بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
PUPUH I
DHANDHANGGULA
– 01 –
Sakamatyan kuma bangkit-bangkit, lir sarkara warsitaning sastra, sasmiteng karaharjane, mring sagung anak, putu, ingkang karsa angrancang kapti, Sira puruhita, Saniskareng kawruh, mring jana kang wus nimpuna, ing surasa saraseng kamuksan kaki, kanggo ing kene kana.
– 02 –
Lamun sira puruhita kaki, den sumandha mamrih wahyeng gita, sadarganen turidane, ywa kongsi keneng sirung, marang ingkang sigra guroni, mandar anoring raga, ywa kongsi kalimput, sang gya suraseng kang nyata, dimen sira antuk wilasa kang Sidhi, wasitaning Pandhita.
– 03 –
Dedalane kawruh ana dhingin, patang prakara sira wiletna, aywa kasusu kalapne, gagasan rasanipun, yen tumpangsuh asalah dalih, kalimput kaliru tampa, temah salah surup, kang kaliru surupena, supayane wruh lunggyane ala becik, ywa kongsi katlajukan.
– 04 –
– 05 –
– 06 –
– 07 –
– 08 –
– 09 –
– 10 –
– 11 –
Ingkang bisa bawana-bawani, owah gingsiring sariranira, siya yen tan wruh iku, tunggal dhapur kang den kawruhi, kang bisa malih warna, sayekti mung iku, aranana loro nyata, aranana sawiji temen sawiji, mung limput linimputan.
– 12 –
Kang akarya iku kang nglimputi, enggonira aneng kalimputan, sulap padhanging Srengenge, upamane sireku, anom sorotinon Hyang Rawi, kang mangkana iku sulap, dadi lamuk-lamuk, mangkono upamanira, wong nyurasa rerasan, kang den rasani, ingkang melu rerasa.
– 13 –
Pasabane sok anggung nasabi, Roh Ilapi kang wanuh wus lawas, datan wruh lamun uripe, malah Ki Alip Tansur, yang lumaku anggung anjawil, nanging datan uninga, yen iku Hyang Agung, marma padha binudiya, ing wong urip aja katungkul sireki, wruha ing uripira.
– 14 –
Uripira sapa kang nguripi, lamun sira nora ngawruhana, siya-siya ing uripe, sayektine Hyang Agung, nora pisah mring sarira tri, lumaku lenggah nendra, tan benggang sarambut, aja maneh kaya sira, nadyan kutu-kutu lan wong taga sami, rineksa Hyang Sumana.
– 15 –
Rehning ananira kang nganani, ananira saking nora nana, nanging ana kahanane, anane tanpa wujud, wujudira ingkang mujudi, duk sira durung ana, anane andhanu, yen sira ayun uninga, pasemone wujuding Hyang Maha Suci, tingkahe wong sembahyang.
– 16 –
Utamane wong urip puniki, nglakonane srengat Nabi kita, Salat Jakat wruh Islame, lan sarake Jeng Rasul, sira padha wajib nglakoni, lamun tan ngawruhana, dadi nora manut, wirayate Sri Narendra, lawan sapa kang arsa agawe napi, prayoga sembahyanga.
– 17 –
Kaping lima sadina sawengi, lan pantese sira ngilingana, marang uripira dhewe, takbir miwah yen sujud, wruha ingkang sujudi, yen sira wisuh toya, aja pijer wisuh, weruha kang jeneng toya, aja sira katungkul amuji dhikir, puji katur mring sapa.
– 18 –
Lawan sira aja gawe napi, ing unining kitap rasakena, aja pijer ngunekake, yen tan wruh rasanipun, tanpa gawe sira angaji, angur sira macaa, prenesan wong ayu, balik sira maca kitab, becik bisa lapal makna amuradi, kaping pat rasanira.
– 19 –
Nadyan lapalira sundul langit, yen tan bisa maknane punika, sanadyan bisa maknane, kapriye muradipun, nadyan sira bisa muradi, yen tan wruh rasanira, yekti nanjuk-nanjuk, lapal makna murad rasa, papat iku kasebut ing dalem dalil, pantoge aneng rasa.
– 20 –
Rasa iku kang luhur pribadi, nanging aja katungkul mring rasa, weruha kang ngrasakake, den bisa karya ukum, kukum iku kawan prakawis, sapisan hukum wenang, pindo wajibiku, kaping telu kukum ngadat, kaping pate kukum mokal iku kaki, tan kena piniliha.
– 21 –
Siya-siya lamun sira pilih, kukum papat pan wus darbekira, sira tan wruh pangukume, mangkene liring kukum, hukum wenang punika kaki, hiya Jeng Nabi kita, wakiling Hyang Agung, winenang ngaku Hyang Sukma, lan winenang murba misesa sakalir, gemah rusaking badan.
– 22 –
Kaping pindho ingkang hukum wajib, Nabi kita wajib ngawruhana, marang ingkang menangake, utawane aweruh, iya ingkang nebut Hyang Widhi, dene kang hukum ngadad, punika liripun, Nabi kita ngawruhana, mring adate Abubakar Ngumar Ngali, kapat Begendha Ngusman.
– 23 –
Iku lamun ora den kawruhi, sayektine ambubrah Sarengat, yen wus kawruhan kabeh, ya iku kang sinebut, ing jenenge weruh Jeng Nabi, dene kang hukum mokal, punika liripun, mokal telu yen owaha, upamane ilanga salah sawiji, jumeneng lawan apa.
– 24 –
Mula ana martabat premati, telung prakara kehing martabat, kukum telu kono nggone, hukum mokal puniku, mung kinarya mratandhani, patraping tri prakara, ywa kongsi kalimput, mangkono upamanira, nadyan silih jumenenge Sri Bupatri, kukum patang prakara.
– 25 –
Dununging hukum kawan prakawis, nora metu kang patang prakara, kukum kang wenang tablege, Ngalam Arwah puniku, wenang nganggo ala lan becik, kukum wajibing Alam, ijesam dumunung, kuwajiban tur uninga, pan sabarang Pangeran gone miyarsi, ing kono marganira.
– 26 –
Kukum ngadad ingkang andarbeni, mapan iya ana Ngalam Misal, ameruhana adate, sabarang kang dinulu, warna rupa reh kang dumadi, lamun ora weruha, tuna ing pandulu, kaping pate kukum mokal, dumununge aneng Ngalam Insan Kamil, kamil cahyaning Sukma.
– 27 –
Lawan mokal lamun den uripi, lawan mokal yen tan nguripana, mapanta ana tandhane, mungguh tininggaliku, badanira tan bisa mosik, mokal yen nguripana, Kiyageng Liptamsur, nyatane ana kang karya, sayektine Kamil iku akekasih, mokal yen sinetuwa.
– 28 –
Marang hukum sira aja pangling, sabab ana unine kang kitab, patang prakara cacahe, batal karam puniku, ingkang aran najis lan suci, sukur yen wus uninga, lamun durung weruh, takono para Ngulama, aja sira kalayu melu ngarani, den gambuh kawruhira.
PUPUH II
G A M B U H
– 01 –
Tegese karam iku, dudu wong kang mangan Celeng Bulus, nadyan Kurma Pitik Iwen Kebo Sapi, yen tansah pamanganipun, iku karam ingkang mangnon.
– 02 –
tegese batal iku, dudu wong kang sembahyang kapentut, Sembahyang yen durung wruh jroning batin, iku batal tegesipun, wis mupusa becik turon.
– 03 –
Maknane najis iku, dudu wong kang kagepok ing asu, nadyan sira kaki kawutahan warih, iku luwih najis agung, apa kang ginawe wisuh.
– 04 –
Iya wisuh banyu, aja banyu kang metu ing watu, nenuwuna mring malekat Jabarail, iku sira nggowa wisuh, sampurnane teka kono.
– 05 –
Lamun sira panguh, lan Malekat Jabrail tumurun, saratana busana kang sarwa langkung, patige toya lir ebun, iku banjur nggone wisuh.
– 06 –
Lamun sira wus wisuh, poma kang ngati-ati den emut, aja nganti kapecak ing banyu malih, manawa sira kajegur, kali banjir pasthi layon.
– 07 –
Pitutur kang satuhu, poma sira aywana katungkul, pakumpulan geguyon rahina wengi, jroning ngguyu dipun emut, den sukur marang Hyang Manon.
– 08 –
Guyu kang tan tuwajuh, iku ngedohake marang wahyu, basa wahyu nugraha kang Maha Suci, tumrap neng raga kang wujud, poma sira den waspaos.
– 09 –
Wruha kang tunggal wujud, anedya awidagda ing kalbu, aja bungah ginunggung marang sasami, wateke wong karem gunggung, maledhung saengga dheyot.
– 10 –
Apa lire maledhung, kayadene wong kang adol gendhung, nedheng padha jagongan sami lalinggih, tan wigih wus ngrasa unggul, tan wruh jugule angradon.
– 11 –
Dene kang padha gunggung, saking wegah mulat polahipun, tanrinasa panggunggunge mawa wadi, wadine wong akeh lumuh, pangrasane iku kawon.
– 12 –
Nuli agawe amuk, sila tumpang kandhane agupruk, tutur nempil anggepe weruh pribadi, sakeh ngelmu-ngelmu dudu, kawruh dhewe salah tonton.
– 13 –
Polahe nora patut, nusahake wong kang sandhing lungguh, wong mangkono tan pantes dipun cedhaki, becik singkirana iku, jer maido mring Hyang Manon.
– 14 –
Sandyan iku weruh, kena uga ingaranan durung, titikane aneng solah muna muni, angakuwa bisa mabur, yektine neng ngisor palon.
– 15 –
Lelabuhan ingkang wus, kanggo ing jaman kuna rumuhun, nora ana wong mangkana antuk Gaib, nanging ana pantesipun, wong mangkono jaga obrol.
– 16 –
Marma wong ngurip iku, den padha wruh marang ing panuju, ing tegese panuju kang wruh ing liring, yen tan enak rasanipun, ywa age-age linakon.
– 17 –
Manawa keneng siku, marang pawong sanak liyanipun, luwih abot tan nganggo sasami-sami, wong mangkono lamun lampus, pantes tinabela ing ron.
– 18 –
Puniku nyatanipun, wong kang kena dukaning Hyang Agung, cinemplungaken sajroning naraka agni, aja naraka ing besuk, iku naraka kang katon.
– 19 –
Polah kang nora patut, nora pantes lamun sira turut, nora wurung rusak awake pribadi, mulane wong urip iku, sabarang dipun was paos.
– 20 –
Polah kang nora jujur, iku wajib lamun sira singkur, ungkurena aywa kongsi bisa kawijil, ujubena kang tuwajuh, kang wajib weruh Hyang Manon.
– 21 –
Mula wong urip iku, den padha akarep marang ngelmu, ala becik ngelmu iku den kawruhi, karana atunggal wujud, mung kacek emel lan batos.
– 22 –
Dene ingkang wus weruh, datan arsa panggawe kang luput, sabab urip siji kanggo wong sabumi, tarlen andhap sarta luhur, kacek uga kang wus weruh.
– 23 –
Maknane kang wis weruh, kang andulu liya kang dinulu, upamane ron suruh amung sawiji, nadyan seje warnanipun, ginigit tunggal saraos.
– 24 –
Iku pralambangipun, kalamun sira arsa satuhu, tumameng nganeng madyanireng jaladri, apa kang katon sireku, wawasan ingkang sayektos.
– 25 –
Yen sira dulu alun, dudu iku ingkang sira dulu, becik uga ombaking ngalun pinikir, wong iku den kaya ngalun, gumulung tan pisah enggon.
– 26 –
Jembaring samodragung, tanpa tepi anglangut kadulu, suprandene maksih gung manungsa iki, alas jurang kali gunung, neng raganira wus katon.
– 27 –
Tana prabedanipun, jagad katon lan jagadireku, wus tinimbang jagad gedhe jagad cilik, suprandene wong puniku, sok sesak sasamining wong.
– 28 –
Apa margane iku, luwih abot tan bisa lumebu, sabab kebak kabebeg kaleban agni, singa mara pan katunu, luwih nistha wong mangkono.
– 29 –
Yen sira durung surup, tegese jagad cilik lan agung, jagad cilik jenenge manungsa iki, iya batinira iku, yen jagad gedhe Hyang Manon.
– 30 –
Manungsa kang wus putus, jagad gedhe cilik kawengku, njaba njero ngisor ndhuwur andarbeni, yen Maha Sih milaya iku, semang-semang mring Hyang Manon.
– 31 –
Mangkana kang wus putus, patraping wong kang anggilut mring ngelmu, iya patang prakara kang den rasani, winanuhken alanipun, kang becik kininra awon.
– 32 –
Yen sira apanuju, padon lan wong mondrosudibyanung, lan sang gyaning Ngatapa tuwin Maharsi, myang pawong sanak sadulur, kang kaprenah tuwa anom.
– 33 –
Kang wuswaspadeng semu, pituture rum ris rinangu, lir mangremih aruming rerasan ngelmi, pamipradonggo munyawus, kandhih dening ngesnya kang wong.
– 34 –
Dene kang padha ngrungu, kang wus karem rosing siji iku, kekes tyase rumasa luhira mijil, kemutan pratingkahipun, neng donya sok gawe awon.
– 35 –
Panggawe ala iku. Donya kerat yen ngati kapatuh, tangeh lamun nemuwa pitutur becik, mring Pengerane tan wanuh, tangeh weruha Hyang Manon.
– 36 –
Lali yen tunggal dhapur, pan kalingan mring ki tukang padu, pan katarik mring semang tukang manasi, rara melikan kang nuntun, nuduhken sang gawe awon.
– 37 –
Jaman mangkana iku, uga padha karsaning Hyang Agung, nanging dudu dedununge den lakoni, Hyang Sukma paring pituduh, nanging maksih salah dunong.
– 38 –
Ana dumukanipun, donya kerat iki tegesipun, wewalesan bae babo dipun eling, rehning wong ngurip puniku, tan wurung nemahi layon.
– 39 –
Ala becik puniku, apan iya metu sing sireki, anambaka alaning liyan sireki, balik alane wong ngelmu, tan metu saka ing kono.
– 40 –
Kapriye pratingkahmu, yen sira tinggal lakuning ngelmu, nora wurung kalurung gonira urip, sanadyan sira wus ngelmu, yen tan laku dadi awon.
– 41 –
Basa kang aran laku, dudu wong kang cegah mangan turu, pan wong cegah turu wateke yen lami, kancilen salin pandulu, tan wurung asalah tonoton.
– 42 –
Kang cegah mangan iku, lin Pandhita dahar kayu gapuk, apa sira milik dadi uler turi, suwargane dadi kupu, tan wurung binadhog bidho.
– 43 –
Dene kang cegah turu, dudu meleking netra satuhu, iya netra kang aneng telenging batin, iku melek sajegipun, prapteng sujalma yen layon.
– 44 –
Kang cegah dhahar iku, datan arsa panggawe kang rusuh, bab kang patang prakara dipun nastiti, tutupana kang barukut, ywa nganti bisa kawiyos.
PUPUH III
M I J I L
– 01 –
Kawedhara iku bilaheni, memurung lelakon, angrerusak sabarang panggawe, lir reksasa krura angajrihi, sabarang kaeksi, temah tan rinengu.
– 02 –
Poma kekeren dipun aremit, dunungna kang manggon, ywa sulaya priyen kawedhare, ujubena sariranireki, wayang aneng kelir, gyanira lumaku.
– 03 –
Lamun ana asikireng galih, kaki den was paos, obah osik ana kang agawe, iku sira ulatana kaki, dununge kang osik, dene bisa kapangguh.
– 04 –
Pralambange osikireng batin, yektine tanpa doh, lah badhenen tetulisan kiye, ingkang aran sah iku kang endi, ingkang ireng mangsi, kertas ingkang pingul.
– 05 –
Dene iya ingkang mengkoni, jro tulis kang katon, ulatana sapucuking epen, kang durung wruh wruhana lamun mangsi, kang uningeng gaib, gumawang andulu.
– 06 –
Nanging tanpa gatra tanpa warni, tan kenging ginepok, mung satengu binubut gedhere, suprandene bisa angebaki, warata sabumi, iya tanpa dunung.
– 07 –
Sayektine barang kang kaeksi, kono nggone manggon, ngalih enggon tan ana enggone, sakedhepan ngalih ping sakethi, tegese mung siji, apan iya iku.
– 08 –
Lan sing prapta kang siratingali, tan kakung tan wadon, aranana wanita yektine, baya wanita endah ing warni, yen sira arani, lanang yekti kakung.
– 09 –
Luwih guna lawan luwih sekti, kamantyan was paos, samubarang terang paninggale, nora kena kumleset wus uning, nadyan jroning batin, Hyang Sukma wus weruh.
– 10 –
Tanpa cidra dennya wruh ing batin, tan netya yen anon, tanpa karmaning pamiyarsane, tanpa grana mambu ganda sidik, lawan bisa angling, iya tanpa tutuk.
– 11 –
Kang den anggo wus aneng sireki, sira tan rumaos, pangrasamu darbekira dhewe, nora weruh kang sira ulati, siyang lawan ratri, jumeneng ngriku.
– 12 –
Yen tan lawan karsaning Hyang Widhi, obah osiking wong, kaya priye nggone matrapake, yekti kaya reca neng Wadari, pralambanging urip. Lir angganing prau.
– 13 –
Ingkang aneng tengahing jaladri, lalakone kono, prau iku sapa nglakokake, yekti saking karsaning Hyang Widhi, nadyan sikemudhi, pan manut ing banyu.
– 14 –
Pasthi kaya mangkono wong urip. Yen sira maido, nyatakena iya prau kuwe, entasana saking jroning warih, yekti nora mosik, mung kari nggalundhang.
– 15 –
Lamun sira anggeguru kaki, mawanga ponang wong, kang wus ana sairib liribe, piwulange kang ngampat mring Gaib, solah muna-muni, panengeran agung.
– 16 –
Mapan akeh ngelmune Hyang Widhi, tan kena den uwor, warna-warna manungsa kawruhe, upamane Sang Nata tinangkil, duk prapta ing kori, angungak andulu.
– 17 –
Mantri ingkang jaga aneng kori, tinarka Sang Katong, ajrih mulat sanget sumungkeme, weneh ana mulat mring Bupati, tinarka Sang Aji, sembahe sumrikut.
– 18 –
Wenenh ana mulat Ki Patih, ing ngayap ponang wong, ginarebeg sagung punggawane, panyanane Sang Sri Narapati, kang mangkana kaki, medem marang kawruh.
– 19 –
Kang ngulati marang Sri Bupati, wong jroning Kadhaton, dadak metu ngulati Ratune, nora weruh yen Sri Narapati, tunggal jroning puri, dheweke wus wanuh.
Artinya :
Yang menyaksikan kepada Sang Bupati, orang yang berada di dalam keraton, mereka keluar untuk menyaksikan Rajanya, tidak mengetahui di dalam puri itu juga, merakapun telah mengenalnya.
– 20 –
Pamangkana yen wong ngulah ngelmi, keh salah padudon, dudu padon dadakan dinaleh, nora weruh kang sira ulati, siyang lawan ratri, wus aneng sireku.
– 21 –
Satuhu kawruh kang sayekti, tan tinggal Hyang Manon, datan ana tilase uwangi, anglimputi ing reh kang dumadi, tan kena pinilih, ika iki iku.
– 22 –
Sabab lamun sira milih kaki, nora bisa dados, bali marang asalira dhewe, tilitinen den bisa kapanggih, poma sira kaki, ywa mutung ing kalbu.
– 23 –
Lan dununge kang kawan prakawis, takokna kang manggon, aja kongsi kaliru surupe, keh arane kang kawan prakawis, karana yen sisip pamurunging laku.
– 24 –
Ingkang abang upamane geni, murub angengobong, yen tan bisa kaki panyirepe, jagad iki sayekti kabesmi, Malekat Ngijroil, nunggil karsanipun.
– 25 –
Ingkang sidik iya aji kuning, kasengsem mring wadon, mamilikan ing kana margane, ambebawur ing cipta kang becik, Malekat Mikail, nunggil karsanipun.
– 26 –
Dene iya ati ingkang langking, santosa kinaot, mung ngrerusak sabarang panggawe, datan arsa panggawe kang becik, Malekat Jabrail, kang nunggal jumunung.
– 27 –
Dene iya ati ingkang putih, sayektine kinaot, ati jinem terang saciptane, kalestaren panggawe kang becik, Malekat Isropil, kang nunggal jumurung.
– 28 –-
Poma sagung anak putu mami, den samya rumaos, rubedeng tyas kawruh ana kabeh, datan liyan mung catur prakawis, poma den nastiti, ywana salah surup.
—————————————————————————————————————————–
Kapethik saking Serat Cipta Waskitho, Anggitanipun Ingkang Sinuhun Pakubuwona IV.
By Alang Alang Kumitir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar