SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Senin, 26 Agustus 2013

Petungan Slametan Kanggo Wong Tinggal Dunya




Katrangan :
Geblag = wekdal kapundhut
DN = dina
PDAK = pendhak.

Carane ngetung:
1. Njodhokake antarane tabel dina lan tabel pasaran, Tuladha :
Kapundhut (Geblag)  dina Sabtu Paing wulan Ruwah:
a. 3 dinane tiba malem Senen Wage
b. 7 dinane tiba malem Jum'at Pon
c. 40 dinane tiba malem Rebo Legi.
d. 100 dinane tiba malem Minggu Legi
e. Pendhak 1 (pisan) tiba malem Selasa Kliwon.
f. Pendhak 2 (pindho) tiba malem Senen Legi.
g. 1.000 dinane tiba malem Kemis Legi.

2. Kanggo ngetung 1.000 dinane, dietung 2 (rong) taun saka sasi geglage banjur ditambah 9 (sangang) wulan. Contone : Geblag wulan Ruwah Dinane Sabtu Paing + 9 (sangang) wulan yaiku : 1.Pasa, 2. Sawal, 3. Longkang, 4. Besar, 5. Sura, 6. Sapar, 7. Mulud, 8.Bakdo Mulud, 9. Jumadirawal. Mula slametane tiba malem Kemis Legi Wulan Jumadirawal.



Tidak ada komentar: