Jan jane mung sepele, amung bab basa, ananging bisa mbedakake unggah ungguh bisa nuduhake budi pakartine kang migunakake. Basa jawa datan padha karo basa liya liyane kang bisa di gunakake marang sapa wae lan ana ngendi papan sarta kahanan, ananging Basa jawa satemene ana aturan kang baku kang kudune ora bisa di owahi kanggo nuduhake unggah ungguh mung bisa owah lamun uwah owahan mau tumuju marang kang luwih becik. ananging wektu iki akeh kang padha ora mangerteni.
conto kang gampang,
ana ing basa indonesia basa kang di gunakake bisa padha wae umpamane:
Pak mau kemana?
Dek mau kemana?
Mas mau kemana?
tembung pitakonan ing ndhuwur kabeh bener lan di anggep sopan sanadyan pitakon kang padha ananging di gunakake marang wong kang beda kalungguhan lan umure.
ananging conto ing ndhuwur kalamun migunakake basa jawa kudu bisa ndeleng sapa kang ngomong lan sapa kang dadi lawan ngomongan. umpamane:
"Pak, badhe tindak pundi?" lan "Pak, arep tindak ngendi?" sarta "Pak, arep nyandi?"
pitakon ing nduwur ngemu werdi kang ora beda, ananging nduweni guna kang beda beda lan luput kalamun luput anggone migunakake,
"Pak badhe tindak pundi?" pitakon iki di gunakake bocah enom utawa bocah cilik marang wong tua, utawa uwong kang seumur ananging durung akrab utawa wong kang seumur utawa luwih tua marang wong kang luwih enom ananging kalungguhane luwih dhuwur, umapamane Pak Lurah marang Pak Camat, sanadyan umure ora beda utawa malah pak Lurah luwih tua umure tinimbang Pak Camat ananging karana kalungguhan Camat iku luwih dhuwur mula basa kang kaya tuladha kang di gunakake kanggo nuduhake rasa ngurmati.
"Pak arep tindak ngendi?" Basa kang siji iki biasane di gunakake marang wong kang seumuran kang wus akrab saben dinane, bisa uga di gunakake marang wong kang luwih luwih tua ananging tata kalungguhane luwih endhek, kaya dene Pak Camat marang Lurahe, lan asring uga di gunakake estri marang kakunge,
Wondene "Pak, arep nyandi iku? amung bisa di gunakake marang wong kang luwih enom lan luwih endhek kalungguhane,, wong kang sapantaran lan wus akrab, lan bisa di anggep datan nduweni unggah ungguh kamanun kleru anggone nganggo.
ananging wektu iki, kaya kaya wus ilang sing di arani unggah ungguh, tuladhane wae: ana ing pinggir dalan bocah emon padha ngumpul, kedadak Pak Lurah liwat arep tindak kantor kelurahan banjur bocah mau takon: "nyandi pak?" .
Pak Lurah: "Arep nyang kantor, lha kowe ki dha ngapa esuk esuk wis padha ngumpul?".
cah enom: " Biasa Pak."
Pak Lurah: " Biasa kepiye to? mbok yo ngewaki wong tuane ana ngomah!"
cah enom: "Gah Pak, cah enom kok."
iki guneman kang kaya ngene iki kang umum wektu iki, wus ora ana suba sita lan unggah ungguh.
Malah malah akeh kang kewolak walih yen guneman. lire kepiye? ora sethithik wektu iki kang sabenere karepe bener pingin basa krama kanggo ngurmati ananging dadine malah luput. thuladhane:
" Pak, panjenengan gek maem pak, kula pun dhahar kala wau."
- bapak - maem
- kula - dhahar
iki jenenge mbasakne awake dhewe, iki yo ora bener.
Mrih gamblange bab unggah ungguh basa di bedakake dadi limang werna ing antarane:
1. Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).
2. Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.
4. Basa Kedhaton.
5. Basa Kasar.
A. BASA MADYA
Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan. Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku :
1. Madya Ngoko.
Basa Madya Ngoko wujude tembung :
Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
Ngoko
Dika, mang, samanng
Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane :
Aku, dadi kula
Kowé, diowahi dadi dika
Ater-ater tak- diowahi dadi kula
Ater-ater ko-diowahi dadi dika
Ater-ater di- ora owah
Kanggone Basa Madya Ngoko iku lumrahe :
Bakul padha bakul
Priyayi marang sor-sorane
Tuladha :
Dika niku klebu beja, olehe panen pari mboten enten sing gabug, samang napake ta?
Pundi woh-wohané sing becik-becik niku?
Niku napa kirang becik?
2. Madyantara.
Basa Madyantara iku wujude tembung :
Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
Ngoko
Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (peprenahan)
Ciri-cirine Basa Madyantara :
Aku, diowahi dadi kula
Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang
Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
Panambang -ku, diowahi dadi kula
Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan, samang
Panambang -e tetep ora owah
Sing nganggo Basa Madyantara :
Wong padesan marang wong liya kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan
Padha-padha priyayi sing wis kulina
Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kulina)
Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor
Tuladha :
Sampeyan niku pripun ta mas, seprika-sepriki kok boten enten sudane
A migunakaké Basa Madya Ngoko, B migunakaké Basa Madya Krama.
A : “É, Yu nggéndhong lurik, ndika mandheg sedhéla”.
B : “Napa, ajeng tumbas?”
A : “Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B : “Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé”.
3. Madya Krama.
Basa Madya Krama iku wujude tembung :
Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
Krama lan krama inggil
Sampeyan, pangkat, sesebutan/peprenahan
Ciri-ciriné antara liya:
Aku, diowahi dadi kula
Kowé, diowahi dadi sampéyan utawa samang

Ater-ater di-, tetep ora owah.
Sing nganggo Basa Madya Krama :
Padha=padha priyayi sing wis kulina
Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung ngoko)
Tuladha ;
Mas, tinimbang sampeyan nggresula ngoten niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun dateng Pangeran supaya pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala.
(A Ibuné B Kula)
A: “Wetonku tumbuk umur 33 taun, slametané apa wis kok pikir?”
B: “Rak siyos bénjing tanggal 7, wulan Rabingulakir ngajeng niki ta?”
A: “Iya”.
B: “Saniki tanggal ping 27, taksih kirang 10 dalu”.
A: “Rak ya wis cedhak”.
(sumber panulisan : jv.wikipedia.org)
B. BASA NGOKO
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :
1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
Wong tuwa marang bocah enom
Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
Wong apangkat dhuwur marang pegawene
Bocah cilik karo kancane
Ngunandika (ngomong dhewe)
2.Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
Bojone priyayi marang sing lanang
Priyayi marang priyayi yen wis kulina/raket
Basa ngoko andhap bisa diperang dadi :
a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :
Aku, tetep ora owah
Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah
Tuladha :
Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sewengi wae.
Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?
Wah, adhimas ki rada ngece. Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa.
b. Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine :

Ater-ater dak-, ko-, di- tetep ora owah
Tuladha :
Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa.
Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté.
(sumber tulisan : jv.wikipedia.org )
C. BASA KRAMA
1. Krama Inggil
Krama inggil uga di sebut krama alus, gunane kanggo ngurmati wong kang di ajak ngomongan.
Tuladha:
1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kula dipun asta Bu Guru.
2. Krama Lugu
Krama lugu yaiku basa kang ing jerone ana basa basa krama kang di gunakake kanggo mbasakake awake dhewe.
Tuladha:
1. Kula dereng tilem. (tilem dudu sare)
2. Kula kala wingi sowan dalemipun Pak Lurah Min. (sowan dudu rawuh)
D. BASA KEDHATON
Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.
Tuladha:
1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?
Ewone basa kedhaton liyane :
nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki
E. BASA KASAR
Kirang langkungipun nyuwun pangapunten. Kritik lan saran saking sedherek sedaya tansah kawula antu antu mrih sampurnaning seratan punika.
Nuwun
Jaka Lelana

Tidak ada komentar:
Posting Komentar