SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Rabu, 21 Agustus 2013

Serat Basuki Lan Raharja

DHANDHANGGULA

01. Pamedharing sarananing manis, manising tembung kalawan tembang, nembungi sastra campure, Arab lan Jawinipun, Kalihipun tan kenging nyilib, Lumampah sakalihnya, cinupet tan purun, yen pisah salah satunggal, asring gagal ngicalken udanagari, Nagara iku rosa.

Penguraiannya dengan cara manis, manisnya kata-kata dengan nyanyian, menguntai kata indah campurannya, Arab dengan Jawanya, keduanya tidak boleh dipisah, berjalan keduanya, dipenggal tidak mau, kalau terpisah salah satunya, sering gagal menghilangkan aturan negara, Negara itu kuat.

02. Kuwating nagara gegirisi, kuwating sarak sabab rumeksa, ngreksa kukum sakabehe, pramila kuwat kukuh, angukuhi prakareng bumi, yen mangkono ta padha, wedia ing kukum, matrapna yudanagara, yen atemu ing karone dadi becik, becik slamet raharja.

Kuatnya negara itu menakutkan, kuatnya hukum sebab dijaga, menjaga hukum semua, maka kuat sentosa, membela permasalahan di dunia, kalau demikian itu hendaklah, takut kepada hukum, terapkanlah aturan negara, jika keduanya bertemu menjadi baik, baik selamat dan sejahtera.

03. Pan puniki karsane kang nganggit, sarjuning tyas susanta ngumala, nglepasken panggraitane, graitane wong punggung, anggung gawe anggunggung dhiri, dhirinira keweran, tan weruh pangawruh, warah wuruk pan tinerak, nerak sarak nora wurung keneng sarik, rusuh rusak kasrakat.

Memang inilah yang dikehendaki yang mengarang, senangnya hati suci bercahaya, mengeluarkan perasaannya/pikirannya, pikirannya orang bodoh, hanya berbuat kesombongan diri, diri sendiri saja kebingungan, tidak mengetahui pengetahuan, ajaran dan nasihat dilanggar, melanggar hukum akhirnya terkena bencana, kacau rusak terlunta-lunta.

04. Sakarepe kisruh ngrusak ati, ati tiwas ing pati tan awas, yekti kathah ing was-wase, wuwusen sujanma yu, kang rahayu yuwaneng budi, tumindak ing dedalan, dalan kang mrih luhur, luhuring tyas sabar drana, dananira iklasna kalbu kang suci, dimen mancur tyasira.

Sekehendaknya kacau merusak hati, hati tidak waspada menghadapi kematian tidak mengetahui, sungguh banyak kekhawatirannya, diceritakan orang yang baik, yang selamat dan tulus hatinya, bertindak di jalan, jalan yang menuju keluhuran, luhurnya hati sabar pemberi, pemberiannya ikhlas di kalbu yang suci, agar terang bercahaya hatinya.

05. Mancuring ati iku nyumuki, marang sakabehe badanira, sumrambah kabecikane, cupet cilakanipun, suka sukur ingkang pinanggih, uga manggih kagungan, sinebut wong agung, anggenggeng santosanira, rinasanan wong iku ambeg basuki, murweng tyas karaharjan.

Bercahayanya hati itu membuat gerah, terhadap sekujur badannya, diselimuti oleh kebaikannya, tidak sampai celakanya, senang dan syukur yang ditemukan, juga mendapat keagungan, disebut orang besar, dipenuhi keselamatan, dikatakan orang itu berwatak selamat, memulai hati berbahagia.

06. Harjaning tyas bisa malawani, marang sakehe nepsu kang ala, kang bener pinarekake, sumingkir marang merdu, merdu dudut ati tan becik, becik acumadhonga, ing Gusti Kang Agung, gungna langgenging Hyang Suksma, suksma nrima ing panuwune kang abdi, yen temen tinemenan.

Kebahagiaan hatinya dapat menahan, terhadap semua nafsu yang jelek, yang benar didekatkan, menghindar dari kesenangan, senang mengambil hati yang tidak baik, lebih baik mengharaplah, kepada Tuhan yang Maha Besar, agungkan keabadiannya Tuhan, Tuhan akan menerima permintaan hambanya, Kalau sungguh-sungguh akan dikabulkan.

07. Jroning kitab sipatul nguleki, tandhaning wong kurang budinya, ana pratandha ngawake, solah pangucapipun, kang kanggonan tulening budi, yen katenan balak, ing sariranipun, winales ing kabecikan, sring nyukakken marang ing sesami-sami, wong luput ingapura.

Dalam Kitab Sifatul nguleki, tandanya orang yang kurang pandai, ada tanda di badannya, perilaku perkataannya, yang memiliki budi sesungguhnya, jika terkena bencana, di badannya, dibalas dengan kebaikan, sering memberi kepada sesamanya, orang salah dimaafkan.

08. Dene purwaka palaning budi, kaping kalih idhep mantepira, ingkang beciki awake, lan wruh saliranipun,  ingkang luhur dipun andhapi, tur nora pala cidra, marang sanakipun, dene tandha kaping tiga, iya remen wong iku panggawe becik, nyimpang panggawe ala.

Adapun permulaan tindakan baik, kedua kemantapan hati, yang membuat baik dirinya, dan mengetahui diriya sendiri, yang tinggi dihormati, lagi pula tidak bertindak jahat, terhadap keluarga, adapun tanda yang ketiga, orang itu senang terhadap perbuatan baik, menghindari perbuatan jelek.

09. Tandha kaping pat jatmikeng budi, momot ujar tandha kaping lima, ngucap barang  pangucape, sarta kalawan ngelmu, tandha ping nem akerep dikir, kerep maca istigpar, eling uripipun, lamun awekasan pejah, kaping pitu kalamun nandhang prihatin, panrimane nugraha.

Tanda keempat bersifat baik, dapat menerima nasihat tanda yang kelima, berkata setiap perkataannya, disertai dengan ilmu, tanda yang keenam sering berdzikir, sering membaca istigfar, ingat terhadap hidupnya, kalau akhirnya akan mati, ke tujuh kalau sedang menderita, dianggap menerima anugerah.

10. Nuli ilang gonira prihatin, dene linimput ing panarima, sartandhap asor budine, wus jangkep kaping pitu, budi ala ginonjak eblis, iya pitung prakara, dene kang rumuhun, remene nganiaya, yen angucap puniku adoh lan ngelmi, sembrana amrih cacat.

Segera hilang penderitaannya, karena dibungkus dengan pasrah, serta rendah hati kepribadiannya, sudah lengkap ketujuhnya, watak jelek diserang eblis, juga tujuh macam, adapun yang pertama, senangnya menganiaya, kalau berkata itu jauh dari ilmu, sembarangan membuat cela.

11. Kapindho dir gumunggung ing dhiri, nora pisan dhemen pawong sanak, Manawa soring dheweke, Dene kang kaping telu, Tata krama den orak-arik, Ingkang kaping sakawan, Akereng tur lengus,  Ping lima jail wadulan, Kaping name nyanyuwe panggawe becik, Dene kaping sapta.

Kedua menyombongkan diri sendiri, tidak pernah senang persaudaraan, kalau merendahkan dirinya, adapun yang ketiga, sopan santun dikacaukan, yang ke empat, pemarah dan mudah tersinggung, ke lima suka mengganggu dan mengadu, ke enam menghambat perbuatan baik, adapun yang ke tujuh.

12. Nora sabar ing bilahi, wus ajangkep kang sapta prakara, iku pancabaya gedhe, raosna jroning kalbu, marang kojah ingkang kawuri, kalamun sira bisa, matrapken pitutur, kang wus sinebut ing ngarsa, iku dalan umarek mring Maha Suci, sarta lawan nugraha.

Tidak sabar pada kematian, sudah lengkap tujuh perkara, itu bencana besar, rasakan dalam kalbu, pada perkataan yang sudah, kalau kamu dapat, menerapkan nasihat, seperti yang sudah disebutkan di depan, itu jalan menghadap kepada Tuhan, serta dengan anugerah.

13. Utamane kalakuan iki, lakonana samubarang karya, kukuhana ing becike, kang tega tinggal luput, kencengana benere yekti, den kukuh aja kongkah, kang supaya bakuh, iklasna tinggal kang ala, liring ala ingkang adoh marang becik, becik ingkang raharja.

Keutamaan perilaku ini, lakukan segala pekerjaan, jalani yang baiknya, yang tegas meninggalkan yang salah, kuatkan yang benar sesungguhnya, yang kuat jangan bergeser, agar tetap kokoh, ikhlaslah meninggalkan yang jelek, jelek artinya jauh dari  kebaikan, baik yang sejahtera.

14. Arja jaya pan aja gumingsir, gingsirena ati kang belasar, dimen adoh ing sasare, sasare ing panemu, panemune wong ahli ngelmi, akeh kang nablegena, marang badanipun, iku ngelmune gupala, nora wande yen kekel aneng yumani, tiwas pati tan awas.

Ketika berjaya janganlah lupa, jauhilah hati yang jelek, biar jauh dari kejelekan, kejelekan dalam pendapat, pendapatnya orang ahli ilmu, banyak yang  menguntungkan, terhadap badannya, itu ilmunya penggembala, akhirnya kalau kekal di neraka, meninggal tidak mengetahui.

15. Sira kaki dipun ngati-ati, nekadake ngelmu den waspada, den terus lawan dalile, miwah kadis Jeng Rasul, den nastiti dipun methuki, maring para utusan, ing sedayanipun, apa ingkang winartakna, sayektine kabar iku nora kidib, yekti saking pangeran.

Kamu berhati-hatilah, memantapkan ilmu harus hati-hati, berpegang teguh terhadap dalil, serta hadis Nabi, yang teliti dalam menemui, kepada para utusan, dalam segalanya, apa yang diberitakan, sesungguhnya kabar itu tidak benar, sungguh dari Tuhan.

16. Dene dununge ngelmu puniki, sayektine mung katemu nama, nora tinemu rupane, rupane mung dumunung, dunungena telenging ati, ati iku titipan, titipaning semu, semune tan mantra-mantra, lamun gatra yekti gograk kena gigrig, mokal yen mangkonoa.

Adapun letak ilmu itu, sesungguh hanya ditemukan istilah, tidak ditemukan wujudnya, wujudnya hanya berada, letakkan dalam hati, hati itu titipan, titipannya yang samar, samarnya tidak nyata, jika berwujud pasti terguncang karena takut, mustahil jika begitu.

17. Wong kang sampun binuka ing ngelmi, datan ana ingkang kinareman, amung umadhep gustine, ngreksa sakehe lacut, amung sabar madhep ing Gusti, tan pisan dhinginana, karsaning Hyang Agung, tan duwe daya upaya, amung rila sokur pasrah maring Gusti, iku tekad kang nyata.

Orang yang telah terbuka ilmunya, tidak ada yang disenangi, hanya mengingat Tuhannya, menjaga agar semuanya tidak terlanjur, hanya sabar menyembah Tuhan, tidak mendahului, kehendak Tuhan Yang Maha Agung, tidak memiliki kekuatan, hanya rasa rela bersyukur terhadap Tuhan, itu tekat yang nyata.

18. Pan sanadyan wus kadi punapi, kamulyane pan durung karuwan, maksih pasrah maring kang gawe, yen wus sawusing durung, lah ta embuh rasan puniki, yen sira tinarbuka, yekti bingung-bingung bingleng bebingungi, bingung kang sampun ngongang.

Walau sudah seperti apa pun, tetapi kemuliaannya belum pasti, masih pasrah kepada yang menciptakan, apabila sudah sebelumnya, entahlah perasaan ini, jika kamu telah terbuka, pasti bingung mencermati membingungkan, bingung terhadap yang sudah ada.

19. Liring ngongang bingung mengeng kaki, saking jerone ingkang iktikad, sira pan aja gumluweh, yen sira gelem laku, amartapa laku kang becik, bokmanawa sira ta, tinarbukeng kawruh, iku ijeh bokmanawa, nanging uga lakonana ingkang margi, sarta palaling suksma.

Maksud bingung yang teramat sangat anakku, karena dalamnya itikat, kamu janganlah sampai lalai, jika kamu mau menjalani, melakukan perbuatan yang baik, mungkin kamu, akan terbuka pengetahuannya, itu masih kemungkinan, tetapi juga lakukanlah di jalan, serta karunia Tuhan.

20. Antepana gonira ngabekti, miwah pasa ing sakiranira, lungguh pitekur lan melek, kibir sumungah ujub, riya iku buwangen kaki, edohna ingkang tebah, drubiksa kang catur, iku panggodhaning manah, iku angel pambuwange ingkang tebih, kudu kraket kewala.

Mantapkan rasa baktimu, dan puasa sekuatmu, duduk tafakur dan berjaga, kibir sombong ujub, riya itu buanglah ananda, jauhkan yang jauh sekali, raksasa yang empat, itu godaan hati, dan itu sulit untuk disingkirkan jauh, karena selalu melekat saja.

21. Iku ingkang ngalingi ing gaib, ujar kitab sipatul ngukala, iku kaki kijab gedhe, lan malih dipun purun, sira kaki ambuwang dhuwit, aja keket ing asta, marisaken kupur, ngangelaken ing sakarat,dunya brana jroning pati mikatoni, tur dadi pancabaya.

Itu yang menghalangi kegaiban, menurut Kitab Sifatul ngukala, itu ananda penghalang besar, dan lagi lakukanlah, kamu  mendermakan uang, jangan kikir sekali, mewariskan kufur, mmenyulitkan pada kematian, harta benda selalu membayangi, lagi pula menjadi petaka.

22. Bayaning pati ambebayani, puyeng-mayeng puyang papuyengan, poyang-paying pangrasane, priyang-priyang tur wuyung, yuwanane lumayu tebih, yayah rena keweran, tan bisa tatulung, pramila dipun prayitna, supayane ing pati semu patitis, tetepna ing tyasira.

Cobaan kematian sangat membahayakan, pusing berputar-putar, berputar-putar perasaannya, badan panas serta bingung, keselamatannya lari jauh, orang tua bingung, tidak bisa menolong, maka harus waspada, agar mengerti benar tentang kematian, mantapkan dalam hatimu.

23. Pernatanen tumunturing ati, lunturana pranatan kang tata, dimen titi trang driyane,  yen sampun terang terus, anaratas paraning pati, tatanen ingkang tata, patrapna pandulu, dulunen Kang Maha Mulya, nirna wrana ilangna kang ngengalingi, lulus lestari nyata.

Aturlah sesuai dengan hati, wujudkan dalam tatanan yang baik, agar menjadi terang hatinya, jika sudah jelas terbuka, lurus tujuannya kematian, aturlah dengan teratur, terapkan pandanganmu, lihatlah Tuhan Yang Maha Mulia, lenyapkan tabir yang menghalangi, mulus abadi selamanya.

24. Nanging dalane teranging pati, iya nora kena ginagampang, pan luwih abot sarate, sarate tranging kawruh, kudu ngesthi rahina wengi, ngreksa maring drubiksa, luamah dhinadhung, amarah denoprak-oprak, mutmainah den kekep dipun sungkemi, napsu tiga linawan.

Tetapi jalan terang kematian, tidak dapat dianggap mudah, sangat berat syaratnya, syaratnya sempurnanya pengetahuan, harus ingat siang malam, menjaga terhadap nafsu raksasa, aluamah diikat, amarah harus disingkirkan, mutmainah dipegang teguh dan dimuliakan, ketiga nafsu dilawan.

25 Apa margane nemua becik, maksih ngumbar kanepsonanira, drengki kiyanat den angge, tan bisa nyegah napsu, aluamah den urip-urip, amarah den kukudang, supiyah den gunggung, pramila alane dadra, dedel dadi nuduhken dalan tan becik, becike kekalingan.

Apa jalannya menemukan kebaikan, masih mengumbar kemarahanmu, iri dengki berkhianat dipakai, tidak dapat menahan nafsu, aluamah dipelihara, amarah dimanjakan, supiyah dipuja-puja, maka kejelekan semakin menjadi-jadi, naik menunjukkan jalan tidak baik, baiknya terhalangi.

26. Kalingan napsu kang amrih lali, coba nepsu kang ala linawan, den mungsuh ing sabenere, sayekti lamun lebur, bubar kuwur amobrak-mabrik, ingkang kinarya pedhang, pangarepe ngelmu, panahe manah raharja, pinayungan tawekal maju ngajurit, yekti sirna kang ala.

Terhalang nafsu yang membuat lupa, coba nafsu yang jelek dilawan, diperangi dengan sungguh-sungguh, pasti akan hancur, tercerai berai dan porak poranda, yang dipakai pedang, pertama ilmu, panahnya hati yang selamat, dipayungi dengan tawakal ketika perang, pasti lenyap kejahatannya.

27. Ana maneh gegaman premati, aja sira dhemen kamelikan, kang nora sah lan kukume, warise wong calimut, kinedhikken ingkang rijeki, warise wong pitenah, cilakane muput, mindeng kasangsaranira, beda lawan wong sabar salamet budi, warise kasenengan.

Ada lagi senjata yang ampuh, kamu jangan suka terhadap milik orang, yang tidak sah hukumnya, keturunan seorang pencuri, disedikitkan rejekinya, keturunan seorang pemfitnah, sengsara selamanya, melihat kesengsaraannya, beda dengan orang sabar selamat budinya, akan mendapat kesenangan.

28. Seneng iku marisake becik, becik iku anuntun mupangat, mupangat nugraha gedhe, nugraha iku wahyu, wahyu iku paringing Gusti, paring ingkang karilan, rilaning Hyang Agung, patut iku den gungena,  paparinging gusti ingkang den rilani, iku sipate rahmat.

Senang menghasilkan kebaikan, kebaikan akan menunjukkan manfaat, manfaat itu anugerah yang besar, anugerah adalah wahyu, wahyu adalah pemberian Tuhan, pemberian yang diridoi, ridoNya Tuhan Yang Maha Agung, sepantasnya harus disyukuri, pemberian Tuhan Yang diridoi, itu sifatnya rahmat.

29. Rahmat iku marisaken eling, eling iku marisken makripat, makripat maring gustine, Gusti Kang Maha Agung, Liring agung datanpa sami, Mokal yen kapadhana, Gusti Maha Luhur, Kang darbeni sipat jamal, Sipat kahar kang nguwasani sakalir sakretining bawana.

Rahmat  menciptakam rasa ingat, ingat  menghasilkan makrifat, makrifat terhadap Tuhannya, Tuhan Yang Maha Agung, maksudnya agung tidak ada yang menyamai, mustahil jika ada yang menyamai, Tuhan Yang Maha Luhur, yang memiliki sifat Jamal, sifat Kahar yang menguasai segalanya, seluruh isi dunia.

30. Lawan padha ngawruhana kaki, prakara sipat kalihdasa, lan mangerti ing tegese, gaib  ngawruhana iku, sakabehe wong Islam sami, yen tan weruh tegesnya, mesthi lebar lebur, sipat wujud kidam baka, mokalapah lil kawadisi limani, kiyamu binapsiyah.

Serta ketahuilah kalian semua, tentang sifat dua puluh, ketahuilah maknanya, wajib untuk mengetahui, seluruh umat Islam semua, jika tidak mengetahui maknanya, pasti akan hancur lebur, sifat wujud kidam baka, mukalafah lil kawadisi, kiyamuhu binafsihi.

31. Wahdaniyat kodrat iradati, ngelmu kayat samak basar ika, kodiran lan muridane, ngaliman kayan iku, lan samingan basiran ugi, lawan mutakaliman, jangkep wus den etung, ingkang sipat kalih dasa, sayektine wujud iku ingkang pasthi, yektine datan ana.

Wahdaniyat kodrat irodat, ilmu kayat sama basar itu, kodiran dan muridan-nya, aliman kayan itu, dan samian basiran juga, dengan mutakaliman, genap sudah jumlahnya, ke dua puluh sifat, sebenarnya wujud itu yang pasti, sebenarnya tidak ada.

32. Wujud iku amung Maha Suci, datan ana malih kang gumelar, awal tumekeng akhire, tegese ujar iku, kabeh iki rusak sakalir, amung dat kang mulya, ananing Hyang Agung, liring agung iku jembar, liring jembar tan ana kang mamadhani, tan kakung tan wanodya.

Wujud itu hanyalah Yang Maha Suci, tiada lagi yang terbentang, dari awal sampai akhir, maksudnya kata itu, semua ini akan rusak, hanya dzat yang maha mulia, adanya Yang Maha Agung, artinya Agung adalah luas, artinya luas tidak ada yang menyamai, tidak laki-laki tidak perempuan.

33. Makhluk kabeh ngalindung Hyang Widhi, ingkang jahat arah nem prakara, iuke den ayomi kabeh, kang saweneh na wuwus, den arani johar lan jisim, saweneh ana ngucap, Alah aneng dhuwur, Iku bodho tumpa-tumpa, Jeng Pangeran ingkang karya bumi langit, Tan kaya ngapa-apa.

Semua makhluk berlindung kepada Tuhan, yang jahat enam hal perkara, itu dilindungi semua, di antaranya ada yang mengatakan, disebut johar jisim, dan ada juga yang megatakan, Tuhan ada di atas, itu bodoh sekali, Tuhan yang mencipta bumi dan langit, tidak dapat digambarkan.

34. Nora kena kacipta ing galih, yen onoa rupan kaya ngapa, iku jomblah makluk kabeh, kale suci sadarum, kang kumrenteg sajroning ati, kabeh iku den ijad, dudu Maha Agung, tan kena ginayuh nala, pramilane den sami brongta ing gusti, manawantuk nugraha.

Tidak dapat diangankan dalam hati, kalau ada bentuk seperti apa pun, itu imbang bagi makhluk semua, kebaikannya semua suci, yang bergerak di dalam hati, semua itu di-ijad, bukan Maha Agung, tidak dapat dicapai pikiran, maka kita harus mencintai Tuhan, semoga memperoleh anugerah.

35. Lamun antuk pitulung Hyang Widhi, iya pesthi tan kalawan-lawan, kang sarta lawan takdire, nanging sira yen ayun, mring pangawruh ingkang sayekti, aja sawiyah-wiyah, den ngambah delanggung,dalanana saking kitab, iya kono tasawup kang dadi margi, lan usul den waspada.

Bila mendapat pertolongan Tuhan, pasti tidak tertandingi, yang disertai dengan takdirnya, tetapi jika kamu akan, mengetahui yang sebenarnya, jangan berbuat semaunya, lewatilah jalan besar, jalanilah dari kitab, yaitu tasawuf yang jadi jalan, dan arahnya harus diingat.

36. Waspadakna ingkang dadi sirik, lakonana kang kinon ing sarak, poma aja ngelirake, kang cinegah ing rusul, ngedohana ingkang atebih, iku laku utama, lakune wong luhung, mokal jaising Pangeran, dunungena kang terang padha semangkin, iku wong asih suksma.

Ingatlah yang jadi larangan, kerjakan sesuai aturan, jangan sampai lupa, yang dilarang oleh rasul, singkirkan yang jauh, itu perbuatan yang terpuji, tindakan orang yang mulia, mustahil takdirnya Tuhan, tempatkan yang jelas sekarang, itu orang yang mencintai Tuhan.

37. Amung weruha manungsa iki, marang wujuding Hyang Maha Mulya, anitik saking lapile, dalilipun walahu, pan kalaka pi samawati, andadekaken Allah, saking langit iku, lawan bumi sakabehnya, sayektine wajibul wujud datneki, tan jaman tan panggonan.

Hanya ketahuilah manusia ini, terhadap wujud Tuhan Yang Maha Mulia, berdasarkan dari wahyu, dalilnya walahu, pan kalaka fi samawati, bahwa Allah menciptakan, bermula dari langit itu, dengan bumi seisinya, sebenarnya wajibul wujud dzatnya, tidak ada waktu dan tempat.

38. Lan sing sapa wonge angarani, ing pangeran arahing kahanan, utawa ing panggonane, yekti kapir wong iku, dadi batal islamireki, kopar kapir kapiran, esah murtadipun, sakuthu ing kukumira, lan sing sapa sakuthu maring Hyang Widhi, temahan manggih sasar.

Dan barang siapa mengatakan, bahwa Tuhan suatu keadaan, atau di suatu tempat, sebenarnya kafir orang itu, jadi batal Islamnya, kafirnya tidak percaya kepada Tuhan, sah murtadnya, menyekutukan hukumnya, dan siapa yang menyekutukan Tuhan, akhirnya menemui sengsara.

39. Spat kidam dhingin maha Suci, mokal lamun kadhinginan Adam, uwal awalul lapile, tanapi wal akhiru, kari nora ana ngareni, dalile sipat baka, alanggeng Hyang Agung, mapan kuluman ngalyeha, sakabehe barang kang sawiji-wiji, fasnis puniku ilang.

Sifat kidam awalnya maha suci, mustahil jika didahului Adam, huwal awalul lafalnya, serta wal akhiru, tinggal tidak ada yang meninggalkan, dalil sifat baka, abadi Tuhan, memang kuluman ngalaiha, semua masing-masing benda,  fasnis itu hilang.

40. Wayabka lan tetep Maha Suci, wajhu rabika dat Pangranira, dul jalali wal ikrame, Kang Mulya lan Kang Agung, Mokhalopah lil kawadisi, Prabeda lan  kang anyar, Iki dalilipun, Lan asipat wakhdaniyat, Pan sawiji boya ana kang  kekalih, Mokal yen ana liyan.

Wayabka dan tetap Maha Suci, wajhu rabika dzat Tuhannya, dul jalali wal ikrami, yang mulia dan yang Agung, mukalafah lili kawadisi, berbeda dengan yang baru, ini dalilnya, dan sifat wahdaniyah, hanya satu tidak ada duanya, mustahil jika ada lainnya.

41. Sipat kodrat  kuwasa Hyang Widhi, mokal lamun Pangeran apesa, iki ingkang nuduhake, inallaha puniku, satuhune Hyang Maha Suci, ngalakuli saean, kadir lajonipun, ing atase iku barang, saben-saben sawiji  pan dipun pasthi, langkep tan kena cidra.

Sifat kodrat Tuhan berkuasa, mustahil jika Tuhan naas, ini yang menunjukkan, inallaha itu, sesungguhnya Yang Maha Suci, alakuli saian, kadir lajoninya, atas segala sesuatu, masing-masing sudah pasti,  lengkap tidak dapat dihindari.

42. Sipat iradat dalile singgih, Gusti Allah sayekti akarsa, Fakngaluli mayuride, Wus agawe Hyang Agung, Ing sabarang sakarsaneki, Sipat ngelmu pangeran, Iki lapilipun, Kyoaluhu inallaha, Ngalakuli sein ngalim tegesneki, Satuhune Pangeran.

Sifat iradat dalilnya yaitu, Tuhan sesungguhnya yang berkehendak, Fa aluli mayuri, sudah mencipta Tuhan Yang Maha Agung, segala sekehendaknya, sifat ilmu Tuhan, ini lafalnya, kyaluhu inallaha, alakuli saiin alim artinya, sesungguhnya Tuhan.

43. Marang sakabehe kang dumadi, kabeh iku padha kinawruhan, sipat kayat pan mangkene, mapan watawakalahu, ngalal khaliyamutuni, urip tan kena pejah, ananing Hyang Agung, dalilipun sipat samak, mapan ta inallaha samingun ngalim, miyarsa tur mangliyat.

Terhadap semua ciptaan, semua itu diketahui, sifat hayat demikian, berada watawa kalahu, alal khaliyamutu, hidup tidak dapat mati, adanya Tuhan Yang Maha Agung, dalilnya sifat sama’, berada inallaha sami’un alim, mendengar serta melihat.

44. Sipat basar dalilipun singgih, wallahungdatawi Gusti Allah, bima takmalun basire, sabarang pan dinulu, nora nganggo netra kakalih, dalile sipat kalam, iki pungkasipun, wakalamallahu Musa, taklimana wus ngandika Maha Suci, mring gusti Nabi Musa.

Sifat basar dalilnya yaitu, walahu datawi Allah, bima ta’malun basir, segalanya dilihat, tidak dengan kedua mata, dalilnya sifat kalam, ini yang terakhir, wakalamallahu  Musa, taklimana sudah berkata Tuhan Maha Suci, kepada Nabi Musa.

45. Pangandikane Hyang Maha Suci, mring jeng Nabi lan sapangandikan, ewuh elok ujare kiye, arang ingkang anggayuh, samaripun anyanyamari, nyamari sabuwana, buwana lit agung, gungena Kang Murbeng Jagad, jaganana jejeging ati ja gigrig, gogragna raganira.

Firman Tuhan Yang Maha Suci, kepada nabi dan sudah berkata, bingung katanya demikian, jarang yang tercapai, samarnya membahayakan, membahayakan dunia, yaitu dunia kecil dan besar, agungkanlah Tuhan Penguasa Dunia, jagalah tegaknya hati jangan takut, gerakkan badanmu.

46. Yen wus gograk usika kang dhiri, ridhonira ing Suksma tumeka, Suksma nglela katon dhewe, wuwuh kawruh kang dhuwur, yen wus nora akiwir-kiwir, nora angayawara, kawruhe pangawruh,iku pangawruh utama,utamane ing badanira puniki, nyuwuna pangapura.

Jika sudah bergerak niatkan dirimu, rido Tuhan akan datang, Tuhan jelas akan datang sendiri, bertambah ilmu yang tinggi, Jika sudah tidak was-was, tidak bicara sembarangan, pengetahuannya ilmu, itu ilmu utama, utamanya untuk dirimu sendiri, mintalah maaf.

47. Den rumasa ing Gusti keh sisip, luwih kurang ing ngibadahira, ing Gusti kang dadekake, den akeh nutuh-nutuh, maring badanira pribadi, dadine kumawula, ing Gusti kang Agung, ja kaya kang ngiket crita,  layang iki cumanthakambeg kumawi, nyarupa lir pujangga.

Sadarilah pada Tuhan banyak dosa, sangat sedikit ibadahnya, pada Tuhan yang menciptakan, banyaklah menyesali, pada diri sendiri, jadi menghambalah, pada Tuhan Yang Maha Agung, jangan seperti pembuat cerita, surat ini lancang merasa berani, menyerupai seperti pujangga.

48. Satuhune bodhone ngluwihi, panganggite pan tanpa kerata, saking kirang geyongane, langkung cupet ing kawruh, basa kawi dereng udani, saking ambeg sembrana, dados purun-purun, anglampahaken sarkara, boten ketang kalamun dipun esemi, mring janma liyanira.

Sebenarnya bodoh sekali, dalam menulis tidak keindahan, karena kurang pegangan, sangat sedikit ilmunya, bahasa kawi belum mengetahui, karena berwatak sembarangan, jadi merasa mau, membuat tembang dhandhangula, meskipun dicibir, oleh orang lain.

49. Kalayan malih wau kang nulis, langkung kirang ing panembahira, mring Gusti Maha Sucine, mung maksiyat ginunggung,kabungahan rahina wengi, ngamal salih tan ana, kumprunge kabanjur, pangesthine ingkang nyerat, mugi-mugi wontena apureng Widhi, sakehe kalepatan.

Apalagi yang menulis, sangat kurang beribadah, pada Tuhan Yang Maha Suci, hanya maksiat dilakukan, bersenang-senang siang malam, amal salih tidak ada, sombongnya terlalu, harapan yang menulis, semoga dimaafkan Tuhan, semua kesalahan.

50. Akal ingkang tan pantes ing bumi, Gusti Allah mugi nglironana, Ginanti kabecikane, Ya ingkang Maha Luhur, Dhuh tuwanku rabul ngalamin, Sanget panangis amba, Mring Gusti Kang Agung, Rabi ya sir muga-muga, Agampilna marang ati ingkang becik, Tuwan pan sipat rahman.

Pikiran yang tidak pantas di dunia, semoga Tuhan mengganti, diganti kebaikan, oleh Tuhan Yang Maha Luhur, duh tuanku rabul alamin, hamba memohon, kepada Tuhan Yang Maha Agung, rabi ya sir semoga, memudahkan pada hati yang baik, Tuhan yang bersifat rahman.

51. Langkung murah man walatu ngansir, samaliye ing panuwun amba, Tuwan sampun ngangelake, dhumateng manah ulun, ginampilna dhateng kang becik, kadi ta ingkang ina, ringan gampilipun, lawan malih muga-muga, antuka sih sapangate kangjeng Nabi, ngleberana kang nyerat.

Sangat pemurah man walatu ansir, permintaan hamba lagi, Tuhan jangan membuat sulit, terhadap hati hamba, mudahkan ke jalan yang baik, seperti yang hina, ringan mudahnya, dan lagi semoga, memperoleh safaat Nabi, hingga sampai pada penulis.

52. Ingkang nyerat langkung ngarsi-arsi, sapangate ing para ambiya, miwah sakabat pa dene, tanapi wali kutub, ingkang sampun kabukeng gaib, nadyan pasek kang nyerat, nanging batinipun, boten nyulayani sarak, bok manawi wonten pangapureng Widhi, wingking sinten  uninga.

Penulis sangat berharap, safaatnya para ambiya, serta sahabatnya, serta para wali katub, yang sudah terbuka tabir gaibnya, meski jelek yang menulis, tetapi batinnya, tidak menyalahi aturan, mungkin ada ampunan Tuhan, kelak siapa yang tahu.

53. Dene kuwatire ingkang nganggit, sabab kathahing maksiyatira, meh boten wonten ta ngate, kaya paran ing besuk,yen tan antuk apureng Widhi, anggung gennya nalangsa, dhuh Allah Kang Agung, mugi Alah ngapuntena, ing dosane umat Tuwan ingkap langip, ya Allahi Kang Mulya.

Sedang kekhawatiran penulis, sebab sering berbuat maksiat, hampir tidak ada waktu, bagaimanakah kelak, jika tidak mendapat ampunan Tuhan, hanya menderita, duh Tuhan Yang Maha Agung, semoga Allah mengampuni, terhadap dosanya umat-Mu yang lancang, ya Tuhan.

54. Boten wonten kang yogya nulungi, maring kawula ingkang duraka, ingkang kados amba kiye, amung Alah Kang Agung, kang darbeni ing sipat kang lim, mugi Alah nglulusna, dalil kang sinebut,aneng sajeroning Kuran, innallaha pan yakbii luttaw dabati, Allah nrima wong tobat.

Tidak ada yang mampu menolong, terhadap hamba yang durhaka, yang seperti hamba ini, hanya Tuhan Yang Maha Agung, yang memiliki sifat lim, semoga Tuhan mengabulkan, seperti dalil yang disebutkan, dalam Al Quran, innalalaha fa yakbilu tawadabati, Allah menerima orang bertobat.

55. Mung puniku watone kang nganggit, nanging boten pisan amesthekna, sabab jais pangerane, tobat kula gumlundhung, saking sanget–sangeting sisip, mung nganti palaling Hyang, laleberanipun, sapangating rasulullah, kadis nabi attaibumindanbi, kamala dan balaha.

Hanya itu pegangan penulis, tetapi tidak berani memastikan, sebab jais Tuhannya, taubat hamba tidak diterima, karena terlalu banyak dosa, hanya menunggu anugerah Tuhan, kelebihannya, safaatnya rasul, hadis nabi attaibu min danbi,  kamala dan balaha.

56. Utawi wong tobat saking sisip, kaya wong kang ora duwe dosa, iku nabi ngandikane, iku geyongan agung, dalil kadis dhawuhe Gusti, sing sapa tan percaya, yekti dadi kupur, pramila sami ngudiya,dalil kadis sayogya dipun temeni, gennya talabul ngelma.

Atau orang tobat dari dosa, seperti orang yang tidak punya dosa, itu kata nabi, itu pegangan besar, dalil hadis perintah Tuhan, barang siapa tidak percaya, pasti jadi kufur, maka semuanya carilah, dalil hadis sebaiknya ditekuni, dalam mencari ilmu.

57. Lamun sampun putus maring ngelmi, prayogane ngekehana ngamal, aja kongsi ngelmu bae, ngelmu datanpa laku, iku kaki kurang prayogi, laku tan ngangge ngelma, iku nora tutug, dadi wuta temahira, lah pikiren ajana ambeg gumampil, gempal wekasanira.

Jika sudah menguasai ilmu, sebaiknya perbanyaklah amal, jangan hanya menuntut ilmu saja, ilmu tanpa diamalkan, itu kurang baik, amal tidak disertai ilmu, itu tidak sempurna, jadi buta akhirnya, nah pikirkan jangan menganggap mudah, pecah akhirnya.

58. Wus tinutur anisal mutakin, pira-pira wong kang gawe amal, mapan tinulak ngamale, lan pira-pira ngelmu, nora dadi ngelmunireki,sababe tanpa ngamal, wong kang ngelmu iku, marmane ngamal tinulak, tanpa ngelmu pramila den sami ngesthi, ngelmu sartaning ngamal.

Sudah dijelaskan di anisal utakin, seberapa pun orang beramal, pasti ditolak amalnya, dan seberapa pun ilmu, tidak bermanfaat ilmunya, sebab tidak diamalkan, orang yang berilmu itu, maka akan ditolak amalnya, tanpa ilmu makanya harus diketahui, berilmu disertai beramal.

59. Ngelmu putus sarta ngamal salih, iku begja yen sira kanggonan, ingkang tinemu karone, sabar tawekal lurus, lan ngibadah pitekur dikir, warise kang  mangkana, makripat Hyang Agung, iku gunging kalakuan, ingkang nganggo ingkang sami ahli ngarib, kang sami tinarbuka.

Ilmu yang sempurna serta amal salih, itu beruntung jika memilikinya, jika keduanya bertemu, sabar tawakal jujur, dan beribadah tafakur dikir, peninggalannya yang demikian, makrifat Tuhan Yang Maha Agung, itu agungnya tindakan, yang memakai sama dengan ahli sufi, yang sudah dibukakan.

60. Dedalane wong keparek Gusti, kudu nemen ing ngibadahira, sarta kirang dhahar sare, lan cegah saking dudu, dudu dipun singkiri, ngambaha ing dadalan, dalaning kang agung, rupane dalan kang jembar, dalil Kuran lan Kadise Kangjeng Nabi, lan ijmaking ngulama.

Jalannya orang yang dekat Tuhan, harus tekun beribadah, serta mengurangi makan tidur, dan mencegah kesalahan, kesalahan dihindari, lakukan jalan, jalan yang benar, wujudnya jalan yang besar, dalil Al Quran dan hadis Nabi, dan ijmak ulama.

61. Dhawuh dalem saking dalil kadis, apa amar kang aneng ing kana, aja sira ngemengake, cilaka temah luput, luput muput tumekeng buri, buri dadi rarasan, dinakwa tan uruscegah ing rusul dohana, ningna ing tyas kang mardu supaya bening, ningna tekad manira.

Perintahnya dari hadis dan dalil, apa perintah yang ada di sana, janganlah menganggap mudah, celaka akhirnya salah, salah sampai seterusnya, kelak menjadi perbincangan, dituduh tidak dapat mencegah nabi, cermati dalam hati agar bening, cermati niat hatimu.

62. Manah ngiwa dohna ingkang tebih, drengki pitnah aja sira ambah, nyidrani sapepadhane, ngumpet ngadu-adu, ujub riya kibir ing ati, iku kang ngrusak badan, sirahe takabur, aja buka celaning lyan, rumasaa ing batin cela pribadi, panacat singgahana.

Hati yang menyimpang singkirkan jauh, iri hati fitnah janganlah dilakukan, mencelakai sesamanya, bersembunyi mengadu domba, ujub riya kibir hatinya, itu merusak badan, sifat takabur, jangan membuka aib orang lain, merasalah kekurangan diri sendiri, hindarilah suka mencela.

63. Wong kang dhemen nacat barang kardi, iki tuduhe wong kurang akal, cinela mungguh ngelmune,  lan malih wekas ingsun, aja ambeg lemeran kaki, penginan barang karya, tan kena kadulu, ing barangira wong liyan, nora kena kumlebat den kapengini, wateg eraman aja.

Orang yang suka mencela segala hal, itu menunjukkan orang kurang akal, dicela ilmunya, dan lagi pesanku, jangan bertindak nista/hina anakku, tertarik segala sesuatu, tidak boleh melihat, terhadap barangnya orang lain, tidak boleh dilihat pasti diinginkan, jangan bersifat heran.

64. Wong eraman marisaken drengki, lawan marisaken tan narima, marang paringe gustine, ngedohken saking sokur, marisaken ngrasuleng budi,lann narik maring murka, sasaring panemu, ucapen janma utama, nguni-uni kang wus karem maring tokit,tan ana kinareman.

Orang mudah heran mewariskan dengki, serta mewariskan tidak menerima, pada pemberian Tuhan, menjauhkan rasa syukur, mewariskan hati resah, dan menarik sifat serakah, menyesatkan pikiran, ceritakan orang utama, dahulu sudah senang pada ketauhidan, tidak ada yang disenangi.

65. Nora pardulen marang sesami, ngalem nacat puniku cinegah, sabab maoni gustine, kalepan sampun sinung, papesthene ala lan becik, wus aneng kodrating Hyang, duk neng lokhil makpul, mila tan eram ing liyan, naming Alah puniku kang den erami, dene langkung kuwasa.

Tidak peduli sesama, memuji dan mencela itu dihindari, sebab mencela Tuhan, lupa sudah memiliki, kepastian baik dan buruk, sudah kodrat Tuhan, ketika masih di lokil makpul, maka tidak heran terhadap orang lain, hanya Allah itulah yang ditakjubi, karena sangat berkuasa.

66. Bisa ngingoni marang sakalir, lawan bisa manasaken surya, lan bisa anggebyarake, lintang kang aneng luhur, nora nganggo den sarawedi, miwah tanpa canthelan, prandene tan runtuh, karya langit tanpa saka, lan agawe sagara banyune asin, patut den eramana.

Dapat memelihara segalanya, dan dapat membuat panas matahari, dan bisa memancarkan, bintang yang ada di atas, tidak memakai digosok, serta tanpa gantungan, namun demikian tidak jatuh, membuat langit tanpa tiang, dan membuat laut asin airnya, pantas dikaguminya.

67. Mulane wong ingkang ahli supi, ora nana ingkang winedenan, liyane Gusti Kang Gawe, pan kabeh iki makluk, nora nana bisa mbayani, kabeh den anggep padha, tan prabedeng dunung, sanadyan suwarga nraka, kukumipun puniku maksih khawadis, kabeh kukume rusak.

Maka orang yang ahli sufi, tidak ada yang ditakuti, kecuali Tuhan Yang Maha Pencipta, semua ini makhluk, tidak ada yang membahayakan, semua dianggap sama, tidak berbeda tempat, walau surga neraka, hukumnya itu masih khawadis, semua hukumnya rusak.

68. Ku panemune wong ahli ngarip, ingkang sampun makripat Hyang Suksma, kaya mengkono anggepe, tan karem sawarga gung, maring nraka yo nora wedi, tan ana kang kinasat, liyane Hyang Agung, iku wong kang brangteng Suksma, wus rumesep ngelmu ngamal dadi siji, ngalih marang paningal.

Itu pendapat orang ahli bijak, yang sudah mencapai makrifat pada Tuhan, seperti itu anggapannya, tidak senang surga yang besar, pada neraka juga tidak takut, tidak ada yang dilihat, selain Tuhan Yang Maha Agung, itulah orang yang merindukan Tuhan, sudah merasuk ilmu amal menjadi satu, berpindah pada penglihatan.

69. Paningale nora ngalih-ngalih, nora lunga maring kana-kana, mung ngenani pandulune, andulu kang dinulu, lelewane amilangeni, oneng ingkang paningal, paningal kang alus, lulus luwes temah lawas, yen wus tan awas iku manungsa kang uwis, dhapur buh kang mangkana.

Penglihatannya tidak berubah, tidak pergi kemana-mana, hanya tertuju pada penglihatannya, melihat pada yang dilihat, perilakunya sangat menyenangkan, bingung  penglihatannya, penglihatan yang halus, lulus ramah akhirnya lama, jika sudah tahu itu manusia yang sudah, berbentuk apa yang demikian itu.

70. Pan sinigeg sekar dhandhanggendhis, karsanira Dyan Arya Kusuma, tan arsa anglajengake, samene bae cukup, lamun bisa sira nampani, babasan pudhak cengkar, kayon pinggir laut, kalamun ingsun babara, sayektine wicara datanpa kardi, judheg masa bodhoa.

Diakhirilah tembang dhandhanggula, kehendaknya Raden Arya Kusuma, tidak akan melanjutkan, sekian saja cukup, jika dapat kamu menerima, ibarat pudhak cengkar, kayon pinggir laut, kalau saya jelaskan, sesungguhnya bicara tanpa hasil, pusing terserahlah.

 T A M A T





Kapetik saka 

http://alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar: