SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Jumat, 16 Agustus 2013

Werdine Tembang Ilir Ilir

Lir ilir lir ilir tandure wus sumilir
Kang ijo royo royo
ndak sengguh temanten anyar

Bocah angon bocah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna
Kanggo mbasuh dadadira

Dadadira dadadira kimitir bedhahing pinggir
Dondomana Jlumatana
Kanggo seba mengko sore
Mumpung Jembar kalangane
Mumpung padhang rembulane
Dha suraka surak hiyoo...

Lir ilir lir ilir => ilir ilir kuwi tegese tepas tepas, wong tepas tepas ngono mestine yen ora ngiwa nengen mestine munggah mudhun, mangkono polahe manungsa ana ngalam ndunya nganti kaya tepas polahe, ngiwa nengen , munggah mudhun niba nangi,,
apa kang di upadi..??

Tandure wus sumilir, Kang ijo royo royo => tandur ngono kang di arep arep uwohe pari, pari parane menyang weteng, weteng iku bab kadunyan, akehe manungsa urip direwangi niba nangi montang manting mung mikir kadunyan,,
Karo apa maneh??

Tak sengguh temanten anyar => temanten anyar iku kang di pikir sak ngisore weteng yoiku napsu syahwat mula akehe manungsa ngono saliyane bandha dunya drajad pangkat uga mikir wanita utawa priya sarana nyalurake napsune. temanten anyar uga anane amung seneng seneng lan seneng, sabab durung ngerat kebutuhan, anane amung kaendahan, durung ana tukar padu, mula manungsa iku akehe kang di pikirake amung kasenengan.

Ana Uga Kang Nduweni panemu seje babagan werdine "Lir ilir lir ilirtandure wus sumilir, kang ijo royo royo ndak sengguh temanten anyar" => manungsa padha inggal inggal nglilira saka rasa enak kepenakmu aja nggugoni karep wegah inggal gumbregaha ndandani iman marang Gusti Allah, Supaya imanmu tuwuh kaya tuwuhing pari kang ijo royo royo lan endah kaya endahing temanten anyar.

Bocah angon Bocah angon => manungsa urip ana ngalam padhang di ibaratake kaya dene bocah angon, apa kang di angon manungsa iku?? kang di ngon yoiku diri pribadine, tindak tanduke, ati bebudene lan iman taqwane marang Gusti Kang Maha Kawasa,
Penekna blimbing kuwi => umume blimbing iku liningane ana lima, peneken kang lima tindakna kang lima yaiku sholat kang limang wanci lan Rukun islam kang limang warni.
Lunyu lunyu penenkna => wong menek iku luwih rekasa tinimbang mlorot dadi sanadyan abot sanadyan rekasa tetep tindakna nadyan lunyu, lunyu kang di karepake yaiku godhane kanggo nindakake. dadi sanadyan abot sanggane lan gedhe godhane kudu tetep di laksanakake.
Kanggo mbasuh dadadira => kanggo ngresiki sandhanganmu, sandhangane manungsa ana ngalam ndunya iku amal, iman lan taqwa, karepe nindakake lan njejegake kang lima kanggo mbasuh iman amal lan taqwane mrih bisa resik saka sakehing dosa,

Dadadira dadadira kumitir bedhah ing pinggir => pakeane manungsa kang arupa amal iman lan taqwa mau mesti ana suweke mesti ana eleke mesti ana cacadte, 
Dondomono jlumatana=> mula benerana lan tambalana supaya dadi sandhang panganggon kang becik,
Kanggo seba mengko sore => sandhangan kang wus di basuh di resiki di dandani lan dibeneri  mau mangkone kanggo seba, kanggo sowan kalamun Gusti Kang Ngreksa Urip lan Pati wus ngersakake manungsa bali mangyun.

Mumpung Jembar kalangane => Mumpung Gusti kang Akarya Loka iseh paring kasempatan.
Mumpung Padhang rembulane => Mumpung iseh padhang jagadte ateges mumpung iseh pinaringan wektu, 


Dha surako surak hiyo,,,=> Inggal ingal padha sendika dhawuh tindakna.



Lepat Kula Nyuwun Pangapunten.

Nuwun Matur Nuwun


Jaka Lelana

Tidak ada komentar: