SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Rabu, 28 Agustus 2013

Lirik Campursari

KRETEG WUNENGAN 
Dhalang Poer


Biyen Nalika arep lunga
Keked tak rengkuh ana dhadha
Tangis tak aras kebak rasa
kowe kandha yen bakal setya

Ing sabrang lor kreteg wunengan
Abot rasane wong pepisahan


Kocap lagi setahun kerja
Aku ketemu kanca desa
Kandha aja banget nelangsa
Jare kowe wis kena godha

 Aku menyat terus bali menyang ndesa
Kaget ati semu ora percaya
Tekan ngomah ulem wis ana meja
Sesuk esuk sliramu pala krama

Oh oh rani jebul kowe ngapusi
Oh atiku lara ginawa mati
Oh oh Rani jebul kowe mblenjani 
Oh atiku lara ginawa mati


Oh oh rani jebul kowe ngapusi
Oh atiku lara ginawa mati
Oh oh Rani jebul kowe mblenjani 
Oh atiku lara ginawa mati


WAYUH
Dhalalng poer


Wiwit biyen mas aku wis nate matur
lara larane wanita yen di wayuh
ning ya gene tega tegane mring bojo
Kang mas nembung niat arep rabi loro


Ngene lho Jeng murih genah karepku
Timbang slingkuh arak luwih becik wayuh
Apa kowe luwih seneng tak apusi
Aku njajan nanging kowe ora ngerti
 Apa kuwat mas,,
Apa kuwat urip nandang sujana

Pancen angel Jeng
pancen angel darbe ati kencana

Apa ana mas,,
Tuladhane coba wanita ngendi

Kene kene jeng,,
Kene kene lungguha tak kandhani

Dyah sumbadra  garwa raden dananjaya
Katon ayu kumpul para marune
Ora nistha nanging malah nyakrawati
Bebarengan lebur ing sih tresna suci


PALUPI
Dhalang Poer

Sempale tresnamu
Dhuh kepati
Nggawa lelakonmu
Tekan ngendi,,, Palupi..

Mung ninggal nawala
Pamit lunga
Nadyan ati lara
Kowe kandha,,, tetep tresna

Dhuh maniking para putri
Ngulambara-a nata ati
Wis wis oh palupi lamun suci
Ing sisa umurku tak enteni
Tak kancani


KUDU MISOH
Dhalang Poer

Coba to gagasen lelakonku iki
Ra ana senenge susah sing tak temoni
Ngolah ngalih gawean kabeh ra nate ngundhuh
Dina dina isine mung kudu misoh..
Embuh....

Nyoba nggarap sawah tinggalane wong tuaku
Gumunku saben tandur rega rabuke dhuwur
Bareng tiba panen rega gabahe medhun
kabeh modal utangan ora bisa kesaur
Ajur

Sawah tak dol murah aku nyicil angkodes
Nyopir oleh seminggu rega bensine ngenthes
Tarip tan undhakke penumpang nggrundel wae
Kerep telat oli rusak ring sak metale
Oh,,, Kere,,,,

Montor ngangkrak neng mbengkel ora bisa ogel ogel
Rasane uripku mung kari thengel thengel
Nyepi neng kuburan golek tembusan togel
Nomer ngeblong terus aku tambah dhedhel dhuwel
Oh Gathel,,,,

Kabeh dalan wis buntu aku nekad mbandar dadu
Durung ana sing udu keamana wis njaluk sangu
Ana oknum tentara, ana oknum polisi
Obrakan wingi wingi wis kerep tak amplopi

Bareng prei ra nyangoni
Aku diseret nyang bui
Di ganjar telung sasi
Misoh sak jroning ati...
Dancuk....


LAYANG KATRESNAN
Dhalang Poer

Jeng,,
Layang layang katrenanmu wingi
Bola bali tak wacani
Teka adoh sumisate pranyatan kasunyatane

Wingi ra sengaja aku nyipati
Oh janjimu wis kok oncati
Bareng priya liya ing taman ria maespati

Ra kuat mripatku nyawang
Ati kebrangan
Rasane kepingin njerit
Tak Sumpahi bumi lan langit

Oh Jeng,,,
Tak suweki layang layangmu
Dimen lebur ora semi
Tresna lampus bareng lan ilanging kukusing geni

NDAN
Dhalang Poer

Ndan,,,
Aku neng palagan
Apa kowe lagi plesir numpak sedan

Ndan,,,
Aku lagi perang
Apa kowe iseh lungguh gegojegan

Ndan,,,
Kancaku mati
Apa kowe iseh kolu mangan roti

Ndan,,,
mBesok yen bali
Bangke iki apa bakal kok sungkemi

Tak rewangi dada pecah getih wutah
Ninggal anak ninggal bojo ninggal omah
Nanging bareng tupes tapis ing palagan
oh yo gene kowe banjur angkat tangan,,

(taun sewu sangang atus pitung puluh enem, tak tancepake meneh gendera abang putih ing lemah abang sing di kangkangi wong sabrang, saiki mung kari nyawang,,,, kari nyawang.)

 

SIDANGMU DUDU SIDANGKU
Dhalang Poer

Jare wakile rakyat
Kudune betah tirakat
Yogene nalika rakyat melarat
Kowe malah nekat mufakat

Sapa sing ngongkon kowe rapat njaluk undhakan gaji
Sapa sing ngongkon kowe njaluk mobil dines sing kuwi
Sapa sing ngongkon kowe golek utangan luar negri
Gumun meneh utang ora suda ning kok malah ndadi
Dhuwite nyandi,,,

Agenda rapat digawe

Nyang nyangan meneh isine
Kowe sing neng kana Kowe sing neng kene
Rakyate amung nyawang wae

Apa sing kok rembug ana sidang sing gedhe ragadte
Antarane putusan lan rakyat ra ana sambunge
Isine mung ndum nduman kursi rebutan jatah wae
Rumangsaku kowe kok mung rembukan butuhmu dhewe

Apa lali jaman pemilu
Kowe janji arep mikir aku
Nanging bareng wis oleh bangku
Rakyat njerit kowe ora krungu

He,, apa bisu.
Lho malah nesu..
Lho malah turu..
Huss,,, saru....

Sidang sidangmu dudu sidangku dulur,,,,
Rapat rapatmu dudu rapatku,,
Pasal pasalmu dudu pasalku dulur....
Kursi kursimu biyen kursiku
Seneng senengmu  sambat sebutku dulur,,,
Esem guyumu lara lapaku
Sorak sorakmu jerit tangisku dulur,,,
Pesta pestamu ngelak luweku


Sidang sidangmu dudu sidangku dulur,,,,
Rapat rapatmu dudu rapatku,,
Pasal pasalmu dudu pasalku dulur....
Kursi kursimu biyen kursiku


Nggedebus,,,,,,


LANGIT MENDHUNG KUTHA NGAWI
Dhalang Poer

Jeng,,,, 
ndak tulis layang iki nalika langit kebak mendhung
gawang gawang katon lelakon kang wus kapungkur

Nalika ndak sawang netramu ing tegal papungan
Ndak aras pipimu ing watu kendal
Lan ndak geget lathimu ing sendhang glagah

nangingora Jeng,,,
Jebul tresnamu cethek kaya kali kang kebak padhas
Ringkih kaya kayu gapuk
Garing kaya jati aking

Aku wis ora duwe pengarep arep meneh Jeng,,,


Dalan iki biyen nate ndak liwati
Nalikane langit mendhung kutho ngawi
Sendahang glagah wus ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora bisa lali

Ndak ulati,,
Iseh kaya wingi uni
Ora krasa luh tumetes mbrebes mili

Krasa nglangut yen katon pan tanpa pagut
Katresnanku rinaneggut korbaning pesthi





PENGIN NYANDHING
Dhimas Tedjo

Sejak pertama ku berjumpa denganmu
Gemeter atiku yen nyawang netramu
Dhuh wong ayu apa sliramu ora krasa
Solah bawamu ndak gatek-ke saben ndina

Hari hariku kudu menanggung rindu
Awan bengi rasane pingin ketemu
Dhuh wong ayu aja mung teka ing impenku
Pingin aku nyawiji karo uripmu

Reff:
Kaya ngene rasane nandang asmara
Pingin nyandhing anane ra ana liya
Apa tega sliramu nyawang awakku
Kesiksa rasa merga nunggu sliramu

Nganti kapan sliramu kersa ngendika
Nelakke rasa ora liya rasa tresna
Dhuh katresnan aja ninggal aku lunga
Ndak enteni nadyan nganti ganti mangsa



KEPRANAN
Dhimas Tedjo


Kepranan jroning atiku
nalikane pisanan ketemu
Dhasar kenya kang sembada
Wicaksana lan leda ing karya

Kepranan solah bawane
Nyata lantip wasis ing wicara
Wiraga sarta wirama
Nyata ndika wanita kang utama

Jroning batin tuwuh rasa tresna kang saya ngrembaka
Rina kelawan wengi sliramu tak anti anti 
Wong ayu tak impi impi

Saka soroting netramu
Yen ra selak sajroning batinmu
Ra luput panggrahitaku
Ana tresna sajroning atimu




NASIBKU
Dhimas Tedjo

Apa atimu digawe saka watu
Apa batinmu ketutupan gunung sewu
Biyen kowe kandha mung aku sing mbok tresna
Ora bakal ana tresnane wong liya

Remuk atiku ajuring uripku
Tak gawa nganti pungkasing umurku
Lara aku lara gela atiku gela
Nyatane saiki dadine cidra

Mesem jroning uripmu 
Udan eluh ning pipiku
Seneng bungah jero atimu
Nangis lan njerit jroning dadaku

Ora ngira aku ra ngira
Biyen seneng dadi nelangsa
Manis janji mung ana lambe
Saiki pait dadine...
.........

Remuk atiku ajuring uripku
Tak gawa nganti pungkasing umurku
Lara aku lara gela atiku gela
Nyatane saiki dadine cidra

Mesem jroning uripmu 
Udan eluh ning pipiku
Seneng bungah jero atimu
Nangis lan njerit jroning dadaku

Ora ngira aku ra ngira
Biyen seneng dadi nelangsa
Manis janji mung ana lambe
Saiki pait dadine...

Ora ngira tegane rasa atimu
Tanpa pamit lan kabar medhot tresnaku
Nangis amung nangis tak lilakne awakmu
Kaya ngene lelakon urip nasibku
Nasibku....
Nasibku...
Nasibku......





FEBRUARI
Dhimas Tedjo

Pisanan ketemu aku karo sliramu
Kangen kangen kangen yen ra ketemu
Nyatane sakiki sliramu cidra janji
Lunga tanpa pamit medhot tresna kang suci

Wis setaun lawase aku kenal sliramu
Wis setaun lawase kok tega medhot tresnamu
Wulan Februari aku pisan ketemu
Wulan Februari  kok tega ninggalke aku

Yo wis yo wis yo wis
Iki pancen nasibku
Yo wis yo wis yo wis
Iki pancen lelakonku

............
Pertama bertemu aku dengan dirimu
Kangen kangen rindu sehari tak bertemu
Ternyata akhirnya dirimu sungguh tega
Kau meninggalkanku putuskan tali cinta

Sudah setahun lamanya aku kenal dirimu
Sudah setahun lamanya rindu dan cinta menyatu
Bulan Februari waktu kita bertemu
Bulan Februari engkau putuskan cintaku

Biarlah biarlah
Mungkin sudah takdirku
Biarlah biarlah
Berakhir sedih cintaku






NINGGAL JANJI
Dhimas Tedjo

Nalika jaman semana Cah ayu..
Aku pamit mring sliramu
Aku pamit ngudi ilmu
Banjur lunga ninggalke desaku

Mung telung taun lawase Cah ayu,,,
Dek semana nate janji
Prasetya tulusing ati
Nunggu aku bebrayan nyawiji

Nanging nyatane bagaimana alias kepiye
Jebule kaya ngene
Getun getun,,,,,
Saben ndina mung terus ngalamun

Banget kageting atiku Cah ayu,,
Bareng keprungu sliramu
Ora nyana aku ra ngira,,
Sliramu tega ninggal pala krama




KEMBANG KOCAPAN
Didi Kempot

Sepira lawase urip kang nandang prihatin
Ngrungkepi gegayuhaning ati
Lelaku nistha ing sasbendinane
meres kringet meksa raga

Muga muga Gusti kersa paring idi
Ilang panelangsa tembe mburine
Urip tentrem ayem adoh ing panandang
Iba  bungahe ati iki

Reff:
Yo wis ben saiki dadi kembang kocapan
ning ati ora bakal lara ati
Yo wis ben saiki kabeh kanca padha ngina
Ning ati ora bakal nelangsa

Rep kepiye maneh aku wong ora duwe
Rekasa kuwi sak pantese
Ning aku percaya ora bakal saklawase
Rekasa kuwi ana watese



SUTRADARA CINTA
Didi Kempot

Kau bagai sutradara sandiwara cinta
Akulah pemainnya dalam kisah nyata
Bukan di layar kaca yang bisa di pandang mata
Dalam kisah asmara lelaki tertipu cinta

Bukan di layar kaca yang bisa di pandang mata
Memang kau sengaja kau buat aku merana

Kau bagai sutradara sandiwara cinta
Akulah pemainnya dalam kisah nyata


Luka oh luka,,,
Luka dalam dalam dalam dalam hidupku
Setelah kau tahu siapa dirimu
Ternyata kau nyamuk di dalam kelambu

Luka oh luka,,,
Luka dalam dalam dalam dalam hidupku
Lelaki tertipu itulah diriku
Tertipu wanita bibir perayu


Kau bagai sutradara sandiwara cinta
Akulah pemainnya dalam kisah nyata




BAPAK
Didi Kempot


Rambut wis ra ireng wis malih rupane
Ireng dadi putih saikine
Dina tambah dina umur tambah tuwa
Nanging kaya kaya ora dirasa

Ngadeg dadi cagak nyangga piringe anak
Mempeng kerja ora mikir raga
Paribasan umur wis akeh cacahe
Nganti bingung anggonku ngitunge

Reff:
Bapak bapak,,,
Tekadmu kuwi tak puji
Bapak Bapak,,
Kowe kaya senopati
Bapak bapak,,,
Panasmu ngungkuli geni
Bapak bapak,,
Kena angin saya ndadi

Senadyan uwis tuwa nekad mempeng kerja
Nyambut gawe,,, kanggo nguripi keluwarga....




AJA ANGKARA
Didi Kempot

Yo Kanca sing seiman seagama
Elinga ajal sing bakal teka
Tindakna ajarane agama
Iku bakal bisa angurangi dosa

Ja padha yo mung ngumbar angkara
Kaya tumindake prabu rahwana
Adigang adigung adiguna
Nuruti hawa napsu gawe tuna

Yo kanca se-iman se-agama
Tindakna ajarane agama

Yo kanca sing se-iman  se-agama
Elinga ajal sing bakal teka
Tindakna ajarane agama
Iku bakal bisa angurangi dosa

Ja padha yo mung ngumbar angkara
Kaya tumindake prabu rahwana
Adigang adigung adiguna
Nuruti hawa napsu gawe tuna

Yo kanca se-iman se-agama
Tindakna ajarane agama


DINA JUM'AT
Didi Kempot

Yo sedulur,,,,
Sholat jum'at aja nganti,,,,

Telat,,,,,,


Dina jum'at niku dina ingkang mulya
(Jum'at dina kang mulya)

Kanggo umat Islam sak kabehing ndunya
Tiyang kakung sholat jum'at diwajibna
(Tiyang kakung di wajibna)
Piyantun putri sholat jum'at di sunahna

Percaya-a dina Jum'at dina Mulya
(Jum'at dina kang mulya)
Mula kuwi aja  nganti di lalekna
Sapa wae sing ora gelem nindakna
(Ayo padha nindakna)
Tembe mburi mbesuk mesti bakal gela

Sapa wonge sing kanti nganti sengaja
Telung Jum'at terus ora nglesanakna
Wis tinulis ana kitab suci kita
Bakal nanggung dosa kang tanpa upama



 AKU KOWE LAN WONG LIYA
(Aku Kau Dan Dia)

Tenane awakmu ngerti gedhena rasa tresnaku
Tentremna uripku iki saka ngimpi alaku
Kudune kowe ra laligedhene rasa setyaku
Seprene kowe iseh ana, ana jroning atiku

Remuk rasane atiku ngerti kowe karo wong liya
Nanging aku mung nerima snadyan atiku lara
Wis Wis wis ora sah nangis ra sanggup nyawang mripatmu
Pilih aku dhewe apa pilih liyane

Tak tulise crita aku kowe karo wong liya
Sing gawe ati iki lara
Cukup semene wae tresnaku karo kowe 
Dadi pangeling eling jroning atiku,,, oh..

Tak tulise crita aku kowe karo wong liya
Sing gawe ati iki lara
Cukup semene wae tresnaku karo kowe 
Kanggo pangeling eling jroning uripku.........
Tak tulise crita aku kowe karo wong liya
Sing gawe ati iki lara
Cukup semene wae tresnaku karo kowe 
Dadi pangeling eling jroning atiku,,, oh..

Tak tulise crita aku kowe karo wong liya
Sing gawe ati iki lara
Cukup semene wae tresnaku karo kowe 
Dadi pangeling eling jroning atiku,,, oh..


Tak tulise crita aku kowe karo wong liya
Sing gawe ati iki lara
Cukup semene wae tresnaku karo kowe 
Wis ra sah nangis cukup semene wae,,,, ohh...




LAYANG SWARA

Layangmu lewat sms HPmu
Ra bisa ngobati kangenku
Swaramu lewat telepon gratisan
Ra bisa ngalahke yen sesandingan

Dek biyen janjimu tresnamu gedhe
Nyatane saiki kok tinggalake

Layang swara raiso ngobati 
Rasa kangen marang sliramu yayi
Layang swara raiso ngganteni 
Kulina aku nyandhing sliramu yayi

Layangmu lewat sms HPmu
Ra bisa ngobati kangenku
Swaramu lewat telepon gratisan
Ra bisa ngalahke yen sesandingan

Dek biyen janjimu tresnamu gedhe
Nyatane saiki kok tinggalake

Layang swara raiso ngobati 
Rasa kangen marang sliramu yayi
Layang swara raiso ngganteni 
Kulina aku nyandhing sliramu yayi

Layang swaramu,,, 
Mung nambahi kangen ing atiku




LAYANG PEGATMU


Sumendhal atiku nampa layang pegatmu
Senalika tugel atiku
Ora nyangka sliramu tega
Medhot katrsnan ing njero dada


Setaun anggonku  urip bareng sliramu
Setaun seneng atiku
Ora nyangka sliramu tega
Ninggal aku ambek wong liya


Layang pegatmu ora nyangka nyangka
Yen tak pikir ra ngerti salahku apa
Layang pegatmu yo wis tak waca
Ora udan ora ana angin


Layang pegatmu nyiksa ing batin,,,




EMBARKASI HAJI
Detol solo

Embarkasi asrama calon Haji
Wis wolung taun gedhung dibangun
Mantep ning ati

Papan sing amba gawe padhange netra
Nadyan setahun kanggo sepisan
Ora dadi ngapa

Gedhe tekadmu pengin ngapus dosamu
Nggawa bekal donga bekal bandha
Uwis di cawisna

Weling winasis kudu tansah tak eling
Ja murka bandha becik sumbangna
Sing berhak nampa

Menara Embarkasi bisa dadi saksi
Tansah tak eling nganti tekane pati
Nalika munggah Haji pingin ngapus dosa
Nggayuh dalan padhang lan badan suci 




GERBANG ASRAMA

Detol Solo

Neng ngarep gerbange asrama
Sliramu ngucapke pamitan
Budhal kutha ngayugjakarta
Tinuju Kutha endah surabaya
Nangis nangis ijen awak iki....

Kepaya godhong pisah wit-e
Tansah kabur kanginan mrana mrene
Apa pancen iki nasibku
Tak tampa nrima yen pancen pesthiku
Nangis Nangis bingung batin iki

Sopir nyetir ngidak gas lan kopling
Turu ijen ra ana sing nyandhing
Manis manise gulane batu
Witing klapa setya nggonku nunggu


SEKLE
Detol Solo

Anita putriku cah ayu
Tangismu gawe mirising kalbuku
Saben ndina tetangisan eneng apa...
Apa pancen tumbuk weton klairanmu

Senen Kliwon tengah wengi
Sliramu lahir neng mbumi
Tanpa clana tanpa sandal tanpa klambi

Kembange cempaka mulya
Gandheng karo dupa sada
Ora nyana kowe dadi kembang desa



KULI BANGUNAN
Detol Solo

Rekasa tenan pakaryan kuli bangunan
Nadyan gajian ra bisa ngisi celengan
Kok ngeres tenan gajiku pendhak mingguan
Kanggo sarapan uga cukup nggo rolasan
Kudu tansah sabar ndak lakoni

Pundak nganti keju mbendina ngusungi watu
Bengi nganti ra bisa turu
Remuk awak iki judheg ngrubah nasib iki
Nanging aku ra bisa ngoncati

Aku krasa seneng setu wancine lautan
Kabeh padha antri njuk gajian
Kebangeten tenan setu ra duwe turahan
Ludhes marga nekani jagongan
Ludhes marga nglunasi bon bonan




NYANGGA GUNUNG LAWU
Detol Solo

Lara kelara lara...
Lara kelara lara...
Ati lagi nandang tresna
Putri mbarepe pak dirja
Ora adoh karo aku cukup tangga

Lara kelara lara,,,
Lara kelara lara,,,
Ati bingung tanpa cara
Sliramu semono uga
Tali katresnan tanpa restu wong tua

Kacang lanjarane
Apa to sebabpe
Apa merga sliramu sih SMP

Pancen wis nasibku
Nyangga gunung lawu
Nanging tetep tak tunggu sak lulusmu





PEDHOT PINGIN BALEN
Detol Solo

Dek,,,
Apa to salahku,,
Bocah lola iseh tega mbok pilara

Dek,,,
Rungokna tangisku
Nelangsa merga batin kelara lara

Jare tresna malah nggandheng priya liya
Ra tak nyana jebul kowe cidra,,

Malah kowe ninggal lunga
Merga oleh priya liya
Apa merga aku ora sugih bandha

Tengah wengi mecah duren
Timbang ganti luwung balen
Tangan mlumah tresnamu iseh tak tampa


TEMBANG ASMARA
Safitri

Kadung mbalung sumsum tresna ikiSliramu tak impi impi
Sumpah lan janjiTak ugemu tulus jroning ati

Kadhung mupuk rindu ati ikiOra bisa di alangi

Pingin ketemuWengi iki tekamu tak anti

Degan klapa mudha Leganana aja gawe gela
Jenang gula jawa Aja lali aja gawe gela

Nyandhing andum tresna ngumandhangke Endahing tembang asmara
Aku rumangsa Ndunya iki ra ana wong liya

                                                                   

Tidak ada komentar: