SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 30 Juni 2013

Geguritan/ Puisi Jawa

Kidung Madya Ratri 
Jaka Lelana 22 Juli 2013

Aneng sahandhaping bomantara
Sunaring hywang badra kang dadi kanca
Alon tumiyup samirana ratri madya
Lampahnya akarya kekes tumekeng nala

Sepi... sepi tengahing wengi
Amung suwarane peksi 
Layung layung lir tetembangan ketawang kingkin
Ngripta kidung nelangsa ing madya ratri

Ndak rakit aksara dimen dadi ukara
Ndak gurit jerit ati dimen dadi lega
Ndak tulis isining nala dimen kena diwaca
Lan ndak babar rasing tyas dimen sliramu pirsa

Dhuh sempalaning jiwa lan raga
Ati iki kapang nadyan pisah sawetara
Esem lan guyu sumehmu tansah katon ing netra
Kepingin inggal wektu gumanti dina
Supaya inggal bisa nyawiji ing dina kang mulya

Sun rakit lan sun gurit kidung madya ratri
Dimen bisa ngancani
Nendramu ing wengi iki
Nganti tekane dina kang di anti
Ing kono aku lan sliramu bali nyawiji..




Wolak Waliking Jaman
Jaka Lelana 29 Juni 2013

Jaman pancene wis molak malik
Tumindak kliru jare becik
Tumindak bener malah di tampik

Basa kang alus wus ilang anane
Ngucap sak ngucap mung sak anggere
Tanpa mikir saru siku lan kadadean wusanane

Anak mbantah ngendikane wong tua wis kulina
Di prentah mbantah, di tuturi wani
Wong tua wis ilang kaprawirane
Ngajar anak ilang kewanene
Nganti nyeblak jare kekerasan rumah tangga
Wedi laporake polisi mlebu penjara

Mula ora mokal anak lali pangabekti
Sungkem wong tua jare wis ra usum jaman saiki
Nyucup astane wong tua jare ngisin isini
Yen nyucup tangane pacare malah nganti muni
Cieeeet,,, ngono jare nambah sensasi



Gurit Rujiting Ratri 
Jaka Lelana 28 Juni 2013

Lumaksana lampahing ratri
Sepi nyennyet ijen tanpa rowang
Mendhung tumiyung lelimengan ing tawang
Memba raseksa kang rebut ngrayah memangsan
Jogrogke ngebaki gelaring antariksa

Sumilir sumribit tumiyup kang samirana
Agawe ngekes geges rasing alam ati
Gumarisik gegodhongan 
Ririh rereh suwantene layung layung
Nggegancang gendhing ketawang prihatin

Tyasing kang kartika ketaman kingkin
Sunarnya ndhedhet katutupan mega
Rujit ing ati tan bisa aweh pratandha
Pratandha paran lakuning pra nahkodha
Nedhenging hanjala mina ing madyaning jaladri

Dhuh Pangreksa Urip lan Pati
Namung Handika Kang Wenang Hamemesti
Mugi inggal byar pajar telas ludhes tanpa tilas
Telas kang memala ludhes lelimenganing mega
Mahanani jagad ati mulya lir suwarga loka



Kemladhehan Ngajak Sempal
Jaka Lelana 20 Juni 2013

Mbiyen wit iki ngrembuyung,
Tuwuh subur nukulake carang lan pang,
Carang lan pang tansah bareng sabyantu ing sasamane,
Ndadekake wit royom lan sangsaya gedhe,

Royom awit akehing godhong,
Kaimbuhan indah anane kembang lan woh wohan,
Nganti saiki kedadean,
Sliramu kemladhehan ngajak sempal,

Yo wis,,, 
Yo wis, ora dadi gawe,
Wit kang royom kudu nglilakake,
Sempaling pang sawiji sanadyan ana goreh sawise
Tinimbang wit sawiji dadi pepes pupus tumekeng lampus



Aku Iseh Bingung Yayi
Jaka Lelana 20  Juni 2013

Bareng lan ingsleping bagaskara
Sun gurit rasing tyas kang katemben nandang cuwa
Aku iseh bingung yayi
Aku iseh durung bisa mangerteni

Mobah mosik rasa sajroning dhadha
Kaya ron kang gogrog katiup ing samirana
Kleyang kabur kanginan tan genah ing paran
Kabeh mau dudu karepku
Kabeh mau dudu kersaku

Bareng lan ingsleping bagaskara
Sun rakit aksara dimen dadi lega telenging nala
Aku iseh bingung nimas
Aku datan bisa suwala

Muga ing mangke sajroning nendra
Ana ati kang binuka
Saingga sesuk bareng lan jumudhuling hywang surya
Nggegampang laku sarana lila lan legawa