SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Kamis, 25 April 2013

Serat Madubrongta


SERAT MADUBRONGTA
(Madhoebrongto)

Anyariyosaken raden Panji Asmarabangun kadhustha
dening Prabu Basunonda, nata ing Parangretna,
kadhaupaken angsal ingkang putra
Dewi Nawangwulan.

Kaecap saha kawedalaken ing pangecapanipun tuwan

Pogel Pandherheidhe Enko,
Ing nagari Surakartha, taun 1908.

Rarasing tyas anetya satistis, denta mardi mardawaning basa, ngayowara puwarane, bela-bela ing kalbu, inu karatan rining westhi, rongkap gatining gita, ganita niran tuk, wartaningkang parotama, sinawung ing nirmalaturongga jati, talitining carita.


Saking kawi mangkya winardya ring, lagu macapat amrih cepeta, ing babasan sasmitane, de kang kinarya kidung nenggih nagri Jenggala manik, ingkang jumeneng nata, Lembu Amiluhur, tinathara ing Jenggala, ing nalika punika sri narapati, karsa nekakken suka.


Mila kasukan mau sang aji, wayahira andugkap salapan, maksih rinenggeng karamen, Panji Asmarabangun, kasatrian kang darbe siwi, patutan saking Daha, nenggih mijil jalu, respati nimba saongka, pinaringan nama dyan Panji Sumilir, inggih Kuda Laleyan.


Ingkang ngeyang angkung dennira sih, kakung putri dahat ngela-ela, mring wayah ing kadipaten, mila maksih mawantu, siyang dalu kasukan ngenting, para rimonca praja, maksih atur-atur, ing Kadhiri lan Ngurawan, miwah Singasari maksih anenggani, wonten nagri Jenggala.


Samya ngentek kasukan niraji, amung sang wiku putri pucangan, dereng tuwi salamine, awit pambabaripun, ingkang wayah kongsi sasangkin, samana sri narendra enjinge angutus, kya patih Kudanawarta, sawadyane, mring Pucangan angaturi, sang mahawiku retna.


Ingaturan tedhake tumuli, mring Jenggala badhe sinuhunan, pangestu dhateng wayahe, kya patih budhal sampun, telas welingira sang aji, datan kawarneng marga, ing Pucangan rawuh, lajeng panggih lan sang retna, wiku putri nambrama mring sang patih, heh patih ana karya.


Ana paran praptanira ngriki, baya ingutus yayi narendra, kya patih alon ature, dhuh gusti sang wiku, hamba ingutus rinta sang aji, paduka ingaturan, tumunten rawuh, dhateng nagri ing Jenggala, wayah tuwan kadipaten ing samangkin, sampun salapan dina.


Jeng paduka dereng anedhaki, sakalangkung arinta sang nata, inggih angraos lepate, ngandika sang dyah wiku, tan katen ta mangkono patih, manah ngong iki uga, kawi seseng ratu, kabeh kagunganing nata, kaya paran sumingkira rarehing  aji, yekti tan kalampahan.


Marmane sun iya durung prapti, ati tinjo marang wayahing wang, ing jabang bayi laire, ingsun supeneng dalu, tur kaliwat alane patih, iku kang dadi maras, kya patih umatur, supena paran paduka, wiku putri ngandika rehing wawadi, wasitaning supena.


Wruha nira ing supena mami, nagri Jenggala ingkang katingal, kabeh samya kelem ing we, kaliwat genging ranu, nanging datan ana kang kentir, amung kira pisangga, kang katingal kerut, ngalor ngulon kentirira, ora ana wani kang padha nututi, tansah nangis kewala.


Amung nini putri ing Kadhiri, wani nabrang rumangsang anyandhak, anggayuh-gayuh tan oleh, nulyana kang kadulu, saking kilen palwasa tunggil, rinenggeng sarwa retna, abramas pinatut, nanging tan ana kang nunggang, mung sawiji wanodya yu tur linuwih, iku ingkang anyandhak.


Marang putraningsun kaki Panji, dene nini Galuh kang kaningrat, tanpa daya pangrangsange, palwa binekta wangsul, ririkatan datan kaeksi, nini Condra Kirana, nangis sarwi wangsul, baline ambanjur lunga, tan karuwan kaget nuli ingsun tangi, lah iku rasakena.


Kyana patih miyarsa anangis, sarwi matur gusti kadi paran, makatena wahanane, supena sangahulun, angandika sang wiku putri, lah sira antekena, neng kene karuhun, iya sahantara dina, benjang sira sayektine wruh pribadi, marang karsaning dewa.


Benjang sira angiringna mami, ingsun arsa seba mring Jenggala, nanging yen wus wedhar kiye, sandika uturipun, wus mangkana data winarni, kuneng ing Pamucangan, gantya kang winuwus, wonten ratu geng prakoswa, tur prawira sudibya nung sura sekti, nagri Parang Kancana.


Bisikanira sri narapati, Prabu Basunonda widigdaya, bisa manjing ajur-ajur, bangkit ingadal lembut, pralebda ring mancala putri, miwah mancala putra, biyasenga samun, bisa ngambah jumantara, balanira sadaya pratomeng jurit, kathah tanpa wilangan.


Warna-warna wadyanira aji, Bugis Makasar Benggala Sundha, tanpa pilangan akethen, sakawan putranipun, ingkang sepuh mijil pawestri, nama dyah Nawangwulan, malih arinipun, panggulu sami wanudya, apaparab Dewi Purnamasiddhi, arine mijil priya.


Nama Radyan Gagatan tan malih, Raden Pajaran sami prawira, nenggih wastane patihe, kya patih Banakestu langkung awrat binokting jurit, nate mungkasi kanya, mangkana sang prabu, yata nalika punika, langkung emeng tyasira sri narapati, ginubel putranira.


Kang pambayun Dewi Nawangsasi, minta panggiye ingkang supena, ing dalu dadya garwane, Panji Asmarabangun, raja putra Jenggala manik, lamun tan pinanggihna, badhe ngayut tuwuh, mila kang rama ardaya, sru ning asiha puputra sri bupati, pan arsa tinurutan.


Yata nuju ing dina sawiji, ssri narendra miyos siniwaka, pepak sawadya balane, kya patih mungging ayun, jajar lawan raden kakalih, sang nata angandika, patih karsaningsun, arsa marang tanah Jawa, mring Jenggala andhustha ingkang anami, sang Panji Asmarabangun.


Raja putra ing Jenggala manik, kang misuwur ing jagat niryawana, ing wrna binagus dhewe, guna mantra reh ayu, nora ana ingkang tumandhing, amung sang kasatriyan, panjanmaning Wisnu, kang kaonang ing kanangrat, ya mulane iku arsa sun malingi, dadia mantuningwang.


Awanggitya lawan nini putri, Nawangsasi kang sun dhaupena, kya patih alon ature, pukulun sang prabu, inggih menggah kawula gusti, kadi boten prayoga, ing tindak pukulun, wadya paduka tan kirang, ingkang sami guna ing reh mara sandi, yen amung amrihkena.


Ing kabektanipun sang panji, inggih kadi boten yen lepata, dipun kongsi sagarwane, yekti kenging pukulun, angandika sri narapati, bener ing aturira, kabeh nora luput, nanging patih karsa ningwang, laku iki aja tinggal tata krami, kurmat ing padha raja.


Nadyan iya laku mamaling, padha narendra ingkang andhustha, nora sawiyah tibane, lamun apesing laku, tan kuciwa angadu sekti, mengkono rehing raja, kya patih tumungkul, ngraos kalepatanira, pangandika nata dene nora sisip, utamaning narendra.


Prabu Basunonda ngandika ris, ingsun mundhut punggawa prawira, nenem samakta akabeh, iya padha baris sawadyanireku, aneng talatah Jenggala, lemun ana wong metu saking nagari, padha den balekena.


Lamun ora kena pinrih bali, sun lilani angrames pisan, wong Jenggala pira kehe, dene sapungkuringsun, sira padha den ngati-ati, rumeksa nireng praja, lawan putraningsun, ki Gagatan lan Pajaran, kanthi nira sandika rekyana patih, sang natha angedhatyan.


Sang anindya mantri marentahi, sagung ing Bugis wadana nira kanembini jik karyane, nenggih ingkang katuju, kraeng Bengkok ingkang pangarsi, lawan kraeng Mabolah, myang dhaeng Mabeluh, dhaeng Mabacuk sisihnya, lima dhaeng Galengsung kanemireki, nenggih dhaeng Galebah.


Sawadyane wus den parentahi, kabeh karsane narendranira, sandika kang keneng gawe, datan nganti sang prabu, wus kalilan budhal rumiyin, marang ing tanah Jawa, telas welingipun, wadya Bugis sigra budhal, nitih palwa mancal marang tanah Jawi, lampahe ririkatan.


Tan kawarna sadaya wus prapti, tanah Jawa laladan Jenggala, lajeng pinacak barise, wuwusen ingkang kantun, sri narendra samapta nuli, ngrasuka mayanira, tinampek sadarum, tan ana kang kaliwatan, sakehing kang guna sisirep sinekti, wus munggeng sri narendra.


Sang nata saksana budhal, mahawani ngawiyati, mangayuh ing jumantara, silem aneng mega putih, nata tan wrin ing margi, pringgan ingkang ngawang-uwung, kabeh wus kaungkulan, nagri ing Jengggala manik, mangu menggah sanata aneng awiyat.


Solahira kawlas asa, mangkana osikira ji, adhuh rara putra ningwang, nora kaya sira nini, darbe karsa akrami, teka angrangsang mandhuwur, tan mawas ing sarira, kongsi karya walang ati, bisa gawe kangelane wong tuwa.


Sang nata ing karsanira, anganti praptaning wengi, sedheng yen wus sirep janma, dangu aneng mega putih, kuneng malih winarni, ing Pucangan sang dyah wiku, pinarek sang apatya, Kudanawarsa turnya ris, dhuh pukulun sang wiku maharetna.


Pun patih manungsung karsa, punika sampun antawis, paran wahananing cipta, ing supena tuwan nguri, inggih manawi, kenging winedhar saestunipun, sang dyah alon ngandika, heh wruhanira ta patih, ing samengko iya uwis mangsanira.


Ingkang dadya sambekala, wus prapta sajroning puri, Jenggala kang pangrencana, nanging sira lawan mami, padha nora meningi, tumanuking wowor sambu, kya patih jinatenan, ing papasthening dumadi, sang patih miyarsa anenggak waspa.


Ingimur kinen samekta, badhe bidhale sang dewi, nulya sami tata-tata, tan antara wus miranti, sigra budhalan sami, lampahing baris sineru, kuneng ingkang lumampah, wuwusen sri narapati Basunonda samana ing lampahira.


Dangu anganti ing mongsa, anggung aneng mega putih, sedheng surup ing baskara, denyarsa manjing ing puri, mangkana kang winarni, Sang Hyang Bagaspati surup, wus silem ing anjala, sigra nateng Parang Rukmi matek mantra, wikrama mangendrajala.


Nandukken karti sampek, sareng aniyup sang aji, prapteng jro pura Jenggala, sisirepira andadi, sagunge wong jro puri, anggulasah sami turu, katamaning kamayan, tan ana kang angalisik, rerep sirep ing kadhatyan tanpa swara.


Sang prabu Parang Kancana, suka tyase angideri, jinajah jroning kadhatyan, sakehing gon den leboni, kabeh katingal sepi, sang Panji Asmarabangun, tan ana katingalan, mangkana kang laku maling, laju ngalor ngulon wonten gedhong pelag.


Asri uparengganira, sinangi linungsir-lungsir, tiron saking ing mandrawa, lir sasana ing swarga di, sigra denya mrepeki, ing Parang Kancana prabu, prapteng jawi gapura, korine menga sisih, linebetan kori kang marang jro tilam.


Sang nata ngungun tumingal, dene sagung gedhong sami, lawange tan kinuncenan, wonge kasusu aguling, kenging sisirep mandi, ing pangaribawanipun, nateng Parang Kancana, yata wau sri bupati, sapraptane jo tilam dangu tumingal.


Para parekanendra, ing dadagan sang panji, gulasah kenging kamayan, sigra nateng Parang Rukmi, maju mendhak ririh, ingiringan sang bagus, kapati denya nendra, lawan sang putri Kadhiri, gilar-gilar kalie padha sasangka.


Sumunu cahya purnama, mawi let angilat thating, eram Prabu Basunonda, mulat ing cahya nelahi, dene kang jabang bayi, asare nunggil kang ibu, sang namur angraita, baya ta pantese iki, raja putra darbe sunu durung lawas.


Wawangune pan kakara, rakit-rakiting jro puri, mentas kinarya kasukan, kaya-kaya durung lami, rarenggan kabeh iki, lagya bubar wangunipun, mangsah kang arsa dhustha, manglawe astanya kalih andharohog keneng prabaweng satriya.


Kajungkel sri Parang Retna, sumatut mutek tan sipi, dadya alon wuwusira, dhuh pukulun sang panji, datan druhaka mami, tuhu anedya rahayu, amrih sukaing karsa, wu waluya sri bupati, lenger-lenger dangu angungun ing driya.


Tuhu satria utama, kakasihing jawata di, sang panji kasatriyan, wirotama ing ajurit, tetep sang Wisnu murti, iya iki mantuningsun, mangsah malih sang nata, anglawe astane kalih, wus karangkus raja putra ing Jenggala.


Rinayut sasingepira, lininting binekta mijil, prapteng jawi wus pinarnah, ing kancing gelang sang aji, sang nata lajeng mijil, saking jro kadhaton, agung, prapteng jawi saksana, anjajah pakuwon sami, para ratu miwah pakuwoning putra.


Jinajah sampun watara, eram denira ningali, marang sagung para putra, gumrah sami pekik-pekik, padha anuksmeng sasi, tuwin wadyabalanipun, mangkana nata dhustha, ngambah pakuwon para ji, pan kasusu lampahnya selak rahina.


Wus tamat pangintenira, narendra ing Parang Rukmi, jroning pakuwon Jenggala, wismaning kang para siwi, samya amawi tulis, pemutaning namanipun, kang darbe sowang-sowang, tuwin wismaning bopati, awerata gapura winehan satra.


Sawusira jinajahan, sang nata suka ing galih, lajeng ngayuh jumantara, sedya kondur sri bupati, praptaning wiyati, sampun lajeng lampahipun, kapungkur ing Jenggala, meh angambah ing pasisir, kuneng gantya wuwusen nagri Jenggala.


Enjingira jro kadhatyan, sang raja putri Kadhiri, sawungunira anendra, kagyat wau duk ningali, sang panji tan kaeksi, anjrit sang dyah kapirangu, sampun cipta yen murca, ingubresa jroning puri, wus tetela icale sang kasatriyan.


Sang retna anarik sigra, rambut pamutung ppinusthi, ingayat aneng pranaja, uninga Retna Jinoli, anjrit sigra nungkemi, kang putrem rinebat sampun, dhuh kangbok kadiparan,kirang saronta ing budi, sarehena kakang aja arsa pejah.


Sanadyan amrih antaka, kadange tan purun keri, dhuh kangbok kadangku tuwa, toliyen kang jabang bayi, lamun tinilar lalis, dene maksih sanget timur, sinten kang sinambata, benjang yen wus prapteng akir, yekti lamun si kulup kawelas arsa.


Tan mulat ing ibu rama, mangkana retneng Kadhiri, myarsa tangise rinira, kang gek denirarsa lalis, yata kang para cethi, guugp lumayu umatur, marang ing sri narendra, matur sareh ireng ratri, prapteng bangun rahina, katur sadaya.


Kagyat wau sri narendra, gumeter sang prameswari, kalie sigra tumedhak lawan parekan tinuding, nimbali para ari, kinen lumebeng kadhatun, sadaya sampun prapta, Ngurawan miwah Kadhiri, Singasari prapta sami bekta garwa.


Lumebet ing dhatulaya, sampun samya tata linggih, mring daleme ingkang putra, kusuma yuseng kartaji, para ibu marpeki, sadaya lara amuwun, dhuh nini kaya paran, purwane laki nireki, apa tukarma uratri lawan sira.


Sang retna pijer anembah, sru ning waspa andres mijil, dadya tan saged matura, ing rama myang ibu sori, kadaut genging wingit, kang putra maksih pinangku, Retna Jinoli nembah, punika kang matur aris, waspanira mara wayan sanityasa.


Dhuh ibu atur kawula, kakangbok ing wau ratri, boten pisan yen tukara, kalawan kakang panji, kula celak aguling, sadalu tan ana segu, lir kenging pangupaya, sireping wong dalem puri, uningane kangbok saking wungu nendra.


Wau ta duk amiyarsa, kang rama lan ibu sori, dahat ardayaning driya, mangkana malih winarni, kasaru ingkang prapti, ing Pucangan sang dyah wiku, lawan Kudanawarsa, sang retna manjing ing puri, kyana patih sawadya keri neng jaba.


Wau kang manjing jro pura, ing Pucangan sang putri, wus panggih lan ari nata, sadaya sami ngurmati, nambrama ngasih-asih, suka ri sang putri wiku, sarwi alon tatanya, dhuh yayi anyalawadi, marmanipun kadi ana wung sungkawa.


Lawan nini sang kaningrat, paran kang dadya rudatin, umatur ingkang rayi, Prabu Lembu Amiluhur, wus katur purwanira, ing murcane sang panji, ing wiwitan kongsi prapta ing wekasan.


Langkung ngungun duk miyarsa, ri sang wiku Kilisuci, kumembeng wijiling waspa, sarwi angandika aris, dhuh babo yayi aji, paraning karsa pukulun, punapa tan utusan, ngulati kulup sang panji, ingkang rayi umatur sarwi ngarepi.


Dhuh kangbok ingkang minlya, waskitha mahambek ening, mugi paringa pitedhah ing pundi dununge inggih, putra tuwan pun panji, kangbok paduka pukulun, ingkang waskitheng tingal, tan samar maring ginaip, mung paduka kangbok sarira jawata.


Ngandika sang wiku retna, adhuh la he yayi aji, boten katenta pun kakang, kumangas pindharesi, pinten dayaning estri, mongsa samia sang prabu, amung kawula darma, wawarah pitutur jati, putranira panji ino kasatriyan.


Icale wonten kabekta, ratu sabrang surasekti, prawira sugih bala, marmane punika ngambil, putra tuwan sang panji, ratu ing sabrang pukulun, darbe putra wanodya, kakalih ayu linuwih, amumpuni mamanising pramudita.


Punika ingkang amothah, minta dhaup lan pun panji, awit anggung asupena, ing mangke maksih ginaip, kula dereng kadugi, majara ken kang dudunung, ajrih sikuning dewa, nanging tan wade kawanggih, miwah antuk kanugrahaning yyang suksma.


Ambek satria utama, antuk praja mandhong putri, lah makaten den esthia, sampun wonten kang prihatin, lungane anak mami, sayekti manggih rahayu, sanadyan kinendelna, sayekti mulih pribadi, langkung nuhun kang rayi nata sakawan.


Sang wiku malih ngandika, dhuh sagunge yayi aji, sampun tilar kaprayitnan, inggih prakawis puniki, sapintena pun panji, boten sungkawa katengsun, amung sapengkerira, Panji Ino Kartapati, wonten susah babaya daut wardaya.


Nanging gaip reh punika, kula jrih popoyan yayi, wau ta sri naranata, emeng denira miyarsi, tuwin nateng Kadhiri, Ngurawan, lan Singasantun, samya asmu sungkawa, ing driya dereng andugi, ing sasmita kang badhe karya asmara.


Kuneng kang samya amikir, Retna Galuh sangkaningrat, sampun ingimur galie, kang nguwa wiku Pucangan, miwah rama sang nata, tuwin ibu sorinipun, ngingimur angela-ela.


Sang dyah lipur sawatawis, namung ing jawi kewala, ing jro tambuh sungkawane, lir murcatma tan panonrat, mung ketanggar wanira, cipta arsa turun apu, yen tan nuli kapanggiya.


Ing jawi yekti ngecani, ing karsane rama nata, sang retna anulya sare, lan putra tan kena pisah, lejar sagung tumingal, winatara sampun lipur, wau ta wiku Pucangan.


Ngandika marang kang rayi, awit badhe kondur nulak, dhateng guwa Selamangleng, parari ngandheg sadaya, sang wiku datan kena, wruhanira yayi prabu, manira kakempuh tuwa.


Sayekti melu prihatin, arsana nedha ing dewa, wonten guwa Selamngleng, kang rayi sumanggeng karsa, sang retna malih mojar, yayi amung wekas ulun, benjang yen uwis kapanggya.


Putraningsun sang panji, nunten yayi utusan, sung wikan mareng Selamangeng, kula yekti nunten prapta, jro pura ing Jenggala, lawan malih yayi prabu, lamun paduka utusan.


Angulati sang panji, sampun sadinten punika, ing satemah mindo gawe, prayogi ing benjang-benjang, nata matur sandika, dereng anduga ing kalbu, sasmitaning wiku retna.


Tan winarna sang maharsi, sampun napak jumantara, wau ta kang para katong, wus mijil saking kadhatyan, makuwon sowang-sowang, sang prabu Lembu Miluhur, lan garwa wangsul gyanira.


Ing jawi bubaran sami, para prawira punggawa, satria bubaran kabeh, raina wus tan winarna, surup Hyang Bagaskara, yata wuwusen ing dalu, sang Retna Condrakirana.


Amuput puteking galih, nir ton resmining kadhatyan, kanikmatan tan tinoleh, mung lalu laraning driya, icale kakungira, tan lyan mung anyipta lampus, sadalu tyas aru ara.


Wau ta Retna Jinoli, mulat ing raka karuna, sang dyah asingkel galie, temah ambela udrasa, sarwi nungkemipada, Retna Onengan kalangkung, kaku ing wardayanira.


Sambate kawelas asih, denira matur ing raka, dhuh kangbok paran galie, dene supe dhahar nendra, susah temen kawula, teka ngluluh badanipun, kaniayane si kakang.


Apa wus tan darbe sekti, ginawa ing duratmaka, teka banjur ngringkus bae, dupeh pinekan wanudya, caritane si uwa, ing pucangan uwa iku, jer ika rada waskitha.


Dhuh kakangmas sang panji, tetep wong tan darbe daya, tan welas maring putrane, wau ta retnaning Daha, welas mring rihira, dadya angandika arum, yayi aja milu lara.


Mungguhing tingkah puniki, tan roro kang  kasengkelan, yayi pan amung sun dewa, kang sinartu ing jawata, abendu sewu wurda, tumpeg aneng raganingsun, wus samene begjaning wang.


Ingsun sanggane pribadi, sanadyan tekeng antaka, wus ukure raganingong, adhuh yayi wruhanira, pan iya genging lara, ingkang kadi raganingsun, kapugutan sihing garwa.


Sanadyan resmining bumi, lalangen jroning kadhatyan, iku wus kawuri kabeh, dene yayi rasaning tyas, tumpeg woding wardaya, pupuran saewu-ewu, dumunung ing kakangira.


Sewu sihing ibu sori, myang marmaning rama nata, sun dohaken iya adoh, radyan kadang-kadang ingwang, tan dadya tohing driya, sayekti amung kakangmu, ingkang pantes moring atma.


Umatur retna jinoli, kangbok paran kang mangkana, kadi pundi ing karsane, kula anut ing saparan, ingsun tan purun kesah, kongsi nemahana lampus, kangbok kula den cangkinga.


Ngandika dyah sekartaji, dhuh wong ayu ariningwang, sapa ingkang kaya kowe, kabeh kadang-kadang ingwang, mung sira woding driya, aja sandeya ri ningsun, pun kakang tan nedya kesah.


Arsa lunga maring ngendi, wanodya ewuh ing marga, yayi den pracaya mring ngong, babo kadange si kakang, wong ayu kasihing yyang, dewi ragil kuning matur, sotur lamun makatena.


Boten karya walang ati, wus mangkan asang lir retna, minggah marang ing tilame, wanci ing pukul sadaya, raja putri mamenang, angeloni putranipun, lawan sang dewi onengan.


Sawusira sami guling, sirep kang para pawongan, yata wau sang lir sinom, saya dalu keh kang krasa, ing madya rtri kala, ing driya sanget margiyuh, nanging karsane sang retna.


Wus pinuntu jroning galih, suka matia neng paran, nedya ngulati kakunge, mangkat ing dalu punika, datan nganti rahina, sigra samapta sang ayu, miranti acacolongan.


Tan ana ingkang udani, sagunging wong dalem pura, kadya sinirepan kabeh, mangkana sampun samapta, putra sinambut sigra, jumeneng sang dyah amuwun, mara wayan waspanira.


Lumampah prapta ing jawi, nenggih sedhenging purnama, sampun rinayut putrane, dyan panji sumilir rika, dalu gagat kalintang, sangsaya pamuwunipun, wimbuh katongton ing putra.


Bbinekta sangsayeng ratri, maksih timur dereng mongsa, mangkana sang dyah sambate, denira mulat ing putra, dhuh babo putraningwang, kawelas asih ta kulup, muga kang murbeng bawana.


Den jurunga sedya mami, sun setya tuhu lan priya, arsa ngulati lungane, pangeranku kasatrian, dhuh yyang yyange sasongka, tulunga marga rahayu, yuwanane putraningwang.


Sruning waspanira mijil, luntur marang putraningwang, rahadyan pan arsa kaget, kalabandres ingkang waspa, kang ibu awacana, dhuh dhuh adhuh putraningsun, kaki aja mular sira.


Yen tuhu anak sang panji, iya aja gawe solah, lah kulup kendela angger, payo pada angupaya, kang yoga marang sira, putra kendel ing pamuwun, kadi menget ing wacana.


Sang retna laju lumaris, prapteng kori babutulan, maksih kinuncenan kabeh, kang tengga kapatra nendra, kadi wus karsaning hyang, panggawene jawata gung, mangkono pratingkahira.


Wau ta putri kadhiri, sapraptaning bubutulan, uninga maksih kinuncen, sang retna emeng tyasira, paran baya kang marga, dadya angandika arum, amucung wijiling sabda.


Ngandika rum wau retna galih, heh ta sira lawang, tulunga ing kawlas asih, wenganana tingkahingsun tan druhaka.


Setya tuhu, setya marang lakiningsun, mulane ngong medal, iya arsa angulati, ing murcane sang panji kasatriyan.


Menga gupuh, kang pintu gumeritipun, kadi anggraita, mangkana esthuning kori, dhuh gustiku suwawi medala.


Lampahipun, manggiya ingkang rahayu, basukining marga, mugi nuntena kapatih, wus mangkana sang retna prapteng ing jaba.


Mangu-mangu, praptanireng jawi pintu, dene tanpa rowang, katongkon pringganing wengi, karsaning hyang wus tan samar marganira.


Sampun laju, lampahe sang dewi galuh, panggawening dewa, wus tebih saking nagri, prapteng wana wanci wus pukul sakawan.


Tan winuwus, kuneng wau sang retna yu, gantya kawuwusa, kang keri maksih aguling, retna dewi onengan putri jenggala.


Mangsanipun, ing wancinira awungu, kadya saban-saban pulunanira iniling, yata wau sang dyah ing sawungunira.


Kagyat gugup, pulunane tan kadulu, tuwin ingkang raka raja putri ing kadhiri, pasareyan tiningalan datan ana.


Sru kumepyar retna jinoli tyasipun, kumesar naratab, bingung wandane smu tangis, arsa anjrit nanging sinayuti driya.


Ciptanipun, sang dyah grahitaning kalbu, yen ingsunmu lara, rayekti ngaget-ngageti, ing satemah tan bisa nusul si kakang.


Nora wau, ginondhelan raganingsun, wau ta sang retna lajeng samapta miranti, ingkang raka cinipta yen durung tebah.


Dupi sampun, samapta arsa lumaku, sigra wedalira, maksih menga ingkang kori, prapteng jawi lampahira ririkatan.


Aneng latar sang retna ngupaya pintu, korining jro pura, sadaya maksih kinunci, graitanya raja putri ing jenggala.


Ngendi mau kakangbok ing wedalipun, dene kehing lawang, kabeh maksih den kunceni, lajeng marang kori ingkang pojok wetan.


Wus kadulu menga sisih ingkang pintu, sang retna anduga, baya kangbok sekartaji, sun watara ing kene wedalira.


Sigra laju, medal prapteng jawi pintu, sampun bangbang wetan, kasusu denya lumaris, nora kandheg wus tebih saking nagara.


Sang retna yu, tan etang pringganing dalu, karsaning jawata, kinarya tan tunggil margi, lawan raka retna galuh sang kaningrat.


Sreng ing laku, wus manjing jroning wana gung, keh sato lumajar, ajrih umarek ing margi, marga ingkang liniwutan ing sang retna.


Kuneng wau lampahira sang retnayu, gantya kawuwusa, kang kari sajroning puri, byar rahina sagunge para pawongan.


Samya dulu, ing tilame gustinipun, katingalan sunya, anjrit sagung para cenggi, kadi gerah swaraning tangis jro pura.


Sang prabu, kagyat pamiyarsanipun, kinen amariksa sagung kang samya anangis, sampun katur purwane karunanira.


Sang prabu, miyarsa puteg kalangkung, yayah tan panonrat, miwah ri sang prameswari,  sakalangkung wigena kadi antaka.


Sigra ngutus, nimbali kang para ratu, tuwin para putra, santana miwah papatih, tan antara sdaya wus manjing pura.


Wus sinung wruh, para rinata katelu, witing ardayanya, murcane sang putri kalih, datan ana wrin, mijil kori butulan.


Yata wau, kang para ari sadarum, langkung geng sungkawa, umatur natheng kadhiri, kakang prabu paran ing karsa paduka.


Kawula nut, punapa ing reh puklun, manawi kendela, tan welas putra pawestri, angandika sri naranata jenggala.


Yayi prabu, yen sambada kabeh iku, sagung putranira, ing jenggala lan kadhiri, singasari tuwin kulup bauwarna.


Sadoyeku, ngupoyoa kadangipun, myang papatih papat, sawadyane aja keri, sala mineka kalamun durung kapanggya.


Ayya mantuk, kongsiya gagrag pipikun, iya aneng paran, lamun durung antuk kardi, sayograne kabeh para putraningwang.


Lakunipun, lan si patih aja kumpul, padha ngupayaa, sowang-sowang den kapanggih, dene sira yayi katri yen sambada.


Karsaningsun, ngantia neng prajaningsun, samia nanedha, ing dewa amrih basuki, sutanira kang karya rara ing driya.


Alon matur kang rayi kadhiri, ing raka sang kathong, sayogyane anut ing karsane, para putra sami den dhawuhi, miwah kyana patih, sapanekanira.


Kinen samya budhal angulati, murcane sang sinom, aja na kang akumpul lampahe, amung kyana patih kapat nunggil, rarereyan sami, maksia akumpul.


Para putra tan kalilan nunggil, timbalan sang katong, para putra sandika ature, miwah kapat sang anindya mantri, sadaya wus pamit, budhalan sadarum.


Sri narendra malih animbali, pupulunan katong, kya ing bancak dhoyok satunggile, wulu cumbu minongka kakasih, sampun prapteng arsi, ngandika sang prabu.


Eh juru deh prasonta den aglis, sutaningsun karo, kaya paran dayanira thole, mungguh murcane arinta kalih, ya si kartapati, lawan garwanipun.


Miwah arinira si wuragil, nis saking kadhaton, babo tambah kang dadya sedyane, adhuh putraningsun sira kalih, sapa kang prayogi ngulat tan kulup.


Nadyan akeh arinira kaki, miwah wadyaningong, tan ana wrin ing kapekasane, ing wawadi karsaning dewa sih, amung sira kalih, andel-andelingsun.


Yekti sira bisa minangkani, usadeng wirangrong, insun pasrah mring sira karone, ulat tan arinira kaki, aja mulih-mulih, yen durung katemu.


Tutulunga wong tuwa kaki, sira kang katempoh, susahingsun babo ingsun kiye, sayogyane kang bisa nulungi, datan ana malih, amung sira kulup.


Kang liningan umatur wot sari, sandika sapakon, ing sadarmi kawula kalie, amung idi ingkang jeng dewa ji, suka sri bupati, saksana amundhut.


Busana di akalih prakawis, lan picis rong kanthong, prapteng arsa lah enya kiye, pawewehingsun ring sira kaki, asangu neng margi, kang sinungan nuwun.


Wus mangkana pamit den lilani, budhal ri sang karo, tan winarna wau ing lampahe, kyana patih miwah para siwi, kang budhal rumiyin, ing mangke winuwus.


Raden gunung sari kang winarna, nalikane lolos, nilapaken sakehing wadyane, sruning kabutan puteg kapati, mring retna jinoli, kang musna ing dalu.


Panakawan kalih atutwuri, saparan sang anom, wulu cumbu ing nginga duk rare, runtung-runtung umiringi gusti, awasta pun dulit, kaliyan pun dudul.


Sampun tebih denira lumaris, datan wrining kewoh, anrang arga tumuruning pereng, milang miling mulat nganan ngeri, denira ngulati, murcane sang ayu.


Rengeng-rengeng sarwi angarepi, kang winoting batos, ni onengan kang dadya esthine, nora kaya kangbok kadang mami, tan mambu pawestri, tingkahe alir kakung.


Dene teka karya walang ati, dhuh babo kakangbok, kaya priye wa haji putrane, dene anggung dadi gawe gusti, baya maring ngendi, karsane wong ayu.


Tirta wiyata runa winarni, weheda wong anom, gawe eran kakangbok gawene, timur mila nora mamareni, katujune benjing, krama antuk imul.


Saking goningsun bekti ing rabi, lumaku sapakon, jrih manawa ana dudukane, kadang sepuh nadyan dadi rabi, lawan ingkang runtik, cepak temen mutung.


Alon matur pundulin wot sari, dhuh angger sang anom, kami purun nunu undukane, amba matur sinten den ulati, duk ulun miyarsi, ing reh kang kinidung.


Kadi dene putri ing kadhiri, nganggo kakangbok-kakangbok, angge gusti ngangge angger-angger, myang anebut uwa padukaji, jenggala cinangking, ngangge ayu-ayu.


Yen rakanta kang dipun ulati, tan mawi dhuh babo, radyan mesem alon ngandikane, wruhanira kang ingsun ulati, pangajapan mami, putrane wa prabu.


Ingkang aran sang retna jinoli, yeku ciptaningong, katemua ing alas ijen, nora nedya mulih awak mami, suka neng wanadri, lawan dewaningrum.


Nadyan mulia marang nagari, yen uwis amomong, atmajane dikongsi salawe, nora kudu ingsun angulati, marang kadang mami, kangbok dewi galuh.


Jer wus darbe pakaryan pribadi, kakangmas alolos, kang ngupaya sayekti bojone, yen kakangbok putrane wa aji, puniku kang aris, ingsun kang angluru.


Bubukane ingkang angulati, amung  jenengingong, dudul dulit mesem lon ature, kasigian karsane sang pekik, boten wonten sisip, mendah yan katemu.


Kaya paran sukane sang aji, dudul gustiningong, kana alas ingkang mindharawe, mingak minguk golek gon kang sepi, emoh den tunggoni, sira lawan ingsun.


Dudul muwus sarwi anjegigik, bener kang mangkono, kembang gedhang kang dulit patute, yen kepanggih lawan sang retnadi, sira lawan mami ginusah lir asu.


Datan arsa tinunggonan janmi, resmine angompot, kyai dulit alon ing wuwuse, pekem alit pamegat ing margi, tan wurung sang pekik, iku karsanipun.


Mesem ing tyas reden wukir sari, lajeng lampahnya lon, kapara ngono ngeh saparane, anggung sasambat retna jinoli, liwung ing paneksi, kasog kandrung-kandrung.


Jujur wukir radyan aningali, lalangening dhepok, sri kawuryan resmining dhukuhe, sakin katon patapan linuwih, asrep tyas sang pekik, pinaranan gupuh.


Kawuwusa ri sang mangun teki, aneng wukir ngandong, langkung patus waskitha tingale, abibisik resi purwa jati, winonging dewadi, samana cinatur.


Lagya eca lenggah lawan cantrik, sang wiku karaos, lamun badhe tamiyan ing mangke, sinatriya kabyatan wiyadi, atmajeng kadhiri, karuna pinunjul.


Sang tapa wus paparentah, angrukti sagung sasaji, badhe kinarya nyugata, datan antara rumanti, sigra mentar sang resi, amethuk sukuning gunung, tundhuk lan putreng daha, kagyat raden wukir sari, aningali marang ri sang muniswara.


Denya wruh sajroning cipta, wau karahaden umantri, ngurmati ngasorken raga, sang tapa angacarani, menggah dhateng ing wukir, tan lenggana wus tumuntar, praptane ngasia mendah, pamidikan tata linggih, sawusira sinambrameng pasugata.


Sang resi alon lingira, pun bapa anilakrami, dhuh angger tigas kawuryan, anakmas tembe kaeksi, sinten sinambat ing sih, ing pundi pinangkanipun, miwah ingkang sinedya, rawuh andika ing ngriki, pasemane kadi kataman ing brongta.


Umatur dyan wukir sekar, sru manggeng karsa sang yogi, kadi boten kakilapan, sayekti sampun udani, malah ulun minta sih, pitedahipun sang wiku, sang tapa mesem mojar, inggih leres sang pekik, nadyan wikan nanging kedah jinarwakna.


Tan kenging kula amedhar, ing reh wawadining janmi, ajrih sisikuning dewa, mila angger ingkang mugi, pajara maring mami, minongka dadi panembung, kewran putra ing daha, puwara umatur aris, wasta kula raden malaya kusuma.


Inggih raden wukir sekar, ambatanayeng kadhiri, mentar tinudhuh ing rama, kinen  ngulati sang putri, putrane uwa ji, ing jenggala sang prabu, nama dewi onengan, miruda saking jro puri, madya ratri kesahipun tanpa rowang.


Purwa madya wasananya, wus katur marang sang yogi, sang resi gumuyu suka, nalika nira miyarsi, dadya ngandika aris, dhuh anakmas wong abagus, kalingane andika, mentar saking ing nagari, mati raga angulati papacangan.


Supe angupaya kadang, angulari badhe swami, andheku dyan wukir sekar, denya kawadaseng wadi, sang tapa muwus malih, lah inggih kula jumurung, ing karsa tumuntena, kapanggih retna jinoli, nanging raden manawi sambadeng karsa.


Angantia neng patapan, inggih boten ngantos lami, sayekti dhateng priyongga, ing patapan ngandong wukir, putri jenggala manik, amung kula sung pitutur, saged dika kapanggya, lawan sang retna jinoli, nanging dereng kenging yen pinindha garwa.


Benjang saged karon jiwa, yen wus luwar kang prihatin, wonten nagri ing jenggala, binayang karya menuhi, ing ngriki manjing rabi, lestari kongsi pipikun, mila dipun santosa, nganti wonten ing ngriki, tan lenggana rahadyan matur sandika.


Tan winarna laminira, kuneng kang wus neng wukir, gantya ingkang winursita, lampahe rekyana patih kapat aneng wanadri, ing sawadya balanipun, patih kudanawarsa, jayabadra ing kadhiri, kyana patih ngurawan jek sanagara.


Sang ngarya jaya kacemba, papatihing singasari, kapat samya nunggil lampah, ing mangke kendel angguati, lestarine lumaris, maksihe yung gunemipun, yata malih winarna, manyri sambang ing wanadri, lulurahnya kajineman ing jenggala.


Wasta kuda antimea, mentas nganglang ing wanadri, lumayu atur uninga, marang kapat para patih, wonten gagaman prapti, saking kilen gung aselur, balanipun ayutan, kadya yun maguling jurit, sanes emperipun tiyang ing jenggala.


Kadi parangmuka sabrang, katawisa daya bugis, gugup pranaya kawaktira, parentah  siyaga sami, sikep gagaman jurit, pacak baris ing wanagung warnanen kang lumampah, kagyat sami aningali, lamun ana baris ageng alang marga.


Kendel prasamya amapag, sagunging prajurit bugis, kraeng bengkak wus utusan, mantri pacalang tinuding, kinen tatanya aglis, mentar panggih sami sungut, tanya tinanya gantya, wus wangsul caraka bugis, matur lamun prajurite wong jenggala.


Angupaya gustinira, kang murca saking jro puri, lenggana kinen wangsula, umangsah magut ing jurit, duka pratiwa bugis, kinen tengara umagut, angreb samya sumahab, gumulung anempuh wani, wong jenggala panggih campuh ing yuda.


Rame lantaran watang, sosog sinosog ing lembing kiwal kiwul awurahan, lir prahara nempuh wukir, solahe wadya bugis, ing aprang pan kadi mabur, cikat mancat angremak, wong jenggala samya kontit, kalorogan wong bugis perange selat.


Rame sami dreg-udregan, dangu-dangu wong kadhiri, ing jenggala wong urawan, miwah wadyeng singasari, kasoran samya ngisis, lumayua minta tulung, duka kudanawarsa, mangsah arsa angawaki, sigra mambeng kya patih ing singasekar.


Anyikep wangkinganira, dhuh kira kadi pun eling, sampun katungkul ayuda, paduka lagya tinuding, kinen samya angulati, sang panji asmarabangun, tan wonten lebdeng karya, yen katungkula ajurit, tanpa gawe yogya sami sinimpangan.


Ngestokaken dhawuh ing nata, mangkana samya miyarsi, suka sang kudanawarsa, lajeng parentah ngunduri, nyimpang ngupaya margi, nengna malih kang winu, wus manggala bugis mulat, yen mungsuhira wus gusis, suka tyase sagung wadyabala sabrang.


Kuneng kang aors ing yuda, mangkana ingkang winarni, sira prabu basunonda ingkang margeng awiyati, duk mentas lunga dhingin, saking jenggala mamandung sasampunnya binekta, panji inokartapati pan lininthing dalah sasingeping nendra.


Prabu ing parangkancana, langkung prawira sinekti, amumpuni ing agunasaraya praptameng jurit, mila rahaden panji, samana kenging rinasuk, pinanduk ing kamayan, wus mangkana sri bupati, lampahira datan kawarneng wiyat.


Prapteng nagri parangretna, sang nata laju mring puri, wanta sang lir kusuma, retna dewi nawangsasi, maksih manggung prihatin, sapengkere ramanipun, datan dhahar lan nendra, ingkang katongton ing galih, datan liyan amung ingkang kasupenan.


Raja putra ing jenggala, panji inokartapati, sang dyah anggung rawat waspa, wonten arine satunggil, pawestri ayu luwih, wus diwasa wancinipun pinunjul ing sajagat, namaning purnamasidhi, ing sadina tansah angimur ing raka.


Sang dyah anggung ing udyana, mangingar-ingar ing galih, lawan nganti ingkang rama, sang retna purnamasidhi, mring raka matur aris, adhuh kakangbok pukulun, sampun pijer udrasa, punapa angsale ugi, wanudya di mangayun ing priya.


Tiwas risak kang sarira, baya yen wus dadi laki, dene maksih jro supena, ginagas kapati-pati, mogsa ngawona inggih, lalegan sakayun-ayun, raose kadiparan, kacaryan suwiteng laki, ingkang raka alon mesem wuwusira.


Babo-babo ariningwang, nora kaya sira yayi, jer sira durung acipta, ingkang kadi awak mami, wong kataman wiyadi, saengga panjang dumawuh, ing sela sumayana, epyare marang ing ati, tan panon ratapanta sababing manah.


Kono yayi datan beda, lamun ginagas ing galih, kumenyut kudu nyat-nyatan, kadya rencema sang ati, ajur pating saluwir, lir coplok poking jajantung, ketang tan ana liya, amung kang pinanduk ing sih, sira iku yayi durung paja-paja.


Sng rayi duk amiyarsa, mengo nolih maring wuri, wantuning kenya utama, ing tyas tan pati ginalih, nengna sang putri kalih, wau ta sira sang prabu praptaning dhatulaya, wus panggih lan prameswari, sri narendra wawarta sasolahira.


Wiwitan prapteng wekasan, angungun sang prameswari, puwara suka ing driya, sampun pinarnahken aglis, ing tilam rinengga sri, sang panji asmarabangun, nulya sri basunonda, utusan kinen nimbali, ingkang putra wus kerid prapteng byantara.


Kang rayi maksih tut wuntat, sumiwi ing rama aji, kang rama kagyat aningal, ing warnane sang lir ratih, cenes ijo ngrurungih, kadya gerah pitug tengsu rusake kang sarira, anglong jiwa esmu putih, saking denya kabyatan nireng asmara.


Sang nata ngandika aris, sarwi mengku kengayanya, babo nini putri ningong, dahat sru hardayanira, kirdanta mring supena, karsaning jawata agung, ing mengko sira tinekan.


Katemu kang sira anti, wus lejarna brangtanira, ingsun iki antuk gawe, lunganingsun duratmaka maring nagri jenggala, sang panji asmarabangun, wus kagawa lakuningwang.


Sang retna wau duk miyarsi, andikaning ramanata, langkung suka jroning tyase, asrep lir kinuming toya, priyang-priyang tan nuyang, seger awak mari lesu, kadya age uningaa.


Nanging jatmika nglangkungi, tumungkul nembah kewala, maksih seret andikane, kang rama malih ngandika, nini wis begjanira, sang panji asmarabangun, sun rasuk sisingepira.


Mangkya wus aneng jinemrik, baya ika maksih nendra, kataman sisireping ngong, payo nini sumasula, marang sajroning tilam, wus dangu ing praptanipun, sira sumandhinga nendra.


Lan maning ingsun wawarti, ing nguni duk lunganing wang, mring jenggala anyonyolong, saprapteng sun dhatulaya, siji tan ana wikan, sapraja sirep sadarum, kena pangaribaweng wang.


Lawan sasiluman mami, pan ingsun eram tumingal, marang para putra kabeh, jenggala enggene rupa, naracak mindha wulan, tandang-tandang bagus babus, lurus respatine samya.


Lawan jenggala sang aji, ki besan asugih putra, upama sun dadi wadon, nyiwur tukung ingsun temah, ngebruki mring jenggala, ngulah ingkang para sunu, sun ewat agantya-gantya.


Prameswari duk miyarsi, mesem suka ing wardaya, tuwin sagung para sinom, samya agumuyu suka, sang nata malih mojar, ana arine sang bagus, anama sinom pradapa.


Iku pinunjul pribadi, rebut seneng kang tumingal, lawan kang sun gawa kiye, wangune taksih jajaka, jatmikane katara manis, alus angunguwung, ujwalane leng ulengan.


Pantese darbea rabi, sak nambang putrine nata, aja sah ngrurah rarase, sang panji sinom pradapa, wong pantes kahyangan, ingsun mamyang sukengsu, lawan sagung paranggana.


Tekan peparape becik, pating talening akathah, sang panji carang waspane, tuwin panji wangseng sekar, tan api lempung karas, sakawan rahaden jungut, undhakan sastri mirudha.


Baya ta ika duk maksih, winawratken ibunira, wulan idham-idhamane, miyang rurujakane lintang, jer ika wus katara, gebyar-gebyaring pamulu, kaya andaru kumenyar.


Sang panji waseng sari, upama ika dadia, mamantuningsun kang anom, pantese mantu pameran, ana nagaraning wang, parang kancana tan wurung, karya dhudhaning wong lanang.


Rabine pan padha elik, ambyak marang mantuningwang, kacaryan mulat warnane, samana kang samya myarsa, andikanira nata, sadaya suka kalangkung, amung sang retna purnama.


Tumungkul kacipteng galih, kumenyut miyarsa warta, ing warnane panji anem, yayah katon ing paningal, panji sinom pradapa, sang retna tyasira kuwur, kawangwang kang sugih nama.


Marwaseng tyas rontang ronting, katon kadi liliperan, cinegah jrih rama katong, ing jawi tan kawistara, ing jro kaya matia, amung tinedha ing kalbu, manapa pongi kaprapta.


Asihing kadang ireki, yekti nora wurung prapta, si jenat sang panji anom, sang nata malih ngandika, dene sang kasatriyan, wangun mentas darbe sunu, katara durung alama.


Sagung ingkang para aji, maksih sami tutuguran, garwane ndah warnane, sajagat tan ana madha, citrane putri daha, kang anama dewi galuh, sun tilar maksih anendra.


Wus nini manjinga aglis, ing tilam sandhing nendra, lah payo aja kasuwen, sang panji kasatriyan, liwat kawelas arsa, lami pisah garwanipun, tan wurung nandhang pigena.


Amun mulat ing sireki, manawa dadi usada, nyuda-nyuda hardayane retna dewi nawangwulan, nembah lajeng lumampah, prapta jroning tilam santun, mangu malat kang anendra.


Denira anuksmeng sami, tan wiwang duk kang supena, sang dyah sigra neng dagane, kang rama sigra amecat, nenggih sisirepira, kang nendra anulya wungu, kagyat denira tumingal.


Ngalih denira aguling, miwah garwane tan ana, dahat kumepyur galie, mangunadikan ing driya, iki wismane sapa, dene iya raganingsun, neng kene sapa kang gawa.


Lan yayi putri kadhiri, neng ngendi datan katingal, baya pisah lawan ingong, mangkana rahaden putra petek saput kang netra, kawirangu gandrung-gandrung, sang panji locitanira.


Yen ingsun banjur aruntik, durung wruh purwane ingwang, praptaningsun aneng kene, baya wus karsaning dewa, anggur ingsun takona, marang iki putri ayu, apa karsane maring wang.


Dene teka anungkemi sang panji alon ngandika, dhuh angger murtining sinom, kang dadya hyang-hyanging tingal, ingsun arsa tatanya, ing maune raganingsun, sare neng tilam jenggala.


Lawan putri ing kadhiri, yaiku dayintaning wang, mengko ingsun prapteng kene, jajagongan lawan sira, sapa kang gawa ingwang, miwah sapa wong tuwamu, lawan sapa aranira.


Sang dyah umatur wot sari, dhuh pukulun dewaningwang, kawula atur purwane, wastamba pun nawangwulan, dene ingkang ayoga, nama basunonda prabu, nagri ing parang kancana.


Awit kawula angimpi, katingal kadi ginarwa, dhateng paduka temahe, tilar tadha lawan nendra, lami sakit kawula, anandhang brangta ing kalbu, mung paduka kang katingal.


Lami-lami rama aji, welas sih marmeng atmaja, dadya temah anyenyolong, dhateng nagri ing jenggala, angambil jeng paduka, jer kawula setyeng kalbu, lamun datan kapanggia.


Lan lakine dyah kadhiri, kawula asuduk jiwa, sruning kabyaktairage, cipta kawula mawongan, gusti kusumeng daha, datan sedya ciptamaru, amung anyethi kewala.


Ing mangke kawula gusti, kami purun atur pejah, benjing paringena ingong, mring gusti nayakani dyah, nadyan amba antuka, ing sih paduka pukulun, sayektine boten retna.


Lamun sang putri kadhiri, anampik dhateng kawula, tan wande pejah waking ngong, ujer pasuwitan amba, amung putri mamenang, yata wau duk angrungu, sang dyah kinanthi astanya.


Sang panji ngandika arum, heh sang putri dipun aglis undangen wong ruwanira, kinen prapta ngarsa mami, kabeh sakadangmu padha, tibalana ngarsa mami.


Benjang ingsun aweh tulung, ing brangtanira sang putri, yen wis panggih sudarmanta, karuhane yen wus pasthi, sira sinungkem maring wang, paran yen tan lila ugi.


Sayektine nora sanggup, ingsun weh usadeng brangti, sang retna nembah umentar, wus marek ing rama aji, umatur sasoahira, katur kalamun tutuding.


Katur sarehnya ingutus, suka sang sri narapati, tuwin ibu prameswara, langkung suka esmu tangis, tangise dene kang putra, wus sinapa mring sang panji.


Entyar tyasira sang prabu, sigra-sigra sri gupati, lawan prameswari nira tuwin ingkang pra siwi, sanya umiring ing rama, umarek marang sang panji.


Sapraptane dalem pungkur, ing byantara sangapanji, sang nata arsa tur sembah, marang sang raja putra di , raden putra kipa-kipa, sarwi nyandhak astaneki.


Ngrarepa ingaturipun, dhuh paman sri narapati, karya sangsara maring wang, yen anhika mangenjali, makya wus dadya martuwa, malah kula kang ngabekti.


Anjelih sira sagn prabu, dupiarsa den bekteni, dhuh gusti kalengkaning rat, tuhu hyang-hyang ing sabumi, sampun arsa apradata, manawi ambilaeni.


Sayekti karya papagung, sinembaha mring jeng gusti, pun bapa ngaturaken pejah, dene kami purun inggih, andhustha dhateng paduka, wrate ginubal ing siwi.


Wus katur sasolahipun, miwiti malah mekasi, styaneni nawang wulan, sadaya wus katur sami, suka panji kasatriyan, tan pae lawan sang putri.


Sang panji ngandika arum, ngong tarima paman aji, sih andika mring kawula, karsaning jawata luwih, sutanta sang lir kusuma, ing mangke sampun kapanggih.


Supena suwiting ulun, jawata wus minangkani, kula praptengparang retna, karsaning dewa di, kinen sung usadeng rimang, pamintane sang suputri.


Rening wus sami jinurung, kula paman arsa mulih, dhateng nagari jenggala, yayi dewi ing kadhiri, wus lami kawula tilar, matur prabu parang rukmi.


Karsa padukarsa kondur, dhateng ing jenggala manik, nanging panuwun kawula, tuwan rerehna kariyin, ngantiya saking nem condra, tan wonten winancan galih.


Mangke samodrane agung, alune kagiri-kagiri, manawi nempuh ing palwa, yekti karya walang ati, rahadyan rerem ing driya, dadya angandika aris.


Inggih paman kula anut, nanging paminteng ngong mangkin, kula nemg ngriki kewala, lawan kusumaning puri, den unggung asolahing wang, sandika srinarapati.


Saksana parentah gupuh, mring para pawongan cethi, kinen sami amamajang, linungsiri nengga asri, tan antara paripurna, kadya wis meng sawargadi.


Sang panji malih lingipun, sutanta jalu kakalih, paman prabu yen sambada, wastane sami kula lih, kang tuwa kula lih aran, sami anama apanji.


Kudawarsaya kang sepuh, kuda wratasongka mantesi, punika ingkang taruna, anuhun sri narapati, sigra rahaden warsaya, lan wratsongka ingkang rayi.


Majeng anguswa ing suku, nira sang raja putra di, kalihnya sru kinasiyan, tan kenging mengeng sing arsi, tan winarna solahira, lahirnya denya karon sih.


Dumunung tung-tung ing jantung, gumantung gulung ingati, pratistheng padon ing netra, kongsi tajin tadhah guling, leng-leng dadi kalanglangan, lem-lamen marang sang panji.


Wuwusen kusumaningrum, sang retna purnamasidhi, saundure saking ngarsa, sangking karantan ing galih, mung panji sinom pradapa, lam-leman dening paparti.


Mangkana ing solahipun, denira kandhuhan kingkin, sang retna dewi purnama, apratistheng ngudyana di, mungkakalih embanira, kangsinungwruh ing wawadi.


Kinanthi rahinten dalu, aning jroning ngudyana di, tan winarna laminira, neng nanagri parang rukmi, wuwusan ing lampahira, kusumaretna jinoli.


Lampun sami kesahipun, saking jenggala ngulati, murcanira ingkang raka, retna galuh sekartaji, putri adi ning mamenang, wisata kalawan siwi.


Lampahira prapteng gunung, wau sang retna jinoli, pratapan ing andong jenar, sritinon ingkang ngasrami, raja putri ing jenggala, minggah wus panggih sang yogi.


Sinambrana ing sarwarum, peni-peni ing swargadi, sang retna langsung langkung karenan, lumat pasugatan luwih, yataraden wukir sekar, sumedhot duk aningali.


Marangingkang wau rawuh, kumepyur tyasnya dyan mantri, kawruh riwut amor maras, angeres kadi ingiris, agragapan kongsi rongjam, gringgingen muput saratri.


Keduten salikur menut, ngulat ngulete rong ratri, palintiran pitungdina, wawatuke pitungbengi,  ngalindur ngruntuh nem dina, upamane raden mantri.


Tan betah denya andulu, marang ingkang lagya prapti, raden sumingkir angiwa, ing wuri angintip-angintip, asik ing wardayanira, dhuh iku ratuning pasthi.


Kakangbok sisugih tenung, dene arawuh pribadi, sun tatedha ing jawata, muga tulus aneng ngriki, sarimbit olah mumuja, rinawengi lawan mami.


Sangsaya bingung ing kalbu, wau raden wukirsari, blebu metu solahira, tan bisa jena kalinggih, kumenyut pijer nyat-nyatan, limendem pocung sacethi.


Yata wau, sang wiku ngandika arum, marang sang lir retna, dhuh angger anilakrami, lilananapun bapa anilakrama.wayah alun, punika sasawangipun, dede padarakan, kadi turas ing asinggih, semuniun kadya anandhang asmara.


Yogyanipun, angger weca aman ingsun, daru naning tikbra, lan sinten sinambat ing sih, sang dyah ayu tumungkul sarwi wacana.


Dhuh pukulun, kawula ratu, nagari ing tenggala, lembu miluhur sang aji, binathara kang ayoga mring kawula.


Milanipun, amba memah kesah nglangut, darpaning duhkita, kaecalan kadang mami, jalu estri murca saking jro kadhatyan.


Keh angluru, sapraja tan wonten pangguh, mila tyas kawula, tan etang ing larapati, sruning tyas nadhateng kadang ingsung tuwa.


Kaki wiku, kawula minta tutulung mugi den tedahna, ingj kesahe kadang mami, punapaj gih sampun pinulung ing dewa.


Lamun durung, yen taksih sami rahayu, ing pundi dunungnya, sang pandhita ngandika ris, inggih angger sadaya maksih raharja.


Tembenipun, rakanta amanggih luhur, nanging ungggyanira, sinamar saking dewa di, dereng kenging angger lamun winedharna.


Ajrih ulun, mana wikenging sisiku, amubuka kekeran, ing jawata kang akardi, inggih saking ciptaning wang kawlas arsa.


Minta pangguh lan raka tuwan puniku, saking sru kacakacaryan, mring kang nama raden panji, amung garwanipun panjij kasatriyan.


Kang kasebut, sangkaning rat dewi galuh, puniku sang retna, maksih wonten ing wana dri, kawlas arsa saparane lawan putra.


Lakung wimbuh, galiye yun nganyut tuwuh, rakanta sang retna, inggih dewi sekartaji, langkung risak sarirane aneng wana.


Kawlas ayun, raka andika sang ayu, wau duk miyarsa, kusuma retna jin oli, sesek ing tyas waspanya dres mara payan.


Sampuripun, gung kinarya ngusapi luh, sarwi lon ngandika, dhuh pukulun sang ayogi, langkung nuhun, kawula sinungan tedhah.


Kula nunuwun, badhe nutugaken laku, ngulati kang gesah sang tapa ngandika aris, mangke angger kawula si nungan tedhah.


Kula nunuwun, badhe nutugaken laku, ngulati kang gesah sang tapa ngandika aris, mangke angger kawula bektani rencang.


Dimen tuduh, ing marga myang dunungipun, raja putri daha, sayekti nunten ka panggih, sang retna yu umatur sumanggeng karsa.


Sang awiku, umanjing paomanipun, raden wukir sekar, pinuja awarna cantrik, nora nana kanggraita saselangan.


Warnanipun, matheseng weteng malenthu, wungkuk gigirina, grana bunder menis-menis, bathuk bungal netra gerong kadi bawang.


Ireng welu, jenggote arang rambut jagung, busana jujubah, kathok kalet sabuk banthil, wus mangkana tan dangu ginawa medal.


Panggih sampun lawan kusumaning ayu, sang tapa ngandika, angger yen estu lumaris, cantri ulun punika kang umiringa.


Kang anuduh, ing marga sapurug-purug, kathah kawruhira, punika ran ragagati, sang dyah ayu, anuta saha turira.


Langkung nuhun, lajeng bidhal sang retnayu, cantrik gatiraga, kikinthil wuri tan lebih, punakawan kakalih tansah tut wuntat.


Dulit dudul, tan lebih lumakyeng pukur, yata lampahira, wus tumurun saking wukir, laju ngambah wanagung kathah dirgama.


Keh kadulu, buburone agung-agung, pan sami lumajar, ajrih parek sang lumaris, ragagati anjawil saking ing wuntat.


Sang dyah ayu, kagyat anolih ing pungkur, sarwi angandika, sapa anjawil ing mami, cantrik matur dhuh angger inggih kawula.


Kang adumuk, sang bagawan welingipun, cantrik yen lumampah, sira aja tebih-tebih lamun begang nuli sira anjawila.


Lakunipun, petangane tanpa kantuk, nuju ngreming tanggal akeh sangsayaning margi, pan mekaten wau welingsang tapa.


Sang dyah muwus, sarwi lajeng lampahipun, kapan denya mekas, mring sira ingsun tan myarsi, papantesmu sira gawe laku dora.


Sampun nemu, sasandhungan badan ulun, yen kula linyoka, den moh ana kadhas kudhis, sang dyah ayu mesem datan anggraita.


Alon muwus, sapakang maido iku, dene ucapira, supatane kadi glamit, gatiraga ingsun iki atatanya.


Sira iku, cacantrik ala ing ing gunung, nganggo punakawan, paran tategese, iki cantrik matur gusti dede punakawan.


Kadang karuh, mring kawula minta wuruk, pralambang walgita, sregara sabda kakawin, sang dyah muwus, lah iku akal punapa.


De wong gunung, amumuruk sastra luhung, kaki kang wus kaprah, winuruk puja semedi, sasambene pratikele nandur kenthong.


Alon matur, kicantik piya pirengu, ginawa ing ulat, mrengut ungtu maringis, ing batine sangsaya gambuh


Dhuh angger dewaning rum, sampun sawiyah dhateng wong gunung, ngala-ngala dumeh cantrik ambesisik, mangan kenthang lawan jagung, dhasar tedhake wong asor.


Sinten kula pukulun, kami puruna dhateng dewa yu, gudhe rambat anglekara awak mami, pinten kadare wong gunung, tuna budi kawruh kothong.


Among cipta satuhu, ngestokaken welinge sang wiku, tan linilan tebih lan rasa panutri, jer putrane ratu agung, binathara ngreh prakatong.


Sang dyah meneng tan wuwus, sampun lajeng wau lampahipun, punakawan kalih sami gunem ririh, adhi dudul ala nganggur, kari ngatheker kemawon.


Dudul nambungi wuwus, kakang dulit bener nora luput, kadi manggih sasotya sayuta wukir, nganggo enak imbuh enuk, kari angompot kemawon.


Mesem dyan wukir santun, tan winarna langene lumaku, winuwus, pra bugis kang baris andon.


Neng wana angendhanu, sawadyane sami suka nayup, sagung ingkang sato galak tumpes tapis, cinekel minongsa tuhu, dadi kasukane kono.


Andina-dina nayup, alas pejah tan ana wong langkung, ajrih mulat ing bugis anggigirisi, saru ing sasolahipun, pakaryane gawe rusah.


Yata malih winuwus, kabayane bugis duk andulu, maring retna onengan denya lumaris, mung titiga rowangipun, gya lumayu kyai daong.


Mareki lurahipun, katur lamun wonten wong lumaku, jlau tiga estri satunggil linuwih, kadi hyang-hyang ing rumarum, lir sudana ngalih enggon.


Pantes ratuhing ayu, ayu-ayu ing jagat tinumpuk, yata wau prameya bugis miyarsi, suka gad-gada gumrubyuk, rebut dhucung arsa anon.


Dupi sampun kadulu, para bugis sami nandhang wuyung nirwikara nirbaya saroseng galih, gimrubyug rebut karuhun, agahan samyarsa modhong.


Wau taduk andulu, retna jinoli tyasipun, tuwin cantrik ragagati amimiris, dadya ingajak lumayu, dhuh daweg dewaning wadon.


Punika wonten mungsuh, badhe ambujeng dewaning arum, kadi paron kacandhaka sang lir ratih, rinawuhan mungsuh sewu, dhuh daweg ta kula gendhong.


Sang retna datan ayun, tan susah ginendhang sunkiputhut, kapat sareng lumaku amurang margi, nasak-nasak nusup-nusup, parandene maksih katon.


Pra bugis nguwuh-uwuh, rame alak-alak ayu, lah mendhega bok nganten papagen mami, pagene teka lumayu, pan dudu sarpa lan emong.


Mangkana kang lumayu, kapi andhem kapat numbuk-numbuk, sang dyah ayu palayune kawlas asih, meh pedhot ambekan ambruk, aneng jujurang aloso.


Kang pindha cantrik muwus, kadiparan karsane sang ayu, teka ngangge ambruk tan lajeng lumaris, sang dyah ayu wuwusipun, kaki pedhot napas ingong.


Kaki sun minta tulung, marang sira mapaya prang pupuh, kaya priye kacandhaka awakmami, yekti binoyong ing mungsuh, asuka banjur alayon.


Kang mindha warni muwus, lamun sae ing pitembungipun, raden ayu sayekti kula nyagahi, sampun basa kaki mring sun kula dereng ngraos kempot.


Lan boten ngraos ulun, rabi ninidika sinten kang wruh, lamun dhasar andika nurut reh mami, inggih kawula asanggup, nanggulang yudane mungsuh.


Sruning gugup tyasipun, retna jinol amuwus, iya ingsun anut ing sareh ireki, paran pitembungan ingsun, kang mindha cantrik lingnyalon.


Paduka kula rengkuh, semahulun andika anebut, mring kawula kangmas kenthol ragagati, lah daweg andika nebut, mring kawula kangmas kenthol.


Sang dyah meneng tan muwus, osiking tyas kaya priye ingsun, maksih kenya nebuta saengga rabi, ewadene raganingsun, wajib nuruti samengko.


Sakedhap mrih rahayu, mongsa ingsun melika wong gunung, ingkang mindha cantrik alon muwus malih, kadi pundit raden ayu, yen nurut among kang mas kenthol.


Wau ta duk angrungu,kang amindha cantrik nibagulung, sarwi muwus adhuh mati awak mami, awakku mati sadukuk, heh dudul kariya karo.


Reksanen garwaningsun, aja kongsi lunga saking ngriku, dudul dulit matur sandika nulya glis, sang cantrik umangsah sampun, malih warna bagus anom.


Yata dyan wukir santun, lajeng panggih mungsuh kangamburu, samya kagyat malat sagung para bugis, rahadyan sampun kinepung, tan miris wau sang anom.


Sareng samya amuwus, para bugis ana arsa nyikut, heh wong anom sireku ngalang-ngalangi, sumingkira sira kacung, sunarsa buru wong wadon.


Apa sira mau wruh, buburonku wanudya kang ayu, malbeng wana ingiring kang para cantrik, redden alon ngandika rum, wruhanira ingsun weroh.


Wanudya luwih ayu, iya iku wau garwaningsun, ars paron sira bubujung kapati, lamunarsa ngaru biru,lah ayonana den gupoh.


Hayya dupeh sireku, sugih rowan sugih gaman pupuh, mara payo tamakena maring mami, ana bugis kaduk purun, lulurah kraeng mabengkok.


Pecah polo maledug, rowangira gad-gada manempuh, pinarbutan pra bugis makethi-makethi, tan kewran dyan wukir santun, singa sinampe macethot.


Bubar ingkang tinempuh, radian sinosoging watang ganjur, datan tular ing ngongga rahadyan mantra, saengga wesi balitung, bakuh madyaning palogon.


Para bugis mangayun, senapatine bugis wus lampus, raden wukir sekar ngamuk lawan baris, kathah bugis mawut-mawut, yata malih winiraos.


Awas dendya andulu, retna jindi marang kang pupuh, osik ingtyas si kaki cantrik neng endi, dene teka tan kadulu, ingkang perang wong anom.


Ngandika sang retna yu, marang panakawan kakalihipun, heh sireku bature si kaki cantrik, ingsun tatanya satuhu, lukurahmu apa yektos.


Cantrik teka ing gunung, miwah lamun mamaliyan iku, alon matur kang dinangu awot sari, katur ing sajatosipun, putreng kandhiri sang katong.


Rahadyan wukir santun, sang dyah kagyat merang jroning kalbu, kalingane si anjing amindha cantrik, mulane plahe mau, kaya wong edan didheplok.


Si wukirr sari iku, tan wis uwis, pangarahe mring sun, angandika nenggih sang retna jinoli, heh punakawan den gupuh, ngambila wong roro.


Jroning jujuran terjung, mengko kinaryo cawis gustimu, tursandika wong kalih sami angambil, anyangking bumbung malebu, mrang jro jujurang sing greng.


Yata wau sang ayu, cipta antuk gawe sandinipun, ingsun iki yen tan lunga na niwasi, marang si asu kang pupuh, pira bagane wong wadon.


Ambeke wukir santun sawenang-wenang kudu ambekuk, sigra angles wau ta raja pinutri, murang marga nusup-nusup, wus tebih tan winiraos.


Wuwusen kang apupuh, wadta bugis wus sami amawut, bubar-bubar senapatine ngemasi, siji data ana kantun, langkung sukanya sang anom.


Gya wangsul enggenipun, dadya cantrik malih sang abagus, nguwuh-uwuh dhuh mirah retnaning puri, angger papagena ingsun kakangira pupoh.


Dupi prapteng genipun, kagyat dene sang dyah tan kedulu, ingulatan nganan ngering tan kaeksi, ngengleng bingleng thengunthenguk, waspanira adres miyos.


Ringik-ringik raden wukir sari, pijer menga mengo ngungak-ungak, anggung nolah noleh, tanantara punakawan kalih, prapta nyangking warih, winadhahan bumbung.


Kagyat mulat gustine anangis, sang dyah datan katon, dadya sami gumeter manahe, marek ngarsa radian ngandika ris, heh sireku dulit, lan dudul kapaung.


Teka sira neglir ken waweling, padha minggat karo, menyang ngendi sira sasuwene, gustinira mau marang ngendi, dene tan kaeksi, kang dinangu matur.


Kula wau dinuta sang dewi, mekaten denya kon, sira dudul dulit dipun age, ngupaya awarih maring kali, kinarya nyawisi, gustimu yen rawuh.


Nunten kawula sami angambil, warih tiyang roro, wingking kula tan wikan puruge, raden wukir sekar duk miyarsi, ing tyasira kadi, kajanta keng adhuh.


Nglugas raga tilar warni cantrik, asru amiraos, nora kudu dadia cecekel, tuwan tuwas busik ala kusi, sinurtu ing putrid, putrane wa prabu.


Sambatira raden wukir sari, marang ngendi babo, wadung pari sudarma prajane, kaniaya putrane wa aji, atinggal ma geng gring, sandine maningsun.


Kinen umagut yudaning bugis, munduran weh wirong, teka lolos saking pamggonane, maring ngendi paranira gusti, payo dudul dulit, umentar angluru.


Lajeng tumindak sarwi ngririntih, saparan wirangrong, dhuh kakangbok bisa gawe-gawe, lalamise arsa gumateni, mring dasih kang jurit, munduran anyinyhung.


Pandaming rat panyamaking rukmi, sereng ing tyas ingong, sasuwene tanana timbange, kang puspita sinukarta gusti, malah lir linujit, andudut jajantung.


Puspa ranu ingkang bikang alit, drung karuwan ingong, ambebedhog mring panjenengane, rontal buntal midyat maka gusti, tingale asengit, yen mulat maring sun.


Kaya priye putrane wa aji, ingkang ragil wadon, benget temen kang bok niayane, sun tatedha marang jawata di, dadya jatukrami, lawan jeneng ingsun.


Sun walese aneng jinem wangi, ingsun ukum pondhong, sun nuk-enuk salawe dinane, parandene maksih duwe panggih, mundhut isik-isik, badane sakojur.


Kurang gawe nganggo mundhut dhidhis, sikil prapteng githok, anggung gawe kinen nyambi dongeng, nora kena sambat sayah arip, banjur den dukani, sinabet ing gelung.


Kaya paran talakona mami, solah kang mangkono, andu paralah apa margane, dene iki kangelane jurit, kolu angoncati, temah karya bingung.


Enengana raden wukir sari, nenggih sang lir sinom, raja putri kadhiri lampahe, kasangsaya gyanira lumaris, tan ana kang ngiring, amung lawan sunu.


Salamine jengkar saking puri, nenggih sang lir sinom, tilar dhahar lawan gugulinge, putranira ingemban pribadi, dahat kawlas asih ing saparanipun.


Sanget risak ing sarira kadi, putih sawang layon, rema dadya rerendhetan kabeh, nyampingira suwek ing saluwir, lampahira rindhik, sukunya malenthung.


Ingkang putra anggung den tangisi, dhuh woding tyas ingong maksih timur temen sira angger, during mongsa melu kawlas asih, dhuh dewa den aglis, pulungen wak ingsun.


Delap temen urip aneng bumi, guda dilalakon, angur  suka sirna aden age,heh jawata banjuten sun iki, paran karya urip, gung andon mangun kung.


Tuwas tumuwuh aneng ing bumi, pijer dadi lakon, tanpa daya linilan sukane, tangeh lamun enak ing kamuktin, dhuh hyang udipati, jumputen wak ingsun.


Haywa tanggung andadawa sedhih, baboraganing nyong, suka nulya cupeta lakone, mung setyaku kang kabyaktan maring, guru nadimami, sang asmarabangun.


Ing delahan parenga aniitis, saparan away duh, ing saparan raganingsun kiye, pisah enggon pan sedheng samyasih, mila lampu mati, tan kelar nehen kung.


Yata wau kusumeng kadhiri, kadurus geng wirong, pan sumaput peteng paningale, tan panon rat saking geng wiyadi, nglageyeh anguling, tang ngoleh ing sunu.


Kawlas arsa nenggih raden siwi, sru mular neng pangkon, jerit-jerit wau panangise, yen wrin muwus kadya cumametik, kang ibu tan osik, sanget denya kantu.


Sruning putek kapetek ing sedhih, kantaka lir layon, ingkang putra saya sru tangise, datan ana janma kang ngudani, neng jro wana werit, tebih lawan dhusun.


Kuneng ingkang kantu datan osik, gantya winiraos, retna jinoli wau lan lampahe, karsaning dewa kinarya tunggil, lan putri kadhiri, wau ta sang ayu.


Amiyarsa tangising babayi, sang retna sumedhot, karaseng tyas nguni pulunane, pamulare kathah angemperi, mangkana sang dewi, mijil waspanipun.


Locitaning driya sang lir ratih, sarwi lampah nyalon, sapa ingkang darbe bayi kiye, tatangise teka angemperi, lan puluhan mami, babo apa iku.


Anak ingsun sayekti kang nangis, binekta kakangbok, yen duduwa apa anak wewe, lagya medul mulane anangis, yen mungguha janmi, tebih lawan dhusun.


Sapa ingkang wani ngambah ngriki, adoh banget elok, alas iki kaliwat kiwane, sato mara janma mara mati, manawa yen janmi, mung anedya nglampus.


Saya pratela denya miyarsi, wau ta sang sinom, kasangsaya kagagas galiye, dupi prapta ing don kang anangis, sang dyah aningali wanudya aturu.


Aleyangan paragak ing jati, babayi neng pangkon, maksih arda neggih panangise, dahgu-dahgu saya celak keksi, tan samaring galih, lamun kadangipun.


Kalengkaning putri kadhiri, kangkantu meh layon, ni onengan asru panangise, ingkang putra cinandhak kinempit, sarwi anungkemi ing pada sang kantu.


Sasambate angers kawlas asih, dhuh lae kakang bok, kenengapa mangkene dadine, antenana ingsun milu mati, kakang kadang mami, paran solah ingsun.


Nora bisa keri awak mami, suka melu layon, dhuh jawata belakna den age,kadang ingsun dene ngong ulati, tan wrin baya pati, anrang jurang gunung.


Tanpa nadhah guling sun lakoni, saking tresnani ngong, mring kakadang prapteng paran mangke, kakang embok kapanggih wus mati, iki anak mami kongsi kawlas ayun.


Sangsaya sru panjrite sang dewi, napase meh pedhot, magep-magepa kaku atine, kagyat wungu retna sekartaji, mulat ingkang rayi, anjelih rinangkul.


Dhuh ragane nyawa ari mami, sih tuhu maring ngong, amung sira atmaning sun dhewe, ingkang dadya tutumbaling ati, sira iki prapti, sapa ingkang tuduh.


Praptanira tan ana kang ngiring, angruruh maring ngong, sawusira rereh sakaliye, ingkang rayi umatur wot sari, tan wonten kang nuding, kangbok kesahulun.


Lawan paduka sareng saratri, saking gugup ingong, kakang embok tan katon asare, mila kawula asru ngulati, tan wonten kapanggih, lajeng kesah nusul.


Katur kabeh sasolah ireki, awit duk alolos, kongsi prapta ing kawekasane, iangkang raka ngungun mrebes mili, kang rayi tinarik, embane cinucup.


Dhuh ragane wong ayu mantesi, gurune wong wadon, apa ingkang ingsun walesake, ingkang rayi amatur wot sari, kawula tan mamrih, wawales puniku.


Angger paduka boten ngemasi, langkung suka ning ngong, jeng paduka duk wau asare, nanging sare tuwan lir ngemasi, mangke wus basuki, sasat mas tumimbul.


Matur malih wau sang retna jinoli, kang bok jeng paduka, duk kesahe saking puri, dene tan nganggo popoyan.


Kongsi karya harda-hardaya ning galih, yekti kanjeng rama, miwah ibu prameswari, baya sami gung sungkawa.


Paran mangke ing karsa paduka inggih, punapa kundura, tuwin lajeng angulati, kakang panji kasatriyan.


Angandika sang raja putri kadhiri, yayi wruhanira, sira mengko suntuturi, genggenging sungkawaning wang.


Kabeh-kabeh kang dadya langen ing puri, miwah ibu rama, kadang sanak-sanak mami, yayi kawuri sadaya.


Nora nana kang dadi toh ing wiyadi, malah pangrencana, mring wurunge laku mami, angupaya lakining wang.


Dene yayi dununging katresnan mami, ingkang sewu wurda, sewu wurda ping sakethi manggon aneng kakangira.


Ya mulane lunganing suna ngulati, saparan ywa pisah, yen mati melu ngemasi, ing rakanta mring delahan.


Yata lagya samyeca imbalan angling, putri kalihira, wuwusen wau kang prapti, dutane hyang girinata.


Hyang kaneka putra jog saking wiyati, prapteng gon sang retna, yata wau putri kalih, uninga yen ana dewa.


Tur pranata kalih nyadheku nengarsi, lir satata nembah, ing dewa muja semedi, sang narada lan ngendika.


Neh yoganing ulun nini putri kalih, sun iki dinuta dening sang hyang udipati, kinen akoiring sira.


Ana parandene kuli neng wanadri, deputrining nata, padha anisaking puri, paran dadya sedyanira.


Ingsun dulu wangune, anandhang kingkin lawan garwa putra, tanpa marma maring siwi, sutanta kakasih ing hyang.


Maksih alit sira jak aneng wanadri, paran marmanira kang dadya paran ing sedhih, lan payo nuli wecaha.


Matur nembah kusuma yu sekar taji, dhuh sang murbeng titah, tan susah tura mami, yeliti yen sampun kawruhan.


Obah osik sajagad sadaya uning, narada lingira, bener ing aturmu nini, nanging sun iki dinuta.


Sang hyang guru kinen mariksa sireki, kang dadi daruna, ing wiyoga nira kalih, sang dyah umatur manembah.


Dhuh pukulun kesah kawula puniki, nemah tilar pura, ngulati ing laki mami, sang apanji kasatriyan.


Kesah anis murca saking kenyapuri, sasingepe nendra, nirwarta sampun alami, mila kawula anema.


Tilar pura maring wana angulati, wus katur sadaya, miwiti malah mekasih, resi narada ngandika.


Ing semengko paran karsanira nini, ilang lakinira, umatur ni sekartaji, dhuh pukulun batareng wang.


Inggih lamun sampun palastra sang panji, kula den belakna tunggila kahanan jati, dene yen taksih raharja.


Amba nunten kapagiya wonten pundit, pangeran kawula, panji ing kartapati, hyang narada malih mojar.


Wruhana mu nini lakinira maksih, ya padha raharja, iya uwis rabi putri, ing sabrang ayu utama.


Putrii iku kang anwustha ring sang panji, awit nandhang brongta, kasmaran sajroning impi, dadi garwane rakanta.


Nanging lakinira tyase maksih rujit, saking geng sungkawa, awis nadhah awis guling karonto-ronto ing sira.


Yata wau kusuma putrii kadhiri dahat sru hardaya, katongton tresnaning laki, angers mijil ingkang waspa.


Hyang kaneka putra angandika malih, boboyoganing wang sira moywawalang ati, tan lami nulya ka panggya.


Lawan garwa nira iang kartapati, nanging sira nuta, nini ing pratingkah mami, iya karsaning jawata.


Sutanira pinundhut marang swarga di, rinekseng jawata, sira sun malihken warni, karo padha rupa lanang.


Lah ing kono margane bisa kapanggih, lawan kasatriyan, wau ta duk amiyarsi, sang retna condra kirana.


Leng-leng int tyas sanalika datan angling, luhnya dres mrawayan, denyarsa pisah lan siwi, anggraita jroning driya.


Kang priye sutaning sun yen anangis, pisah lawan ing wang, maksih nesep durung wanci, ya lamun den ilanana.


Hyang narada wruh semune sang lir ratih, yen dahat sungkawa, pinisahna lawan siwi, dadya alon angandika.


Away nini sira sandeya ing galih, mungguh putranira, maksih nesep durung wanci, jawata kuwih kawasa.


Nora kewran amrih basuki ning urip, kabeh kangtumitah, iya dewa kang akardi, wau ta putri ing daha.


Sukeng driya matur alon awot sari, dhuh lamun mangkana, sandika darma nglampahi, nurut ing reh batharendra.


Wus ngaturken wau ni sang jabang bayi, saksana tinampan, narada ngandika malih, lah ninisira tukupa.


Netranira dimen nuli salin warni, mituhu kalihnya, wus pinuja montra sami, sanalika warna priya.


Bagus-bagus kaliye pratameng jurit, galuh sangkaningrat aruruh dedeg respati, ladak ririh yen angucap.


Retna dewi onengan baranyak wingit, kapara tantangan, yen angucap nenga langit, hyang narada alon mojar.


Sira nini kadhiri ingsun arani, klana madu brongta, dene ni onengan iki, arena madukusuma.


Lawan sira padha sinungan jemparing, pamunahing mengsah, aran sang ruda dhadhali, kalawan sang sarotama.


Langkung nuhun sandika rahadyan kalih, dahat sukanira, ing tyas lir prabata siwi, kang mentas sinung sarkara.


Hyang narada angandika aris, mungguh iki benjang putraning wang, ngong sungaken wong tuwane, nanging sun tuju ngenu, iya dimen panggiyeng ngriki, ana karsaning dewa, kang liningan matur, pukulun yen makatena, kula tilar surat benjang sungna maring, sang panji kasatriyan.


Angandika ya luwih prayogi, gya nunulis aneng pandhat surat, ngra repa pitembungane, ngela-ngela kalangkung, nganyut-nganyut jiwaning laki, sinung titi asmara, ingkang tembang kidung, wus dadya katur saksana, tinampanan hyang kaneka putra uning, mesem sajroning driya.


Angandika lah iki prayogi, meh anunggal karsaning jawata nora adoh iya kiye, dhuh kaki yoganing sun, karsanira hyang odipati, sira wus mangetana, karo dipungupuh, ana ratu geng sungkawa, nagri bali aran surya legawaji, langkung pramintanira.


Kang dadya wit purwaning rudakin, ratu iku adarbe tanaya, wanudya endah warnane wasta kancana wungu, linamar ing sasra nagari, padha bareng praptanya, kabeh para ratu, panjaluke ngruda peksa, malah mandar arsa ngrabaseng ajurit, mengko si bali raja.


Ngindha sudra atilar nagari, tanpa rowang angupaya sraya, kang bisa anyirnakake, mungsuh nagara sewu, yekti sinung putrine luwih, gya ngadegaken raja, sumilih marsepuh, sira padha nanggupana, benjang kena putrine sang raja bali, sungna mring lakinira.


Sang mancala warna matur aris, tan lenggahna rehing hyang narada, sampun winulang kaliye, sasolah ing prang pupuh, wus widagda tan nguciwani, sang resi malih mojar, benjang sira pangguh, lan sang panji lakinira, aneng nagri bali marganira benjing, miwah pitutur ing wang.


Lamun sira kapethuk ing margi, janma mindha sudra amomohan, lah nuli sapanen age, iku kang ananamur, prabu surya  legawa aji, la wus padha mangkata, den prayit neng kewuh, kalihnya sandika mangkat, hyang kaneka putra muksa tan kaeksi, jabang bayi binekta.


Kawuwusa lampahe sang kalih, tan wrin pringganing samarga-samarga, datan winarna lampahe, samana wus kapethuk, janma juga apindha baring, sasolahe katara, kendel sang abagus, sinapa heh paman liwat, lah mendhega sun arsa tanya sireki, sira iku wong apa.


Kendel wau kagyat kang sinung ngling, dangu amawas enget ing driya, wau wangsit nguni ujare, yen kepethuk wong bagus, kalih sami wangun prajurit, sigra dyan pinarekan, sapraptaning ayun, wus samya tata alenggah, matur aris ngrarepa sang rajeng bali, dhuh sang pindha kumala.


Kami purun amba nilakrami, jeng padhuka satriya punapa, dewonten ing wana ijin, paran ingkang kinayun, lawan sinten pinudyeng krami, wingking pundi kang praja, sang kalih ling nya rum, ya ingsun wong kandhang mega, setyaningsun ngupaya lawaning jurit, dene paparab ing wang.


Lamun ana kang kaliye, sang namur len umatur, kamayangan kawula gusti, lajeng waleh ing nama, myang sasolahipun, wiwitan pranteng wekasan, duk miyarsa langkung suka raden kalih, sang nata malih mojar.


Dhuh pukulun dewataning pekik, kamipurun kawula babana dhateng ing paduka angger, sirnakna susuh ulun, binabeka sewu nagari, sami aruda peksa, ing nagari wangsul, manglimput angepang kitha, yen sirna asumangga nagari bali, dadosa kalangenan.


Sampun katur pamitaning aji, mula bukanira ong duh kita, sang lelana lan wuwuse, lah iya paman prabu, iya ingsun kang mitulungi, lejarna susahira, yata tan winuwus, katiga wus sami mangkat, tan winarna lampahira prapteng bali lajeng manjing jro pura.


Langkung denya susugun sang aji miwah prameswari sih kalintang, mulate sraya kaliye, sang nata ciptanipun, wus tan ngrasa jumeneng aji, kasrah sajroning pura, marang tamunipun, kabeh wong ing kenya pura, sru kasmaran lam-lamen mulat sang pekik, kathah kang mindha-mindha.


Sagung kenya lalangan semyestri, angraremih nyipta sang aprapta, kewedhar luntur resmine, samya rungrum, apocapan saengga krami, yata datan winarna lamine sang rawuh, aneng ing bali nagara, kawuwusa para ratu sewu nagri, kang ngepang jawi kitha.


Ing nalika punika miyarsi, lamun sang prabu surya legawa, aminta sraya wus oleh, kineker neng kadhatun, dadaya wau kang para aji, muntap sareng krodhanya, undhang wadyanipun, kinen ngangseg gepuk kitha, sru gumuruh swaraning bendhe tinitir, kadya manengker wiyat.


Kagegeran punggawa ing bali, para wadya sami asanega, samapta sagagamane, kya patih suryaketu, manjing pura mareng sang aji, prapteng byantara nata, manembah umatur, gusti amba tus uninga, para ratu sewu nagara dhatengi, ngrabaseng purantara.


Samya dhatengaken denya runtik, de miyarso paduka met sraya, mila para ratu mangke, sadaya amrih kiwul, angandika sri nara pati, lah nuli papagena, lan sawadyaning sun, raden putra kalih mojar, ingsun paman aji arsa metujurit, poma den rila sira.


Pan wus lami ingsun nora jurit, katagiyan paman awak prungsang, yen adata adus getiye, mungsuh kang ambeg purun, kaya ngapa tengkeping jurit, sang ati langkung panas, mring kang para ratu, matur sri surya legawa, sampun angger tan kirang wadya ing bali, tuwo kariyeng pura.


Mamuk tiya rungrum ing jro puri, sang kalana alon angandika, paman sun lumakyeng gawe, paranta karyaning sun, paman aji anggawa mami, ujare pinet sraya, praptaning donipun, tan angsung melu ayuda, apa gawe yen mengkono awak mami, arsa miluyeng wana.


Alon matur sang nate smu ajrih, yen mangkaten ing karsa paduka, inggih kawula srahake, ing hyang kang murweng tuwuh, angreksa paduka kalih, angger mangke pun bapa, sumangga pukulun, sirnanipun para raja, inggih sinten yogyanipun kang paring sih, angger datheng pun bapa.


Angandika wau raden kalih, adhuh paman aywa walang driya, payo undhang den age, kabeh wadya ing bangsul, gya tengara sira kya patih, bendhe kendhang wurahan, tinembang gumuruh,muntap wadya sanagara, kadya robbing jaladri abanjir wukir, sangkep-sangkep ing aprang.


Radya kalih miyos saking puri, ginarebeg gagaman ing yuda, wus prapteng jawi nulya ge, budhal sawadya umyung, swaranira tengareng jurit, kadya giri kusuma, dalu dag ngunguwung, dwija amindha widyuta, tan winarna wus prapteng jaban nagari, panggih sungut ing aprang.


Wadya mengsah wau duk ningali, wedalira prajurit jro pura ing aben umangsah angge, sadaya pareng ambyuk, kadi jawah pinreping angin, prawireng bali panggah, rame aprangipun, kalihnya wus ambeg pejah, caruk kuwel awor ruwet liru titih, tempuh gantya marjaya.


Anirbaya nirwikara kalih, pramukaning yuda sami mangsah, pareng narajang panjore, swaranira gumuruh, lir pawana manempuh wukir, goraya sami sura, keh pangke, maledug, keles war lebu mangampak, keh kasrakat wong bali kang nandhang kanin, karoban baris pasang.


Asru duka sang mancala warni, sigra mangsah lawan arinira, ing rana menthang larase, sang sarotama mamprung, maring wiyat umangsah jurit, ngamuk saking gagana, anusup ing mungsuh, keh pejah ing adilaga, tan pasesa mayuta makethi-makethi, kang nguncat mundur ngiwa.


Dyan tinundha rudka dhadhalilumepas, ratu sewu nagari, keh sambat kabranan, ana kang banjur pejah, giris wong sasra nagari, gugup wus masang, ingkang daludang putih.


Pratandhane yen sami nungkul ing yuda, samana denya jurit, wong sasra nagara, tanwinarna solahnya, para ratu nungkul aris, iangkang palastra, sampun ginantyan siwi.


Apan samipun ngaturken alara-alara, kabeh kang para aji, mring dyan madubrongta, sadaya wus ginarwa, nanging ingkang dadya padmi, angreh pragarwa, sira sang putri bali.


Tan winarna kang solahe pamiwaha, cinendhak kang ruwyadi, raden madubrongta, sampun jumeneng nata, wonten nagari ing bali, martuwa nata, magawan aneng wukir.


Ngardi ulu denira karya asrama, amung lan prameswari, cethi sawatara, tumutur maring argo, mamesu ouja semedi, minta tulusa, harjaning nagri bali.


Among putra sawiji jalu tinilar, karsane sri bupati, pan sampun pinatah, kinarya raja putra, lurah ingkang para siwi, sutaning araja, ingkang monca nagari.


Pinaringan nama dyan panji suparta, sandika manganjali, langkung koncemira, marang sri naratama, dhasaripe tuwa yekti, milane dahar, denira lulut asih.


Ingkang rayi rahadyan madukusuma, sampun kinarya patih ing elih wastanya, anama jayeng tilam, dene pepatihe lami pejah ing rana, datan atilar siwi.


Among kadang satunggil sampun kinarya, pangarsaning wadya ji, sumasor dyan patya, noma arya supatra, wus tentrem nagari bali, langkung raharja, dene kang para aji.


Dereng wonten kalilan mantuk sadaya, maksih sami sumiwi, mring sang madubrongta, samya yun-yunen mulat, warnane pramudyeng bali, kathah kasmaran, temah tan mulih-mulih.


Garwa padma ingelih namanya, nenggih dyah sekartaji, myang candra kirana, pinindha putri daha, dene putrane dipati, saking amonca, sinungken ingkang rayi.


Kyana patih jeyeng tilam langkung suka, yata datan winarni, ajraning nagara, wonten malih winarna, sareng caritane kadi, nanging wedharnya, nenggih kinarya ganti.


Duk samana lampahe judeh prasonta, nusup-nusup wanadri, langkung kawlas arsa, denira angupaya, ing murcane raden panji, lawan garwanya, lami tan antuk warti.


Saparane wong roro anggung karuna, sasambat jelih-jelih, dhuh dewa bathara, tulunga ing kawula, haywa weh sangsayeng dasih, sampun alama, pijen apanas perih.


Menak agung asru denira karuna, dhuh dewa wadung pari, laksina winedhor, kaliwat kaniaya, tan asih ing kawlas asih, yata samana, wonten sih ing dewa di.


Anedhaki hyang jawata saking wiyat, anguwuh-anguwuh aris, heh titah ngong sira, karo glis mareneya, kagyat kang inguwuh nuli, mareg tatanya, dhuh kang nguwuh ing mami.


 duk punapa andika wonten ing wana, sadangune ton keksi, lawan ingkang warna, ijo amawa cahya, punapa prayangan ejin, kang tengga wana, arsa nang sayeng dasih.


Sokur lamun tumunten den sirnakena, paran karyane urip, urip tanpa daya, angur nuli palastra, sang jawata ngandikaris, heh babo sira, mengko ingsun tuturi.


Ingsun iki dutane hyang gininota, sang hyang jawata mami, lumaku ing karya, kinen tutulung sira, jer padha kawelas asih, lah payo enggal, wecaha maring mami.


Apa ingkang dadya karsanta neng wana, karo padha anangis, kang tinanya nembah, mendhak angaras pada, wruh yen jawata kang prapti, ngasorken raga, matur reh ing prihatin.


Purwa madya temah prapta ing wasana, sadaya katur sami ngungun sang jawata, alon denya ngandika heh kakasihing dewa di, dene anak sira, iya iki meh pangggih.


Mangetana sira karo suwitaa, marang nagara bali, prabu madubrongta, ingkang jumeneng nata, kakasiye jawata di, ing benjang sira, kono margane panggih.


Lawan panji kasatriyan arinira, jalaran talang jurit, ing bali nagara, iya papaning yuda, lah wis mangkata tumuli, jawata muksa kang tinanya lumaris.


Tan winarna ing marga lampahe prapta, jroning nagara bali, prabu madubrangta, nuju miyos sewaka, pepak prawira ing bali, neng arsa nata tuwin rekyana patih.


Jayeng tilam kang marek ing ngarsa nata, ing wuri kang para ji, jejel pagelaran, wadya maneka warna, busana abra warna sri, lir gunung kembang, yata wau kang prapti.


Roro padha linggih neng waringin kembar, pariksanen den aglis, sigra kyana patya, duduh mantri pacalang, sampun pinariksa kalih, ature samya, saking jenggalamanik.


Wong pacalang matur umarek ing nata, punika wong kakalih, kakasih jenggala, nyuwun badhe suwita, sumedhot tyas bupati, denya miyarsi, lajeng kinen nimbali.


Tan antara wus prapteng byantara nata, wau duk aningali, sri madubrongta, maring judeh prasonta, karonta-ronta ing galih, meh mijil waspa, netra kumembeng abrit.


Para wadya tumungkul denya tumingal, dene sri narapati, netra semu waspa, dadya sami jrih miyat, tan ana kang graita nuli, kendel sadaya wau ta sri bupati.


Osik ing tyas iki jurudeh prasonta, padha kawlas asih, kelangan pangeran, baya iku ngupaya, ngandika pramudyeng bali, heh kaki prapta, sira wijil ing ngendi.


Miwah praptanira neng nagaraning wang, apa sira karepi, lan sapa ranira, kang dinangu tur sembah, pukulun sri narapati, wijil kawula, nagri jenggalamanik.


Pun jurudeh prasonta nama kawula, sami kecalan gusti, panji kasatriyan, musna kalawan garwa, pinulung saking jro puri, tan wonten wikan, ambalajeng ngulati.


Saking dene tan betah pisah kawula, lawan rahaden panji, nunten ulun kesah, ngupaya maring wana, lami datan wonten warti, marmaning dewa amba dipun tedhaki.


Hyang jawata dutaning hyang girinata, anuduh mring kang abdi, kinen suwitaa, dhumateng padukendra, benjang margane kapatih, lawan pangeran, wonten nagari bali.


Yata wau awas denira miyarsa, neggih pramudyeng bali, tan kena cinegah, sinayut saya krasa, maksa sinantoseng galih, alon ngandika, yen mangkono sireki.


Lawan kudu sotah melu jeneng ingwang, iya luwih prayogi, nanging sun lih aran, si jurudeh namaa, demang pulung sira becik, dene prasonta, demang palang prayogi.


Alungguha palang pulung aro belah, kalawan ingsun kanthi, aneng jro kadhatyan, mongka kakashing wang, sandika kang sinung linggih, wus ingestrenan, misuwur sanagari.


Demang palang pulung kakasihing nata, tan ana ingkang wani, sinungan wawenang, sasolah jinurungan, mangkana sri narapati, kondur ngadhatyan, demang kalih kinanthi.


Sampun jengkar sang aprabu, umanjing sajroning puri, demang pulung demang palang, kalihnya sami kinanthi, bubar sagung wadya bala, ingkang sumiweng narpati.


Yata wau sang aprabu, sapraptaning dalem puri, pinethuk ing  para garwa, aneng wiwara ing jawi, tundhuk sami ngaras padha, sadaya sami umiring.


Sang retna kancanawungu, kinanthi marang sang aji, lenggah ing jro dhatulaya, alemek prang wadani, demang pulung demang palang, makidhupuh ing ngarsa ji.


Dhadhaharan mijil selur, tinompa ing para cethi, dhahar lawan para garwa, sawusnya linorod sami, pinaringaken ki demang, tan ana kang mundur siji.


Aneng ngarsa ngundhung-undhung, kang telas kinen nyalini, suka manahe ki demang, manembah umatur aris, dhuh gusti batharaning wang, sih paduka amenuhi.


Langkung kapundhi pukulun, ngandika sri narapati, heh demang den enak sira, aja padha walang ati, iya aneng prajaning wang, ingsun milu angurmati.


Iya maring sira iku, karo kakasih ngong yekti, ki demang nuwun sandika, sawusnya linorod sami, lumengser maring pawongan, binage kang para cethi.


Pradongga munnya angungkung, badhaya tata ing ngarsi, mangkat ngadeg sareng nembah, kathah raras rum ing gendhing, sang nata alon ngandika, heh demang sun takon yekti.


Gustimu asmarabangun, kaya apa ingkang warni, apa bagus kaya ingwang, ki demang umatur aris, warnane putra jenggala, akathah kaote gusti.


Nanging wonten emperipun, lawan paduka tan kalih, kaot anem miwah wreda, sepuh gusti raden panji, pantese dados sakadang, atunggil sayayah bibi.


Wonten malih emperipun, jambe byak sinigar kalih, pukulun pamulu tuwan, lawan putri ing kadhiri, tunggil warna tunggil solah, kaot jalu kawan estri.


Sang nata suka gumuyu, batine kadi jinait, samendhang tan bisa menga, pepet kabunton ing sedhih, kagagas saya karasa, sinamur ngandika malih.


Heh sun tanya demang pulung, gustinira sang panji, apa iya sugih garwa, para putri kaya mami, demang pulung matur nembah, garwane amung satunggil.


Kaprenah nak sanakipun, raja putri ing kadhiri, retna galuh sangkaningrat, punika kang dadya padmi, pangrembene inggih kathah, sanambang putrining aji.


Ngandika malih sang prabu, samengko putri kadhiri, wartanira mau demang, dene tinilar ing laki, kaya piye putri daha, pisah lawan sang apanji.


Demang pulung nembah matur, dhuh gusti sri narapati, kusuma putri mamenang, tumut lolos tilar puri, murca amulati priya, among lan putra babayi.


Inggih binekta anglangut, bayi umur kalih sasi, saking geng tresna ing priya, datan wrin ing lara pati, ing mangke dereng kapanggya, wau ta pramudyeng bali.


Nyat jumeneng sang prabu, laju maring jinem wangi, kukut ingkang para garwa, ki demang tan sinung mijil, maksih pratistheng kadhatyan, dinangu rahina wengi.


Tan winarna lampahipun, ki demang kalih neng bali, kalih langkung kinasihan, ingugung kinulit daging, winenang sobeng jro pura, kuneng nagari ing bali.


Ingkang ngagung wayang wuyung, puyengan sajroning galih, gantya ingkang  kawuwusa, lampahe dyan wangseng sari, sang panji sinom pradapa, wus lami aneng wana dri.


Langkung sungkawa ning kalbu, denya tan antuk pawarti, unggyanira ingkang raka, panji ino kartapati, undhakan sastra miruda, wus anedya ambek pati.


Yen kongsiya tan katemu, nenggih denira ngulati, suka sirna aneng wana, mangkana kagyat ningali, ing arsa ana garudha, ageng saprabata siwi.


Sakathae buron agung, angratu sami sumiwi, sigra sang sinom pradapa, yitna anyandhak jemparing, sang garudha linepasan, ing warastra angundhili.


Angga sirna tan kadulu, wonten malih kang kaeksi, jawata angejawantah, anama sang poncaresi, kena sisikuning dewa, tinurunken dadya peksi.


Sang bathara duk andulu, marang raden wangseng sari, sukeng tyas lajeng pinaran, prapteng gene sang apanji, yata sang sastra miruda, awas denira ningali.


Yen ana dewa tumurun, lajeng mendhak mangenjali, satata kadi mumuja, sang jawata ngandika ris, heh kaki banget tarima, sira weh waluyeng mami.


Gantya warta winarta wus, sang jawata lingira ris, lamun sira angupaya, kadangira kaki panji, iya aneng tanah sabrang, nagara ing parangrukmi.


Kakangira pinet mantu, marang ratu parangrukmi, lah uwis sira mangkata, malah ika taksih siji, putrine ingkang taruna, warnane ayu linuwih.


Malar oneng mring sireku, ramane ingkang pawarti, ing mengko sang lir kusuma, tilar nadhah lawan guling, kang kacipta among sira, lah wus keriya lumaris.


Sang jawata muksa sampun, kang kari lajeng lumaris, ingiring punakawannya, kakalih kang atut wuri, sebul palet aneng wuntat, datan winarna ing margi.


Tan ingucap aneng laut, samana lampahe prapti, nagari parangkancana, kathah wong kang aningali, kacaryan ing warnanira, saweneh ana kang kinthil.


Ingaran jawata nurun, ucape samargi-margi, pepet kang samya tumingal, maring raden wangseng sari, laku pra samya kasmaran, tinemah atilar laki.


Keh solahe wong andulu, wadon ing wong parangrukmi, kongsi supe rarayatan, kerut maring sang lumaris, wus mangkana tan winarna, lampahira nulya prapti.


Neng madyaning alun-alun, samana nuju marengi, sang nata miyos sineba, ing wadya punggawa santri, tuwin para raja-raja, kang kabawah parangrukmi.


Sang nata kagyat andulu, saking mandrawa kaeksi, yen wonten satriya  prapta gupuh duduh mariksani, manawa putra jenggala, lajeng kinen ngancarani.


Kang dinuta mesat sampun, prapteng ngarsane sang pekik, nembah matur aturira, kula dutaning narpati, inggih kinen atataya, pukulun satriya pundi.


Timbalane sang aprabu, lamun tan oyeng kadhiri, miwah putra ing jenggala, ingaturan poncaniti, ngandika sinom pradapa, putra ing jenggala mami.


Sumarmane prapta ingsun, aneng nagri parangrukmi, angulati kadang ingwang, inguni kang musneng ratri, mantri duta matur nembah, yen makaten asuwawi.


Umarek ing ngarsa prabu, raka tuwan wonten ngriki, sang apanji kasatriyan, malah sampun jatukrami, antuk putrine sang nata, kang sepuh dyah nawangsasi.


Langkung suka nire kalbu, nenggih raden wangseng sari, wus kerit dutaning nata, wus prapta ngarsa sang aji, sri narendra nora samar, marang risak wau prapti.


Sang nata sigra amethuk, tundhuk astane kinanthi, radyan ingaturan lenggah, munggwing siggasana rukmi, pan lajeng lenggah satata, kalihnya ngraras ati.


Wusnya bagya binagya prasami, gantya awawartos, sri narendra asuka galiye, alon matur nateng parangrukmi, inggih wonten ngriki, rakanta sang bagus.


Wus winartan solahe inguni, sakeng tyas sang anom, lagya eca imbal wacanane, pan kasaru wonten bugis mulih, kang mentas ajurit, sasisaning lampus.


Sampun katur sasolah inguni, denira prang rempon, katur kabeh samula bukane, sri narendra dhawuh maring apatih, kinen anggenteni, bugis ingkang lampus.


Sampun samya ginantyan ing siwi, kang pejah prang popor, wus mangkana sang nata nulya ge, ngancarani mring dyan wangseng sari, umanjing jro puri, sareng lebetipun.


Kang anangkil bubaran pra sami, mantuk amakuwon, sri narendra wau ta lebete, mring kadhatyan umarek sang panji, munggeng dalem puri, lenggah lan sang ayu.


Dupi katon raden wangseng sari, gya lumayu gupoh, tan riringa nungkemi padane, sru karuna sambat lir pawestri, kang raka ningali, wruh yen arinipun.


Dyan rinangkul gapyak sareng nangis, ngres amindha wadon, samya leng-leng kang parekan kabeh, temah bela karunaning gusti, tuwin sri bupati, miwah sang dyah ayu.


Trenyuh ing tyas waspanya dres mijil, mulat sang wira nom, lir ginarit wong ing dalem kabeh, temah bela karunaning gusti, tuwin sri bupati, miwah sang dyah ayu.


Dhuh ragane sira iki yayi, asih temen mring ngong, kraya-raya kongsi prapteng kene, sapa ingkang tuduh mring sireki, lawan paran yayi, solahe ing pungkur.


Kaya priye kangjeng ibu sori, miwah rama katong, baya banget sugkawa galiye, tuwin kakanta putri kadhiri, kaya paran yayi, ing sapungkur ingsun.


Apa maksih arja aneng puri, miwah sutaning ngong, si sumilir sapira gedhene, ingkang rayi matur awot sari, dhuh pangeran mami, solahe ing pungkur.


Rama tuwa tuwin ibu sori, meh saengga layon, lir murcatma saking geng susahe, linuding rat tidhem sanagari, ramanta kadhiri, tuwin singasantun.


Ing ngurawan pan maksih nenggani tugur jro kadhaton, boten pae sami hardayane, dene kakangbok putri kadhiri, among let saratri lawan jeng pukulun.


Lolos dalu anis tilar puri, dhumateng kakangbok, oter sagung parekan enjinge, rama prabu sangsaya geng wingit, tuwin ibu sori, meh kadurus lampus.


Nunten rama paduka kadhiri, umanjing kadhaton, ing ngurawan lan singasarine, sami marek ing rama sang aji, katiga ngaturi, utusan angluru.


Sampun katur sasolahing nguni, tan ana kang kalong, ing wiwitan prapteng wekasan, yata wau nalika miyarsi, ature kang rayi, sangsaya gung wuyung.


Sepi kabeh lalangen jro puri, tambah kang rinaos, kuwur riwut matrenyuh driyane, jatmaka nis ajur rontang ranting, sru renteng kapati, putek sambat ngadhuh.


Ngandika maring sri bupati, adhuh paman katong, lah andika tutulungan gawe, sakathae wadya parangrukmi, undhanga tumuli, arsa budhal ingsun.


Angulati putri ing kadhiri, den samapteng kewoh, sri narendra sandika ature, wus linilan sadaya umijil, sang sri narapati, lawan raden jungut.


Ingaturan makuwon sitinggil, kinurmatan kaot, jinaganan mantri sakathae, duk samana kasaput ing ratri, hyang sasongka mijil, ping astha sumunu.


Panji sinom pradapa wus mugging, sitiggil kinobong, siyang dalu bujana karamen, pakurmate nateng parangrukmi, lawan para aji, siyang dalu nayub.


Wadya parangrukmi agung alit, myat sang panji anom, jalu estri sru lulut asiye, lam-lame trus lamun tan ningali, amung siyang ratri, tansah atur-atur.


Kathah solahe kang para estri, denya mrih katongton, sinat mata ing sawiragane, mring wong agung kang aneng sitinggil, supe marang laki, pijer angayu-ayu.


Kuneng ingkang karamen sitinggil, sagung para katong, denira mrih sukane tamune, kawuwusa ni puramasidhi, kang lalangen mungging, jroning tilam lulut.


Taman iku sawetane puri, naging nora adhoh, kawursita sang dyah salamine, amiyarsa wartane rama ji, duk lunga inguni, mring jenggalamandung.


Antuk warta arine sang panji, citrane kinaot, manis semu-semu wa asumeh, mila mangke sang retna ning puri, manggung geng prihatin, katongton ing kalbu.


Siyang dalu datan mijil-mijil, lali rama kato, miwah ibu sori tan katoleh, kang kacipta wartane rama ji, malah nagging kepi, katingal wus dhaup.


Kongsi rusak sarira anglentrih, balut netra karo, saking dahat tan medha tangise, duk samana nuju aneng jawi, neng latar lan cethi, karsa namur wuyung.


Putri adi sru anandhang wingit, wuwuh wenes ijo, amardapa solahe anglentreh, kitir-kitir kumitir ing alis, kincang kumincangi, jaja bayu-bayu.


Sarwi mulat lalangen ing langit, taranggana abyor sri kawurya lilintang sunare, rebut sorot lan waja sang putri, menges wus kikisik, ujwalane tarung.


Duk saman emban kalih prapti, sing marek sang katong, sigra-sigra wau ing solahe, sarwi kitrang-kitrang cincing-cincing, kongsi sipat kuping, sang sinom andulu.


Sang retna mesem ngandika, lir tetese madu gendhis, dhuh biyang den rereh sira, apa wartane ing jawi, dene praptamu iki, wong roro agawe lagu, emban kalih tur sembah, dhuh gusti kusumeng puri, baya awis pinasthi karsaning dewa.


Tinitah jinatukrama, tan andimpe awak mami, warta lami-lami prapta, upama kang tunjung putih, tuwuh ing sela ardi, gustiningsun sang dyah ayu, nanging gandane ngambar, teka ana kang ngulati, dhasar lan asraja putra ing jenggala.


Kawula wau uninga, rama tuwan sri bupati, angirid satriya tama, marek gusti sang apanji, amba lajeng kikinthil, ngiras maspadakken ulun, praptane ngarsa nira, panji ino kartapati, tan saronta kaliye sami karuna.


Ngandikane raka tuwan, tembungipun basa yayi, kawula tataken warta, namane kang lagya prapti, radenwangseng sari, apaparab raden jungut, inggih sinom pradapa, adhuh gusti langkung pekik, kula eram mulat warnane kang prapta.


Tuhu yen bagus utama, tuhu yen hyang-hyanging bumi, ing ngriki tan wonten mimba, ing warna kang mindha sasi, wau ta duk miyarsi, kumepyur ing tyas sang ayu, kumesar tarataban, kumedut asenig-senig, enar-enar ing wardaya semu suka.


Bingar ambirat sugkawa, wiragane wus katawis, wasana alon ngandika biyang mengko ana ngendi, si jenat ingkang prapti, kang dinangu nembah matur, wonten ing sitibentar, linadosan para mantri, kula eram kurmate rama paduka.


Tan pae lan kasatriyan, denya sih para bupati sumuyud ing ela-ela, sasat suwita ing gusti, sang dyah ngandika malih, adhuh yen mangkono biyung, sireku apa bisa, panggih lawan wangseng sari, nyai emban umatur inggih sandika.


Yen wonten karsa paduka, kadi saged kula gusti, sang retna suka ing driya, sigra ngunus ali-ali, nya biyung sun paringi, ganjaran susupening sun, wong roro niji sewang, ni emban nuhun nampeni, kang sosotya paparinge sang lir retna.


Sang dyah malih angandika, biyang sira ingsun tuding, iya maring sitibentar, aturena sembah mami, mring raden wangseng sari, poma den abangkit biyung, akarya sasambungan, rapet mrih haywa katawis, aturena solah ngong salaminira.


Kongsi prapta ing samangkya, durung mendha genging wingit, ingsun suwuna usada, yen dinangu lara mami, lara kembang ing pati, nglut tuntunging jajantung, kalamun amarengna, tinjowa mring taman sari, dene lamun tinakonan mring wong jaga.


Sira biyung angakuwa, utusan saking jro puri, dutane sang kasatriyan, kinen nimbali kang rayi, emban kalih wot sari, sandika ingaturipun, kalihnya nulya medal, datan kawarna ing margi, lampahira sampun prapta sitibentar.


Amarengi wus bubaran, kang samya bujaneng ratri, ni emban duk tinakon, marang mantri ingkang kemit, lah nyai wonten kardi, dene mijil dalu-dalu, sumahur kang tinanya, kula dutane sang panji, tinuduh nimbali mring arinira.


Sang panji sinom pradapa, kinen umanjing ing puri, samana mantri kang jaga, datan ana maekani, emban kalih wus manjing, unggyaning rahaden jungut, prapta ngarsa manembah, ngandika dyan wangseng sari, lah ta bibi baya dinuta sang nata.


Dalu-dalu teka gita, umatur emban kakalih, sarwi umarek ing ngarsa, ature abisik-bisik, dede dutaning aji, inggih kawula pukulun, kinengken mring sang retna, kusuma purnamasiddhi, putrinipun sang nata ingkang taruna.


Kinen ngaturken pratela, katur ing andika gusti, rayi tuwan sang lir retna, wus lami kabyatan kingkin, kakenan ing pawarti, sang nata ingkang pitutur, popoyan kathah-kathah, ing warna paduka inggih, rayi tuwan kasob karoban ing warta.


Tumrecep maring wardaya, ing mangke kataman brangti, kang kacipta mung paduka malah tajin dhahar guling, sanget kataman agring, mila kawula ingutus, panggih dhateng paduka, kinen nuhunken jajampi, lawan malih ngaturan tinjo mring taman.


Undhakan sastra miruda, mesem angandika malih, dhuh bibi paran mangkana, karsane sang raja putri, teka minta jajampi, apan ingsun dudu dhukun, lan pa gerahira, ni emban umatur aris, gerahipun rayi tuwan gerah manah.


Gerah uyang gerah prungsang, gerah ngiyeng saben ratri, gerah mar gerah wiraga, gerah anggen prawan sunthi, nedheng gerah birahi, kayungyun tyas gerahipun, mesem sinom pradapa, wasana ngandika aris, baya iku kang aran gerah ubaya.


Yen mangkana karsanira, kudu asih ing kaswasih, matura ing sang lir retna, iya ingsun ananggupi, nanging bibi samangkin, gustinira sang dyah ayu, aparinga pratondha, cihnaning sih kawlas asih, kang lungsuran wastra muga den paringa.


Lawan ngkang kasumekan, kang maksih ingagem sami, yen karenan lumungsura, manawa sang dyah nuruti, ingsun iya nanggupi, ing sakarsane sang ayu, yen tan mangkono iya, tan darbe sanggup wak mami malah arsa wiluyeng wana ngumbara.


Ni emban suka tur nembah, adhuh inggih-inggih gusti, kula matur rayi tuwan, kadi-kadi anuruti, dhuh angger kula amit, nulya mentar kalihipun, wus prapta jroning taman, sang dyah maksih aneng jawi, emban kalih marek ing ngarsa lelewa.


Dereng wonten matur samya, pijer wuwuse pribadi, adhuh biyang adhuh biyang, gusti-gusti la e gusti, ika wong bagus sigit, ah matiya pakne nemplu, sun lunga mring jenggala, ngupaya koredan sigit, leganing tyas antuk kagandheng pitulas.


Kang siji muwus tenaga, nora kaya ingsun iki, wit rawuh satriya anyar, lakiku ingsun gagering, parandene tan mati, saking sabare gendhukku, kudu kopar kapiran, suka mesem sang lir ratih, lajengira pineteg-peteg ing driya.


Sang retna alon ngandika, paran biyang antuk kardi, lakunira ingsun duta, sung pratela mring sitinggil, kang dinangu wot sari, dhuh angger sang retnaningrum, ingih wau kawula, supe dinuta ing gusti pijer gawe solah datan paduduga.


Sampun kawula dinuta, gusti dhumateng sitinggil, ingutus angsung pratela, dhateng panji wangseng sari, sasolahing wiyadi, sadaya wus sami katur, maring sinom pradapa, inggih purun ananggapi, nanging gadhah papanggil kalangkung awrat.


Yen paduka nyagahana, mangke nunten prapteng ngriki, sang retna alon tatanya, apa kang dadya papanggil, matur emban kakalih, inggih lungsuran ing pinjung, kalawa kasumekan, ingkang maksih kagem gusti, angandika pa gene mangkono biyang.


Papangile wong ngumbara, teka angaran-arani, wastra kang maksih neng awak, jinaluk kapati-pati, paran ta mau bibi, wawekase kaki dhukun, kalawan lagi apa, wong ika aneng sitinggil, matur nembah gusti duk prapta kawula.


Sang panji sinom pradapa, lagya guling kasur sar i, kakalih punakawannya, pratistheng dagan alinggih, wong agunge ngrarepi, kang kinarya tembang kidung, nguni putri cempala, kusuma wara srikandhi, duk winulang jemparing sang datanjaya.


Sekaripun maduretna, swarane angayut galih, sambada bagus kang warna, wiraga bisa ngrarepi, sembilang taji kalih, lelewane kaduk besusu, angger lamun ngandika, mesem-mesem gawe liring, liliringe dhuh gusti boten prasaja.


Yen ta taksih ataruna, pun bibi yekti tan mulih, kendhem aneng sitibentar, tan etang kula bondheti, kuciwane ing mangkin, kawula sampu apikun, prandene duk miyarsa, ukeling swara amanis, angres ing tyas supe emeh lincak-lincak.


Sang dyah gumujeng ing driya, pinetik-petik kawijil, sarwi tebah-tebah jaja, ni emban umatur malih, gusti wau kang weling, manawi tuwan tan asung, badhe lumayeng wana, ngumbara anganyut pati, pan makaten wau gusti kang pitukas.


Mesem sarwi angandika, mara biyang dipun aglis, enya iki aturena, sang retna anulya salin, nyamping bathik garingsing, kemben gadhung tengah pingul, pan sampun ingukupan, tinompa ing tilam rukmi, wus sinungken emban kalih nulya medal.


Ing marga tan winursita, wus prapteng aneng sitinggil, pangih lan sinom pradapa, katur sareh ing tinuding, ingkang wastra kakalih, katur tinampanan gupuh, mesem sastra miruda, tyasira kadya ingiris, juru demung mangsah sarwi ngrasuk wastra.


Punang nyamping wus sinandhang, sumekan kinarya sabuk, sang panji sinom pradapa, lajeng wau lampahira, wus kerid emban malebu, mring tamane sang lir retna, datan winarna ingenu.


Wus prapta sajroning taman, ingarsane sang retna yu, wau ta sareng tumingal, kalihnya pagut ing netra, wruh ning wardaya sareng suh, kadi ingkang panjang putra, tibeng sela temah sumyur.


Kepyur kumepyur kalihnya, sareng sasmiteng pandulu, mangkana sang retneng pura, gumeter mendhak manembah, grahitaning kusumeng rum, baya iki kang satriya, wus dangu ana ing ngriku.


Yen ingsun nora anyapa, manawa wong iki mutung, alon matur kusumeng dyah, pukulun satriya tama, mila paduka lumebu, maring taman ing wanudya, punapa ingkang kinayun.


Dene tanpa subasita, pinarak ing made lulut, ngandika sastra miruda, dhuwuse asarikena, dhuh sang dewataning rum, milane prapta kawula, ing langening kusuma yu.


Inggih wonten kang ambekta, kamayan kang munggeng sabuk, nunuten sedyaning kayun, kakemat kang munggeng sinja, punika kang apitutur, pawartine kang kusuma, anandhang gerah wulangan.


Gita kawula manawa, sawastu gerah kadurus, byakta nis langening pura, yen angger nglslu ing raya, sang retna mesem umatur, katon kengis wajanira, kinesik kadi er laut.


Kumilat mamaku driya, dhuh dewata ingkang rawuh, tuhu kawula aroga, tan wrin wastaning lalara, sakit ngelak tan yun nginum, sakit arip tan yun nendra, manawi sasakit ulun.


Sakit lapa tan yun nadhah, yen sasakit-sakit lugu, tan wonten ingkang karasa, mugi paduka tulunga, usadane lara ewuh, sang panji alon ngandika, pun kakang bela lara kung.


Milane kawula prapta, ing parangrukmi pukulun, ngulati kang kaki sira, jumanten paring ing dewa, mangkana kusumaningrum, nyat jumeneng arsa mentar, sumekan ngalewer pucuk.


Cinandhak sang wangseng sekar, dyan sinendhal meh marucut, kengis sunaring yu denta, gumebyar mindha musthika, kewran sang retna angrayut, rinayut-rayut tan kena, malah binondhetan kukuh.


Wau ta retna juwita, gugup sumekan marucut, tan etang pangayuhira, kengis ingkang payudara, gumebyar pindha sutengsu saking gumergeting driya, gemah astanya kinayut.


Riwut kusumaning pura, kadhang nyandhak kembenira, bingung kumyus sang swanita, kadhang anaspel kang asta, kewran kaprabaweng kakung, kena cinandhak kang asta, kuwel kukupekan kuku.


Wus cinandhak madyanira, sang dyah saksana sinambut, palintiran solahira, sarwi manis kang wacana, babo uculena ingsun, ajrih bok anawa pejah, sang panji ngandika arum.


Sang retna yu ingarasan, rinemih-remih malat kung, dhuh jumanten ingsun dewa, mung sira woding wardaya, paran yen akarya lampus, malah malar awiraga, sang dyah miyarsa samarengut.


Marengute kadi kilang, leng ulengan nganyut anyut, tiyasa sang wangseng sekar, mulat manising wadana, kinuswa sisinomipun, rusak sakehing busana, saksana wau sang ayu.


Binakta maring jro tilam, sang putri pinrep ing lulut, atangkis-tangkis kasingsal, selak kaselut ing mungsuh, rusak bibitinge mawut, bedhah sakethenge bebas, wor suh rempu kalihipun.


Sampyuh kalih lir kantaka, dera tinembening kakung, tan winarna solahira, sadalu nutug asmara, kuneng kang agung manglulut, wuwusen mantri kang nganglang, kalih sapanekaripun.


Dupi meh bangun rahina, sadaya kagyat andulu maring embane sang retna, dene sami aneng jaba, pinarpekan tinanya sru, heh nyai paran andika aneng jawi dalu-dalu.


Kang tinaya sakara, dhuh anak marmane ulun, mijil pun sidhem wus rina, kang tanya neges karana, temah bibisik satuhu, dhuh anak diremit padha, aja mecahken pocung.


Alon muwus, ni emban kakalihipun, heh ta wruhanira, ing jro  taman ing sang putri, pan kalebon babantheng geng tumambirang.


Asusungu kumalane trajumerut, praptane ngudyana, ngobrak abrik langen adi, angrabaseng bibiting kancana bujat.


Gustiningsun, sang retna pan wis kapikut, kang tanya lon mojar, saking pundi denya manjing, sadangune datan wonten sapi alas.


Pan sadalu, muput kula boten turu, nganglang jroning pura, boten wonten kedhang kedhing, yekti ageng kang handaka saking wana.


Alon muwus, dene teka padha cubluh, ya handaka anyar, wijil saking tanah jawi, kang tatanya gumuyu sampun kaduga.


Tan winuwus, nenggih solahireng dalu, prapta ning rahina, wau ingkang para mantri, gupuh-gupuh umatur sri naranatha.


Sang prabu, suka pamiyarsanipun, enggaling carita, wus pinasthi jatukrami, sang lir retna lawan putra ing jenggala.


Tan winuwus, nenggih pamiwahanipun, kuneng parangretna, kang anggung among karesmin, nagri bali gantya ingkang kawuwusa.


Sang prabu, madubrangta saben dalu, lalangen lan garwa, sampun cinangkraman sami, wiwisikan tan ana ingkang grahita.


Bautipun, kalana pramudyeng bangsul, pangremih ing garwa, satataning kakung pekik, gantya-gantya para garwa kawaratan.


Lamun sampun, sare kang pinurweng lulut, sang nata umentar, mring wuri muja semedi, sru marenges karsane maha bathara.


Anunuhun, ing dewa tumulinipun, nenggih praptanira, panji ino kartapati, sri narendra salaminira mangkana.


Mangkya nuju, siniweng kang para arum, aneng dalem pura, yata winursiteng kawi, suwarnane para putri sowang-sowang.


Kusuma yu, ing bali kancana wungu, kang sinung paparab, retna dewi sekartaji, sangkaningrat ya galuh condrakirana.


Dhasar ayu, ing warna keh emperipun, mung kaote wreda, lan kusuma ing kadhiri, jatmikan teng aruruh bisa wiraga.


Pantes lamun, kinarya apanjang kidung, ing rat pramudita, putrane sang rajeng bali, apidek sadhesmes luwes ing sembada.


Remanipun, panjang kadi kembang bakung, sarirane jenar, kang waja menges kinesik, riyep-riyep kadi lintang karahinan.


Pantes lamun, ngagem nyamping limar wungu, sumekan pandhoga, akampuh gadhung malathi, pinarada abra kadi gunung kobar.


Abra murub, apendhing sosotya macur, kelat bau nagan, paningset mandhala giri, sengkangipun awangun panata brongta.


Supenipun, papat sisih wuwuh ayu, amindha supraba, kalengkaning suranadi, denya lenggah aparek lawan sang nata.


Wurinipun, putri sumedhang pinunjul, kuning tan patiya, abang awak ireng manis, paparab dewi kumala watika.


Rada besus, sarira gilig arurus, jatmika kalintang, respati tur andhap alit, rema kathah lurus cemeng tur apanjang.


Sinomipun, rarayungan kadi centhung, waja kakelengan, pantes sinjang ragi bali, sumekane sekaran wangu lan jenar.


Ngagem kampuh, bathik semen tengah wungu, paningset binara, ngagem sengkang taru rukmi, akalpika telu sisih asembada.


Ngagem cundhuk, gugubahan sekar menur, respati sinawang, kadya dewi irim-irim, nayakaning wanudya ing suralaya.


Kang sumambung, putri ing kamboja punjul, pidek sasembada, ruruh sarira respati, ulesipun ijo jenar amardapa.


Manisipun, yayah tumetesing juruh, rema ngandhan-andhan, kang waja ireng kinesik, mung cacade rada kaduk payudara.


Ajujuluk, widaningrat sang retna yu, sinjang cindhe sekar, sumekan gadhung tinepi, tapih bathik cakar ayam pinarep mas.


Sengkangipun, bawa mangunkung apatut, angagem kalpika, sosotya aniga sisih, sampun marek ing ngarsanira sri nata.


Putri saking sandipura, nama dyah swangganingwati, warnanira luwih endah, sarira kuning alencir, rema ketel respati, imba amindha kukuwung, netra wening umala, waja menges tan kinesik, awiraga lambung membat ngolan-olan.


Baranyak sugih wiraga, lir ratih ing suranadi, wonten malih winursita, nama dewi rarasati, warnane luwih adi, sarira kadi ginangsur, putri sandi koripan, dedeg pideg sarespati, wiragane patut bisa busana.


Wongaha mindha sasongka, ping pat belas andhadhari, netra lungit gilar-gilar, ngunguwung imbane kalih, waja cemeng kinesik, rema cemeng abang pucuk, inguni ana mimba, garwane raden pamadi, ingkang nama retna palupi utama.


Sambada sasolahira, pasemone ladak ririh, ruruh bisa ngarah-arah, kathah kang resep ningali, wonten malih winarni, putri saking sandipulung, nama anggana sekar, ireng manis merak ati, apidek sasarenteg pangawak dara.


Pasaja semuning ulat, manise mamanas ati, waja menges kakesikan, sarira rurus respati, jongga lumung mawingit, payudaranira gemuh, jatmikan teng kalintang rema panjang meles wilis, sunar ingkang netra amindha sudama.


Luwih endah yen sinawang, kadya dewi irim-irim, yata malih winursita, sang retna yu pujawati, ing talkondha nagari, citranira luwih ayu, berawa abang awak, gedhe dhuwur tur mantesi, jaja wija netra galak kadi kilat.


Kaduk ingkang payudara, mateteng lambung manjalin, dalamakan geng awiyar, nanging rada kurang ati, nginggil tenggak awingit, mung cacade rada kau, kidhung tanpa wiraga, putri ing talkondha nagri, wonten malih kang sumambung wurinira.


Putri ing sokapirena, anama dewi retnadi, luwih endah warnanira, pangadege lencir kuning, lurus respati wingit, pasemone pindha madu, srigak sugih wiraga, lelewane mikat ati, prabu lamun ngandika kaduk prasaja.


Jongga lumung lir pinasah, lan bunge ana wonten kemit, rema memak ngandhan-andhan, resmining netra anjait, wajanira kinesik, ujwalanira ngunguwung, mindha putri cempala, sang retna wara drupadi, garwanira sang prabu yudhisthira.


Ing soka rumembe praja, nama dewi gendrawati, warnane ayu utama, abang awak merak ati, wenes wacana manis, mung lathine rada biru, nanging bisa wiraga, remane radi barintik, wonten malih kang sumambung wurinira.


Putri saking sokadana, nama dewi erawati, apantes raga karana, susila yu ireng manis, respatine awingit, dhemes luwese asemu, samuwa awiraga, dedeg ngrarayung mantesi, kaduk besus manise dahat prasaja.


Putrine rajeng blambangan, nama dewi mayangsari, dedeg pidek sawiraga, respatining imba lungit, netra sumunu pening, lathi lir teteaing madu, yata mulih kawarna, putri ing nusa tembini, ingkang nama kusuma retna dumilah.


Sadheprak ati utama, dhemes luwes imbuh manis, sarenteg pangadegira, teja wangkawa sisiring, resmining imba kalih, ing wadana semu suluh, lir gambar dadi anyar, memet wiraga respati wonten malih kang sumambung wurinira.


Putri ing ngranca kancana, anama dewi sulastri, warnane ayu utama, raras resmine amanis, respati kuning lencir, pangadege lengkung-lengkung, rema kathah apanjang, sumunu kincang ingalis, leng ulengan lathine lir guladrawa.


Wajanira nglar ing kombang, yen amucang kongsi ngintip, pangucape sumambrana, mung cacade yen lumaris, amoyong saking wuri, dening resmining pambayun, pidha maja kancana, sajeruk pecel geng neki, menter-menter sasat kamla kamutyara.


Wonten malih pinursita, putrine rajeng salembi, nama dewi gondawatya, cemeng lencir amenjalin, lir lintang asisiring, julitaning netranipun, waja pindha kumala, imba kakerikan kalih, riyep-riyep katon suluh ing wadana.


Kang sumambung wurinira, putri ing banjar malathi, nama dewi rayung wulan, pangadege lencir kuning, lurus sapanginggil, memet pasuryan sumunu, bathuk nanggal sapisan, imba kumincang ing thathit, waja geseng kadi liring madukara.


Putrine sri bataretna, nama dewi maniklungit, wong ayu pindha kumala, dedeg apideg sakuning, pasang-pasang ing rai, sapangandhap lir ginangsur, tan ana kang cinacat, liyep ing netra alungit, sarwa wijang respati lamun ngandika.


Wonten malih winursita, putri ngawu-awu langit, nama dewi pujaningrat, warnane ayu linuwih, lelewane amanis, wiraga aporing besusu, menglengleng kang jongga, agehane amung agling, sung-sung guyu kengiswarane gumelar.


Putri saking sidapeksa, warnane ayu linuwih, nama dewi tejaningrat, sarira lir mas sinangling, baranyak langkung wingit, manise angundhung-undhung, sebet bisa busana, tan ana kang den waoni, repatine para putri wus kacandhak.


Pantes yen sinudarsana, ayun ingkang para putri, kadi putri sidapeksa, tejaningrat sang lir ratih, mumpuni ing mamanis, nora andhap nora dhuwur, wonten malih wurinya, putri ing bandhung nagari, nama dewi pandhankurung ayu endah.


Sasigeg bisa tenaga, ireng manis andhap alit, tarincing lamun lumampah, kadi hyang-hyanging apsari, netra ujwala lingit, pasang pasuryane patut, imba resmi ning wulat, waja amenges kinesik, gebyar-gebyar kadi lintang liliweran.


Mangkana wus paripurna, rerengganing para putri, manekadi warna-warna, abrasa pantese nenggih, sagung kang para putri, samya bangkat ngayu-ayu, amimingit sarira, wus munggeng ngarsa narpati, sri narendra suka myat manis ing garwa.


Para garwane pramudyeng bali, kang winenang alenggah satata, nenggih rolikur katahe, sami putrining ratu, garwa siji angreh pamikir, putrining adipatya, kehe kawanlikur, wus marek byantra nata, jroning pura lajeng lalangenan gendhing, anabuh sowang-sowang.


Sasuwene amunya kang gendhing, para garwa samya angsungulat, ngujiwati ing pamriye, enggal pinurweng lulut, sri narendra renteng kapati, mulat ing para garwa, kaku ing tysipun, mangkana osiking driya, kaniaya sang panji lunga ing ngendi, dene tan nuli prapta.


Iki sagung ingkang para putri, ayu-ayu sapa kang darbeya, sayekti amung dheweke, dhuh dewa jawata ung, tutulunga susahing dasih, mugi den panggihena, lawan lakiningsun, manawa selak tan rena, para putri resmine sun kang mimisik, iya sapa kang rena.


Cipta laki amung den bisiki, dhuh sang panji pangeran kawula, apa tan ana impene, yen akeh putri ayu, wus kinurung aneng ing bali, tur mendah yen weruha, pijer manggut-manggut, wus dangu wau sang nata, deniranggung lalangen, resmining gendhing, ngantya rambah kaping pat.


Diwasane sang hyang bagaspati, sri narendra anganthi kang garwa, binekten tepas wangun, rinemih ing raras rum, kang pinindhani sekartaji, wus kasok sreng ing karsa, keneng wisikipun, dadya kapatia nendra, yata wau para garwa, ingkang keri, maksih nabuh surendra.


Samya miyat maring puri bali, duk binekta mring sri naranata, sadaya kathah polahe, ana ambuwang tabuh, weneh ngorek kenong ginarit, kinerit ing kanaka, anas luhu mungkur, ana dhehem-dhehem dawa, ana ingkang kebut-kebut padon tapih, saweneh aririyak.


Ana ingkang ceblek-ceblek wentis, watuk-watuk weneh leleyangan, ing kenon gambang kinoser, ana kang gandhes muwus, ingkang ngenak-enak tan sipi, neng tilam kalangenan, sosotya anutug, ambekuk bangkowang lola, denyeg-enyeg kosi renyeg tan ngendhani, pasang tangkis malela.


Ana ingkang anambungi angling, upamane sinusul kaya pa, anambungi sawijine, bogan gawe anusul, miyat arang mundhak maengin, tur nora wurung sira, karayut bineskup, sadaya gumuyu suka, yaga wau sagung ingkang para putri kinarsan gantya-gantya.


Sri narendra bangkit olah resmi, amrih renaning kang para garwa, kawaratan sadayane, siji tan ana kantun, wus mangkana kang para putri, sami sare neng tilam, keneng wisik prabu, warata meh gagat wetan, sri bupati umentar neng natar wuri, mamesu pujanira.


Amiminta tulung mring dewa di, praptanira ri sang kasatriyan, sru pininta tumuline, wau ta kang tumurun, hyang narada saking wiyati, alon denya ngandika, babo yoganingsun, lakikinira kasatriyan, meh angkate lagya amepak prajurit, nanging ta warah ing wang.


Akarya agelar dimen aglis, lakinira si gagak pranala, tumuline prapteng kene, iku si demang pulung, lah tundhungen saka ing bali, palanen sawatara, dimene sumusul, marang panji kasatriyan, yekti wadul mrih runtik laki nireki, kakasiye linaran.


Amung demang palang den awerit, jatenana mula bukanira, ywa kongsi poyan liyane, dimene gelem kantun, tungu sira ana ing bali, lah wus kaki keriya, lakonana besuk, hyang narada sampun muksa, meh rahina para putri maksih guling, wuwusen sri narendra.


Animbali demang palang nenggih, gupuh-gupuh umanjing ing pura, marek ngarsa sang pamase, sang nata ngiwa gupuh, demang palang kinen umiring, lumebeng pamelengan, para cethi kantun, tan sinung ngiring sang nata, sri narendra alon angandika aris, heh demang wruhanira.


Ywa wawarah sira sun jateni, ing pratingkah anggonen priyongga, demang palang lon ature, paran marma pukulun, dhawuh ingkang mawi wawadi, inggih nuwun sandika, kadi oten umum, sang nata asalin warna, mulih dadya kusuma yu sekartaji, putri adi ing daha.


Alon angling pramudyaning bali, kakang sira tingalana ing wang, iya apa nora supe, wau ta duk andulu, demang palang pan arsa anjrit, cinegah aturirra, adhuh raden ayu, sun ulati salaminya, inggih mangke kapanggih wonten ing ngriki inggih warta winartan.


Demang palang suka sampun liklih, sri narendra mateg warna priya, tan dangu mulih kakunge, alon denya pitutur, parentahe jawata luwih, wiwitan lan wekasan, ki demang mituhu, sampun medal kalihira, prapta puri pinarek ing para manis, sang nata wus utusan.


Animbali demang pulung aglis, tan adangu prapta ing ajengan, sang nata sereng wuwuse, heh sira demang pulung, ya pagene sira tan prapti, marek ing ngarsaning wang, nora seba esuk, kongsi sun akon angundhang, sira iku pan arsa amalik rai, marang si kasatriyan.


Nora etang agunge sih mami, marng sira kang tan siya-siya, pamalesmu arsa leres, umatur demang pulung, dhuh pukulun dewaning bumi, kang abdi boten nedya mingkara ing dhawuh, ngulati kadi punapa, sor ing wiyat miwah kasongga ing bumi, sinten ratu kang mimba.


Kadi pukulun tan ana kalih, sri narendra mesem ing wardaya, apisereng andikane, heh bedhe bangkit muwus, nora nana bisa ngacuwis, yekti pan amung sira, heh minggata gupuh, sun tan sotah ngawulakna, lamun sira tan mentar sadina iki, tan warung nandhang tiwas.


Demang pulung maksih matur aris, dhuh pukulun kalengkaning jagad, apa adoh apurane, pun dasih nuwun bendu, boten saged ngawula malih, liya jeng padukendra, nguni wangsitipun, jawata dhateng kawula, inggih kinen suwita dhateng ing bali, yen badhe manggih arja.


Ing wekasan makaten karsaji, jawatane mangsit tetemenan, apa dewa gawe-gawe, sang nata nyandhak gupuh, rotan ingkang ingampil cethi, asru denya ngandika, heh patimu kacung, demang pulung gya ginebag kaping tiga, lah haywa kakeyan angling, demang pulung karuna.


Karonta-ronta marang sang panji, temah alon wau aturira, datan kendel panangise, dhuh inggih sang prabu, lamun tuwan tan arseng dasih, sadasa kadiparan, yen arsa tinundhung, angling marang demang palang, payo nuli lunga asing nagri bali, ngulati gusti lawas.


Salamine ngong milu sang panji, awit kuwuk bisa dadi luwak, durung nglakoni rinangket, aneng nagari bangsul, luput thithik katiban gitik, demang palang lingira, ora melu ingsun, kakang lunga apriyongga, ingsun iki kakang nora melu sisip, marang sri naranata.


Demang pulung alon agling malih, yen mengkono yayi karsanira, lah iya sun lunga dhewe, gya medal demang pulung, sri narendra kembeng ningali, welas ketang ing raka, de kakasihipun, akesah saparan-paran, yata wau wuwusen ingkang lumaris, prapteng jawi nagara.


Sampun lajeng umanjing wanadri, tan wrin prigganing wana dirgama, saking sru merang atine, ciptane demang pulung, suka sirna aneng wanadri, binadhog sato alas, tanggung uripipun, lamine datan winarna, demang pulung tinurunan jawata di, angandheg lampahira.


Lah mandhega kakasih ngong yekti, payo age sun jarwani sira, ki demang gupuh kendele, jawata asru muwus, sira iku mentar aglis, marang nagara sabrang, kono dunungipun, arimu sang kasatriyan, nagri parangkancana wus nata baris, ika anuli budhal.


Arsa bedhah nagara ing bali, sira iku enggal akumpula, tutug karepmu ing tembe, malesi jayeng wangsul, sira bisa males anggitik, sedheng mari sungkawa, tikel kaping telu, sira ginitik ping tiga, yekti benjang kaping sanga amalesi, tinon kang para nata.


Kang liningan umatur wot sari, langkung bingah lamun mkatena, lega ing manah raose, lawan malih pukulun, kamipurun matur pun dasih, sinten tuwan paduka, alon sauripin, ingsun kang murbeng bawana, iya ingkang mong tuwuh mring sira yekti, aran jagat pratingkah.


Demang pulung wau duk miyarsi, saking konjem ing panembahira, dahat nalongseng driyane, jawata malih muwus, lah ta uwis mangkata aglis, jawata nulya muksa, keri demang pulung, ing wardaya esmu suka, tan winarna lampahe sampun kapanggih, lan patih ing jenggala.


Apan sami mantri ing kadhiri, ing ngurawan miwah singasekar, sami kumpul sadayane, putra ing singasantun, raden banyak wulangan nunggil, putra ing bauwarna, sinjang laga kumpul, nunggil lawan pra dipatya, yata wau kagyat samya ningali, praptane lurah banyak.


Gupuh-gupuh mengkul ganti-ganti, demang pulung samya tinangisan, wusnya rerem sadayane, tinanya demang pulung, wus winartan purwane nguni, wiwitan lan wekasan, kongsi panggihipun, jawata angsun pitedhah, raja putra ngurawan lan singasari, miwah kang para wadya.


Sami ngungun denira miyarsi, lalakone kyai lurah bancak, atemahan suka kabeh, lamine tan winuwus, denya kendel aneng wanadri, pan anggung rerembagan, lestarining laku, para sang nayaka waktra, tuwin para putra angandika aris, heh lurah yen mangkana.


Ingsun kabeh melu ing sireki, payo sira dadiya pangarsa, sigra budhal sadayane, datan kawarneng ngenu, lampahira aneng wanadri, prapteng pinggir samodra, sami layar sampun, lamine tan winurcita, ing muara parangkancana wus prapti, sadaya sami minggah.


Lampah dharat sagung ingkang baris, ngancik paminggir sampun apanggya, lawan mantri pacalange, tinanya sauripun, inggih putra ing singasari, lawan putra ngurawan, sapapatihipun, ngulati sang kasatriyan, wus ingandheg aneng pabeyan kang prapti, pacalang gya utusan.


Tur uninga marang ing nagari, wong kakalih sampun sasanderan, datan winarna lampahe, dumrojog ngarseng prabu, sri narendra nuju tinangkil, lan panji kasatriyan, munggeng dhampar murub, sineba ing wadya bala, rajeng parangrukmi neng arsa atebih, alenggah kursidenta.


Raden sinom pradapa anunggil, maratuwa ngarsane kang raka, para mantri pepak kabeh, duta pacalang matur, lamun wonten baris geng prapti, prajurit ing jenggala, lawan singasantun, ing kadhiri myang ngurawan, para patih ingkang anindhihi baris, ngulati gustinira.


Tinindhiyan raja putra kalih, ing ngurawan miwah singasekar, sami bagus suwarnane, sang panji kapirangu, sadangune denya miyarsi, ing driya lir ginugah, ing wigenanipun, lajeng denya paparentah, kinen sami nimbali baris kang prapti, wau sri basunonda.


Aparentah mring putra kakalih, raden kudawarsaya kalawan, raden kudawratsangkane, kinen sami amethuk, marang putra ing singasari, miwah putra ngurawan, ancarana gupuh, putra kalih tur sandika, sigra mangkat rikat anitih turanggi, kalawan upacara.


Wong kang nganthi ingkang ngampil-ampil, sampun dangu lampahira prapta, pabeyan mudhun kaliye, saking turanggganipun, wong pabeyan methuk ing gusti, kudawarsaya mojar, ngendi unggyanipun, raja putra ingkang prapta, mantri tamping sigra umatur wot sari, inggih wonten pabeyan.


Lajeng marek wau putra kalih, sampun panggih alenggah satata, agantya pakurmatane, nulya ngancaran gupuh, tan winarna budhal ing baris, wus prapteng panangkilan, pra wadya gumuruh, sang apanji kasatriyan nyat jumeneng saking dhadhampar rinukmi, yata wau kang prapta.


Kyana patih sakawan ngrangkepi, miwah ari kalih sru karuna, ngurawan singasarine, tuwin ki demang pulung, panangise amelas asih, sang panji kasatrayan, mijil waspanipun, karuna dadi wanudya, temah tidhem dhedhet sanalika tistis, sami bela asmara.


 Mangkana ing poncaniti, lir ima kalingan mega, tidhem truh metu ririse, trenyuh tyas sapanangkilan, sawusnya paripurna, patih sakawan wis lungguh, lawan rajeng parangretna.


Wawarta winarta genti, sami angres kang miyarsa, sang panji singkel galiye, lir murcatma sanalika, miyarsa kang pawarta, yata wau demang pulung, majeng malih sru karuna.


Sarwi umatur wawarti, inguni sosolahira, nenggih ingaturken kabeh, duk aneng bali nagara, purwa madya wasana, wur katur ing gustinipun, tuwin raja putra daha.


Rayi tuwan sekartaji, ing mangke sampun kagarwa, dhateng ing bali sang katong, kumepyur sang kasatriyan, miyarsa ingkang garwa, dadya sorine wong bangsul, kadga daha sru kabangan.


Sumung-sumung netra andika, jaja lir metu dahana, kumejot padon lathine, sang nata ing parangretna, wau duk amiyarsi, ature ki demang pulung, bramantya sigra parentah.


Undhang samapta ing jurit, wahana joli jempana, samasa gusti budhale, titihane sang lir retna, miwah gagaman yuda, en samapta ing prang pupuh, amukul bali nagara.


Sandika wong parangrukmi, sang nata maksih kabangan, temah sereng pamuwuse, heh wong becik wong bali sira, apa babalung waja, otot kawat sungsung prungu, kulite tembaga jawa.


Tingkahe amejanani, sajagat tan ana lanang, prawira mung bali dhewe, suka kang samya miyarsa, sag panji angandika, heh paman prabu karsengsu, saantara nuli budhal.


Sang nata aneng sitinggil, ngurmati tatamunira, sinugata ing karamen, andina-dina mangkana, sadaya sukeng driya, tan ana rengkuh rinengkuh, ngicalaken subasaita.


Sang prabu ing parangrukmi, lan patih kudanawarsa, tuwin patih ngurawane, myang kadhiri singasekar, lir kadang tungig yayah, resep sami resepipun, tekon setekone samya.


Sapangandhap sami asih, mantri punggawa pra putra, sampun anunggil driyane, samana datan winarna, salamine kasukan, sang nata tengara sampun, pepak sagung para raja.


Aparentah sang apanji, ing mangke yen arsa budhal, gumuruh sapraja kabeh,  makethi mayuta-yuta, kang badhe umiringa, sang panji asmarabangun, ambedhah bali nagara.


Prajurit pirang nagari, angumpul dadya satunggal, swarane lir samodra rob, wus prapta ing pagelaran, sigra joli jempana, sinaos jroning kadhatun, titihane sang lir retna.


Gumuruh wong dalem puri, pawongan parekaninya, kang sami badhe andherek, tuwin prajurit wanudya, sami sudireng aprang, putrine kang para ratu, wolung dasa kathahira.


Sami asikep jemparing, wus winot mungging jempana, wus kamot saparekane, keh ing joli myang jempana, satus sawidak gangsal, amung prameswari prabu, kang kari tengga nagara.


Lawan wadya sawatawis, mangkana ing solahira, gumer tangs ing kadhatn, sang retna kalih anembaha, maring ibu pamitan, kang ibu anggung pitutur, babo nini putraningwang.


Benjang yen sira kapanggih, lan gusti putra ing daha, suwitanana nak ingong, nugrahane wong akrama, lamun bisa amawas, maring kasukaning kakung, iku musthikaning kenya.


Den bisa ambuwang dhiri, ala-alaning wanudya, yen amrih katona dewe, tan wande bakal kungkulan, kalingan lalemeran, kithal ulate anjembrung, amis bacin aneg awak.


Awake asebit lanji, tan ngemungaken mring garwa, amrih sinawangi ngakeh, paran becike mangkana, wong dadi sasawangan, mulane den bisa masku, sang retna matur andika.


Datan winarna ing tulis, wuwulange ibunira, nitih jempana sang sinom, kaliyan lawan kang raka, tuwin sinom pradapa, wus anunggil garwanipun, munggeng jempana kalawan.


Para parekan anitih, tandhu joli lan jempana, budhal saking jro kadhaton, sapraptaning pagelaran, wus ajeng budhalira, nitih dirada sang prabu, pinalanan bra kumenyar.


Wahana mawarni-warni, wus tebih wau lamapahnya, rawuh pinggir samodrane, datan winarna ing marga, wus prapta tanah jawa, samya kendel ing wana gung, ngleremaken wadya bala.


Karya papondhokan sami, rineka pra jawangunan, para putra kasukane, ambabedhag sato wana, keh sami ingobaran, sirna kakayon gung agung, anggambuh kang para wadya.


Gantya malih winuwus, lampahira raden wukir santun, sapisahe lawan retna jinoli, kalunta- lunta sang bagus, ingiring kakasih roro.


Dulit lawan pun dudul, salamine tansah atut pungkur, angandika raja putra ing kadhiri, heh dudul dulit sireku, padha ngomonga wong roro.


Karya panglipur wuyung, dudul dulit sandika turipun, payo age adhi dudul padha ngrepi, aja suwe sapakantuk, padha gawe lalagon.


Ingong buka rumuhun, mengko sambungana adhi dudul, anauri aja susah kakang dulit, arinta nuli sumambung, den tanggon agawe cengkok.


Kancing lambang dhi dudul, sun tatedha gustiku sang bagus, adhaupa lawan sang retna jinoli, dudul nambng pathiluyung, kakang bener nora menggok.


Patra lesah sinapu, nanging sang dyah pijer karya ewuh, dudul nambung banas estri kakang dulit, dhuwet agung pindha rau, iya anggung gawe gawok.


Ancu paesan dudul, yen sun rasa bener sang dyah ayu, maksih kenya eling putrane narpati, dudul nambung wismeng manuk, tan arsa ginawe rusoh.


Babasan suku tengkung, sang lir retna susila kalangkung, dudul nambung uju wisma kakang dulit, sosotya tanpa kukuwung, iku musthikaning wadon.


Wau ta duk angrungu, raden wukir sari sukeng klabu, sarwi lajeng lampahe saya tebih, tan wrin pringganing wana gung, anggung kagugah geng rimong.


Saparan rangu-rangu, karungrungan solahireng dangu, yata wau kagyat tanayeng kadhiri, miyarsa surak gumuruh, kadi wong amburu sato.


Dupi celak kadulu, lamun wonten satriya buburu, wadyanira kathah ngebegki wanadri, mapan raden wukir santun, nedya amurweng palugon.


Angu-dangu kadulu, wonten bing kidul pating garubyug, pinaranan anggening, kang para mantri, prapteng rana sami nubruk, mring gustinira sang anom.


Samya nangis gumrumung, wonten ingkang angaturi sampun, maring patih jayabara duk miyarsi, lamun gustine katemu, sigra pinaranan gupoh.


Kya patih aturipun, sami karuna sang mantri ngayun, adhuh angger dene inggih wonten ngriki, rahadyan ngandika arum, kula uwa badhe nglamong.


Salamine nagluru, kakang emas sang asmarabangun, sampun lami uwa datan antuk kardi, kang ati kalangkung kakung, kyana patih matur alon.


Angger pinujweng ngenu, raka paduka sampun kapanggh, lah suwawi nunten umarek tumuli,raden winartanan sampun, sasolahe wus winatos.


Sigra lumampah sampun, prapteng ngarsa sang asmarabangun, anungkemi wau raden wukir sari, kang raka kagyat andulu, kang rayi rinangkul gupoh.


Kalihnya sami muwun, kararantan maring dewi galuh, wungu malih pigenane sang apanji, dupi antara wus lipur, kang rayi matur pawartos.


Sarehira ing adangu, ngungun ing tyas asmarabangun, raden wukir sari samana wus nunggil, ing kadhiri wadyanipun, sang panji parentah bodhol.


Para satriya ngumpul, miwah para wadya pareng kebut, sampun tebih wau lampahe kang baris, wahana maneka selur, tinata lampahira lon.


Kuneng baris lumaku, yata malih gantya kang winuwun, raden wirun andaga kartala sami, lampahira kawlas ayun, denya ngupaya sanga anom.


Lami tan antuk tutur, unggyanira sang asmarabangun, duk samana antuk marmaning dewa di, sang hyang narada tumurun, ambekta bayi binopong.


Panggih lan raden telu, raden wirun awas ing pandulu, lamun ana jawata ingkang nedhaki, sigra marek ngraup suku, hyang narada ngandika lon.


Heh katri yoganingsun, sira padha kaswasih ing laku, ingsun uwis weru sedyanira sami, mengko karsane hyang guru, sira ginawe lalakon.


Lah iki pulunamu, reksanen neng alas wong tatelu, iya benjing dimen pinanggih sang panji, ing mengko meh praptanipun, ing kene ingkang linakon.


Sira maliya iku, kidang ijo lan menjangan wulung, bantheng wulung kartala kang malih warni, andaga menjangan wulung, sira malih kidang ijo.


Sandika raden wirun, sarwi mulkat ing pulunanipun, marbes mili karonta-ronta ing galih, alon denira umatur, dhuh pukulun kang kinaot.


Kawula nuwun tudhuh, wonten pundi inggih dewi galuh, de punika umisah lawan anak mami, pukulun apasrah sunu, hyang narada ngandika lon.


Heh katri yoganingsun, lamun sira tanya nini galuh, iya uwis pinulung dening dewa di, tinurunken nagri basul, dadya garwane sang katong.


Benjang padha katemu, nagri bali yen pinurweng pupuh, lah mulane arinira sang apanji, benjang tuturana gupug, mukul ing bali karaton.


Sira yya wancak kalbu, dumeh sutanta pan maksih timur, sang hyang maha bathara kuwasa luwih, dyan wirun deku umatur, sandika anut sapakon.


Wus winulang sadarum, tingkahira pangrencana besuk, lawan bayi sinungken wus den tampani, sasuratira tan kantun, sandika sami wot sinom.


Bayi pinarnah sampun, hyang narada angandika arum, lah wis padha tukup mata den aglis, raden tiga sampun tukup, netra lajeng warni sato.


Kartala bantheng wulung, raden andaga manjangan wulung, raden wirun ingkang dadi kidang wilis, nenggih paripurna sampu, hyang narada wus tan katon.


Kang mindha sato sampun, rumeksa babayi aneng ngriku, duk miyarsa wonten baris geng lumaris, balane asmarabangun, bala bar lir samodra rob.


Ambener lampahipun, unggyaning sato kang samya wulung, yata wau ri sang amancala warni, sareng gamuk sigra nempuh, geger sagung ing ponang wong.


Pinerbutan kinepung, sru sinosog ing gandhi myang ganjur, bantheng wulung nirbaya aniring westhi, kantulang sinosog ganjur, gumergut kang prang tan anggon.


Sato sangsaya liwung, pangamukira buteng mangiwug, buyar bubar sagung kang para prajurit, katur sang asmarabangun, duka wau sang wira nom.


Nyandhak jemparingipun, jog tumedhak saking jempana gung, piyak para prajurit wus dharat sami, kang rayi anginthar gupuh, wurining raka tan adhoh.


Tuwin kang para ratu, myang satriya wus dharat sadarum, sigra ri sang panji ino kartapati, angayat jamparingipun, lumepas marwaseng sato.


Katiga wus kacundhuk, sirna ragane kang sato wulung anirmala waluya awarni janmi, yata wau raden wirun, lawan arinira karo.


Gupuh ungkemi suku, sarwi karuna kawelas ayun, mingu sagung sami ingkang aningali, sang panji ngeres amuwus, babo kakang kadang ingong.


Kawlas asih kalangkung, payo kakang tutura maring sun, kaya priye arimu putri kadhiri, raden pamade umatur, rayi tuwan melu lolos.


Kawula sami ngluru, salamine tan wonten katemu, sareng prapteng jroning wana wonten janmi, sang hyang narada pukulun, paring pitutur sajatos.


Rayi dalem sang ayu, dewi sangkaningrat sampun lampus, pinulung ing dewa tinibakken maring, nagri bali garwanipun, denya wawarah maring ngong.


Punika aden sunu, kinen ngreksa pun dasih pukulun, apan serat saking putri ing kadhiri, binakta ing jawata gung, yata wau sang wira nom.


Nalikanya angrungu, kumepyur tyas tarataban mangu, gupuh-gupuh sigra anambut ing siwi, ingaras-aras kalangkung, adhuh babo putraning ngong.


Ngandikeng garwanipun, iki yayi sutanta katemu, yata wau raja putri parangrukmi, anjrit pan sarwi anambut, putra babayi neng pangkon.


Binopong asru muwus, adhuh nyawa guati putraningsun, maksih timur gung ginawe kawlas asih, sang retna sigra amundhut, kakalih kang para katong.


Kinarya embanipun, raden jaka laleyan pra ratu, ing bintulan rajeng binarong nagri, myang pawongan wolung puluh, kinarya juru pamomong.


Nulya sang panji nambut, suratira nenggih dewi galuh, dyan winawang kawuryan tembung ing tulis, winaos anganyut-anyut, sang panji luhnya dres miyos.


Sembah ning ulun putri kadhiri, kang kari anglamong, aneng wana anambut putrane, sru kalaut kadaut geng kingkin, nedya angulati, paran kesahipun.


Rehning paduka aparing weling, dhateng raganing ngong, kang sinedya pangeran karsane, mila kawula kongsi nemahi, kesah ngingkis ratri, amung lawan sunu.


Saking sruning kuwuring tyas kadi, murca jiwaning ngong, sanalika datan wrin pringgane, ing samarga mung tuwan sayekti, paraning wiyadi, dumunung ing kalbu.


Pan sapengker paduka inguni, kangjeng rama katong, miwah ibu sori sadayane, cipta rudah kadi angemasi, langening praja tis, lamun tanpa semu.


Sanagara geter kontrang kantring, ical manah ingong, lir binedhah parang muka gedhe, ingkang satus nagara sinekti, parandene maksih, dereng timbangipun.


Maksih awrat prihatin puniki, kangjeng rama katong, miwah sagung kadehane kabeh, lir kapethot manah ing wadya lit, sruning lulut asih, marang dewaning sun.


Dhuh pangeran kaunung ingkang sih, kawula tur wartos, byating lara kasih ta ing mangke, dahat kenging kataman ing sedhih, saha gunging tasik, luhuring semeru.


Nadyan sawiyar ing bumi langit, ageng laraning ngong, pepet ing tyas tan ana wengane, agung ing susuh nampek ing dasih, dhuh paran sang panji, babo guruningsun.


Aksamanen kakasih ta gusti, kang murca anglamong, sinangsaya kaswasih wangkene, panedheng ulun marang dewa di, mung paduka yekti, tumuntun arawuh.


Neng wanadri genipun alalis, mugi sang wiranom, lah pundhuten jeng rama putrane, kawlas asih sun tilar ngemasi, manawi tan nuli, ingambil nak ingsun.


Lamun minongseng sato wanadri, cupet ing lalakon, pan wong agung tan ana turune, jer kawula tiwas, ing ngaurip, tan tulus anyethi, ing tuwan pukulun.


Amung tembe yen amengku krami, ing panuwun ingong, putranira pinarnga age, suwitakna maring yayi mami, ingakokna benjing, pakathik kukuncung.


Puwarane kabeh atur mami, panji jiwaning ngong, wekasane sembah ulun mangke, sanitya sasumungkeming dasih, maring satriya di, dibya reh pinunjul.


Sampun karang aksamaning dasih, ing reh kang linakon, keh ing luput inggih salamine, dipun kadi kentar ing jaladri, titiserat mungging, ngukara kinidung.


Sira panji ino kartapati, sadangune maos, kang pustaka saking ing garwane, mumet panonnya numpek ing ati, peteng netra kalih, nglegeyeh saluku.


Tanpa muwus waspanya dres mijil, sru ning tyas akepon, keju kabeh nenggih sarirane, lir kantaka ingkang tanpa kanin, dewi nawangsasi, wruh yen garwanipun.


Kapanduk ing sastra pamres ati, gupuh sang lir sinom, anumgkemi padane kakunge, sang apanji angandika aris, dhuh wungua yayi, tulunga maring sun.


Undhangana wadyanira yayi, karya apakuwon, ingsun lagya enak aneng kene, durung karem lumaris suniki, arsa lalangening, wana ngimur wuyung.


Ingkang rayi sigra angundhangi, akarya pakuwon, para wadya wus tanhang kabeh, tan antara paripurna asri, rineka praja di, wonten langenipun.


Jurang alit toyane awening, respati yen tinon, kembang-kembang maripit pingire, tata radin wus kadi kinardi, keh warnaning sari, urut tepinipun.


Wana iku jajahaning pengging, pacangkraman katong, sri kalana batu rata kang ngreh, duk samana dewi nawangsasi, langkung denira sih, marma maring kakung.


Wirong ingkang karsa tinut wuri, wau ta sang anom, sanget denya kabyaktan wira ge, keneng palang mamala malat sih, surate kang rayi, retna dewi galuh.


Datan kena suh anggung liniling, ginawa wirangrong, ngaringring mring jurang rerjeng, mulat wileti kang tirta wening, nang saya maweh tis, trenyuh geng wulangan.


Rengeng-rengeng anut irig-iring, mangarang karongron,mring rerejeng kaliyan garwane, surup ing baskara kondur maring, pakuwon nireki,menggah mangu-mangu.


Sira raja putri parangrukmi, dahat denira mong, marang putra dinama damane, ketang maksih timur tanpa bibi, welasnya tan sipi, kawiyoganipun.


Duk samana wau ta sang panji, sru ning geng wirangrong, ngungak-ungak ing jujurang rejeng, byat ning lara nityasa kaeksi, sang putri kadhiri riwut ing pandulu.


Asadhepok lengah sang apanji, tepining jurang jro, marang kadang kadehane kabeh, kathah ingkang sami angaturi, nanging tan tinolih, pijer kalingan kung.


Mangu-mangu mulat ingkang warih, wau sang wiranom, sru kagags wungu wiyogane, nulya manjing pakuwon gumuling, tumiba jinemrik, leng-leng ing tyaspun.


Para satriya miwah bopati, tan ana makuwon, siyang dalu rumekseng gustine, amung raja putri parangrukmi, kang parek ing laki, kinanthi malat kung.


Sang panji asmarabangun, muput sadalu tan guling, pijer linglung kalanglangan, leng-leng kelingan kang nulis, luluhi nala rahadyan, minggu nora kena mijil.


Kaenengan manahen kun

g, lir kakenan ingkang kanin, kanin ing nayanya kenas, kon nus niskramaning krami, kamanungsan saniskara, karantan renteng kapati.

Puteg meteg katekan kung, mangkin kakungkungan kingkin, kongang wangkaweng sungkawa, kawawas murcitama tis, tis-tis ing tyas sanityasa, netya ngusut sasat sepi.


Supe sowan ing manekung, ngungkang kawangkungen kengis, kongas ing reh karahatan, tinantara miraketi, katatangi tangisira, sira sang raja putra di.


Kawilet ing kung kalangkung, kalingkul kongkal lan angling, kelingan kalengkaningrat, kang murud murweng donadi, dining kanang kahanan, kaon angonang tyas hening.


Weh onang manungkuring kung, rungkat karangkut ing runtik, ngantak runtag katawuran, wuru riwut mirut miris, keris rarasing rasika, saking sekung ing pangeksi.


Kasasmita sasmiteng kung, kangen kengetan ing ati, ngatara temah miruda, arda ngrudah ing rudatin, datan ketang katanggama, munggawama den ugemi.


Gumuniteng nir keheng kung, kawengku kanang kinapti, nupta samapta ning cipta, sipat papasthen kaesthi, sesthi sisthawan ing wistha, dyastha palastha pinusthi.


Isthanira amanekung, nungkuma nungkama ririh, rumuruh murang ing driya, drawayeng waspa tan wis, wasana sah sing sasana, sanalika niningali.


Mulat malah mamalat kung, kapangpang wuwus ing wengis, sang kalengkaning jenggala, lalunu pateng wanadri, heh resmining wana sira, rasuk asikareng mami.


Pa gene teka maweh kung, mangkenu karteng dumadi, dadak meda pamidana, dumuneng katresnan mami, mimikara karan apa, apa tan welas sireki.


Marang kang kasangsayeng kung, kongsi kasok ing pangaksi, sasat pesat jiwa kendhang, kandhuhan kandhih kalindhih, mukandhah kandhem ing nisma, kamala mulat mulet sih.


Ngesah kabarusah ring kung, rena rekasa sayekti, heh darmaning kang kartika, karem rumanca neng urip, ngumarap ngingirup rup, korup ira sun arani.


Karana marakaken kung, kolu manungkul ing kami, dhuh hyang-hyang sing surya condra, sumendra ruhareng mami, anggung karya renconeng tyas, tarpa marma ing kaswasih.


Maweh kung jroning maneng kung, keneng apa salah kardi, tekar dahar deng wardaya, sotyanta duryaseng bumi, kaliwat durnibi durta, duskarta tan wrin ing gati.


Temah nangsoyeng tumuwuh, dhuh hyang-hyanging awiyati, tiwas gyanta marek saka, kita tamatan udani, hardan kardaning kusuma, sumaput supteng pratiwi.


Wang-wang wungu andrung-gandrung, gung mendra mamardawa ngling, dhuh yayi putri ing daha, maring di paran ing gusti, tega temen jiwaning wang, tilar ing dasih kaswasih.


Temah kataman ing gandrung, sapa kang kawawa gusti, tininggal kari sungkawa, kawangkungen sakenari, tan kena sun sasamura, ing pangimur kang murwani.


Malah milalu malt kung, iya kaya paran yayi, yayah bela nganyut jiwa, saking jinuwet tan wingit, lam-lamen ing nala lila, lamun amiluwa lalis.


Tan sangsaya sru ning gandrung, nanging kang sopana sepi, sawasumiweng sarira, karan karuna ing sepi, menget mangu-mangu nengan, ngenani pramana niti.


Ning martan ing tyas anggandrung, kadarman mandrawa kadi, kadadawan andaluya, dulunen tangisku yayi, yayah ngayuh ing ngawiyat, mamayat yukti ning ati.


Iya sanangsayeng gandrung, dhuh ysyi putri kari, paran purwareng mangarang, mirang-mirang wong antara lain aring, rangu-rangu karung-rungan, ring reh rongeh mireng ati.


Mumungu wingit anggandrung, dhuh maniking manah mami, mami karareh widada, dadak adudukeng dasih, sor sawaran marmane wa, mor mani-maniweng wengi.


Braminta wimbuh anggandrung, angles meh nglalu anglalis, lesu lesah galasahan, sahananing pangrasa nis, nistawayen kasupena, sapanen wastuning wangsit.


Kang dadya usadeng gandrung, waluya paran don dening, andina-dia duhkita tan ketang katon ing ati, tan lyan samalyeng wandaya, pundi goning sun amanggih.


Tan gulang galeng ing gandrung, andarung daruneng kingkin, kakenan ala tan lena, lam-lam nglamong analeming, lmut mamalat wiyoga, giyuh tan anggayuh yogi.


Kagagas mulat ing sunu, dhuh paran siwintayayi, agung mular marang sira, renteng tyas kakanta gusti, bisa temen jiwaning wang, migatiya megating sih.


Enengena sang panji asmarabangun, kang kukuwu neng wanadri, lmi pijer nandhang wuyung, wuwusen nagri ing bali, duk samana sang akatong.


Putek ing tyas nitya sasungkawanipun, kasok ing panganti-anti, lami nora nana rawuh, kang badhe lawan ing jurit, putra jenggala wira nom.


Sri narendra memasu semadinipun, ngeningken cipta nireki, minta warah ing dewa gung, gancanga ingkang lumaris, kang babala para katong.


Hyang narada datan antara tumurun, ing pasemaden wus prapta, panggih lan sang pindha prabu, kinurmatan ngandika ris, babo kaki yoganing ngong.


Lakinira meh prapta nagara bangsul, lagya kandheg aneng margi, duk manggih suta nireku, mamangun genging wiyadi, drawaya waspane karo.


Ngapendul rah netrane lakinta kulup, tambuh solahe kaswasih, mu sutane kang pinangkul, datan pasah den tangisi, meh kadaut ing kadudon.


Kadya pecat jiwa kendhang myat ing sunu, mengko durung bisa angling, yata wau duk angrungu, nenggih pramudyaning bali, limut ing driya wirangrong.


Sru mangarang ribeng ing tyas wetu kang luh, seseg ing wardayanya tis, trenyuh saksana lumuntur, meh supe reh ing wawadi, hyang narada nyandhak gupoh.


Linenggahken sarwi angandika arum, dhuh kalengkaning sabumi, pa gene cupet ing kalbu, arsa supe ing wawadi, lagya kinarya lalakon.


Santosakna tyasira jumeneng ratu, nora lawas nuli prapti, sang panji asmarabangun, antinen samadya sasi, yekti praptane sayektos.


Wus kariya nuli parentah gupoh, karya pasanggrahan sami, miwah menedi marga gung, sandika sri narapati, hyang narada wus tan katon.


Sri narendra langkung sukanireng kalbu, saksana medal ing jawi, siniwakeng para ratu, ing panglaran poncaniti, pepak sagung para katong.


Harya jayeng tilam kang sumiweng ayun, kawuri kang para aji, sang nata ngandika arum, yayi sun angsun pawarti, ana dewa warah mring ngong.


Ing samengko meh prapta nagari bangsul, mung kurang samadya sasi, maksih kuli neng wana gung, karemane sang apanji, kalangenan sagon-enggon.


Sira yayi undhanga kang para ratu, samapta gagaman jurit, ing samongsa praptanipun, mungsuh kang peksa sumekti, aja kuciweng palugon.


Kyana patih sandika parentah gupuh, marang sagung para aji, tinbalane sang aprabu, kinen samapta ing jurit, sandika kang para katong.


Sri narendra malih angandika arum, yayi parentah anuli, karya pakuwon ing mungsuh, neng ngara-ara sundari, rakiten mindha kadhaton.


Danan ana susuguh ingkang supenuh, tutuwuhan kang mepeki, miwah ingkang banyu-banyu, pasangen urut ing margi, wit pabeyan prapteng kono.


Ing sundari pasangana tarup agung, dimene suka ki panji, miwah juru mangsakipun, patang puluh ingkang bangkit, olah-olah bakal sugoh.


Den samapta aja kurang kang kinayun, dimen ayem mungsuh mami, wong bakal ngadoni pupuh, supaya sektine aring, dadi tan cuwa binobot.


Kyana patih mesem pan sarwi umatur, paran pakantuke inggih, angela-ela ing mungsuh, mendah cengele sasenik, semu wareg ambedhodhog.


Bok kajenge macedhel tan mangan nginum, malah pened den gegering, ki mungsuh nuliya lampus, dimen sampun estu jurit, gumer sagung para katong.


Amiyarsa ature ing mantri ngayun, cucude akaduk manis, manise katareng semu, semune amirapeti, repete tan kacalendhot.


Langkung methit wasisthaning ulah tanduk, dudugane tan katembing, tumambira kaduk purun, purune matur ing gusti, sang nata ngandika alon.


Kabeh iku yayi dhawuh ing dewa gung, luwih utamaning aji, ngenaki atining mungsuh, ambek ing ratu linuwih, ing bawana tan karya won.


Kyana patih sandika ingaturipun, kondur wau sri bupati, bubar ingkang para ratu, wuwusen sajroning puri, sagung prameswari katong.


Dangu samya lalangen gendhing mangun kung, retna sekartaji angling, heh sagung para riningsun, padha kendela kariyin, payo sinambi guguyon.


Para putri sadaya sami mituhu, parentahe sekartaji, sang dyah angandika arum, ingsun tatanya sayekti, padha den waleh sayektos.


Aja nan ingkang riringa ing kalbu, dadi tan suba siteki, rengkuhe padha sadulur, jawaben patakon mami, kabeh-kabeh kadang ingong.


Mungguh ing resminira lan sang prabu, apa beda lawan mami, manawa na ingkang sinung, sajatining karongron sih, rehning padha ayu anom


Dene ingsun yayi iki wong wis sepuh, manawa den cangkramani, marang lakimu sang prabu, wiwit dangune rinemih, tan wruh dadining karongron.


Lir murcat majiwa kendha kadi kantun, duk enget mentas aguling, tan wikan purwaning lulut, mengkone yayi wak mami, langen ingsun lan sang katong.


Para putri sami sareng aturipun, inggih kangbok awak mami, sami lawan sang retna yu, wikan-wikan sampun guling, tan wruh purwaning rongron.


Duk wiwite kangbok nelasaken bayu, tumrecrep jantung kairis, emar-emar manuh ulun, cipta yen badhe kajodhi, watos bedhah beteng ingong.


Praptaning don wikan wus kapanggih turu, mila kangbok boten sisip, kadi paduka pukulun, mesem kusumaning bali, denya miyarsa asmareng don.


Sang retna ngandika malih, menek yayi ing talkondha, ngasmara kinacek dhewe, marang sang sri naranata, rehning rada arowa, omba dawa gedhe dhuwur, santosa kuwaweng tilam.


Lah jawaben payo yayi, patakoningsun mring sira, putri talkondha wuwuse, tan riringa yen ngandika, barabah tan rinasa, dhuh kakangbok raganingsun, yekti kinacek priyongga.


Kaote makethi-kethi, luhung kakangbok sadaya, miwah ari-arining ngong, pan samya pinriyembada, ing aras-aras sira, kula tan nganggo rinungrum, amung jinenggit kewala.


Daya den nganggowa ririh, panjengite sri narendra, kadya anggalandhang kebo, langkung denya siya-siya, parandene kawula, boten antuk tomba ngantuk, mirsa-mirsa sampun nendra.


Gumer sagung para putri, gujenge kapetek ing tyas, mung putra talkondha dhewe, nyukakak kadi sinentak, pan sarwi kuleweran, yata malih kang winuwus, kasaru rawuh sang nata.


Oreg sagung para putri, sami methuk sri narendra, sampun lenggah sang akatong, ing driya esmu sungkawa, karantan ing wardaya, dahat oneng ireng kakung, cipta kadi sinusula.


Dhedhep ingkang para putri, mulat sang nata sungkawa, tan ana weruh wadine, ngandika sri naranata, heh sagung garwaning wang, wruhanira jiwaningsun, bakal ana mungsuh prapta.


Prawira anom sinekti, kaonang-onang ing jagat, sugih bala para katong, miwah prajurit wanudya, padha prawireng aprang, dene pramudyaning mungsuh, nama panji kasatriyan.


Putra ing jenggalamanik, lalananging pramudita, mulane prapta ing kene, demang pulung kang wawarah, madulken alaing wang, heh yayi pamintaningsun, sira kabeh den prayitna.


Samaptaha ing ajurit, benjang sun adu ing yuda, iya aprang padha wadon, wulangen panekarira, aja na kang kuciwa, para garwa awot santun, ature sami sandika.


Mundhak wiragane sami, suka badhe den du aprang, gumuruh sareng ature, sampun paduka sungkawa, benjang prajurit mengsah, wanudyane wolung puluh, kawula kang amikuta.


Katur ing paduka inggih, dadosa palara-lara, sokur mindhak kancaning ngong, matur putri ing talkondha, rada kaduk sembrana, wuwuha kanca rong ewu, kang samya pinindha garwa.


Ana rowang ngong jineggit, yen arsa pinurweng raras, dadi ana kancuh ingong, gumer kang samya miyarsa, nata gumujeng suka, kuneng wau ta sang prabu, lajeng umanjing ing tilam.


Para garwa ganti-ganti, kinarsan lir saban-saban, yata malih piniraos, ing jawi wus paparentah, kya patih jayeng tilam, angundhangi para ratu, angrarakit pasanggrahan.


Wonten ing dhusun sundari, badhe pakuwon ing mengsah, rinengga tutuwuhane, miwah badhe pasunggata, tan ana kukurangan, saben wisma ngundhung-undhung, satu kang mangsake pisan.


Guru bakal guru dadi, ingkang warni pasugata, tuwin pakuwon sri tinon, awit saking ing pabeyan, winehan pasanggrahan, sauruting lurung-lurung, saben saonjotan wisma.


Myang pasugatan menuhi, jinaganan mantri papat, wus tampi weling ing katong, tutuwuhan nurut marga, toya-toya tan kendhat, badheg waragan aneng jun, tinata mung let sajangkah.


Marik-marik urut margi, saben ejun kalih belah, jinagan pating giroro, wus sami sinung parentah, kinen ngancaranan, ing enjang praptaning mungsuh, kuneng ing bali nagara.


Nenggih kang sampun rinakit, prajurit samapteng yuda, miwah utamaning katong, dedana mring mungsuhira, yata malih winarna, sang panji asmarabangun, kang manggung kuli neng wana.


Lawan wadya para aji, aneng wana layu dirga, maksih nityaseng wirage, anggung manungku papreman, tilar dhahar lan nendra, sarirane langkung susut, netra bang apendul ing rah.


Saking sanget ing prihatin, sang putri parangkancana, ature datan tinoleh, mung lalu liwung ing driya, raja putra jenggala, kebeh wadya balanipun, samaya bela ing sungkawa.


Anuju dina sawiji, sang retna yu nawangwulan, marek ing raka ature, dhuh pukulun kadiparan, yen manggung amangkana, tanpa wekas ing wulangan, para santana sar-saran.


Saking susah aningali, ing gusti maksih sungkawa, dadya kabeh pangangkase, angajab nunten ayuda, dhateng bali nagara, yen paduka maksih wuyung, suka lumakyeng ayahan.


Saking gumering pawarti, gusti galuh sangkaningrat, aneng bali panitise, dadi garwane sang nata, prabu madusubrongta, wadya paduka pukulun, murinaning para raja.


Badhe rinebat tumuli, garwa tuwan putri daha, amrih wekas ng kawuron, lawan pan sampun antara, menggah sedya punika, pijer kandheg ing wulangan, paran yen tan kalampahan.


Karya mimirang ing bumi, wus kawentar ing pawarta, saking nagari liyane, satriya wirotama, ngadoni jayeng laga, dhateng nagari ing bangsul, kenging rencana ning marga.


Angugemi ing pawarti, tur inggih dereng karuwan, putri kadhiri sedane, lamun yen kang wicaksana, den anggep gagorohan, ing pundi wong arsa lampus, andadak kendel nunurat.


Yekti kandheg dening sakit, datan kober karya surat, makaten kang wus kawaos, sanadyan punika nyata, sedane putri daha, wonten pawartane umum, nitis ing bali nagara.


Dadya garwane wong bali, kang yogya nuli murina, amurweng yuda kuthane, makaten lamun sembada, karya paran neng wana, tuwas ayuh katekan kung, tan amrih yudakena.


Yat wau duk miyarsa, sira ri sang panji ino kartapati, ingature garwanipun, ing tyas kadi sinendhal, sanalika enget kang akarya wuyung, parentah samapteng wadya, badhe budhale tumuli.


Gumuruh kang bala kuswa, sami suka gustine mari brangti, lajeng samapta ing laku, tan antara gya budhal, kadi gunung guntur swarane wadya gung, sang retna parentahira, kabeh sagung ing para ji.


Miwah kang para satriya, ing jenggala tuwin ing parangrukmi, anggarebeg raden sunu, miwah sagung ampilan, kinen sami umiring putra eng ayun, sinongsongan lar manyura, binara rinukmi-rukmi.


Ingemban kalih narendra, asri tinon upacarane siwi, sang panji ingkang pinangku, amung para dipatya, lampahira gumaludhug kadi ladhu, tan ana ingkang wahana, dharat sadaya umiring.


Samarga-marga asmara, para nata samya nut maring gusti, temah remben lampahipun, sinambi alalangyan, sri ning wana kathah tinon kang sarwa rum, rumembe ngrep mangrembaka, kadi sunggateng lumaris.


Riris aris angsung gonda, weh martaning wardaya sang margeng gring, gandrung-gandrung kapirangu, sang panji kasatriyan, kadi pecat jiwa kendhang sruning wuyung, ing marga tan winursita, rawuh pabeyan ing bali.


Wong bandaran tur uninga, maring gusti panggih ing poncaniti, katur lamun mengsah rawuh, suka sri naranata, gya parentah tedhak arsa andudulu, lampah ing mengsah jenggala, samapta kang para aji.


Sang nata sawadya budhal, tedhak maring pakuwon jaban nagri, badhe papan ing prang pupuh, kinarya rep-arepan, lan sundari sinami rerengganipun, nanging kuwune sang nata, ing kidul raja kapering.


Dene pakuwoning mengsah, wonten bing ler sami rinengga asri, wus mangkana sang aprabu, prathistheng papanggungan, para nata ingkang sumiwi ing ayun, narendra kang tuwa-tuwa, dene kang sami taruni.


Baris sor ing papanggungan, patih jayeng tilam tumut neng nginggil, tan tebih lawan sang prabu, tuwin mantri pabeyan, demang bangkong nangkil ngabyantara prabu, sampun dangu pangantinya, wuwusen mungsuh kang prapti.


Wus kebektan ing pabeyan, para wadya punggawa parangrukmi, ngurawan lan singasantun, kadhiri myang jenggala, sang apanji wus umanjing pakuwon agung, miwah ingkang para nata, mantri papat ngancarani.


Wasta rongga talingsingan, tuwin rongga wanabadra ing bali, ngancarani mengsahipun, suka sagung kang prapta, sang apanji wus lenggah tatarub agung, myang sawadya para nata, sang panji ngandika aris.


Heh sagung para narendra, ing pabeyan iki rinengga asri, miwah tutuwuhan penuh, apa ta kalangenan, rajeng bali arsa tedhak pantesipun, matur prabu basunonda, angger nalikamba prapti.


Sakathae wadya tuwan, inggih wonten ingkang ngancarani, tiyang sakawan punika, marek ngarsa paduka, ri sang kasatriyan angandika arum, heh kapat wong bali sira, apa lulungguh ireki.


Miwah sapa aranira, kabeh mau sira angancarani, kaya paran tegesipun, matur mantri sakawan, kula sami mantri pacalang wakun, wasta rongga sulingsingan, lawan rongga ondhamoi.


Miwah rongga wanabadra, kapat rongga pangalasan puniki, sang nata parentahipun, ngurmati badhe mengsah, sampun katur sadaya pratikahipun, suka sagung kang miyarsa, sang panji ngandika keng galih.


Ratu ing bali utama, paripurna pantes budine ening, layak kinasih dewa gung, rabi condrakirana, gya parentah budhal ngangseg barisipun, nuliya praptaning papan, pakuwon dhusun sundari.


Gumuruh kang bala kuswa, sami suka mulat samargi-margi, sugata gung urut lurung, weh ayem ing lumampah, badheg lawan waragang lan banyu-banyu, amung elete sajangkah, sakiwa tengen ing margi.


Lamun parek saonjotan, wisma ageng angalang tengah margi, sinungan tatarub agu, suka ingkang lumampah, antuk reren miwah tuwuk mangan nginum, sakarsa-karsa pan ana, gunane pramudyeng bali.


Sang apanji kasatriyan, wungu malih wiyoga nireng krami, temah remben lampahipun, yata wus katingalan, mring sang nata kang nganti aneng papanggung, nenggih ta kang pindha nata, awas denira ningali.


Ing solahe kakungira, aneng arsa dharat denya lumaris, kumepyur tyasira prabu, lir dinodhog ing sela, terataban gumeter swanita kumyus, ketang katresnaning garwa, wus lami datan kapanggih.


Ing mangke dupi kapanggya, langkung risak solahe kawlas asih, meh supe sigra sinayut, pinetek ing wardaya, sandining tyas sang nata ngandika arum, tanya mring mantri pabeyan, demang bangkong sapa iki.


Kang lumaku aneng arsa, dene datan pati ana kang ngiring, demang bangkong nembah matur, gusti inggih punika, raja putra jenggala asmarabangun, salamine kang sangsaya, kecalan garwane nguni.


Nata malih ngandika ika sapa wong wadon atut wuri, gandes wong rupane ayu, wangune weton sabrang, gya tumingal demang bangkong alon matur, punika garwane anyar, putri saking parangrukmi.


Sang prabu angres tumingal, swara seret jongga kadya kinancing, sruning wlas kalangkung-langkung, mulat solahing garwa, nulya wonten sumundhul ing wurinipun, gumuruh swaraning bala, kadi ladhu banjir wukir.


Wahana mawarna-warna, kang gagaman tempak ing ngarsa wuri, pawongan maewu-ewu, aneng wuri sadaya, samya ngiring putra babayi neng pungkur, selur ingkang bala kuswa, tan ana dharat sawiji.


Kabeh padha awahana, neng jempana raden jaka sumilir, sinongsongan payung agung, myang gelar ing ayuda, sri narendra asru pangandikanipun, sapa ika kang katingal, sumundhul lumakyeng wuri.


Balane saijab-ijab, apa iku ratu ing parangrukmi, gagaman maewu-ewu, matur demang pabeyan, putranipun sang panji asmarabangun, kang tinilar ibunira, raja putri ing kadhiri.


Nama dyan kuda laleyan, putri parangrukmi dahat denya sih, ingela-ela kalangkung, wus kadi genya yoga, mila sagung ingkang para ratu-ratu, dadya pamongmong sadaya, ginadhang raja taruni.


Wonten nagri parangretna, karsanipun benjang yen menang jurit, wau ta sang prabu, sadangune miyarsa, asru rudah puteg meteg katekan kung, kekes ing tyas anityasa, sigra kondur sri bupati.


Sagarwa mring dathulaya, lajeng manjing pamreman sru prihatin, kang tontoni putranipun, lir ta murca sakala, genging kuwur sinamur-samur, tan lipur, meh supe purwa duksina, denira angraras ati.


Sri narendra datan kena mijil, aneng jro kalangon, kalimputan ing riben kang gedhe, keneng onang manguneng ing galih, luluh jiwa matis, trenyuh ing tyasipun.


Para garwa sami angrasani, saking jawi gedhong, nora seru bibisikan bae, putri bali angandika aris, kabeh ari mami, graitanen gupuh.


Lakinira sa sri narapati, minggu neng kalangon, teka owah lan saben-sabene, iya keneng apa iki yayi, matur para putri, kangbok nuhun bendu.


Boten wikan karsane sang aji, sumongga kakangbok, raka tuwan ing wau rawuhe, saking ningali mengsah kang prapti, menek esmu miris, marang gunging mungsuh.


Putri talkondha pinujawati, sumambung wot sinom, kula ingkang sumerep karsane, raka paduka sri narapati, langkung nandhang wingit, mring garwaning mungsuh.


Ngembang salak ngathekere keksi, solahe nyalemo, mengsahipun sinungan kamukten, kinurmatan pan kapati-pati, gumujeng puputri, retne bali muwus.


Aja na padha salah panampi, kabeh arining ngong, banget elok ing lalakon kiye, wus karsaning bathara linuwih, haywa na baribin, sandika pra arum.


Kuneng swamine pramudyeng bali, gantya winiraos, sang apanji prapta sabalane, aneng pakuwon dhusun sundari, tentrem sami aring, rinoban susuguh.


Suka manahe wadya gung alit, tan ana kang rusoh, juru mangsak sadina-dinane, amaragat sangsam sangang iji, mahesa lan sapi, pitik miwah wedhus.


Kawan likur nenggih saben ari, sanes para katong, wus pinanci juru dhewe-dhewe, miwah kang sugata wus pinanci, suka para aji, tinekan sakayun.


Tan winarna sampun pendhak ari, denira makuwon, sang apanji siniweng wadyane, neng pandhapa sagung para aji, ingkang munggeng arsi, sira raden jungut.


Jajar lawan papat para patih, tuwin sang akatong, para rukmi myang satriya kabeh, para ratu sadaya neng wuri, ngandika sang panji, paran kang rinembug.


Masalahe prang sang rajeng bali, utama kinaot, nora nedya agawe wiwite, malah dedana akarya becik, paran denira mrih, sidane prang pupuh.


Kyana patih kudanawarsa ngling, dhuh angger sang anom, sayogyane tinimbangan sareh, mugi pukulun anenjak tulis, dhateng rajeng bali, pinet saking alus.


Ingantepa ngarsane sang aji, yen tan mrih prang rempon, ing pratingkah pan boten babadhe, lamun sang nata kedhah badhami, ngaturena inggih, gusti dewi galuh.


Sang apanji ino kartapati, sukeng tyas rinojong, amiyarsa kang uwa ature, ri saksama kinen karya tulis, tan antara dadi, kaserat wus sinung.


Nata kalih kang badhe tinudhing, trengganu sakatong, prabu antisura lan tarnate, prabu banuputra kang wawangi, sami sura seti kalihnya binagus.


Anom-anom rada sugih pikir, wau ta wus kinon, manjing pura sinungken surate, wus wineling sajroning kinteki, budhal nata kalih, saampilanipun.


Amu bekta wadya sawatawis, kang ampil kaprabon, tigang dasa nitih kuda kabeh, sasanderan prapteng poncaniti, sang pramudyeng bali, umiyos andangu.


Pepak sagung kang para narpati, ingarsa sang katong, sigra laju caraka kaliye, tinimbalan ing ngabyantara ji, wus tinunggil linggih, lawan para ratu.


Sri narendra angandika aris, maring duta karo, sira iku ngendi pinangkane, apa ratu miwah adipati, matur nata kalih, amba sami ratu.


Ing tarnate prabu banusiwi, la trengganu katong, prabu antisura kakasiye, ulun kinon ing gusti sang panji, ingutusung tulis, dhateng sang prabu.


Serat sampun tinampen tumuli, anulya winaos, wus kadriya nenggih surasane, serat lajeng sinungken kang rayi, kya patih wus tampi, kinen maos seru.


Dyan winaos marang sang apatih, penget serat ingong, satriya disumba geng rat kabeh, raja putra sudibya dimurti, ing jenggalamanik, kasatriyan ingsun.


Kang lalana anjajah nagari, keh kareh den ingong, para nata tur-atur putrine, bulu bekti miwah peni-peni, heh pramudyeng bali, sumarmane ingsun.


Prapteng bali nulya angsung tulis, mring sira sang katong, apit iya antuk pawartane, garwanigsun sang putri kadhiri, nguni duk ing lalis, pinulung dewa gung.


Nuli wawarah dewa mring mami, lamun garwaning ngong, ing samengko wus tinurunake, nitis marang nagari ing bali, dadya prameswarinira sang aprabu.


Dene praptaning sun aneng bali, lan sawadyaning ngong, iya ngantep karsanira mangke, yen sira yun tulus aneng bumi, ngaturena aglis, iya garwaning sun.


Yekti tetep dadi kadang mami, sira sang akatong, lamun datan mangkana den age, abetenga waja lapis wesi, lawan balowarti, nira dipun kukuh.


Nora wurung rusak dening mami, lan sawadyaning ngong, eling-eling mupung surung kasep, luhung sira anungkula aris, sayekti basuki, tulus dadi ratu.


Awibawa aneng nagri bali, siniweng pra katong, tan winarna srat titi mangsane, lir sinebit talingan sang patih, kumedhut kang lathi, jaja bang manglathu.


Kadya nuwek kang caraka kalih, geter kang samya non, para nata jrih tumungkul kabeh, gereng-gereng angreremet driji, dhasar banter ati, sri nata gumuyu.


Matur patih jayeng tilam, dhuh pukulun sri bowati, manawi sambadeng karsa, prayogi dipun wangsuli, sami ssajroning tulis, legane manah pukulun, pun panji kasatriyan, deg sura tan wruh ing krami, inggih kula priyongga kang mangsulana.


Sang nata nuju ing karsa, sampun kinen karya tulis, wau ta duk amiyarsa, caraka ciptaning galih, galak temen wong iki, rada sugih kumalungkung, kapan metu ing aprang, sun puji tandhing lan mami, kyana patih dadya denya karya surat.


Nulya matur mring sang nata, sampun pinaringken nuli, mring dutane kasatriyan, sarwi ginanjar sarwa di, ngandika sri bupati, caraka muliya gupuh, matura gustinira, sakehing wangsulan mami, pan wis kamot ana sajroning nawala.


Duta kalih tur sandika, pamit sampun den lilani, sareng sami nitih kuda, mundur saking poncaniti, ri sang pramudyeng bali, parentah samapteng gupuh, karsane sri narendra, benjang miyos ing ajurit, maring dhusun sundari papan ing yuda.


Lawan sami ing undhangan, kabeh prawira ing bali, lamun tempuh ing ayuda, aja na ngarah pati, amung padha malesi, yen mengsah angarah lampus, den padha mrih pepejah, sandika kang para aji, kyana patih jayeng tilam matur nembah.


Dhuh pukulun bathareng wang, paduka sampun nedhaki, tuwan anduduk kewala, inggih saking jroning puri, amung na para aji, lan amba titindhihipun, ingkang mijil in papan, sang nata sampun mangerti, nulya jeng kang kondur dhateng dhatulaya.


Ing jawi sami busekan, siyaga gagaman jurit, bendhe kendhang goti nembang, kadya manengker wiyati, kuneng prajurit bali, wuwusen duta kang mantuk prapta ning pasanggrahan, pepak sagung para aji, myang satriya sami wineng arsa.


Nata kalih kang dinuta, wus marek ngarsa sang panji, matur solahe dinuta, miwiti malah mekasi, lawan binektan tulis, sampun katur suratipun, binuka tembungira, penget iki layang mami, jayeng tilam ing bali naya kawaktra.


Kang kaloka jana priya, kaonang-onang ing bumi, kang kungkulan ing akasa, kuwasa anglalanangi, ingandel olah pikir, dhawuha marang sireku, sang panji kasatriyan, kang ngaku satriya adi, sudibya nung jengala raja pinutra.


Kang ngaku para sutama, marta pratomeng ajurit, ngaku ambek sasudibya, delape ingkang ngarani menek iku babayi, kang lagya umur rong tengsu, kang padha nebuta, wirotamaning sabumi, lamun datan mangkono sapa kang eram.


Marang solah tingkahira, pan amung wong arsa guling, pangantuke lelenggota, lamun iku kang arani, sudibyanta ing bumi, saking watiring tyasipiun, manawa kabribinan, miris yen tan sida guling, amung iku padha ngalem ing sira.


Yen wong bali nora nana, ingkang sudi angarani, satriya kang kaya sira, malah suker tyase sami, sira mau ngaturi, layang marang gustiningsun, sang prabu madubrongta, durung wenang sira panji, satriya sora weh layang mring narendra.


Pantes sira angsunga, layang marang jeneng mami, parandene durung timbang, lalantaran lawan patih, dene sajroning tulis, iya angaturi pemut, marang sri naranata, garwanira sekartaji, wus ngemasi aneng satengahing wana.


Nuli sira antuk warta, yen nitis mring nagri bali, garwane narendra ning wang, ingkang nama sekartaji, yeku sirarsa ambil, yen gustiku datan angsung, rinebuta ngayuda, lah satriya apa iki, numbuk-numbuk dene tan darbe wiwirang.


Ana wong kapaten garwa, teka ngaran-arani, maerang garwane aliyan, ingaku garwane nguni, garwanta teka ngendi, ambungen tanganmu gupuh, lah panji mambu apa, bacin kena bathang pithing, sing amulat mring tingkahmu riyak mutah.


Destun tan antuk wanudya, yen ora ngalaya bumi, narutuk mring nagri liyan, golek jodho ngasih-asih, ngririntih adol kardi, marang ingkang para ratu, prandene ngaku tama, polah manguthuh ing bumi, nora kaya wong bali lanang sanyata.


Tuhu yen lanang utama, ing jagat anglalanangi, para putri ingkang endah, padha tumeka pribadhi, ratuku enak mukti, kenya prapta wantu-wantu, tan susah nganggo lunga, ratu wirotameng bumi, widigdaya dadi kakasihing dewa.


Mulane sira nungkula, ngabdiya mring gusti mami garwanira aturena, bakal den agem paminggir, mangkono sireki, arep tulus ngombe banyu, lestari mangan sega, babo panji sun tuturi, dudu tandhing sira lawan gustining wang.


Den eling heh panji sira, yen kudu-kudu ngayoni, wuwuha tikel sayuta, yen amung kaya sireki, kaya tan susah yekti, amapagena gustiku, kaya wus rampung ing wang, kang methuk krodha nireki, titi ning srat, ya ingsun dyan jayeng tilam.


Sang apanji riwusira, rampung panupikseng tulis, jaja bang mawinga-winga, netrandik lir metu geni, talingan lir sinebit, lagi mengko ana purun, papatih angsung surat, marang panji kartapati, tembungira tan manis mamanis driya.


Watak satriya jenggala, naracak ambamba ngepring, nora kena mambu tantang, dhasare padha sinekti, nulya anata baris, emprit neba gelaripun, sami ambek antaka, gong beri tinitir titir, lir butulna bumi ayuda kenaka.


Gumledheg swaraning bala, tan petungan, lir pendah banjir wukir, yayah kang bantala butul, myang swaraning turongga, pangempret ing liman, ageming pra ratu, jemparing lir pendah udan, pangabaran warni-warni.


Nanging bala bali raja, nora pisan-pisan lamun nanggapi, mung tansah nguja susugun, dhaharan warna-warna, myang minuman seseger angundhung-undhung, busana maneka warna, weh cingaking mungsuh sami.


Sang apanji kasatriyan, dhawuhaken ngandheg sakehing baris, animbali arinipun, myang para mantri muka, wusnya pepak angandika smarabangun, heh ta aja padha lomba, elok ing lalakon iki.


Matur sang sinom pradapa, dhuh kakangmas paran lakon puniki, dene ta elok kalagkung, mungsuh tan arsa lawan, mung susugun amrih kasukan ing mungsuh, sanadyan saestu perang, sampun ngantos ngaben dasih.


Kajawi kang para nata, myang satriya tuwin mantri pangarsi, kang raka langkung panuju, nulya sami tinata, para nata neng arsa ingkang sumambung, kang para mantri wisesa, wingking satriya nyambungi.


Nuli panji kasatriyan, lawan garwa sarwi angemban siwi, lampahipun kapirangu, rangu ngungun ing driya, nahan lampahipun ingkang para ratu, patih pra raja panutra, gantya kawuwusa bali.


Kyana patih jayeng tilam, angundhangi sadaya para aji, datan siwah gelaripun, lan prajutit jenggala, kyana patih jayeng tilam aneng pungkur, ingiring prajurit kenya, binusanan sarwa adi.


Nulya caruk liru papan, sami ngedalaken gagaman luwih, rame tan ana kang unggul, dangu-dangu kasoran, wadyanipun sang panji asmarabangun, tan ana ingkang palastra, nanging kathah nandhang kanin.


Duka panji kasatriyan, natag panji sinom pradapa mijil, sarwi ngasta langkapipun, awas sang jayeng tilam, gya pinapag kang raka ing yudanipun, gantya alantaran asta, sang panji tansah binanting.


Sayah kang sarira lesah, nulya para ari sami nulungi, namung raden wukir santun, tansah angeca-eca, ngayem raga sang panji asmarabangun, sarwi mangu-mangu neng tyas, miyat mungsuh tuhu sekti.


Wau raden jayeng tilam, kinembulan meksa datan pabusik, ongga lir wesi balitung, tuhu lamun prawira, kasulayah para putra yudanipun, nulya raden wukir sekar, mapag yudane kya patih.


Nalikanya jeng ajengan, raden wukir sekar awas ningali, ing pamulunya kang pupuh, kadya dewi onengan, gya ingoyak kyana patih tansah mundur, nanging tansah ingambungan, prapteng pura malih warni.


Waluya jatining kenya, ragil kuning putri jenggalamanik, langkung merang ing tyasipun, mring radyan wukir sekar, nahan ingkang wus purna sajatinipun, gantya ingkang kawuwusa, dyan putra jenggalamanik.


Nututi dyan wukir sekar, lawan ngemban putranira babayi, magkana ta ciptanipun, yen tiwas ing alaga, ywa sulaya bareng putraningsun, lagya prapta kamandhungan, pinethuk lawan sang aji.


Sarwi angastha curiga, panji arsa sinuduk den alingi, sang aprabu ngandika arum, heh panji kadiparan, dene bayi sira anggo tameng iku, mara panji tadhahana, sang panji datan nauri.


Mung tansah ngesuk kewala, mundhur-mundhur kongsi prapta jro puri, sadangunipun ingesuk, sang prabu tan kuwawa, ananggulang tyasira mring raja sunu, ing satemah kabadharan, waluya jatining putri.

Tidak ada komentar: