SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Kamis, 15 Agustus 2013

RIAYA

Apa to iku dina riaya?
Satemene mangkono dina riaya iku saka tembung ri werdine dina dene aya iku raya utawa gedhe dadi riya ngono ngemu karep dina kang gedhe, dina riaya uga sinebat dina riadi kang mengku werdi ri yaiku dina dene adi iku luhur, dhuwur utawa becik mungguhing manungsa miturut keyakinan lan agamane. Sanadyan ana ing sajeroning mrengeti dina riaya utawa riadi mau ora amung mligi pangibadahan kaya kang kinudokake lan kang kasebutake ana sajeroning ajaran keyakinan lan agama mau. Tuladha kang cetha kaya kang wus umum katindakake ing tanah Jawa sajeroning ngisi lan mrengeti anane dina riadi utawa riaya kanggone agama islam ora amung mligi nindakake takbir, sholat 'idul fitri, lan ngapura ing ngapura sarana silaturahmi, ananging ora sethithik peranganing budaya kang temene ora kinudokake ana ing agama ananging melu di tindakake lan di anggep kaya dene kudu ana sajeroning ariaya 'idul fitri, ing antarane:

  1. Ziarah Leluwur.
    Ziarah leluwur satemene bisa ditindakake kapan wae ora amung mligi ing dina ariaya, ananging budayane wong Jawa umume kaya kaya wus kinudokake kalamun nekani dina riadi 'idul fitri nindakake tuwi utawa ziarah leluwur.
  2. Kenduri.
    Sawise nindakake Sholat 'Idul Fitri umume ana kabudayan kang sak temene ora wajib ananging kaya wus kinudokake ana ing budaya lan adat Jawa yaiku Kenduri utawa Kondangan. Saliyane ngumpulake sanak kadang lan tangga teparo ing sajeroning Kenduri uga di gelar sawernane tumpengan, kang saben tumpeng kang cinawisake mengku karep lan werdi dhewe dhewe sabab satemene tumpeng mau ular ularing para sepuh kang diwujudake. tuladhane :
    1. Tumpeng iku saka tembung kerata basa yaiku Limang Wektu sing Mempeng, yaiku prentahe para sepuh kanggo nindakake sholat limang waktu, aja nganti cicir sawiji.
    2. Pucuke tumpeng sinebut Buceng, iku uga saka krata basa Nyebuta Sing Kenceng, kang mengku karep paring ular ular, Dzikir aja nganti kendhat.
    3. Lan ana maneh sak wernane panyuwunan kang diwujudake kaya dene tumpeng jejeg ing pamrih paring ular ular supaya iman tansah di jejegake, serabi arum utawa apem kang saka tembung arab yaiku afuwwun kang mengku werdi ampunan utawa pangapura kang mengku karep ular ular supaya manungsa tansah nyenyuwuna pangapura mring sapadha lan marang Gusti Kang Murba Kawasa, arak arakan utawa rep repan kang mengku karep manungsa mono aja kendhat anggone ngarep arep utawa ndedonga nyenyuwun marang Gusti kang Murba Dumadi, lan isih akeh sawernaning pitutur kang bisa di jupuk saka budaya kenduri.
  3. Atur Suguhan Ing Dina Riaya Kang Beda Kaya Padatan
    Kaya dene ular ularing para sepuh rumuhun kang bisa kapundhut saka budaya kenduri, ana uga pitutur kang di wujudake ana ing pasugatan kang cinawisake ing wektu riaya 'idul fitri, pasugatan mau ing antarane:
    1. Kupat, saka tembung kerata basa Ngaku Lepat, mula ing dina riaya bisaa padha ngakoni ing sakabehe kaluputan.
    2. Duduhe santen,, yen wus ngakoni ing kaluputan prayogane terus njaluka ing pangapunten.
    3. Lepet, iku uga saka kerata basa disilep sing rapet, sawise ngakoni kaluputan lan ngapura ing apura sabnjure kabeh kaluputan disilep sing rapet aja nganti kaambalan ing tembe wurine,
    4. Lontong, iku uga kerata basa Alane ben kothong.
    5. Lemper, saka tembung kerata basa yen di Lem kudu iso meper, lire aja nganti sabab pangalembana ndadekake lali temah dadi wong kang adigang adigung adiguna.
    6. Apem, ing pangangkah kabeh mau bisa antuk ampunane Gusti Allah.
    7. Ora keri Unjukan yaiku kolak, kolak ngono isine gedhang, kolang kaling, lan sak wernane pala kependhem kaya tela rambat. iki uga ngemu pitutur lamun mamungsa kudu eling apa kang di gadhang yaiku bakale di pendhem yaiku kudu di pendhem kang sadurunge kanti cara mati husnul khothimah. Iseh akeh Budaya liane kang wus umum katindakake ana ing dina riaya, iki mau kabeh amung tuladha.

Lepat Kula Nyuwun Pangapunten

Jaka Lelana



Tidak ada komentar: