SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Senin, 19 Agustus 2013

Macapat Tataraning Lair Urip Nganti Tumeka Pati

Tembang Macapat iku tembang klasik saka ing tanah Jawa, dene anane  kawiwitan nalikane jaman Wali Sanga, kang wektu iku mbudidaya dakwah lan ngajarake Agama Islam kanti sarana budaya kang dadi dalane.  Ing antarane budaya budaya kang dadi sarana dalane dakwah Para Wali yaiku tembang tembang Macapat. 

Miturut jeneng lan urut urutane tembang macapat satemene bisa di mangerteni manawa Macapat iku nggambarake lakuning uripe manungsa tatarane uripe manungsa wiwit lahir nganti tumeka ing lampus.

Kaya kang wus di Ngendikakake Gusti Allah ana ing Kitab Suci;
" Latarkabunna Thobaqon 'An Thobaq" 
Temen sliramu bakal lumaku ana ing tataran- tataraning urip. (Q.S Insyiqoq: 19)

Ing ngisor iki Gurit urut jeneng lan genahe tembang macapat kang kinarya katerangan tataraning urip mungguhing manungsa

 

1. Mijil 


Jroning peteng sangkan paraning dumadi,  
Kersane Gusti jabang bayi Mijil,  
Sinebut Mijil, metu, uga lahir, 
Mijil margane jalu uga estri,  
Mijil ngunduh wohing pakarti,  
Mijil ponang nangis cenger ndhodhog bumi,  
Dados ponang woding ati, 
Bapa biyung seneng ing ati 
Bapa biyung nggendhong rina wengi.






2. Maskumambang 

Maskumambang dadi tembang, 
Nrenyuhake polahe kang ponang,  
Angidung mocopat ponang di kudang,  
Guyune kang ponang suka kang nyawang,  
Tan mbedakno wadon apa lanang,  
Bapa biyung bungah ati padang,  
Bapa biyung susah kalamun kelangan, 
Crita ginurit jroning maskumambang



3. Kinanti 

Jabang bayi woding ati,  

Kinanti kinanten tinuntun kang dadi werdi,  
Bapa biyung pawitan titi,  
Ngreksa peparinge Gusti,  
Rina dumugi ing ratri,  
Tan pegat piwulang aji,  
Dupi karsa agama ageming aji, 
Dadosa priyayi, 
Tuladhane sagung dumadi 
Aneng gelaring bumi.
 



4. Sinom 

Tembang Sinom isine kang maksih enom,

Ing rina ing wengi mbabar lelakon, 
Bayi gede manjing keprabon,  
Raga gede yuswane maksih enom,  
Bedane wis ora turu nang pangkon,  
Pindhah laku suryo mengulon,  
Sak tindake dadi lakon,  
Sak polahe dadi pitakon,  
Ywa luput dadi layon



5. Dandanggula 

Angen manis lagu puspita, 
Ngetut lakune samirana, 
Tabuh wektu ngetung dina, 
Ponang gedhe si enom salin salaga,  
Wani mbeka nggunggung salira, 
Mula gampang kena reka,  
Enome pikir gampang kesandung asmara,  
Dandanggula kang rinonce,  
Sundul langit kemul mega, 
Tan kuwawa ngudar pancadriya,  
Mung manis-manis kang sinedya,  
Tan weruh isen isening dunya,  
Lamun tumindak becik tan pirsa,  
Dadi menus kang kebak dosa.



6. Asmaradana 

Pepanjange tembang asmaradana, 

Panjange den arani asmara dahana,  
Sifat lanang wadon jroning tresna, 
Padhang rembulan pindha  rina, 
Tan waskita rusak jiwa raga, 
Tan eling welinge ibu lan rama, 
Agni ngobong ati ngidung asmara, 
Kadya lakone Dewi Ratih Komajaya.



7. Gambuh 

Gambuh iku paribasan gampang nambuh,  
Banyu bening ora weruh,  Jejogetan turut dalan ora ewuh,  
Bapa biyung weling ora patuh,  
Angel laku jujur  gampang misuh, 
Yen sinebut sakit wus abuh, 
Yen turu tangine tan krungu subuh, 
Kang tinandur tan ana kang di unduh,  
Bapa biyung sambat sora ….. aduh



8. Durma 

Nandur saka tata krama,  
Dur iku duratmaka duraka,  
Dur iku dursila durjana,  
Dur udur tan animbang rasa, 
Dur paribasan pari kena, 
Maknane nglaras rasa, 
Si enom dandanggula sinedya, 
Lali wus kelon asmaradana, 
Lali wangsiting wong tuwa, 
Werdine gambuh lan durma, 
Amelet si enom ing ngarcapada, 
Pan mangkana ingaran kerata basa.



9. Pangkur 

Yen kesandhung noleh mungkur, 

Dawane dalan dawane umur, 
Wadine gusti wadine kubur, 
Sifat tan bisa di waca ngawur, 
Iku werdi macapat dudu turu nglindur, 
Urip ngangsu banyu bening sumur, 
Hang rasa pakarti laku tinandur, 
Yen lagi catur mungkur, 
Eling tuwa eling pangkur, 
Ngepange pikir arep mungkur, 
Cilakane tan uwur lan sembur, 
Kelangan aruming pitutur, 
Dheleg-dheleg tan weruh dalane kubur.



10. Megatruh 

Ana pegat tan aruh-aruh, 
Ana pegat tan ana sing weruh, 
Wit bandha uwoh dosa tan wanuh, 
Tan eling dongenge Nabi Nuh, 
Tan kuwawa ngudhar kawruh, 
Uripe jroning rasa trenyuh,  
Dupi emut mring kidung megatruh,  
Wiwit sinom tekan gambuh, 
Alam batin manggih mungsuh, 
Jroning urip tan kerso wanuh, 
Pegate raga sukma kisruh, 
Sukma lunga tan ana sing weruh, 
Gara-gara tan ngestokake dawuh.



11. Pucung 

Surya suntrut kudung mendung, 
Ana pitakon padhange wurung, 
Ana gela gelane bapa biyung, 
Kang gela kapethak linglung, 
Kang tuninggal dheleg-dheleg bingung, 
Raga ketata mori pethak dadi kudung, 
Jroning peteng sepi ing kidung, 
Ngindhit dosa gede sak gunung, 
Tan pirsa raga wus suwung, 
Pucung werdine gempita agung, 
Pucung iku pocong werdine agung.



12. Wirangrong 

Wektu ngancam dina putus layon, 
Sambat sapa yen kadung kapethak ngerong, 
Mlarat sugih sing pangkat apa maneh garong, 
Nora mandang drajating uwong, 
Wirang wus jroning rong, 
Jagat gumelar kebak pitakon, 
Jagat gumelar kebak ing lakon, 
Jagat gumelar karsone Hyang Manon, 
Pan mangkono werdine wirangrong.




 

oleh:
Andra W

Tidak ada komentar: