SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 18 Agustus 2013

Pepeling Para Wali Lumantar Sluku Sluku Bathok

بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Kalawan Asmane Allah Kang Maha Welas Tur Maha Asih


Tetembangan kang cinipta para Waliullah (Wali Sanga) satemene mengku werdi lan pitutur. Kaya dene tembang Ilir Ilir, tembang Sluku Sluku Bathok uga mengku werdi pitutur, Ing ngisor iki werdine tembang Sluku Sluku Bathok kang satemene mangkono kabeh kaserep saka ing basa arab, ananging sabab winasising para Waliullah mula pirsa kalamun migunakake basa arab angel di tampa lan di ucapake sabab piwulang mau di tujokake kanggo masyarakat Jawa kang nalika samana maksih awam lan durung pinter ing babagan maos Kitab Suci lan mangerteni basa Arab mula basane banjur di ganti kalawan basa kang gampang di ucapake lan di eling eling kalawan masyarakat ing wektu kuwi.



//Sluku Sluku Bathok,
Bathoke      Ela        Elo,
Si  Rama   Menyang   Solo,
Oleh  Olehe  Payung  Mutho,
Mak     Jenthit    Lololobah,
Wong  Mati  Ora  Obah,
Yen Obah  Medeni  Bocah,
Yen    Urip    Goleka    Dhuwit/


dene iki werdine kurang langkung:


Sluku Sluku Bathok 
Ghuslu Ghuslu Bathnaka : Sucenana ati batinmu
 Ana uga werdi kang seje sabab migunakake basa Arab kang beda yaiku "Usluku suluka Bathnaka : Lumakua lakokna batinmu."

Bathoke Ela Elo
Bathnaka Laa Ilaaha Illallah: (yaiku isine) Batinmu Laa ilaaha Illallah.

Si Rama Menyang Solo
Sirruu ma'amanshola  : Lumakua kalawan wong wong kang nindakake sholat

Oleh Olehe Payung Mutho
Allahu faa irun 'ala man taba : Satemene Allah iku seneng kalawan wong kang seneng tobat.

Mak Jenthit Lololobah
Ittahidzillahirabba : Dadekna Allah iku sesembahanmu.
 
Wong Mati Ora Obah
man maa ta ra a dzunuubah :  Wong kang wus mati mangerteni sakabehe dosa dosane ( keduwung wus tumindak dosa)

Yen Obah Medeni Bocah
 Dzunuu badzainin baghilluyadah : kang mbanda tangan yaiku utang ( utang kalawan Allah sabab ora nindakake prentah lan utang sesamamning urip)

Yen Urip Goleka Dhuwit
 Rattibil qolbi bilqoulitstsabit: Ati kudu tansah anut kalawan qoul kang wus tetep yaiku Laa ilaaha illallah .



Mekaten  Wallahu a'lam bi shawab
Kirang Langkung Nyuwun Pangapunten




Nuwun Matur Nuwun

Jaka Lelana

Tidak ada komentar: