SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 18 Agustus 2013

Cublak Cublak Suweng Sanepa Ilmuning Kamulyan Sejati


بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Kalawan Asmane Allah Kang Maha Welas Tur Maha Asih



//Cublak Cublak Suweng
Suwenge     Ting       Gelenter
Mambu      Ketundhung      Gudel
Pak          Empo      Lera         lere
Sapa        Ngguyu    Ndhelikake
Sir Sir  Pong Dhele  Kopong
Sir Sir Pong Dhele Kopong/



 Cublak Cublak Suweng, lagu dolanan anggitan Sunan Giri rikala taun 1442 Masehi satemene nyanepakake ilmuning kamulyan. Kurang luwih kaya kang bakal tinulis ing ngisor mungguh werdining sanepa mau,

Cublak Cublak Suweng
Cublak werdine wadah dene suweng yaiki panganggon kang awujud mas masan kang di agem dening piyantun putri, suweng- suwung-sepi- sejati. Mula werdine; wadhah dunya brana (Kamulyan)  kang sejati.

Suwenge Ting Gelenter
Ting gelenter tegese padha gumalethek utawa ampar amparan ing sadhengah papan, Mula werdine; Suweng mau utawa dunya brana (kamulyan) kang sejati satemene pathing gumalethek ampar amparan ing sadengah papan.

Mambu Ketundhung Gudel
Mambu iku wus ngarani bisa uga manawa kang di karepake mangerteni, Ketundhung iku inggal inggal lunga dene gudel iku sanepa kang di tujokake marang wong kang bodho. Mula werdine; wong kang bodho mangerteni (dunya brana utawa Kamulyan sejati kang ampar amparan) banjur age age lunga nggoleki.

Pak Empo Lera lere
Pak Empo wong kang wus tua kang ompong, lera lere tegese thingak thinguk ngiwa nengen. Mula Wedine; Ora mung wong bodho kang di umpamakake kaya dene gudhel, wong kang wus tua (wus akeh donya branane) melu thingak thinguk ngiwa lan nengen nggoleki dununge kamulyan sejati sabab sanadyan dunyane wus akeh ananging durung duwe rasa pamarem  sabab ompong rasa syukure mula anane tansah kurang datan nduweni rasa cukup.

Sapa Ngguyu Ndhelikake
Sapa Ngguyu, iki nyanepakake wong kang seneng atine mulya uripe tentrem jiwane. Sabab "Ndhelikake", apa kang di dhelikake? yaiku cublak suweng papan suweng ya papane kamulyan sejati. Mula werdine; wong kang bisa nemokake lan ndelikake ana atine kamulyan sejati yoiku wong kang tansah gumuyu, bungah atine mulya jiwane, tentren uripe sabab ngrasa cukup ing kahanan apa wae,

Sir Sir Pong Dhele Kopong
Sir Pong  iku ati  kang sumeleh, Dhele kopong iku kosong, Mula Werdine; kanggo nggayuh cublak suweng mau ati kudu sumeleh, narima, kothong, kopong, kosong. narima panduming Gusti sinarengan rasa Syukur ngilangi sipat tansah kurang sarta ngonggo onggo ing kono margane bisa ginayuh kamulyan kang sejati, kamulyan sejati wadhahe kudu tansah kosong mula kalamun di isi suweng kang gelenter mbuh sepiraa isine tansah ketera isi lan ngeterakake isine (syukur), beda dene kalamun ati bodho lan tansah rumangsa kurang isi, di isi sithik datan ketera tambahe, di isi akeh datan ketera syukure, anane tansah kurang thingak thinguk noleh sakiwa tengene datan seneng kalamun lian oleh kadunyan kaya dene gudel kang meri sukete kancane sanadyan ngarepe wus ana panganan kang padha.



Mekaten  Wallahu a'lam bi shawab
Kirang Langkung Nyuwun Pangapunten




Nuwun Matur Nuwun

Jaka Lelana

Tidak ada komentar: