SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Kamis, 17 Oktober 2013

Suluk Seh Hamongraga

Anggitanipun abdi-dalem Mas Ronggasutrasna,
Seh Mongraga : mulang mring Ragasmara; sekar Dhangdhang-gendhis : 2 pada; nyandhak sekar Mijil : 104 pada; nyandhak sekar Gambuh : 15 pada; nyandhak sekar Kinanthi : 10 pada. 
DHANDHANGGULA

  1. Seh Mongraga angandika aris, kae wasi ngong tanya mring rika, mungguh panglepasaning reh, kang muhung mring mahagung, wasisthane / pratistheng westhi, astha-gina ginagap, panganggep ing kalbu, budi wadine wong buda, kabudayan kang patitis ing panitis, tusthaning kawaskithan.
  2. Kang kinontha kanthining ngaurip, ayun sumurup ing kadadeyan, jarwaa kajatehane, gineng-gineng ing gunung, dunungena ywan nuskma jati, ki wasi Ragasmara, tyasira katuju, ing semu pan wus karasa, medhar jarwa ki ajar ing Pringgadani, mijilken sabda tama.
M I J I L

  1. Datan wangwang denira anjarwi, tatasing wiraos, wasu Ragasmara lon delinge, yen paduka tanya ngudi-udi, pakem ing maharsi, kang sampun linuhung.
  2. Kang ginulang jatining aguling, anggagregrit totor, kang pinusthi angusti papasthen, kamulyane ing dalem sawiji, neng sajroning pati, patitising kalbu.
  3. Kang tan nilib ngariloka benjing, wor jawata manggon, tunggal laku tunggal panuksmane, tunggal paribawa lan dewadi, kang dadya cakraning, gilingan lumintu.
  4. Ing dlahan ing marcapadeki, pamilih ing enggon, ing bantala ngakasa tan pae, ingkang boten inang panuksmaning, Hyang Suman manja/nmi, manitis ing ratu.
  5. Mila ratu puniku linuwih, punjul sakyeh ing wong, lawan jiwa jawata wentehe, jawata pan atmaning maharsi, wiwinih baresih, sukere wus tunu.
  6. Suksmaning resi dadya badan ing, ratu kang kinaot, suksmaning ratu Hyang Soman mene, Narayana ya Hyang Wisnumurti, janarjana nitis, sup mapulung-pulung.
  7. Maring ratu dadya nugrahaning, jawata winongwong, Hyang Manon mring ratu panjanmane, ratu ingkang wus badan suksmarsi, langgeng salamining, saturut kadyeku.
  8. Wus lir satu lan rimbagan neki, resi lan Hyang Manon, tan lyan maring ratu panuksmane, mila maharsi anggentur tapi, mumuja semadi, benjang mukswanipun.
  9. Supaya tan nilib ing panitis, tegese mring katong, andhingini dwija panusupe, jawata-di anitik maharsi, maharsi anitis, panuksmaning ratu.
  10. Yen resi tan waged neng narpati, luputing panggayoh, Hyang Manon tan arsa nuksma dhewe, yen tan lawan lambaran maharsi, kaliye tan dadi, nuksmane mring ratu.
  11. Marma gentur asemadi ening, pan tan kenging bingkong, ing panekung jinungkung pujane, datan bunar angener narpati, ing pati patitis, pani/tising ratu.
  12. Dadya tan kena ing-aran mati, kewala ngalih gon, mila aran kedhaton swamine, lawan wana wulusan kang wingit, tan kenging ginampil, janma mring kedhatun.
  13. Iya kang wus winenang nerpati, ngambah ing kadhaton, sami lan ngambah wana wukire, katone maharsi ing wukir, wukir sup anitis, kadhatoning ratu.
  14. Dening panitis isining wukir, angkane kimawon, ingkang nuksma mring kadhaton rajeng, saisining nagri sining wukir, tan ana anilib, sadaya mariku.
  15. Kerut marang panuksmaning resi, tan talangke mawor, manon manoning lebak pundhunge, mangsuk dadya kagungan narpati, ayawaning maharsi, dadya badan ratu.
  16. Sapunika gegethekan neki, kang pra gentur totor, tan telangke nalimpang pahume, Seh Mongraga mesem ngandika ris, yen mengkono ugi, kawruhe wong gunung.
  17. Lewih dening rekasa binudi, wekasane dhompo, tan maoni ingsun saking kehe, kawulaning Hyang kang maha suci, asnapun mawarni, titah ing Hyang Agung.
  18. Nora kaya agama Jeng Nabi, dutaning Hyang Manon, nucekake rahmating kapaten, Nabi Mukkamad Rasullulahi, tan mawi mimilah, / wus papancen sinung.
  19. Ing ganjaran nut ahli tinapsir, kang entheng kang abot, nora kena selak nampik nileh, ingkang kedhik akeh aneng ngadil, kang akeh doseki, ageng siksanipun.
  20. Kang abecik geng ganjaraneki, aneng swarga manggon, tanpa kira-kira tanpa tondhe, nugrahaning pitung dunya iki, maksih lewih ngakir, kang sinung swarga gung.
  21. Nikmat bae langgeng ing kamuktin, tan kacangkol-cangkol, tan rekasa salawas-lawase, luput suker luput ing sak-serik, barang kang kaeksi, tan ana kang saru.
  22. Kang kapyarsa alirih dumeling, tan balebeg rungon, kang binukti tan ana pahite, kang ginonda tan ana mis bacin, keh rasa tan risi, tan kapalang kayun.
  23. Wareg bae salaminireki, nir tan walang-atos, yen wus luhung amal jariyahe, kaote lan wong ahli ing ardi, menggilingan nitis, susah nusup-nusup.
  24. Yen mungguha ngilmu sarak nabi, ambek kang mengkono, lewih dening sasar pangidhepe, owel tapanira ingkang uwis, mungguha kaywaking, mung kari anunu.
  25. Iba-iba wruha pangeran ing, kang amurbeng tuwoh, baya-baya lewih utamane, kawruhira iku ki wawasi, lamu/n sisip sembir, mati kaping pitu.
  26. Krana ngilmu ajar sun kawruhi, kamuksan prapteng don, kaya nora kalempit ngong reke, ingkang dadi ugering kadadin, duk lagi angikis, ing panggenturipun.
  27. Cabar tiwas bener lawan sisip, aneng gentur kono, nora kena bengkung salilabe, jroning gentur amusthi sawiji, lir uler upami, lagya ambubuntu.
  28. Ungkerira pinepet apipit, angin tan marojol, sangking sanget si uler sedyane, bosen dadi uler ambek pati, kepati kapengin, salin dadya kupu.
  29. Pan anyuthel manganyuthel budi, anyuthel lelakon, dadya mungker si uler nalare, nora mingser ngenirken sakalir, lagya madya sasi, gotra dadya enthung.
  30. Prapteng ing satengah sasi malih, pendhak sasi dados, uler mijil saking panganthunge, pepek busana sungut lar neki, ambabar wus dadi, kukupu abagus.
  31. Yen tan rapet pamepetireki, ungkere sumrowong, tanpa dadi uler pangenthunge, sabab maksih kapanjingan angin, temah kanin posit, nora dadi kupu.
  32. Kaya mengkono uga reswardi, tan beda la/n gendhon, yen ta luput iku panggenture, yen tan sura legawa ing pati, athuk uler becik, bisa dadi kupu.
  33. Lamun ijeh jajar anjejerih, nora wani obong, ajar nora manjing ajur ajer, tan mituhu ujaring kajatin, jatining panitis, netesing panggayuh.
  34. Ingkang lumrah pra ajar ing ardi, dennya samya obong, sauwise pandhem pangobonge, amemekas duk maksiye urip, yen benjang sun mati, tununen ragengsun.
  35. Sapatining geni awuneki, titikening kono, yen awu iku ana tapake, tapak bayi karepe mring ngendi, yeku pesthi mami, manitis ing ratu.
  36. Lamun tapak janma iku mami, ing panitis ing ngong, maring patih mantri ber-abere, dene liya tapak janmi, tapak sato peksi, tununen den-gupuh.
  37. Lamun meksihnya tununen malih, ping pitu angobong, yen tan ilang ya uwis pesthine, ulatana yen sira sedyapti, nut tapak kang keksi, tondha panuksmengsun.
  38. Ya mengkono punapi tan sisip, kang kadya linging ngong, lya wasi Ragasmara sumeh, matur inggih swestu / yen kadyeki, sarywa ngling jro ngati, aedi wong iku.
  39. Surup tapa sabasaning ardi, anjantur lelakon, sasuwene sajor tan aceweng, Ragasmara owah dennya linggih, marepeh semu jrih, pagutan pandulu.
  40. Nundha atur mring Seh Amongragi, kang mugi sang anom, kula nuwun lajengipun maleh, supaya trang tyas kawula myarsi, Seh Mongraga angling, ujar kang puniku.
  41. Pratingkahe kang samya ambesmi, kaliru le obong, tuna dungkap jenggan panitise, nora antuk pangubaya yekti, karahayon pesthi, tuwas dadi awu.
  42. Atma sasar wiwinih anisir, sire tiba asor, apan luput saking pangobonge, atma dadi wuta nora titis, tapak malah malih, tan kena binestu.
  43. Pratandhane tan bener kaeksi, yektine kablosok, kekanhangan iku ing tiwase, nandhang mati kaping pitu pasthi, rekasaning pati, temah bliwar-bliwur.
  44. Yen wus mati kaping pitu nuli, nitismaring nguwong, wong ing gunung tapa maneh, anggegentur pratingkah ing nguni, dene sun angling, pati kae amu.
  45. Rupaning pati pipitu iki, dadi kewan sato, peksi anuli dadi sakehe, laler rupa yen myang resresing bumi, salin rupa yen wis, jangkep kaping pitu.
  46. Yeku cakraning gilingan pati, pati kang mangkono, kongsi prapteng salawas-lawase, lamun tan kabeneran ing pati, mubeng bola-bali, kadya ika mau.
  47. Ana ingkang manggilingan becik, manggilingan awon, nora kena binestu becike, krana sangking abote cinangking, wekas anglakoni, ras -arasen nyangkul.
  48. Wus mangkono prabawaning becik, sru saguhe linyok, kaya iya-iyaa niyate, nuli mangkene bae ya uwis, arang kang nuhoni, mila sasar susur.
  49. Beda lan kang maharsi linewih, tan ana pakewoh, ambek sura legaweng patine, pangugere anggentur pangeksi, waskitha ring pesthi, tan inang sarambut.
  50. Yen wus mathuk ing dina sawiji, tahen gya tinotor, pa/maoman gentha myang kekeleng, puthut manguyu gocara cantrik, endhang endhang angendhangi, rabuk ratus arum.
  51. Wus rinukti sakeh cantrik cantrik, parantine obong, sarta samya angastuti kabeh, ramya santi thiri-thiri gutthi, hong ilaheng ahing, hem hem pahum pahum.
  52. Sedheng andadi urubing geni, akantar kang totor, nir kang kukus urube anungge, sang maharsi nulya marepeki, mring agni semadi, ngeningken pandulu.
  53. Tan antara ana kang kaeksi, neng sajroning totor, janma cahya amor lan urube, kawistara narpati madhiri, neng sajroning geni, sakaprabonipun.
  54. Keksi wantah lir prabu tinangkil, maharsi duk anon, ingkang dadya delinge ciptane, tan talangke lumakseneng agni, murub anguladi, angganya maha puywa.
  55. Iku gyaning panuksmani maring, ratu kang kinaot, wus pancaka tan ana labete, nora nganggo tapak kang tinitis, sanalika wus nir, sampurna ing ngriku.
  56. Nora kumalendhang wus anunggil, panuksmaning / katong, nora samar panitise, maring ratu kang minulyeng bumi, maniking rat yakti, panjenengan ratu.
  57. Kang mangkono maharsi sejati, wasis mring tumuwoh, wasi Ragasmara nalikane, myarsa sabdane Seh Amongragi, gigal tyasireki, kaluhuran wuwus.
  58. Ngunadika jroning tyas ki wasi, sayekti kinaot, kaya trahe maharsi kang gedhe, tatas maring sabda geneng nenggih, sun durung miarsi, kawruh kang linuhung.
  59. Sira wasi Ragasmara aglis, linggihye malorot, tunggil lungguh lan Jamal Jamile, saha sembah atur pati urip, panggusthining kapti, mring Seh Amongluhung.
  60. Aturira sarwi ngasih-asih, dhuhgiyungan ing ngong, mulyakena jiwangga ing mangke, sumanggeng karsa tuwan asung sih, ing wong kawlas-asih, tumutur sakayun.
  61. Kawula nut reh paduka yekti, sumarah kemawon, anetepna amecap ta dene, pan kawula darmi anglampahi, ingkang mugi-mugi, sungana pituduh.
  62. Seh Mongraga me/sem lingira ris, mring ki wasi alon, yen mengkono karepira kuwe, asalina ing agama suci, sarengat ing nabi, duta kang linuhung.
  63. Anebuta ya kalimah kalih, ki wasi wus sagoh, gya winuruk agama Islame, wus mangkana Islam ki wawasi, sang Seh Amongragi, langkung wlas andulu.
  64. Dangu aneng prabakesa linggih, akaroron raos, Ragasmara aris ing ature, mring sang adi mudha Amongragi, masalah ing ngilmi, tur sembah sumungku.
  65. Ya tuwan-ku sung ngutameng lir ning, tulunga sih mring ngong, kang pun endi marga sajatine, mangke nguni panggawe kang lewih, aywa tanpa gati, amba nuwun sinung.
  66. Tuduhena ingkang sajati-jati, ring pangulah ing don, supaya tan kongsi tanpa gawe, lampah kang u[ta]ma tameng ngurip, kranane pun endi, sampurna eng tuwuh.
  67. Dan lingira ki Seh Mongraga ris, yen sira yun mangko, uninga eng marga sajatine, patekena sariranireki, yekti manggih urip, lamun bisa lampus.
  68. De kang / aran pati iku yayi, anor ing Hyang Manon, anoring kang samekta samine, kang nor bukti kang nor maring jati, kang noring sasami, kang nor nginum turu.
  69. Kang nor maring rajah tamah tuwin, noring luba mumoh, yeku pati jroning ngurip reke, badan budi mring ngawak den-lani, muhung Hyang Suksma-di, dinulu linuru.
  70. Dudu luru mider angulingling, aminta sih ing wong, yen antuk den reraga solahe, yen tan oleh mangke anguriring, ing panggawe den prih, sagone kadulu.
  71. Mapan reke kang ing-aran pati, pan dudu mangkono, de kang aran pati sajatine, angawruhi ya raga pribadi, den tekeng ayekti, wruh ing marga ruhur.
  72. Kang wus nyateng sajatining dhiri, penggawe kang kaot, marga iku apa pandungkape, wau mintar wus prapteng nagari, durung aningali, sang ratu katemu.
  73. Anging iku pan panggawe luwih, kang teka ing kono, anirnaken saliring panggawe, kang aran sarira kang wus tokit, / aywa tan kalingling, punika marga yu.
  74. Iya iku kang ing-aran pati, patining wong kaot, kang wus awas tan uwas anggane, yeku pati patitising urip, wus prasanak pati, uripe linuhung.
  75. Yogya tatakinen kang sayekti, aywa amirangrong, nyatakena sapa lelekane, apan sarira iki kekalih, karo den kalingling, ajana kang kantun.
  76. Roh lan jasat iku tunggal dhiri, dhirining Hyang Manon, pan jumeneng kalawan dheweke, ananira eneng ingkang ening, rampung ing pangeksi, pameksaning laku.
  77. Laku lakonan ataki-taki, kalanggengan jumboh, wus tan ana kakange adhine, langgeng maha sucinireng Widdhi, tan kacampur dening, karsa ingkang huru.
  78. Namung karsa kewala pribadi, pandulu dinulon, lir andulu paesan ing carmen, mapan tan lyan kang tumingal sami, mung dhawakireki, tan salayeng kahyun.
  79. Bukak larangan kang wus linempi/t, ngitan ginedhong, ing kinunci ing ngilmu papake, ing datira sajatining saksi, pan anekseni, ing pribadinipun.
  80. Pribadining panunggal ing puji, puji kang sajatos, jatining Hyang iku panunggale, tunggal ajal tunggal abat neki, using sasa diki, tan ana sisiku.
  81. Tegesing ajal puniku wingit, wiwitan kawaon, tanpa krana mungguh ing kranane, mring abad tan ana ngareni, tan wit tan mekasi, ananira iku.
  82. Samya tan ana ingkang dhingini, tan angareni pon, anging ananira juga dhewe, tunggal kahananira Hyang Widdhi, mulyeng jasat jati, mring Hyang kang Maha Gung.
  83. Ingkang saksi kalawan pribadi, tan ana wujud ro, anging ananira purba dhewe, angarani arane pribadi, purba araneki, purba wujudipun.
  84. Purba rupa purba ing pakarti, purba ajal reko, purba abad purba ajatene, purba tunggal purbaning sih jati, jatine wus siji, mung ongga kiteku.
  85. Angganira yeku / jasad jati, jatining tan anon, jatining saksi rupanta kuwe, anekseni namaning pribadi, basa jeneng yayi, dating Hyang Maha Gung.
  86. Kang tan kontha warnambu raseki, tan arah tan enggon, datan kena dinuga wujude, kinayapa jrone tekang ati, sabab iku napi, tan kena winujud.
  87. Dening isbating Hyang iki yayi, kang dat sipat reko, lan apengal telu iku lire, edat ing Hyang ananira teki, sipating Hyang Widdhi, ahlinireng ngilmu.
  88. Apengal ing Hyang uripireki, samya isbat manggon, iku ingkang pasthi ing anane, asmaning Hyang jenenging kang lantip, kang sayakti napi, ing-aken Hyang Agung.
  89. Sabab kita amrat isbat napi, ing patemon jumboh, paekane tan ana paene, asmaning Hyang napi ingkang pasthi, nakirah ing Widdhi, mungguh ing Hyang Agung.
  90. Aran kita iki napi jinis, prabedaning roro, napi jinis mungguh kita kiye, napi nakirah munggh eng Widdhi, yeku tan sarenti, suhu/lling Hyang Agung.
  91. Ingkang guwa garba wewah wening, tan samar sumrowong, ngilminira akathah unggahe, saha sembah matur ki wawasi, nuhun kang pun endi, ing akeratipun.
  92. Akekating dunya kang utami, Seh Mudha lingnya lon, akekate dunya  sajatine, apan patang prakara kang dhihin, pan muwus kang manis, aywa kongsi saru.
  93. Kapindhone netepi agami, Islam lanang wadon, kaping telu kang banget wedine, maring Al[l]ah kang aMaha Suci, kaping pat kang becik, ngamale kang sokur.
  94. Ngamal puwasaning badan yayi, acegah wiraos, pangucap kang siya-siya kuwe, lan puwasaning nepsu den-kesthi, cegah sumngah kibir, myang suka gumuyu.
  95. Cegah wareg nginum turu bukti, de puwasaning roh, cegah cipta kang ala nelempeng, lawan malih puwasaning budi, cegah nepsu serik, bongsa kewanipun.
  96. Bongsa setan jajal [l]anat i/blis, cegah kang mengkon[o], puwasanira apan mangkene, pan acegah tingal kang anilib, kang tan patut keksi, sirik lawan suwung.
  97. Ragasmara tyasira mawerdi, anut ing sapakon, tan kumelab salilab kalbune, matur mugi tuwan lajeng neki, tepangipun nguni, wuwulang kang wau.
  98. Seh Mongraga angandika aris, kawruhana mangko, pamusthine sembah puji reke, panunggale lan nabiyolahi, tunggal dat sipat ing, asma apngalipun.
  99. Ananira rupanira iki, aranira reko, panggawenira obah osike, apan nabi Al[l]ah kang kakiki, muntalek ing Widdhi, sembah pujinipun.
  100. Yeku pamusthine kang sejati, aywa doh Hyang Manon, paningalira ingkang ngawenteh, sira lan kang murba miseseki, tana antareki, anunggal ing wujud.
  101. Tunggal solahbawa mana muni, apan wis mengkono, kang tan weruh adol pangidhepe, saking kadohan kewala wingwrin, aweraning iblis, anduduga dulu.
  102. Tan wruh yen suksmanira neng / dhiri, nira kang wong-winong, Hyang aRuhur tan kena wiyange, karsanira roro roning asiji, sejatining puji, muji dhawakipun.
  103. Basa dhawakira iku jati, jatining Hyang Manon, cipta kang tan kaselan riptane, ripta kang tan ing budi, budi tan kaselan ing, angen-angenipun.
  104. Angen-angen tan kaselan cipteki, patiku wus jumboh, suhul tetep-tinetepan kangsen, kang mangkono paworing sajati, tan dumeh wus bangkit, akeh ngilminipun.
  105. Tan dumeh wus tapa wus angaji, sembayang linakon, tapaa den-kongsi kadi golek, ngaji den-kadi jalak gulathik, sembayang den-kongsi, angambuh ping catur.

G A M B U H
  1. Ragasmara umatur, mring Amongraga tembungira rum, ngong nunuwun badhe taken kang sayekti, kang pundi wujuding ngilmu, tanpa papan tulis reko.
  2. Ulun lamineng gunung, dereng manggih murat kang gumathuk, ngilmu kathong tanpa papan tanpa tulis, mugi paduka sung tuduh, wujudipun kang samengko.
  3. Mongraga mesem muwus, yayi den aneh temen puni/ku, kang tinakokaken sawujuding ngilmi, tanpa papan tulis iku, kang kothong ingkang tinakon.
  4. Padha akekatipun, ngilmu buda lan agama rasul, Ragasmara umatur sumongga mugi, paduka asunga tuduh, badan sumanggeng sapakon.
  5. Inggih supayanipun, padhang nerawanga ing tyas ulun, pan punika kawula dereng kadugi, salami dereng amangguh, mila ulun amirangrong.
  6. Mongraga lingira rum, lewih utama ngilmu puniku, yen tan geseh ing rasa tanggap ing kalbu, yen kapelantrang kepahung, lir kinjeng tanpa soca non.
  7. Dene sajatenipun, ngilmu tanpa papan tulis iku, iya Kur’an lan kitab kitab sayekti, semune tanpa sedarum, pan iku pinurih coplok.
  8. Sangking jilidanipun, yen bisa coplok ngalih ing kalbu, saunining Kur’an wus apil ing galih, myang kitab apil kacakup, campleng coplok wus ngalih gon.
  9. Kewala aneng kalbu, kalbu wus wujud ngilmu kang agung, tan kena sat tyas wus pangawak jeladri, mring papan tulis tan ngingus, tanpa ga/we wus tan kanggo.
  10. Iya yayi kang iku, ngilmu tanpa papan tulis iku, dene ingkang wong salang surup ing tampi, amengeran dhewekipun, dheweke awake bobrok.
  11. Mung ngengel-engel wuwus, wuwuse ngaku-[aku] amengku, kang mengkana kapelantrang kawruh neki, mila kedah mrih sumurub, yen kacocol dadi gecol.
  12. Ragasmara tumungkul, tyasira kakandhangan ing kawruh, grahitane puthes tan thukul samenir, yen nedya mawali kawruh, malah tyas mundhak cumeplong.
  13. Panarimane kantun, watesan ing kawruh kang luhung, Ragasmara ngerpepeh umatur aris, datan anyana salugut, coploking ngilmu ngalih gon.
  14. Manggon aneng ing kalbu, inggih sanget kasinggiyanipun, dereng wonten para pandhita kang ngalim, ingkang nampurnaken kawruh, kang anjarwani mengkono.
  15. Ingkang sampun tertantu, tan kenging nalimpang saking ngriku, inggih wonten tiyang ahli raos angling, tunggil kang paduka wuwus, mengku angaku Hyang Manon.
  16. Sanget kalesikipun, nging kaot basa ajar pu/kulun, duk kawula tamiyan ki Tatasjati, ing pangraos kula sampun, ginondheng temahan cebol.

KINANTHI

  1. Amongraga ngandika rum, maksih celak kang puniki, tan nganggo tebeng satuma, galetheke kang sayekti, nyata nyataning anyata, ki wasi den bibisiki.
  2. Athuk gathuk adu bathuk, tumungkul ki Ragaresmi, tyas kadya cadhang andhangdhang, lir cintaka minta riris, ris rerasan ngilmu rasa, wus tan arasani ngelmi.
  3. Liring bibisik puniku, pamedharing ngilmu gaib, kang linarangan ing sarak, tan kena kawijiling ling, kang wus pupul ngalih titah, lah kang iki ki wawasi.
  4. Yayi mung eneng manekung, antara ing pitung sasi, meneng budi meneng solah, meneng nendra meneng bukti, meneng ngucap meneng gonda, meneng myarsa meneng mosik.
  5. Datan ika iki iku, bleg pleng gemplung bleng uwus nir, lowong buntu tan pinongku, sajroning bleng amung siji, wiji wijiling kasidan, sida aku iya urip.
  6. Wiji-wijining puniku, tumanem ing pitung sasi, wijining nukat wilayat, duryat martabat san kamil, wijining kang dade/yan, asenet neng pitung sasi.
  7. Sajroning pitung sasi wus, kamurahaning Hyang Widdhi, pan ing dalem satus dina, palal ing Hyang martandhani, thikil wijiling oliya, nur buwat waliyolahi.
  8. Ywa kandhek pratandhing ngiku, lajuning dadi ngadadi, ing dalem wuk pitung wulan, utama kang sangang sasi, jatining wisik tri kecap, amung ngaku iya urip.
  9. Aku tan roro tetelu, iya prasejen dumadi, urip tan kena ing pejah, lah iku ya ingkang pesthi, wekas-wekasing kasidan, sida-sidaning kadadin.
  10. Kang wang-uwung lan kang ngilmu, tanpa papan tanpa tulis, wus pupul rampung sampurna, kang buntu ing pitung sasi, pan iku mulyaning tekat, tuwin kamulyaning ngilmi.
  11. Pupul palestaning kawruh, wus sampurna thel kinunci, tutup wus datan kabuka, kang mantep dennya akunci, iya wasi Ragasmara, sareng myarsa merbes mili.

Kagungan-dalem serat Susuluk nomer satunggal, jaman Karaton-dalem ing Surakarta.

Nyandhak kagungan-dalem serat Susuluk ingkang nomer kalih, anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping Sanga ingkang jumeneng punika.

Utawi abdi-dalem ing Surakarta.

Seratanipun abdi-dalem Kadipaten Anom, pun Ngabehi Awikrama.

Nomer kalih wau anyandhak nomer satunggal punika.  [Lihat hal. no. 166 atas]

Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura Posliyun.

PANGKUR

  1. Wanci tengane ywa ringkang, marua ris risang Mudha Mong-brangti, lumampah amurang ngenu, tejanya kethap-kethap, ya Mongbrongta Tejaswara kang jujuluk, Makmunuradi lampahnya, sabat kalih datan kari.
  2. Tejaswara murang marga, kapirangu kaesthi kang among sih, maruta lon ririsnya rum, Tejaswara rambek brongta, Iman Tokit gumeder awawan padu, masalahe cacangkriman, malah asalang tampi ling.
  3. Ki Tokit asru angucap, payo salin cangkriman kang abecik, alah apa pak boletus, mara badhenen enggal, siga kalah mulir lambe lawan irung, Ki Iman nulya ambatang, bekatul punika yayi.
  4. Ki Tokit alatah-latah, nora badhe lambe-mu ingsun pulir, Ki Iman anulya nebus, puret badhenen apa, pan Ki Tokit ambatang manggar kang bagus, Ki Iman asru tan rena, pan kedah irung pinulir.
  5. Cangkriman durung kabatang, pan gumerjeg irung pulir-pinulir, kaparat badhe-mu luput, sira ya luput uga, Dyan Seh Mudha Tejaswara /mesem muwus, iku kang pinadu apa, sawengi tumekeng enjing.
  6. Ki Tokit matur wotsekar, cangkrim puret binadhe manggar gusti, Tejaswara lon amuwus, lah Tokit sira apa, pak boletus angger binadhe bakatul, Seh Mongbrongta angandika, padha beneripun kalih.
  7. Padha batangen priyongga, jer durung wruh karepe siji-siji, Iman badhenen karuhun, sandika nulya batang, pan bekatul bebakane beras wuluh, beras pan gabah binebak, gabah asal saking pari.
  8. Pari asal saking sawah, sawahipun ing-olah kebo kalih, alah dene bener iku, puret kabadhe manggar, lah badhenen pribadi dipun-gupuh, Ki Tokit suka ambatang, manggar biluluk tumuli.
  9. Pan cengkir dadi dawegan, degan nulya dadi kendho tumuli, kendho dadi kiring iku, kinlentik dadi lenga, lisahipun ing wadhahan ing cucupu, saenggen-enggen dokokna, punika pan leres gusti.
  10. Iman Tokit latah-latah, dene padha bener sipta sebdeki, Tejaswara ngandika rum, Iman Tokit karseng wang, angaliya jujuluk si Marga-Ewuh, kesantren jeneng-/mu lama, yen sinehat pra maharsi.
  11. Marga Ewuh apa sira, wus nampani ing karsaning sun iki, Marga Ewuh latah matur, inggih sampun kadhadha, tanpa damel lamun tan batang wak ingsun, rahaden mesem ngandika, lah babaren karsa mami.
  12. Marga Ewuh aturira, datan ngalih ing batin iman tokit, lahir sanes maknanipun, pan marga imanira, ing lumampah dene artine kang ewuh, yen sampun tokid ing driya, datan wonten marga sungil.
  13. Sang Brongta mesem ngandika, nyata wasis cangkriman lahir batin, yata lampahe andarung, risang Mudha Mong-brongta, apan tansah kapirangu amangun kung, kaetang purbaning suksma, kang asih sakweh dumadi.
  14. Wanci nunggang ing ngancala, maruta lon sumirir angekesi, Tejaswara lampahipun, tejanya kethap-kethap, prapteng dhukuh Sidarengga kang amangun, tapa wasta Ajidarma, janma nom brangti ing Widdhi.
  15. Munajat tengah ing wana, pun alasing dukuh Sidarenggeki, umeneng ngalul paneku, tan samar ing paningal, pan dumeling jro pana teja lelaku, tan samar yen ingkang prapta, sujanma winong ing Widdhi.
  16. Ajidarma ris nambrama, te/ja suleksana sarawuh neki, ing wingking pundi wismeku, paran sinedyeng ngarsa, lawan sinten kang sinambating jujuluk, kawula tembe tumingal, Tejaswara ris nauri.
  17. Sun yayi wong tanpa wisma, pan ideran saenggone ywan kampir, kang sotah mastani mring sun, Tejaswara raning wang, ing-ancaran suwawi lenggah pukulun, karsa ngong yun mawong sanak, dhumateng kang lagya prapti.
  18. Kawula pan tanpa wisma, angandika Seh Mudha Among-brangti, yayi tan beda lan ingsun, Tejaswara anyipta, mandhapa gung pamucangan lan sesipun, dahana munggeng padupan, panidon kasah miranti.
  19. Saking gaib ananeka, lawan cipta dinulur sasedyeki, janma winong ing Hyang Agung, dadi sakarsanira, Ajidarma pupungun mangu mangun kung, moneng andulu wismendah, ing netya sinamun wingit.
  20. Kalingling purbaning suksma, Tejaswara tuhu janma linuwih, nyata abadan suksmeku, Seh Mudha Among-brongta, angandika yayi linggiha sireku, ing wisma yayi lan para, awon sirnane neng siti.
  21. Anulya linggih saksana, Among-brongta resep myat Darma-aji, Ki Darmaji apitutur, mila ulun pilenggah, aneng Sidarengga nglampah/i pituduh, ujaring swara paduka, kang kesthi swara dumeling.
  22. Antenana Sidarengga, Tejaswara janma winong ing Widdhi, kang badhe mulyaken iku, paran sasedyanira, Among-brongta mesem ing pamuwusipun, anglengkara awaking wang, lumakyan tuk sihing Widdhi.
  23. Sun iki ambeg birawa, anglalana tanpa eninging kapti, tan pandon ing tingali liwung, tan wrin ing subasita, pindha punggung tar wruh wekasing awuwus, lir sarah aneng samodra, kombak kentir nut ing warih.


 "Alang Alang Kumitir"

 Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.