SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 03 Maret 2013

SERAT JAYENG BAYA

Karangan R. Ng. Ronggawarsita.



السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Buku iki dikarang sepisanan nalika panjenengane isih pangkat mantri jajar (pangkat sing paling endhek ing kraton), durung dadi pujangga kraton Surakarta Hadiningrat.


Asmaradana

1.
Kidung kadresaning kapti,
yayah nglamong tanpa mangsa,
hingan silarja jatine,
satata samaptaptinya,
raket rakiting ruksa,
tahan tumaneming siku,
karasuk sakeh kesrakat.

(Tembang kanthi tumemene ati sanadyan kaya wong dleming tanpa wayah, nganti sayekti tata, tansah siyaga ing karep, ngadhepi karusakan, tahan marang sesiku, nampa barang kang kesrakat.)

2.
Kaenakaning ngaurip,
nora kaya blantik jaran,
bisa tegar esuk sore,
durung untung wis kepenak,
lamun ana bendara,
anon jaran kempitanku,
wangune rada karenan.

(Kepenake wong urip, ora kaya blantik jaran. Bisa tegar esuk sore, durung untung wis kepenak, yen ana bendara weruh jaran daganganku, sing ketoke rada seneng.)

3.
Banjur aku den timbali,
"Kakang, Kakang marenea",
jaranmu aku ceceg,
saurku gampang kewala,
"O, inggih kasinggihan,
awis wonten emperipun,
kuda kang kadi punika.

(Banjur ditimbali: "Kakang, aku cocog karo jaranmu". Wangsulanku gampang bae:"Inggih, Kasinggihan, manawi kapal ingkang kados punika wonten emperipun menawi awis.")

4.
Sawise den pariksani,
durung nganti takon rega,
banjur nganyang dumalodok,
limang atus bayar kontan,
den entol sawatara,
nora suwe mundhak satus,
tur iku nganggo nrerepa.

(Sawise dipriksani banjur nganyang sanajan durung takon rega. Limang atus bayar kontan, dientol sawetara, nora suwe diundhaki satus karo ngrerepa supaya diwenehake.)

5. 
Dasar wis oleh bathi,
temene rada kakehan,
sun -saosken penganyane,
tan asuwe bayar krompyang,
ganep nem atus pethak,
tanpa ceblek cengklong cundhuk,
iya wong bendara mbludag,

(Dhasare aku wis oleh bathi, satemene mono ya rada kakehan. Panganyange tak wenehake , ora suwe dibayar kontan, ganep 600 rupiah. Tanpa kalong sethithik bae. Pancene sing tuku bendara (bangsawan).

6. 
Banjur mulih anggawa dhuwit,
tetuku kang endah-endah,
kang larang-larang kang aneh,
tekan ngomah ropyan-ropyan,
ngundangi tangga cedhak,
banenku gar-ger gumuyu,
lir perkumpuling punggawa.

(Banjur mulih nggawa dhuwit. Tak tukokake barang-barang sing larang-larang, apik-apik, lan sing aneh-aneh kabeh tak tuku. Teka ngomah pesta nganggo ngundangi tangga cedhak. Swarane guyon ger-geran, kaya kumpulane para punggawa (pejabat pemerintah).

7. 
Amung melangku sathithik,
yen nuju oleh kempitan,
jaran bendana myang bandhol,
lagi kepenake nunggang,
kaget ana swara,
njondhil aku tibeng pungkur,
den-slenthik endhasku pecah.

(Mung kuwatirku, yen oleh dagangn jaran sing giras lan bandhol (bandhel). Lagi kepenake nunggang, jarane kaget ana swara. Jarane njondhil, aku tiba menyang buri, kaslenthik jaran endhasku pecah).

8.
Saliraku adus getih,
poloku mili mbelabar,
kang weruh ngrubung mung nonton,
ah wis moh belantik jaran,
jaragan raganingwang,
panegar dudu trahipun,
angur dadia niyaga.

(Awakku adus getih, poloku mili mblabar. Sing weruh padha nonton, ngrubung. Ah, aku wis emoh dadi blantik jaran, pancene aku dudu turune panegar. Angur (luwih becik ) dadi niyaga.)

9.
Lamun nuju sasi becik,
bancang-bancang sanak ngundang,
matang suku pamanjere,
yen wis tekaning semaya,
tekaku aneng papan,
den iring rehku gumrudug,
labete wong dadi ngarsa.


10.
Pinethuk kang duwe kardi,
sawise den suba-suba,
sakancaku wareg kabeh,
banjur manggon ing pagongan,
lungguhku aneng ngarsa,
natap gendhing kalaganjur,
gumer gumuruh angangkang.


11.
Nuli gendhing gedhe muni,
manira angasta rebab,
pacakku amenglang-mengleng,
menga-mengo sarwi warah,
lelagone bremara,
angler runtut pangrebabku,
tan garantes lir garantang.


12.
Sagunging para priyayi,
yayah kerut ing pangraras,
obah kabeh sarandhune,
ana kang nggeterken asta,
tanapi molah jangga,
janggilengan monthak-manthuk,
munthukku ora karuwan.


13.
Meh tanpa meneng samenit,
muni maneh wis karenan,
karana sagung suguhe,
tan ana kang kuciwa,
tukon tike katekan,
tekan sajen sajeng sindur,
tebok tampah tumpa-tumpa.


14.
Sabubare banjur mulih,
bareng bari ronggengira,
ngiras main karo ngombe,
ngumbar swara turut marga,
lakuku geluyuran,
anggepku kaya kumendhur,
mung kacek tan nganggo srempang.


15.
Atiku seneng kepati,
bisa main tanpa beya,
biyen-biyen mbok mangkene,
awakku uwis kepenak,
pan ora kedhungsangan,
tur tinut sakeh kancaku,
prasasat wis meh madana.


16.
Nanging melangku sathithik,
yen nuju kanggo nayuban,
nabuhi priyayi akeh,
ga ana sawiji ingkang,
mbeksa mundhut gendhingan,
kang arang kanggo ing tayub,
aku rada palingukan,


17.
Dhedhasare aku iki,
kabeh gendhing durung bisa,
banjur disawat hergelek,
mak pres bathukku kang kena,
beling tumancep mata,
sapandhapa hoter umyung,
mung muni : niyaga edan.


18.
Ah wis nora kudu dadi,
niyaga lamun kaetang,
untunge mung nistha bae,
dhuwite cukup sapitrah,
yen marengi cilaka,
bathine bathukku buncur,
mata picak mek-emekan.


Tegese tembung :
lamun = yen, apabila.
bancang-bancang = gage-gage , cepat-cepat.
matang suku = 4 suku. 1 suku = 0,5 rupiyah.
pamanjere = porsekot.
semaya = janji.
rehku = andhahanku, bawahanku, anggotaku.
labet = jalaran, karena.
ngarsa = ngarep, ngayun, panggedhe, pemimpin.
kardi = karya, gawe, hajat.
den suba-suba = disuguhi, dikurmati, dihormati, dijamu.
pagongan = panggonan gong, tempat gamelan.
natap gendhing = nuthuk gendhing, memainkan lagu.
kalaganjur = jenenge gendhing, nama gendhing.
gumuruh = rame, gemuruh.
angangkang = ngumandhang, menggema.
manira = aku, kula, ulun, ingsun, ingong, ingwang, saya.
pacakku = gayaku.
sarwi = sarwa, karo, sambil.
bremara = kombang, ngumandhang.
garantes= sedhih, memilukan hati.
priyayi = para yayi (adhik raja), kerabat ratu, bangsawan.
yayah = kaya, kadya, lir, pendah, pindha, seperti.
pangraras = nglaras, ngematake, menikmati.
sarandhune = sakojur, seluruh tubuh.
tanapi = ora keri, lan, dan, selalu.
jangga = gulu, leher.
janggilengan = njinggleng, memperhatikan.
munthukku = bombongku, rasa bangga saya.
karenan = kalegan, kasenengan, puas.
karana = jalaran.
tike = rokok.
sajeng = inuman keras, tuak.
sindur = kain.
tebok = tampah cilik.
tampah = wadhah sing digawe saka nam-naman pring wangune bunder.
tumpa-tumpa = tumpuk-tumpuk, bola-bali, ambal-ambalan, berulang-ulang.
bari = barek (Sby), karo.
ronggengira = tandhake, tledheke, sing njoged, penari.
ngiras = njajan ing warung(restoran).
marga = dalan, jalan.
kumendhur = komandan, commander.
seneng kepati = seneng banget.
tinut = tut + in = ditut, diikuti.
madana = kaya wedana. wedana = pangkat sandhuwure camat.
melang = kuwatir.
mbeksa = njoged, menari.
hergelek = botol wadhah inuman.
umyung = rame, horeg, geger.
sapitrah = beras 2 (rong) beruk, 2,5 kilogram.
buncur = bocor.

19.
Baya ijih enak dadi,
topeng tanggon tetanggapan,
angreceh carut cangkeme,
dhasar jogetku wis kondhang,
kalamun dadi klana,
yen kang seneng padha kenyut,
nyatane asung meruba.

(Isih luwih enak dadi topeng sing kondhang. Mangan enak ora ana lerene.Dhasare aku wis kondhang yen njoged klana. Sing seneng padha katut, nyatane dheweke menehi persen)

20.
Rupa dandanan adi-adi,
terkadang tur-atur arta,
kecukup sakala bae,
mulih nopeng katon kapang,
pra bedhang padha ngadhang,
kang akeh mung bangsa bakul,
bakune kang baresetan.

(Arupa dandanan kang endah-endah, terkadhang sok menehi dhuwit sing cukup sanalika iku uga, mulih saka tanggapan, para bedhang wis padha ngadhang. Ning akeh-akehe para bakul. Pokoke seneng dandan).

21.
Prapteng panti durung nganti,
nggaleyeh banjur binayang,
kumroyok rebut pijete,
tan nganggo gigu reh agal,
anggepku lir kaunggar,
sengga anggoning aluhung,
nanging kang dadi sumelang

(Durung nganti tekan omah, leyehan banjur didabyang, kabeh rebutan arep mijeti, wis ora nganggo gigu. Aku rumangsa diuja, kaya-kaya dadi panggedhe. Nanging sing dadi sumelangku ...)

22. 
Saupama aku lagi,
dadi Klana Sewandana,
duk kirab gendhinge gebyog,
jogedku ajanggilengan,
galak ulat njalalat,
siyut prog tibaning kepruk,
topengku angemprak-emprak.

( Saupamene aku lagi dadi Klana Sewandana, nalika njogedi gendhing, praenku (ulat) galak,jlalatan mata tajem. Dumadakan dikepruk wong, topengku ajur sawalang-walang)

23.
Prapteng rai rahku mili,
lir lilin lembau abang,
bengep praenku kabeh,
iba ta wirangku mana,
bareng ingsun waspada,
yen parang rusak anganjur,
ngunyeri mata astanya.

(Getihku mili neng rai, kaya lilin lembau abang, raiku bengep kabeh. Mendah isinku. Bareng takwaspadakake ana priyayi luhur jumeneng. Astane nudingi mripat).


26.
Salin bae enak dadi, 
dhedhalange wayang purwa,
pacake rada mandhireng,
dhiriku oleh panguja,
uger uwis kaojat,
yen Jayengbaya pinunjul,
tutuking carita purwa.


27.
Nanging ewuhku sathithik,
melange wong dadi dhalang,
upama nuju capgomeh,
ditanggap aneng Pacinan,
aku lagi karipan,
pamayangku karo ngantuk,
kang nonton tan pati rena.


28.
Dhasar ndugal imbuh baring,
kelirku binalang tinja,
nyiprati mring rai kabeh,
daya tai enaka,
patute tai lara,
katara atungtung wengur,
isinku ora karuwan,


29.
Nora sotah nora sotir,
kapengin drajating dhalang,
tur durung ana luwange,
wong oleh pangkat pratiwa,
katrima nggone ndhalang,
dadi botoh bae ingsun,
sok tanpa sepen pawitan.

30.
Belayangan saben ari,
nora mikir marang rupa,
yen kober mung raup bae,
lan nora ngadi busana,
uger ganep kewala,
gothanga meksa kapuwung,
yen uga kepering nggennya.

Tegse tembung :
ngadi busana = dandan.
uger = angger, pokoke
kewala = bae, wae
kapuwung= kena-kena bae, lothung, lowung
kepering = kiwa, ora adakan, dudu panggonan rame.

31.
kaya ta timang myang keris,
nora dadi saru apa,
anggere wis pawitane,
sarate gampang kewala,
mung ngawasi wetara,
lire yen awangun kojur,
ngundur-undur sukur mijan,

Tegese tembung:
myang = miwah, lan
ngawasi wetara = ndeleng sangat, wektu.
lire = tegese
awangun kojur = kira-kira arep kojur, sial
mijan = menang.

32.
Yen wangune oleh titih,
ingsun sengkruke kewala,
yen mangkono panganggone,
kaya nora kena mlarat,
tan nganti nandhang utang,
untung bae etangipun,
ngimpun duweke wong liya.

Tegese tembung :
wangune = ketoke.
titih = mujur.
kewala = bae.

(Yen ketoke nasib lagi mujur, tak temeni anggonku lungguh. Yen kaya mengkono kaya-kaya ora bakal mlarat.Ora nganti nandhang utang. Etungane tansah untung, ngumpulake donyane wong liya).

33.
Menang dhuwit seneng ati,
banjur bae ngumbar suka,
jajan juwadah karo ndhog,
anggegotho iwak limpa,
tansah prentah nganggo pah,
pan mangkono watakipun,
botoh yen menang dolanan.

Tegese tembung :
anggegotho = mangan akeh.
pah = opah.
pan = kaya

(Yen menang atine seneng. Banjur ngumbar kasenengan. Jajan juwadah, endhog, iwak limpa. Yen prentah mesthi menehi opah. Pancen kaya mangkono iku watake botoh yen lagi menang).

34.
Sakkal kono menang ati,
kabeh kang padha kayoman,
muni rempeg yen budi ber,
iku kang dadi tyas ingwang,
nanging wadane ana,
botoh yen pinuju kabutuh,
betah dadi budi harda.



Tegese tembung:
sakkal = sanalika.
rempeg = racak, akeh lan bareng.
budi ber = ber budi, becik atine (tindake)
tyas = ati.
wada = cacad, ciri.
harda = nepsu, karep, culika (?)

(Sanalika rumangsa bombong, kabeh sing padha dak ayomi, padha kandha yen aku nduweni tindak utwa ati kang becik. Nanging ana cacade, botoh yang lagi butuh, sok gelem laku culika.)

35.
Utang silih tanpa ulih,
tinagih adol gemblengan,
nggege gugatan den age,
lo, kuwi alanira,
luwih maneh manawa,
kekrepen kalah mbalubut,
gelem anggadhung lan culika

Tegese tembung:
adol gemblengan = nuduhake kasektene.
tinagih = tagih + in = ditagih.
nggege gugatan = nantang prekara (?)
mbalubut = ora duwe isin.
anggadhung = ngapusi, curang (?)
culika = kianat, tindak sing ora bener.

(Utang selang wis ora nate mbalekake. Yen ditagih ngajak tukaran, mamerake kadigdayane. Nantang-nantang ngajak padu. Ngono kuwi alane dadai botoh. Luwih-luwih kekerepen kalah, sok gelem ngapusi lan main ora bener (curang)).

36.
Lirira bisa mbesiwit,
ing kono konangan ingwang,
mungsuhku bareng adege,
rebut gebug tabok tendhang,
tan nganggo pilih papan,
satibane janji ajur,
sakojur tur dinedhelan.

Tegese tembung :
mbesiwit = nakalan, bricik.
ingwang = ingong, ingsun, aku.

(Tegese, bareng aku nakalan konangan mungsuhku, banjur ngadeg kabeh, padha gebhug-gebugan, tendhang-tinendhang ora nganggo pilih-pilih papan, satiba malange pokoke ajur. Awak sakojur dhedhel dhuwel).

37.
Tan ana ngeman sawiji,
kajaba mung lega lila,
ngantia sing rojah-rajeh,
sung kurmat maneh gelema,
mring wong laku culika,
malah teka-teka mbubuh,
apese sung ujar ala.


Tegse tembung:
mbubuh = nambahi.
sung = asung, aweh.

(Ora ana sing padha ngeman, saliyane lega lila, arepa nganti ajur. Menehi kurmat maneh gelema marang wong kang laku culika. Yen ana wong teka, malah nambah-nambahi, apese aweh tembung ala).

38.
Wis nora sida preduli,
dadi botoh yen kaetang,
sayekti akeh alane,
saking tan kena ingaran,
wong golek sandhang pangan,
baya enak adol apyun,
tembunge yen sekolehan.

Tegese tembung:
sayekti = temen
apyun = candu, narkoba.
sekolehan = oleh asil.

(Wis ora sida bae, dadi botoh iku yen dietungake satemene akeh alane. Saking kena diarani wong golek sandhang pangan, iku luwih enak dadol candu diaranana yen bisa kasil).


39.
Sing wis-uwis gelis sugih,
sengga balorong balaka,
tan susah mring gunung Creme,
janji lumrah marang tangga,
ngagungaken welasan,
kaya nora kongsi ingsun,
kaonangan mata pita.

40.
Melangku yen ora waris,
wurukan sabeng kunjara,
saengga giliran giliran bae,
wayuh omah aranira,
sesasi aneng wisma,
rong sasi mekuwon trungku,
kok sungkan lamun mengkana.

41.
Kenaa nas nas lan tinampik,
aran wong anambut karya,
yen tembung nora sekoleh,
tan trima tuna kewala,
tombok wirang sangsara,
ben-aben tambah mring laut,
kadohen kadang kadean.

Katrangan Tembung :

kaetang = kaetung, dietung, diwilang.
sayekti = temen
apyun = candu kang durung dimangsak.
baya = I (kn) arane kewan rumangkang bangsane mimir (mimir = bangsane baya cilik). Ketiban tai baya = kena ing pandakwa. Kinepung wakul binaya mangap (basa rinengga) = dikepung mungsuh. II. Baya (kn) = 1. Apa iya ...., ayake ....., upamane : baya wis karsaning Pangeran = ayake wis karsaning Pangeran. 2. apa, sapa, ngendi baya = lah gek apa, sapa, ngendi. Baya kepriye = lah gek kepriye. III. Baya (krama wenang) = wedi, mutawatiri. Bebaya (kn) = pakewuh, kacilakan. Sabaya pati (basa rinengga) = rukun nganti tekan ing mati pisan. Kebaya-baya (basa rinengga)= tansah nadhang cilaka. IV. Baya (kw) = janji (ubaya). 
sekolehan = untung, mujur.
sengga = saengga, kaya
balorong = 1. Lorek ireng putih 2. Nyai Blorong (dongeng) = makhluk gaib sing bisa ndadekake sugih.
balaka = blaka (kn), 1. waleh, kandha ing sabenere; 2. wantah, ora nganggo apa-apa. 
kongsi = 1. nganti; 2. pakumpulan dagang lumrahe bangsa Cina
mata pita = pulisi sandi, intelijen.
melang = sumelang, kuwatir.
waris (warisan) = yen nindakake pegaweyan lsp. tansah sempulur lan slamet. Ndugal kewarisan = senadyan nindakake sing ora becik, ewadene tansah kebeneran.
waris (Arab) = 1. wong sing wenang nampani tinggalane wong sing ajal ; 2. anak sing wenang nggenteni pangkate bapakne.
warisan = barang-barang tinggalane wong ajal.
wuruk (kn) = 1. tukang nglakokake kreta utawa grobag;
wuruk (kw) = 1. kreta ; 2. pedhet.
wuruk (kn) = piwulang, pitutur
wurukan = 1. wulangan; 2. tledhek blajaran.
wuruk sudi gawe (kn) = gawe geger.
sabeng = saba + ing.
wayuh (kn) = duwe bojo (entar : guru, pegaweyan) luwih saka siji.
mekuwon = manggon ing; masanggrah.
trungku = kunjara
nas = 1. ora sida laku; 2. wis dianggep kalah (marga nrajang wewatoning dolanan lsp).
nas (kn) = tetembungan ing kitab.
ben-aben = 1. saben; 2. kerep.
kadang kadean = sanak sedulur.
wirang = isin.

42.
Angur trima dadi greji, 
jujugan ginawe blanja, 
janji temen ubayane, 
baya nora nganti telat, 
lumintu sanak nyambat, 
wuwuh yen ana begjaku, 
mbedhahi oleh turahan. 

43.
Sinambung – sambunga pasthi, 
dadi panganggo prayoga, 
mbuh sabuk kotang myang epek, 
apese kanthong lan kopyah, 
suwek-suwekanira, 
ginanthet akanthi patut, 
dadya ran Antakusuma.

44.
Kaya-kaya ora nganti, 
rekasa yen mung kinarya, 
mangan sega jangan bae, 
anane si ora lana,
 ubayane mbalenja, 
bejane kakehan saguh, 
sok uga age sidaa.

45.
Agap-gapan kudu nampi, 
opahan wasana cidra, 
dadi sok mati pangane, 
nganiaya badanira, 
trekadhang nora trima, 
mung mati bae panganku, 
yen nuju wong angresaya.

46.
Ndondomi klambi raryalit, 
saguh ndadekake bakda, 
prapteng don cidra dadine, 
ing kono kang duwe anak, 
mara muring maringwang, 
ngerawus anguwus-uwus, 
nguwosken greji bajingan.

47.
Begja yen tinempiling, 
beteke wong anak-anak, 
yun nyawang wasana mleset, 
ingsun arsa mangsulana, 
teka tanpa upaya, 
saking wus rumasa luput, 
dadi manggung palengosan.

48.
Mulane sun ora sudi, 
dadi greji kojat nistha, 
bener kuna pocapane, 
sagung wong kang bangsa kriya, 
dadi luhur tan bisa, 
saking remeh melikipun, 
myang adoh ing pamicara.


Tegese tembung :

angur = luwih becik, luwih prayoga
greji = tukang ndondomi klambi, tukang jahit.
jujugan = 1. papan sing dijujug; 2. adhakan, gampang ketemu.
ubaya = janji
baya (krama ngoko) = arane kewan rumangkang bangsane mimir.
baya (krama ngoko) = 1. apa iya ......, ayake ....., upamane : baya wis karsaning pangeran
baya (kawi) = 1. wedi, mutawatiri; 2. pakewuh, kacilakan (kang bakal klakon)
baya (kawi) = janji, ubaya.
lumintu = lumintir, tanpa kendhat, ajeg.
sambat = 1. njaluk tulung; 2. ngesah dening krasa lara
prayoga = becik, pantes.
myang (kawi)= karo, lan.
epek = 1. sabuk kang digawe bludru, wlulang lsp. diubedake ing sajabane setagen.
ginanthet =ganthet + sesesaln in = diganthet, digandheng.
akanthi = nganggo kanthi, karo (dengan, bi)
antakusuma = kotange antareja.
kinarya = karya + in = digawe.
lana = lestari, ora owah gingsir.
mbalenja = ora nuhoni anggone semayan.
age = enggal, rikat
agap-gapan = gas-gasan , sarwa kesusu
cidra (sangsk.)= 1. ora setya, ora nuhoni janji; 2. pangapus , krenah, pitenah.
nganiaya = milara kanthi siya, tumindak sawiyah-wiyah.
angresaya = njaluk tulung
raryalit = rare + alit = bocah cilik.
bakda = lebar, lebaran, riyaya
prapteng = prapta ing = teka ing
don = 1. enggon, papan ; 2. tuju, kang diener
anguwus-uwus =nyrengeni
nguwus = kandha , omong
nguwoske = ngomongake, ngandhakake
ora sudi = suthik, emoh.
kojat = kondhang, misuwur
kriya = tukang
tembung kriya = tembung kang mratelakake solah (tandang)
remeh = sepele, tanpa aji.


Dalem ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak Sugeng Kariyodiharjo ingkang minangka rujukan anggen kawula posting seratan punika, Mugi seratan punika wonten mumpangatipun dateng diri kula pribadi minggahipun dhumateng para sedherek sedaya ingkang kersa mampir wonten blog kawula,

Nuwun

2 komentar:

Pakdhe Poed mengatakan...

Matur nuwun nambahi seserepan.

Jaka Lelana mengatakan...

Dhawah sami sami Pakdhe, dalem ugi ngaturaken agunging panuwun dene pakdhe kersa pinarak wonten blog kawula,