Sawijining dinten Imam Al- Ghazali ngempal kalian murid2ipun, lajeng Imam Al- Ghazali ndangu dhateng sedanten ingkang nembe ngempal ing mriku,
"Ing ngalam ndunya iki apa kang paling cedhak karo aku lan kowe kabeh?" Murid2ipun wonten ingkang mangsuli, "tiyang sepuh kekalih, guru,rencang,tangga tepalih, lan kerabat." Imam Al- Ghazali ngendika, "kabeh mau bener ananging kang paling cedhak satemene yaiku Mati." ngendikane Allah, kabeh kang nduweni nyawa mesti bakal ngrasakake pati,
Salajengipun Imam Al-Ghazali ndangu malih, "ing ndunya iki apa kang paling adoh karo aku lan kowe kabeh?" Murid2ipun sami njawab, "Negari China, mbulan, matahari." Ngendikanipun Imam Al- Ghazali, "kabeh mau bener anging satemene kang paling adoh yaiku wektu kang wus dilewati, aku lan kowe kabeh ora bisa bali nyang waktu kapungkur sanadyan amung sadetik,"
Imam Al- Ghazali ndangu malih, "Ing Ndunya iki apa kang paling abot?" Murid2ipun sami mangsuli, "waja, wesi, gajah." Ngendikanipun Imam Al- Ghazali, "kabeh mau bener ananging kang luwih abot sak benere yaiku njaga lan nindakake amanah."
Lajeng Imam Al- Ghazali ndangu malih, "ing ngalam ndunya iki apa kang paling entheng?" Murid2ipun paring wangsulan, "kapas, angin bledug, godhong2an." Ngendikanipun Imam Al- Ghazali, "kabeh mau bener anaging kang paling entheng sak temene ninggalake sholat."
Imam Al- Ghazali ndangu malih, "Ing Ndunya iki apa kang paling gedhe?" murid2ipun sami wangsulan, "ingkang paling ageng gunung, bumi, mbulan." Imam Al- Ghazali ngandika, "kabeh mau bener ananging kang paling bener yaiku Hawa Nafsu"
Lajeng Imam Al- Ghazali ndangu malih ingkang pungkasan, "ing ngalam ndunya iki apa kang paling landhep?" Muridipun mangsuli, "pedhang," Imam Al- Ghazali ngendika, "bener, ananging ana kang paling landhep yaiku ilating manungsa, amarga lumantar ilat lumantar omongan bisa agawe serik lan lara ati manungsa liyane."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar