SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 17 November 2013

Filsafat Luku

Kalawan Nyebut Ing Asmane Allah Kang Maha Welas Tur Asih,

Awid pentingipun Ilmu pramila manungsa gesang ing ngalam ndunya dipun prentahaken ngudi ilmu ingkang sak kathah kathahipun sanadyan ngantos dumugi ing nagari seberang, prentahipun Gusti ugi nyebutaken bilih Gusti Allah badhe ngangkat drajadtipun tiyang tiyang ingkang kagungan Ilmu ngantos pinten pinten derajad inggilipun, wonten malih parentah ingkang nyebutaken Ngudia Ilmu Sira kabeh saka nalika sira ana ing embanan nganti tumeka sira kabeh bakal dikubur, punika sedanten awit pentingipun ilmu kala wau.

Manungsa ingkang anggit mboten namung ngudi ngilmu wonten ing pawiyatan pawiyatan ingkang formal, ananging kiyambakipun tansah ngudi ilmuning panggesangan sanadyan wonten ing sadhengah panggenan.

Kados dene ingkang dipun ajaraken Kanjeng Sunan Kalijaga dhumateng para among tani duk nalika jaman kina lumantar praboting tetanen inggih punika LUKU, sanadyan katingal remeh anaging yektosipun salebeting luku ngandhut filsafat ingkang inggil tumrapipun titah ingkang gesang ing ngalam ndunya.

Kados ingkang dipun ngandikaaken Kanjeng Sunan Kalijaga, Luku kaperang dados pinten pinten perangan ingkang sedanten kala wau kedah nyawiji supados saget dipun ginakaken kangge lantaran pangolahing tegal lan saben mrih harjaning para among tani. 

Peranganing Luku kala wau ingiih punika:


  1. Cekelan, cekelaning tiyang gesang wonten ing ngalam ndunya inggih punika agama pramila manungsa ing ngalam ndunya kedah ngregem siset cekelan kala wau sampun ngantos uwal lan nalisir saking peprenah agama ingkang sampun kawedhar lumantar Kitabullah lan Hadits-ipun Nabiullah.
  2. Pancadan, pancadaning gesang ingkang dipun sanepakaken ing luku inggih punika manungsa kedah ngamalaken punapa ingkang dados cekelan kala wau, manungsa kedah nindakaken prentahing Gusti ingkang saha ngajaraken punapa ingkang wonten salebetipun agami,
  3. Tandhing, tandhing mengku werdi manungsa kedah saget nandhing nandhingaken sedanten tindak tanduk, leres lepat, ala lan sae, dosa lan ganjaran ingkang linampahan. saha manungsa kedah saget nandhing nandhingaken dirinipun ing babagan kadunyan dipun tandhingaken kalian ingkang sangandhapipun supados tansah saget syukur lan babagan akherat dipuntandhingaken kalian lintu ingkang langkung sae ngamalipun mrih saget dados panjurunging diri dateng tumindak ingkang langkung sae.
  4. Singkal, Singkal saking tembung Sing Sugih Akal. manungsa gesang kedah saget ngembangaken akal lan budinipun sampun ngantos pasrah dateng kawontenan, nyerah dateng takdir, manungasa kedah kersa nyambut damel awrat kangge nggayuh karaharjan ing ndunya lan akherat.
  5. Kejen, Kejen saking tembung Ke-ijen, Ke tegesipun marang Ijen punika siji, manungsa gesang kedah kagungan tujuan ingkang nyawiji kados dene tujuaning gesang ing ndunya nggayuh tata raharja lan tujuanipun gesang akherat inggeh punika sekeca ingkang langgeng inggih punika Syurga, saha manungsa kedah tansah ngupadi ridanipun ingkang Maha Tunggal.
  6. Olang Aling, Olang aling utawi Aling Aling, manungsa gesang ing ngalam ndunya mesthi badhe manggihi alangan reribet, pramila manungsa kedah pinter pinten anggenipun nyilak lan nyingkiraken reribet ingkang nyrimpeti.
  7. Racuk, racuk saking tembung arah pucuk, pucuk punika umumipun wonten nginggil lan ingkang paling ngarep, pramila manungsa kedah madhep mantep ningali ngajeng ( ingkang dados kekarepan) sanadyan reribet tansah dados pepalang mboten badhe owah gingsir saking arah ingkang badhe tinuju, dipun lampahi sarana ikhtiar, sabar lan tawakkal, mboten supe kalian ingkang Inggil inggih punika Gusti Ingkang Murba Kawasa.

Mekaten Filsafat ingkang dipun kadhut salebeting Luku,
Kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Jaka Lelana