Wayang sawijining kabudayan Jawa kang awujud tontonan anging satemene sajeroning tontonan mau mujudake tuntunan kang adi luhung. Kaya dene ngendikane Sang Widi Pamayang (Dhalang) nalikane hamiwiti pagelaran wayang purwa " Suwuh rep data pitana suwuh iku werdine sirna rep nenggih suwasana tentrem data yaiku hangesti pitana yaiku luhur,, sirna kang memala mahanani jagad tentrem lamunta hangesti marang luhuring budaya,, tuhu punika sesanti sang widi pamayang,, amiwiti hanggelar wayang purwa, "
Banjur apa wae, filosofi lan tuntunan sajeroning pagelaran wayang purwa..??
Wayang saka tembung wewayangan utawa gegambaran,, apa kang di gambarake,,? yaiku kahananing ngalam ndunya saisine. urip lan lakuning manungsa sipat ala lan becik patraping manungsa ing ngalam ndunya lan ora sethithik piwulang liane kang satenane becik kalamun di mangerteni lan katindakake.

Kayon ginambaran ilu ilu banas pati nggambarake manungsa urip ana ndonya iki akeh godhane, akeh alangan, lan pacoban. Mula ora kleru kalamun ana uwong kang nduweni pamanggih manawa kayon iku saka basa arab "hayyun" kang werdine urip, sabab isining kayon nggambarake isen isen ngalam ndonya kang sarwa urip.

iku nggambarake manungsa ana ngalam ndunya miturut sipate dadi rong golongan yaiku golongan kiwa lan tengen,, kiwa ngibaratake golongan kang ala sipate, dene kang tengen nggambarake manungsa kang lumaku ing kabecikan.
Praupane wayang uga nggambarake watak bebudene manungsa kaya dene Prabu Baladewa, raine abnag nuduhake sipate kang brangasan.

Wayang uga menehi pitutur lumantar jenenge. tuladhane wayang kang nduweni sipat becik uga nduweni jeneng kang becik, iku wus jumbuh kaya ila ilane wong kuna mawana asma iku kinarya japa, tuladha werdine jeneng wayang yaiku,
Dursasana, Dur iku tumindak ala dene sasana iku papan panggonan, mula Dursasana iku papan panggonane tumindak ala. Durna, dur iku tumindak ala, dene na iku ana mula Durna sanadyan pandhita ananging uga nduweni sipat kang ala. Durmagati, Durma iku tumindak ala dene gati iku penting mula Durmagati amung mentingake tumindak kang ala. Citraksa lan Citraksi,Citra iku golek jeneng utawa dimen oleh pangalembana dene Aksa lan aksi iku tumindak mula tumindake amung tansah golek jeneng lan pangalembana. iku mangkono jenenge wayang kanggo menehi tenger sipat kang ala,, dene wayang kang duweni sipat kautaman uga nduwni werdi kang sae, tuladhane: Janaka, iku saka tembung arab janatuka, janahmu, syurgamu, Arjuna Arjunaja, munajad, njaluk mula Janaka iku wmngku werdi arjunaja jannatuka,, njaluka sorgamu.
Punakawan, puna-pana-awas, kawan iku werdine kanca, punakawan iku mengku werdi kang ngawasi kanca, ngelingake lamun kanca lali, mbenerake tumindak kang luput supaya bali ing margining bebener,, Puna kawan ana papat, Semar saka basa arab Syimar kang werdine nyebarake utawa pretah sebarna. Gareng saka basa arab khoirin kang werdine kabecikan ,Petruk saka tembung basa arab Fathruk kang werdine ninggalake, utawa tinggalna dene bagong iku saka tembung bagho iku mengku weri tumindak kang ala,, mula punakawan papat kalamun dadi sawiji Syimar khoirin fathruki bagho, sebarna kabecikan lan tinggalna tumindak kang ala.


Iseh akeh satemene tuntunan kang bisa kapetik saka ing pagelaran wayang kulit, murih genahe ayo padha migunakake panggrahitane dhewe dhewe, ngudi tuntunan saka tontonan wayang purwa, sabab saben manungsa mestine duwe panemu dhewe dhewe anggone mernahake tuntunan mau.
Kathah lepat ing tulisan kula punika saingga damel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, kula titah sawantah kawates ing bab pangertosan,, nyuwun sih agunging samudra pangaksami..
Nuwun Matur Nuwun
Jaka lelana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar