali tenan
Dek semana nate janji
Nedya arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni

Nanging aku ora ngira
Yen sliramu bakal cidra
Bareng saiki wis mulya
Banjur krama... 

Ora nganggo..
Ora nganggo kandha kandha


Wis pestine lelakonku adhuh
aku mung kudu narima
sapa kang bisa paring usada
Nggonku nandang lara bronto


          Aja Cidra

Mbok sing prasaja 
Aja cidra mundhak atiku gela
Yen sliramu tansah cidra
Iku ra prayoga

Mbok yo sing jujur
Yen kepingin tetep dadi sedulur
Yen sliramu ora jujur
Aku trima trima mundur

Wiwit mbiyen mula 
Aku rak wis kandha marang kang slira
Aku ora butuh apa apa
Butuhku sabar narima

Janjine aja cidra

Nanging yektine 
Ngendikamu ora kena tak gugu
Wis pesthine yen sliramu
Pisah karo karo aku


           Ngimpi

Sripat sripit 
lembehane mrak kesimping
Gandes luwes 
wiragane anglam lami

Sedhet singset
Besus angadi busana
Dasar ayu
maksih kenya tan kuciwa

Ndak caketi 
Adhuh mesem sepet madu
Nora sranta
Ndak gandheng malah gumuyu

Katon bungah
Kenya kang pindha hapsari
Kuciwane
Kabeh mau namung Ngimpi





        Manis Madu

Ora bakal lali
Tansah eling sak jeroning ati
Dhek semana
Coba sapa sing marai

Durung wae mari
Nggonmu gawe lara ati iki
Kok sakiki 
Ndika penging ngejak bali

Bebasan sak jagad iki 
Mbok ubengi  mung nyupet rasa kang sepi
Manise lathimu kaya madu 
Nanging wengis atimu

Nadyan kaya gunung 
Katresnanmu kang jarene agung
Wis kedlarung
Kula sampun mboten suwung





        Nyidham Sari

Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidham sari
Upama sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil ing nitra rinasa
Karasa rasaneng ndriya

Midera sak jagad raya
Kalingana wukir lan samudra
Nora ilang memanise adhuh
Dadi ati salawase

Nalikane rohing ndalu atiku
Lam lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku




      Aja Lamis


Aja sok gampang janji wong manis 
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasaja nimas 
Ora agawe cuwa

Tansah ngugemi tresnamu wingi 
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur 
Ing mangsa ketiga

Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
Mbok aja mung lamis 
kang uwis dadine banjur didis

Akeh tuladha 
Wong dhemen cidra uripe rekasa
Milih sawiji 
Endi kang suci tanggung bisa mukti




      Potretmu

Iki potretmu 
Kang tak tampa bareng lan layangmu
Bungahing ati 
Ora kaya ing nalika iku

Marga potretmu
Bisa gawe ayeming atiku
Tansah sumandhing
Ora pisah saka ing tanganku

Yen tak sawang
Dhasar ayu pancen iseh timur
Kira kira 
Antarane yuswa pitu likur

Banget kagetku
Bareng aku ketemu sliramu
Anggonmu potret
Lawase wus ana telung windu



                                                                                                                                                                                               
Imbangana Katresnanku

Saben ndina mung ngalamun
Jroning sepi sepi samun
Amung tansah kadulu 
wewayanganmu dhuh nimas wong ayu

Lilali tan bisa lali
Saya angrerujit ati
Lelewane cah manis
Tansah gumanthil ing pandengan netra

Apa tega sira nimas cidreng janji
Misahke katresnan jati
Lamun mangkono piye katresnanmu
Piye katresnanmu

Mangka nimas katresnanku
Bebasane tan bisa tinuku
Cundhuk lan prasetyamu
Ndak kurbanake jiwa lan ragaku




     Tak Enteni

Yen sinawang saka ing kadoan 
Endah asri yen disawang
Katon gunung kang biru
Ngelingke sliramu 
Janji karo aku

Di lali lali meksa kelingan
Saben sore gegojegan
Dha dolan bebarengan
Neng pinggiring kali 
Anyengsemke ati

Ewo smana sakiki
Mung tansah katon sepi
Merga adoh sliramu
Dhuh wong bagus
Tak enteni

Gunung biru sing tansah nyekseni
Mbesuk bakal bali
Tumetesing waspaku
Tandhane kangenku
Mung nunggu sliramu



     Pacobane Urip

Kok kaya ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora duwe
Tak rewangi bendina nyambut gare rekasa
Nanging kayane rasepira

Tansah nelangsa rasaning atiku
Yen aku kelingan marang sliramu
Wis semana suwene anggonku mikir kowe
Tansah agfawe bingung atiku

Rina klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang ngersane Gusti
Muga Kang Kuwasa inggal maringi marga
Kowe lan aku bisa urip mulya



         Sepining Ati


Rasane donya iki dadi peteng

Baren kowe ngucap yen wis ora seneng
Apa salah lan dosaku iki
Tegane kowe nglarani

Rina wengi mung tansah kelingan

Kenangan manis nalika pacaran
Senadyan saikine uwis pisah
Nanging tresnaku ra bisa ilang

Kaya langit tanpa lintang tanpa rembulan

Katon sepi kaya ra ana sunare
Semono uga atiku sing sepi
Ngenteni pepadhang saka atimu

Sepining atiku







         Kasmaran




Apa ngene rasane kasmaran

Esuk awan sore mung tansah kelingan
Ora kanti nunggu kowe bali
Rasa tresna iki aja di larani

Sliramu angreridhu

Gawe kangen atiku
Mung sliramu sing tak tunggu
Ngenteni ketemu

Ora kanti nunggu kowe bali

Esuk awan sore
Mung tansah kelingan

Ora kanti nunggu kowe bali

Rasa tresna iki aja di larani

Sliramu angreridhu

Gawe kangen atiku
Mung sliramu sing tak tunggu
Ngenteni ketemu

Ora kanti nunggu kowe bali

Esuk awan sore
Mung tansah kelingan




      Lara Tresna

Semilir angin wengi iki

Nambahi kangen rasa ati
Yen kelingan esemu wong manis
Atiku kaya di iris

Neng apa kowe telat teka

Neng apa kowe ora kandha
Biyen biyen sapa sing marai
Nganti tuwuh tresna iku
Sapa sing nyirami

Banyu kali miline ana segara

Ati iki rasane kelara lara
Upamane ndisik kowe gelem crita
Tresnamu ana sing nduweni

Sak tenane ora lila

Sak tenane sayang
Sak tenane aku gela
Medhotake rasa tresna

Senadyan iseh wong liya

Sing nduweni rasa tresna
Senadyan iseh wong liya
Nanging aku tetep gela

Apa aku sing kleru

Apa kowe sing kleru
Apa kabeh uwis nasibku




       Nandang Bronto


Suk kapan bisa kelakon

Sliramu dadi sisihanku
Wis suwe nggonku ngenteni
Ning sliramu sajak ora ngerti

Apa sliramu ra krasa

Atiku lagi nandang branta
Aku nyuwun palilahmu
Timbangana katresnanku iki

Tak rewangi awak kuru

Sabendina mung nggagas sliramu
Tak suwun rina lan wengi
Muga muga katekan sedyaku

Apa pancen kaya ngene

Rasane wong kang nandang branta
Sedina ora ketemu
Rumangsaku wis kaya sewindu




Temabang Asmara



Kadhung mbalung sumsum tresna iki

Sliramu tak impi impi
Sumpah lan janji
Tak ugemi tulus jroning ati

Kadung mabuk rindu ati iki

Ora bisa di alangi
Pingin ketemu
Wengi iki tekamu tak anti


Degan klapa muda legana aja gawe gela

Jenang gula jawa aja lali aja gela

Nyandhing andum tresna

Ngumandhangke
Endahing tembang asmara
Aku rumangsa ndunya iki ra ana wong liya



       Tresna


Tresna kang sejati

Kadya mimi lan mintuna
Senadyan susah senadyan bungah
Kembange tresna iku

Bungah susah di lakoni

Nadyan ora janji
Tak tunggu tunggu tak antu antu
Sliramu kapan bali

Ati rasa tresna

Senadyan ora crita
Janji kang sejati
Ana sak jeroning ati

Bungah susah dilakoni

Nadyan ora janji
Lintang rembulan saksi abadi
Tresnaku mung sawiji



    Yen Aku Ngerti


Yen aku ngerti sliramu iseh ngenteni

Aku bakal inggal inggal bali
Sak ngertiku kowe wis lali aku
Merga suwe ora ana kabarmu

Kedhung jero bisa di jajagi

Ati manungsa sapa sing ngerti
Ora nyana sliramu iseh tresna
Karo aku nadyan uripku rekasa

Nganti mbok lakoni Sholat tengah wengi

Aliramu nyuwun Marang Gusti

Nangis aku nangis nangis nelangsa

Yen kelingan sliramu dhek semana
Njerit aku njerit ning batin
Ora ngira tresna lahir batin

Sepira lara larane atimu

Aku tansah nrima sliramu






















Anoman Dhuta


"yayi narpati sugriwa, bagya sak tekamu ana pasanggerahan maleawan yayi,"

"sinuwun, awit pangestu paduka sowan kula dalah para wadya bala rewanda widada nir sakara kara, sembah kula katur sinuwun,"

"yayi sugriwa tiba sepadha padha,"

"sinuwun, kula nyadhong duka tuwin kula nyuwun aksama sinuwun,

"ndak rasa ora ana luputmu marang pun kakang,

"kula tiyang ingakang mboten weruh lelabuhan, dene enak enak mukti hambau dhendha wonten gua kiskendha, lali menawi sangkaning kawibawan punika awit saking sih paduka ingkang sinuwun,"

"Yayi sugriwa,tiba kasak bali lugunipun pun kakang kang utang budi marang si adhi, hawit wus kapisungsung pasanggerahan kang luwih asri,"

"wadhuh sinuwun, kula sak wadya bala wanara sampun haprasetya badhe sabyantu paduka rehne mangke ngancik wanci ketiga toya samudra sampun angok, kula dalah para wadya rewanda nyadong dhawuh suka lila ngrabasa nagari ngalengka ngrebut wangsul garwa paduka kusuma yu dewi sinta,

"Dhuh kakang mas, nyuwun aksami, nadyan prewaca aturipun jetayu bilih kakang mbok sinta cinidra rahwana, namung sampun ngantos nggebat perang menawi dereng cihna kasunyatanipun kakang mas,"

"Yayi lesmana bener aturmu yayi, pun kakang ora bakal gegabah tumindak kang tundhane agawe kuceming asma asoring drajat, "

"menawi makaten,lajeng kados pundi kersa paduka,? samangke para rewanda selak mboten jenak selak kumudu magut yuda nglebur dur angkara kang sinandhang dening prabu rahwana,"

"yayi,, prayoga winicara amrih rahayuning laku,sedyane pun kakang bakal utusan nakyinake marang ngalengka. yayi sugriwa,,samangko pun kakang mundhut pitulung miji rewanda dadi dutaku marang ngalengka yayi sugriwa,"

""Gumrah gumuruh bala wanara, ngangasaken kasektene, manggala rewanda mangarsa gupuh Oooooonnnnggggggg,,,,, Ooonnnggggg,,,
dimen kaweruhan sang rama badra, pinilih hanyangkul kardi,, Eeeeennnngggggggggg,,,""

"Sinuwun, mboten nama umuk katah para senapati kapi ingkang cacak sura sekti suwawi kula aturi milih anggada punapa anila punapa anala, punapa pun kapi arinenda jembawan endrajanu manthastha manthasthi utawi satabali bali winata, sedaya mboten badhe nguciwani ing karya,"

"yayi narpati, ora jeneng nglirwakake penemumu, saka pengrasaku pamilihing duta kajaba alandhesan kasekten uga nonton jembaring pamawas beblesing panemu sarta gedhene lelabuhan linambaran ati kang suci kang ora kaworan melik, lamun luput ing pamilih bakal lebur tanpa dadi yayi narpati,"

"lajeng menawi mekaten landesanipun sinten ingkang pantes ngayahi karya.?"

"Yayi sugriwa, ndak pundhut anoman kang dadi dutaku,"

"Sumangga, menawi mekaten kersa paduka,,
Anoman majua ana gawe anoman,,,,,,!!

"Anoman, sira ndak utus limakua duta marang ngalengka diraja, titisna kandhaning warta apa bener garwaku yayi sinta cumondhok ana ngalengka.."

"sendika hangestu pada dhawuh paduka sinuwun, "

"Lamun ketemu yayi sinta, matura yen jenengingsun padha raharja, ora suwe mesti ndak rebut saka tangane dasamuka,"

"kawuka noknon ngestokaken dhawuh sabda paduka sinuwun,"

"minangka tanda bukti yen sira utusaningsun mara tampanana ali ali sutya ludira aturna marang yayi sinta,"

"dhawuh paduka kula pundhi saingga jimat,"

""Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, oonngg ooonngggg dadi redyaning dumadi, supatine ringsangsaya, eeennnngggg,,,,,,""


"prewaca dhawuhipun gusti prabu, pun apatik idi pangestu, "

"mbanyu mili pamujiku, hayu hayu nirbaya sedya rahayu"

"menawi wonten lumunturing sih abdi paduka nyuwun kanthi kyayi semar sak anakipun,"

"kaya luwih prayoga dimen bisa nyembuh widada anoman,"

"raden Lesmana kula nyuwun pangestu raden,"

"Iya iya raden, tak pepuja muga muga tansah piyungan kala cakra,"

"paman narpati kula nyuwun pamit,"

"pengestuku tansah lumintu anoman,,"

********

"Yayi jaya anggodo, ana gawe apa dene si adhi ngadhang lakuku,nitik praupanmu sajak kurang sarujuk atimu yayi.."

"Kakang Anoman bener ucapmu,samangko anggodo lagi kogel awit banget kegelan, tak kiro mung kakang Anoman kang bisa nambani rasaku kakang,,"

"Yayi anggodo wus wajibe sedulur tua aweh pitulung marang kadang mudha, bejo kemayangang yen pun kakang bisa nambal gempaling atimu, yayi mara gage tutura apa sebabpe.."

"Kakang Anoman, sengara kowe gelem nulungi aku,"

"Yayi, yen ora banget rungsit mesti ndak budidaya,"

"Yen pancen nyata temen ucapmu ora mung lelamisan, lilakno kelungguhan duta ndak jaluk,"


"Adhiku dhi anggodo, mangertia lamun bab iku dudu wewenangku, pun kakang amung sadrema mundhi dhawuhe prabu rama wijaya,"

"Cetha yen kowe ra lilo,,"

"Yayi sing gedhe pangapuramu, dasare aku wus prasetya yen pun kakang ora bakal mbadal dhawuh,"

"Semono uga aku, anggodo wus kadung sumpah,"

"Kepriye?"

"Anoman lulus lumaku dhuto yen cilik bisa madhani gedhene bisa ngalahke anggodo,"

"Yayi yen kena ndak eman aja dadi pepalang lakuku,"

"Wis ndah antepi ngiras njajal sepira kasektenmu,"

"Yayi,,"

"Mbuh ra idhep, klakon mati dening aku,,,"

**************

"Kang Gareng"

"Apa Truk"

"Bagong"

"Apa kang"

"Kang Gareng lan Bagong, aku lan kowe wajib syukur dene bisa sethihik nggelar kabisan sanadyan kucem kucem minangka kanggo penglipur"

"Iyo Truk"

"Eling iki mung lagi tarap latihan lho Kang iseh okeh kekurangane"

"Iyo Gong trimo lowong tinimbang nglangut, Yo wis ayo kanggo nggemeni wektu atur panglipur sawetara"

..............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
"Kang Gareng"

"Apa Truk" 

"Wis sawetara wektu anggone padha seneng seneng, Lhoh kae kok kaya ndara Anoman to kae" 

Sigra kang bala tumingal, acampuh samya medali, lir thathit wileding ganda, dhanghyang gung manguncang niti, benjang Sangaji mijil, lathinya medali wuwus, trustha sura wilaga, kaya buta singa wregil, pasthi jangga dhendhanya mangambak baya

"Hee.. Tholee... Anak akuku kabeh, iki ana gawean sing penting ngger, kowe lan aku bakal di kanthi ndara Anoman menyang ngalengka dadi dutane sinuwun pabu Rama"

"Wah cocok kang"

"Wah ngiras pantes pariwisata yo Truk, nginggar inggar nambani stres"

"Dhuh dhuh sajake ki thik, arep pariwisata ki rumangsane ki ngapa, ning kana ki ora seneng seneng, ning kana ki tohtokane nyawa lho Kang, marga Ngalengka ki kondhange butane gedhe gedhe sekti sekti, tur galak galak, kurang begjane bali mulih mung kari gembung sirahe klethak buta lho kang"

"Ohh... Ora piknik to?"

"Ora"

"Wah yen ngono aku pilih pamit wae Truk, awakku greges greges,"

"Gareng ki ra patut dinggo conto, yen ketoke ra nguntungke pilih pamit,"

" Eee Tholee  kapitayan kuwi larang regane, Ora saben uwong di percaya, ora angger uwong di pilih, mula yen di pilih lan di percaya gunakna sing sak temene, cocok karo janjimu jumbuh karo ucapmu, nadyan kaya ngapa abot lan rekasane yen wedi aja wani wani yen wani aja wedi wedi Ngger.."

Senggana kadya ginugah,ulat sumringah gumregut Oonngggg.... mangrah greget jroning galih anderpati ngemban dhawuh tatag ngrabasa kang rumpil.. Eengg...

"Kyayi Semar, nadyan mung sak kecap semburmu nyata nambahi kencenge tekadku, ayo daya daya ndak kanthi budhal menyang Ngalengka"

"Den,sampeyan saget mabur lha kula mangke pripun?"

"Petruk kok crigis lho, wong wis wani ngejak ki mesti tanggung jawab sak kabehe klebu transpote, sangune, mangane yen perlu tinggalane ngomah, wis aja sumelang"

"Aja sumelang, Kyayi Semar ndak pundhi ana kancing gelung, gareng petruk lan bagong ndak gembol ana kampuh"

"E inggih mangga kula dherekaken Den"

**************

(Mesat nggayuh gegana risang rama dayapati...      Kocap.......     kang ana tengahing samudra kumricik suwarane.....)

(Ombak kumbulaning toyaning samudra, methuthuk kaya pulo sak gunung anakan ghedhene  Nenggih Wilkathaksini,
dhasar rupane nggegilani kasektene nggegirisi, yen polah kalungguhane banyu samudra kocak kaya lebur nuwuhake ombak gumulung sundhul langit yen angop gumaleger kaya udan salah mangsa, saka gedhene pengati ati anggone netepi wajib njaga praja ngalengaka samubarang kang kumelip kumleyang sinerot kamplung ana wadhuke,  Sakara kagyat gara kasat...)

"Gojleng gojleng iblis laknat padha jegjegan, ana rerupan putih memplak kethap kethip ing antaraning mega yen bangsane manuk ora kaya mangkono, aja aja iki mungsuh bakal ngrabasa Ngalengka,, Yoh,,, nadyan banter kaya kilat dhuwur sundhul langit sap pitu tak serot klakon kamplung ana wadhukku...."

...
 "Ana ngendi iki,"

"Wadhuh, wah polahe"

**********

Meh rahina semubang  hyang haruna, kadya netrane angga rapuh, sabdaning kukila  oongg... ongg... oong....ring, sanigara saketer  enggg... oonggg....