Raden Mas Said inggih punika putra Pangeran Ario Mangkunegoro, Raja Kartosuro ( Mataram). Wiwit timur Raden Mas Said mboten nate ngraosaken gesang ingkang bagya mulya, Wekdal yuswa kalih taun Raden Mas Said sampun dipun tinggal tiyang sepuhipun. Ramanipun dipun bucal dateng Sailon utawi sapunika Negari Srilanka. Raden Mas Said kalian sedherekipun ingkang kalih nenggih Raden Mas Ambiya lan Raden Sabar gesang wonten ing kawontenan ingkang tansah kekirangan.
Saben dinten Raden Mas Said dhahar lan ngunjuk sawontenipun lan para pambiyantu kraton ingkang dados rencangipun, Semanten ugi pangagem ugi namung sawontenipun. Raden Mas Said lan kekalih rayinipun katingal putra bangsawan namung menawi sowan ing pasewakan agung kemawon.
Wekdal yuswa 13 taun Raden Mas Said lan kekalih rayinipun nampi timbalan saking raja Mataram ( Pakubuwono II ). Miturut Raja, sampun titi wancinipun Raden Mas Said lan rayinipun nampi panguwaos. Namung panguwaos ingkang dipun paringaken dipun raos nyalahi adad lan tradisi. Sabab Raden Said lan kekalih rayinipun namung nampi kuwaos Manteri Anom lan nyandhang asma Raden Mas Suryokusumo.
Raden Mas Said rumaos kuciwa ing penggalih nampi kesewenang- wenangan kala wau. Raos kuciwanipun dipun aturaken dateng patih, namung patih ingkang nampi aturipun Raden Mas Said namung kendel kemawon. malah mboten wetara dangu patih mbeta sak kantong arto emas ingkang dipun paringaken dateng Raden Mas Said. Raden Mas Said duka sabab jroning batos rumaos dipun remehaken. Raden Mas Said matur kalian patih mboten badhe ngemis namung badhe nyuwun keadilan.
Wiwit kadadosan kala wau Raden mas Said sampun mboten setya malih dateng panguwaos ing Kraton Kartosuro, Raos sedih lan kuciwa dipun aturaken dateng raden Sutowijoyo lan Ki Wirodiwongso pamanipun. Kekalihipun ugi ngalami nasib ingkang sami kalian ingkang dipun lampahi Raden Mas Said. Inggih punika dipun daksia kalian panguwaos ing Kartosuro.
Wekdal Pakubuwono II ingkang kagungan panguwaos ing Kartosuro tansah timbul kemelut ing antawisipun keluwarga Raja. Sedanten kala wau inggih awit bangsa Welandi (Belanda ) ingkang tansah ngusik katentremaning keluwarga Kraton, estunipun Pakubuwono II ngraos sedanten kala wau. awit bangsa Welandi tansah melu cawe urusaning pamarintahan ing Kraton Kartosuro lan tansah nindhes rakyat alit, sedanten kala wau njalari raos benci sedanten keluwarga keraton lan rakyat alit. Raos gela lan kuciwa dateng wontenipun welandi sampun ngrambah ngantos padesan.
Wekdal wonten Geger Pacinan, Pakubuwono II kagungan sikap ingkang plin plan. Sederengipun paring sabyantu dateng Cina namung sasampunipun pirsa kekuatan Welandi ingkang langkung ageng lajeng ngawontenaken rerembagan kalian wakil kompeni Welandi, Kapitan van Hohendorff. Tartemtu hasil saking rembagan kala wau namung ngutungaken Kompeni kewala. kedadosan punika nambahi raos gela lan dukanipun Raden Mas Said.
Nuju dinten Rebo Kliwon tanggal 3 Rabiulawal (Mulud) Windu Sengara, 1666 Taun Jawa utawi 19 Mei 1741 Raden Mas Said lan sedanten pengikutipun ingkang tansah setya tuhu medal saking Kraton Kartosuro, Raden Mas Said ugi dipun dherekaken Eyang Putrinipun Bendoro raden Ayu Kusumonarso. Sedanten tansah prihatos mboten wonten ingkang wantun mbabar pangandikan wonten ing salebeting lampah punika.
Sasampunipun dumugi ing tepining Bengawan Solo, wekdal puniku dereng wonten wot lan ilining toya bengawan saestu santer. Supados saget nyebrang kedah ngginakaken rakit pramila para prajurit ingkang ndherekaken Raden Mas Said damel rakit lan nyebrang bengawan namung ngginakaken obor minangka sarana pepajar.
Wanci enjang sedanten sampun saget nyebrang. Pramila sedanten nglajengaken lampah malih. wekdal ngliwati gisiking sendhang, Bendoro Raden Ayu Kusumonarso mrentahaken supados sedanten sami ngaso langkung rumiyin,
" Kabeh kerabat kang ndak hormati lan ndak tresnani, kita kabeh wus adoh anggone lumaku, awak wus ngrasa kesel mula prayogane ayo ngaso luwih disik kareben biso nerusake laku sabanjure." Ngendikanipun Bendoro Raden Ayu Kusumonarso.
" Leres ingkang dipun ngendikakaken Raden Ayu, kita kabeh kudu bisa njaga diri, sabab papan kang bakal di tuju iseh wetara lumaku sedina maneh." Ngendikanipun Raden Ngabehi Ronggo Panambangan.
"Satekaning Nglaroh kita kabeh balak ngimpun kekuatan kanggo nglawan lan ngasorake para kompeni" Ngendikanipun Kiai Dipati Kudonowarso.
" Putu lan anak- anakku, lan kabeh kerabat kang ndak tresnani. Niat kita kanggo nglawan para kompeni, kabeh mau ora mengku karep bakal mbalela ngelawan marang Kanjeng Sunan Pakubuwono II. Sanadyan wektu iki ana pihake kompeni ananging aku mangerteni manawa kang di tindakake Kanjeng Sunan iku mung marga wedi kelangan panguwasa."
Sedanten sami merhatosaken pangandikanipun Bendoro Raden Ayu Kusumonarso. sedanten sami sarujuk kalian pangandikan kala wau, sawetawis dangu suwasana sepi mboten wonten ingkang mbabar pangandikan, Raden Mas Said lajeng mbabar sabda kanti wibawa ,
" Paman Dipati Kudonowarso, Ronggo Panambangan lan kabeh kadangku kang setya satuhu. Kabeh kedadian iki awit pokal gawene Landa, aku banget prihatin kenapa kabeh iki bisa kadadean, Antarane kakang, adhi, paman, lan eyang sarta kerabat kabeh, bisa ganpang di di bujuk para kompeni. Upama Paman Sunan ora bisa di bujuk dening kompeni ndak kira keluwarga Keraton Kartosuro bisa nyawiji lan ndadekake kekuatan. Ananging kabeh wus dumadi, mula sakiki ayo tansah nyawiji supaya bisa nundhung para kompeni saka nagara wutah darah iki." Ngendikanipun Raden Mas Said.
Sedanten sami wangsulan setuju.
Sedanten sami nglajengaken lampah malih, Pradesan ingkang dipun lewati katingal aman lan tentrem, Ningali rombongan punika tiyang pradesan sami bingung. Bendoro Raden Ayu Kusumonarso, saget maos kawontenan sedanten rakyat ing pradesan dipun kempalaken wonten ing satunggaling panggenan.
" Rakyatku kabeh kang ndak tresnani, mangertenana aku lan kabeh kang bareng lakuku iki satemene ninggalake Kraton Kartosuro sabab wus ora kuwat nampa kesewenang wenangane para Kompeni. mula kabarna kabeh iki nganti tumekaning kabeh pradesan, ayo kabeh nyawiji sabiyantu putuningsun Raden Mas Said kang bakal nyingkirake landa saka nagri iki." Ngendikanipun Bendoro Raden Ayu Kusumonarso.
Mireng kabar ingkang mekaten para warga sami lega lan bingah ing manah, Kabar kala wau lajeng dipun sebaraken dateng tangga tepalih saengga kathah para kaneman ingkang sagah nyawiji kalian para kerabat kraton kala wau lan sumadya menawi sawanci wanci dipun betahaken tenaganipun.
Ngancik wanci sonten Raden Said lan rombongan sampun dumugi ing Majasto, Bendoro Raden Ayu Kusumonarso mrintahaken dateng rombongan supados ngaso rumiyin wonten dalemipun Ki Ageng Majasto lan ing dalunipun dipun wontenaken rerembagan,
"Raden Ayu, saderengipun kawula nyuwun agunging pangaksama, hambok bilih kawula dipun keparengaken mangertos, Raden Ayu lan rombongan punika badhe tindak pundi? Sepindhah malih kawula nyuwun pangaksami bilih atur kawula dipun anggep lancang." Ki Majasta niti pirsa.
"Apa bener Ki Majasto durung mireng warta saka Kraton? yen kaya mangkono yo ben Mas Said kang bakal medharake." Wangsulanipun Ndara Ayu Kusumonarso.
Salajengipun raden Mas Said medharaken sedanten lelampahan ngantos rombongan medal saking Kraton lan badhe tumuju dateng Nglaroh saengga dumugi ing Majasto punika. Ki Majasto mirengaken kanti estu sedanten katrangan sasking Raden mas Said.
"Raden, menawi kados mekaten, leres rencana kala wau. Ing Nglaroh wonten sesepuh asmanipun Kiai Nur Iman kaleres taksih keturunan Sultan Hadiwijoyo Raja Pajang keturunan ingkang kaping sekawan. Asma jangkepipun Kanjeng Aryo Prabu Wijoyo, Mbok menawi mangke kersa sesarengan ngimpun rakyatipun kangge nundhung kompeni saking nagri puniki raden," Aturipun ki Majasto.
Enjangipun rombongan nglajengaken lampah, wanci tengahing dinten rombongan dugi Nambangan, lampah manggih pepalang sabab kedah nyabrang kali Bengawan Solo ingkang wekdal puniku toyanipun nembe ageng, wonten satunggaling juru rakit ingkang nembe males malesan wonten nginggiling rakit, Raden Mas Said nyaketi juru rakit kala wau lan ndangu pinten sewanipun, anaging juru rakit kala wau malah gentos pitaken rombongan saking pundi saestunipun lan badhe tindak pundi. Sasampunipun Raden Mas Said paring katerangan juru rakit kala wau ngaturaken sembah lan kersa nyebrangaken sedanten rombongan, wasana sedanten sampun kasebrangaken kajawi Raden Said ingkang dereng kasebrangaken. Juru rakit ingakang asma Ki Joleksono wangsul dateng Raden Said mboten mbeta rakitipun namung ngginakaken ron lumbu kemawon. Raden Said rumaos wungun mirsani juru rakit kala wau,
"Kisanak kenging napa rakitipun mboten dipun bekta mriki?" Raden Said ndangu juru rakit kala wau.
"Sewu lepat nyuwun pangapunten Raden, nyebrangaken piyantun satunggal ngginakaken rakit temtu badhe mbucal tenaga. langkung prayogi ngginakaken ron lumbu kemawon." wangsulanipun juru rakit.
Raden Mas Said pirsa juru rakit kala wau sanes tiyang ingkang sembarangan. mboten kentun Raden Said ngaturaken tarimo kasih sampun dipun sebrangaken.
Sadugining desa Nglaroh Raden Said mbangun dalem ingkang dados pusating peprentahan. Para punggawa ugi sampun dipun dhapuk, Minangka Senopati Raden Sutowijoyo ingkang agelar Kiai Ngabehi Ronggo Panambangan, wondene Ki Wirodiwongso dipun angkat dados patih agelar Kiai Ngabehi Kudonowarso lan sedanten rombongan saking Kraton Kartosuro ingkang cacahipun wonten 22 sedanten dipun dadosaken prajurit ingkang salajengipun nggadhahi sumpah Ti Ji Ti Beh, Mati Siji Mati Kabeh, Mukti Siji Mukti Kabeh, ugi tansah njunjung sumpah kawula Gusti utawi Pamoring Kawula Gusti. ingkang mengku werdi ngadeg padha dhuwure, lungguh padha endheke, abot bareng dipikul, entheng bareng di junjung. Wiwit wekdal punika ugi perlawanan dateng kompeni dipun kobaraken.
Sawijining sonten Raden Said ngempalaken sedanten prajuritipun,
" mangertenana kanggo kabeh kang seba ana kene,sadurunge jenengingsun teka rawuh ana ing nglaroh iki, ingsun wus nglungguhi lemah Sukowati, Ingsun wus ngumumake jumeneng Sunan kang merdika ing Sukowati, Ananging awit kersane Kanjeng Susuhunan Pakubuwono II lumantar Paman Mangkubumi ingsun ditundhung saka tanah Sukowati mula jenengingsun ngalih kalungguhan ana ing bumi Nglaroh iki..."
Dereng rampung anggenipun raden Mas Said medhar sabda kedadak wonten gledheg ingkang nyamber palenggahanipun, mboten wonten korban sadaya kala wau awit kasektenipun Raden Said ingkang miturut criyos saget nyepeng Gledheg.
" Sliramu kabeh wus ngrungokake lan wus nyaksekake gludhug kang nyamber palenggahanku iki mau, iku pinangka perlampita yen kita kabeh kudu sabar. Kita kudu prihatin lan nundhung Kompeni luwih dhisik. Mangertenana lan kabarna marang sapa wae wiwit dina iki insun jejuluk Pangeran Sambernyowo."Mekaten pangandikanipun Raden Said.
Wiwit wekdal puniku ugi jumeneng pamarintahan wonten ing Wonogiri ingkang pusat pamarintahan wonten ing Nglaroh.
Awit saking punika dinten Rebo Kliwon tanggal 3 Rabi'ul awal (Mulud) Tahun Jumakir, Windu Senggoro: Angrasa retu nggoyang jagad utawi 1666, utawi Rabu Kliwon tanggal 19 Mei 1741 ( Kahutaman Sumbering Giri Linuwih) dipun tetepaken dados hari jadi Wonogiri.

~~~.o0o.~~~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar