SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Kamis, 18 April 2013

Taqwa Sasae Saenipun Bekel


بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Nyuwun sih agunging pangaksami saderengipun, mboten nama kuminter napa malih rumangsa bener, malah sawangsulipun dalem ngaturaken seratan punika inggih awit diri punika taksih tebih saking bebener saingga ing mriki kawula badhe mulang dhiri pribadi kawula kiyambak menggah werdining taqwa dhumateng Gusti Allah. Wondene kagem panjenengan ingkang kersa hamaos seratan punika tartemtu taksih kathah kalepatan anggen kawula ngrakit aksara malih malih anggen kawula nerjemahaken basa saking basa Indonesia dateng basa Jawa. pramila dalem namung nyuwun kritik lan saranipun mrih langkung sampurnaning seratan punika.

Mawantu wantu kawula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit kerawuhan panjenengan sedaya.


mugi seratan punika migunani dateng diri kawula pribadi minggahipun dhateng para sedherek sedaya.
Sumangga

Ndherekaken Sugeng


Saking Aisyah r.a ngendika, Rasulullah Sholallahu 'Alaihi Wasallam ngendika: " He Aisyah sira kudu takwa marang Allah SWT, lan nduweni sipat kang alus (lemah lembut) Sabab sipat kang alus (lemah lembut) iku ora bakal kalamun ana ing babagan apa wae saliyane nggawa kaendahan (pepaes/ menghiasi), lan sipat kang alus (lemah lembut) iku ora bakal kalamun ora ana ing babagan apa wae saliyane ndadekake ala (memburukkanya).

Hadits ing nginggil ngengetaken bilih sak sae sae sangu inggih punika takwa dateng Gusti Allah, lan sak sae sae pepaesing gesang punika sipat ingkang lemah lembut, sabab sipat lemah lembut badhe mbegta kaendahan bilih sipat kala wau wonten lan kaginakaken ing babagan punapa kemawon, sewangsulipun menawi sipat ingkang alus utawi lemah lembut kala wau mboten wonten lan mboten dipun ginakaken ing babagan punapa kewawon badhe mbegta kita dateng kahanan ingkang ala.

Wasiat saking Rasulullah Sholallahu 'Alaihi Wasallam punika sanget inggil nilainipun sabab ngrupekaken salah satunggiling dasar ingkang pinangka cagakipun tiyang mukmin wonten ing panggesangan ing ngalam Ndunya punika .

Takwa dateng Allah punika kagungan esensi ingkang sanget agung salebetipun gesang tiyang muslim lan muslimah. Allah Subhanahu Wa Ta'ala  sampun wasiat dateng tiyang tiyang saderengipun kita sedaya lumantar Firmanipun:

"Lan saktemene Aku (Allah) wus paring prentah marang wong wong kang di wenehi Al Kitab sadurunge sliramu, Lan (uga) marang sliramu , Taqwa-a sira marang Allah." (Q.S.An Nisaa': 131)

Allah 
Subhanahu Wa Ta'ala ugi sampun nerangaken bilih takwa ngrupekaken hal ingkang paling sae lan ingkang kedah dipun gadhahi dening sedanten tiyang. Lan Allah ugi nganjuraken dateng kita sedaya supados nindakaken takwa, Ngendikanipun Allah:

"Lan nduwenana sangu, satemene sangu  kang paling sae yaiku taqwa. lan taqwa-a sira  marang Aku ( Allah). e wong kang padha nduweni akal" (Q.S.Al Baqoroh:197)

Ngendikanipun Imam Syafi'i wonten syair-ipun:


"Aku ora ndeleng kabahagyan ana tumpukaning bandha kadunyan

Wong kang nduweni taqwa kang bisa ngrasakake kabahagyan
Taqwa marang Allah yaiku sak apik apike sangu simpenan 
Wong kang taqwa ing sisihing Allah kang oleh tambahan"


Salintunipun punika tiyang salaf ugi paring wasiat babagan taqwa punika

Saking Abu Dzar ugi Abu Abdurrahman Mu'adz bin Jabal r.a, Rasulullah Sholallahu 'Alaihi Wasallam ngendika: "Taqwa-a marang Allah ana ing sadhengah panggonan sarta barengana tumindak ala kalawan tumindak kang becik, mesti iku bakal ngilangi (tumindak iku). sarta bebrayan kalawan manungsa sarana akhlak kang becik."

Wonten ing khutbahipun Abu Bakar ngendika: "Amma Ba'd, Satemene aku paring wasiat marang sira kabeh supaya Taqwa marang Allah 
Subhanahu Wa Ta'ala ngalembana marang wong kang pantes di alembana sarta mbarengi  rasa pegel( benci) kalawan rasa seneng."

 Wekdal ngutus satunggaling utusan salebetipun peperangan Ali Bin Abi Tholib ngendika: "Aku wasiat marang sliramu supaya taqwa marang Allah 
Subhanahu Wa Ta'ala, kang bakal dadi sangu kanggomu supaya ketemu marang Allah,sarta kang ora ana gegondhelan kanggomu saliyane saka Allah, Taqwa migunani ana ing ndunya lan akherat."

Lan ing antawisipun isi saking suratipun Umar Bin Abdul Aziz dateng satunggaling tiyang inggih punika: "Aku wasiat marang sliramu supaya taqwa marang Allah 
Subhanahu Wa Ta'ala  kang saliyane taqwa ora bakal di trima, kang ora bakal ngasihi saliyane wong kang taqwa, kang ora diwenehi ganjaran sabab saka iku, satemene wong kang di kandhani supaya taqwa wus ora kurang akeh, ananging kang ngamalake amung sethithik. muga Allah Subhanahu Wa Ta'ala ndadekake kita kabeh lan uga sliramu kalebu wong- wong kang taqwa."

Wekdal Umar bin Abdul Aziz dipun angkat dados pemimpin panjenenganipun ngucap Hamdalah lan Muji kuwasanipun Allah 
Subhanahu Wa Ta'ala saraya ngendika: "Aku menehi wasiat marang sliramu supaya Taqwa marang Allah Subhanahu Wa Ta'ala, sabab taqwa marang Allah Subhanahu Wa Ta'ala bisa nuntun samubarang tumindak lan kadadean.sarta ora ana kang nuntun saliyane taqwa marang Allah Subhanahu Wa Ta'ala."

Taksih kathah malih wasiatipun para salaf ngengingi babagan taqwa punika namung kawula kinten wasiat wasiat ing nginggil sampun cekap kangge pasinaon kita sedaya ngengingi perlunipun taqwa dateng Allah kados dene ingkang dipun dhawuhaken Rasulullah napa dene para Salaf kala wau.

Salebetipun Al-Qur'an dipun sebataken kagungan tigang makna inggih punika:

Ingkang kaping satunggal, taqwa kagungan makna utawi ngemu werdi ajrih dateng Allah kados ingkang dipun Dhawuhaken Allah: 
"Lan marang Aku( Allah) kowe kabeh padha taqwa" (Q.S Al Baqoroh: 41)

Ingkang nomer kalih taqwa artosipun Tha'at lan Ibadah, kados ngendikanipun Allah:

"E wong kang padha iman taqwa-a sira marang Allah kanti sak temen temen taqwa, lan aja sira mati saliyane ana ing kahanan pasrah diri (marang Allah)" (Q.S. Ali Imron:102)

Wondene ingkang nomer tiga inggih punika nyucekaken ati saking duraka lan dosa. makna ingkang punika ingkang kathah dipun sebataken salebetipun Al Qur'an.

Kathah anggen kita mbudi daya kangge mangertosi punapa to makna lan artosipun taqwa ingkang saestu punika,? Para salaf sampun ninggalaken kangge kita sedaya batesan batesan definisi taqwa kala wau ing antawisipun:

Ali r.a nate dipun tangleti : "Punapa werdinipun taqwa punika?". Ali Ngendika: "Taqwa yaiku wedi marang Allah SWT Kang Maha Agung,ngamalake wahyu (AL Qur'an) nduweni rasa pamaren karo apa kang sethithik sarta siap siaga kanggo ngadhepi dina kebangkitan"

Abu Dawut r.a Ngendika:" Taqwa kang sampurna, manungsa minangka hamba kudu wedi marang Allah sabab sawiji apa kang abote amung sak isine sawi, sarta dheweke ninggalake barang kang halal sabab kawatir yen to barang mau haramsaengga bisa dadi pepalang antarane dheweke lan barang kang haram. Saktemene Allah wus nuduhake kanti gamblang marang manungsa (hamba) piwales kang bakal tinampa"

Kados ngandikanipun Allah:

"Sapa kang nindakake kabecikan kang abote kaya dene wijining Dzarrah, yekti Gusti Allah bakal menehi balesan, lan sapa kang tumindak ala sanadyan amung sak bobote wijining Dzarrah yekti Allah uga bakal menehi piwales."(Q.S Al Zalzalah: 7:8)

Sampun ngantos nganggep remeh tumindak kesaenan ingkang namung alit supados kita kersa nindakaken lan sampun nganggep remeh dosa utawi kejahatan sarta tumindak ala sanadyan namung alit supados kita sami saget ninggalaken.

Mu'adz bin Jabal Ngendika: " Ing dina kiamat manungsa bakal di kumpulake ing sawijining panggonan, banjur teka pitakonan, "Ana ngendi wong wong kang padha taqwa?". sabanjure wong wong kang taqwa ngadeg jejer ana sisihing Allah SWT, ara ana bates kang misahake antarane Allah lan dheweke." Sap[a wong kang taqwa iku? Mu'adz njawab: "yaiku uwong uwong kang wedi kalawan syirik, sarta dheweke padha murnekake ibadahe marang Allah. sabanjure dheweke bebarengan lumaku tumuju suwarga."

Abdullah bin Mas'ud r.a ugi ngendika ngengingi Ngendikanipun Allah Subhanahu Wa Ta'ala:
"Taqwa-a sira marang Allah kanthi sak temen temene taqwa"
"Wis kindokake manawa Allah Subhanahu Wa Ta'ala di taati lan ora di durhakani, di eling sarta ora di lalekake, di syukuri lan uga ora di ingkari."

Ibmu Abbas r.a Ngendika" Kanthi sak temen temene taqwa, yaiku dheweke padha jihad fii sabilillah kanthi temen temen jihad, ora perduli marang uwong kang padha ngina lan ngala ala marang agamane Allah Subhanahu Wa Ta'ala. negakake keadilan , sanadyan marang diri pribadine, bapak lan uga anak anake."

Anas r.a ngendika: Manungsa ora bisa ingaranan taqwa marang Allah nganti dheweke ngucap apa kang tanpa nekakake kauntungan "

Umar bin Abdul Aziz r.a, ngendika: Taqwa marang Allah iku ora sarana pasa ing wektu awan lan sholat ing wengine sarta nyawijekake sakarone, Ananging taqwa marang Allah iku ninggalake kabeh kang di haramake sarta nindakake kabeh kang wus di prentahake Allah.Mula sapa wonge kang wus pinaringan kanugrahan kesaenan sawise iku , mula iku satemene kesaenan kang di barengi kesaenan."

Thalaq bin Hubaid Rahimakumullah ngendika: Taqwa iya iki nindakake kesaenan(amal) kanthi taat marang Allah, adhedhasar cahyaning Allah, ngarep arep ganjaran saka Allah. ninggalake kadurakan marang Allah adhedhasar cahyaning Allah,lan uga wedi marang paseksane Allah."

Muhammad bib hunaif Rahimakumullah ngendika: taqwa yaiku ngedohi samubarang kang bisa nyababake sliramu adoh saka ngarsane Allah."

Asy Syarif Al Jurjany ngendika: " kang sinebut taqwa sajroning ketaatan yaiku murnekake, lan sajroning kadurakan yaiku ninggalake."

Allah Swt sampun netepaken wonten salebetipun Al Qur'an babagan sifat sifat tiyang ingkang taqwa

"Dudu ngadhepake rai mangetan lan mangulon iku sawijining keapikan, ananging satemene keapikan yaiku Iman marang Allah,dina akhir, malaikat malaikat, kitab kitab, nabi nabi sarta sarta menehake bandha dunya kang di tresnani marang kerabate, anak anak yatim, wong kang miskin, musyafir(wong kang mbutuhake pitulungan)sarta wong kang njaluk njaluk,(merdekakake) hamba sahaya, nindakake sholat, mbayar zakat, sarta wong wong kang netepi janjine kalamun nduweni janji, lan uga wong wong kang sabar ana sajroning kahanan kang sempit, kasusahan lan peperangan. kabeh mau wong wong kang bener (imane), sarta kabeh mau wong wong kang taqwa." (Q.A Al Baqoroh: 177)



"Berbekallah ketaqwaan
Kau tak tahu sewaktu malam berlalu
Adakah ia menyisakan umur untukmu
Hingga fajar datang yang menjelang
Berapa banyak orang yang sehat
Meninggal tanpa adanya penyakit
Berapa banyak anak anak belia
Memotong perjalanan umurnya
Jasad mereka terbujur lelap
Di kuburnya yang hitam dan gelap
Berapa banyak mempelai wanita
Berhias untuk suami tercinta
Ajal tak lagi bisa di tunda
Pada saat malam pertama
Berapa banyak muda dan mudi
Pagi bercanda sore bersenang hati
Tiada pengetahuan yang terpaut
Kain kafannya sedang di rajut"


By: Jaka Lelana

buku rujukan:Pesan- Pesan Rasulullah SAW
Majdi As-Sayyid Ibrahim

penerbit: 
Bintang Usaha Jaya
Surabaya

Tidak ada komentar: