SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Kamis, 31 Januari 2013

Anoman Dhuta


"yayi narpati sugriwa, bagya sak tekamu ana pasanggerahan maleawan yayi,"

"sinuwun, awit pangestu paduka sowan kula dalah para wadya bala rewanda widada nir sakara kara, sembah kula katur sinuwun,"

"yayi sugriwa tiba sepadha padha,"

"sinuwun, kula nyadhong duka tuwin kula nyuwun aksama sinuwun,

"ndak rasa ora ana luputmu marang pun kakang,

"kula tiyang ingakang mboten weruh lelabuhan, dene enak enak mukti hambau dhendha wonten gua kiskendha, lali menawi sangkaning kawibawan punika awit saking sih paduka ingkang sinuwun,"

"Yayi sugriwa,tiba kasak bali lugunipun pun kakang kang utang budi marang si adhi, hawit wus kapisungsung pasanggerahan kang luwih asri,"

"wadhuh sinuwun, kula sak wadya bala wanara sampun haprasetya badhe sabyantu paduka rehne mangke ngancik wanci ketiga toya samudra sampun angok, kula dalah para wadya rewanda nyadong dhawuh suka lila ngrabasa nagari ngalengka ngrebut wangsul garwa paduka kusuma yu dewi sinta,

"Dhuh kakang mas, nyuwun aksami, nadyan prewaca aturipun jetayu bilih kakang mbok sinta cinidra rahwana, namung sampun ngantos nggebat perang menawi dereng cihna kasunyatanipun kakang mas,"

"Yayi lesmana bener aturmu yayi, pun kakang ora bakal gegabah tumindak kang tundhane agawe kuceming asma asoring drajat, "

"menawi makaten,lajeng kados pundi kersa paduka,? samangke para rewanda selak mboten jenak selak kumudu magut yuda nglebur dur angkara kang sinandhang dening prabu rahwana,"

"yayi,, prayoga winicara amrih rahayuning laku,sedyane pun kakang bakal utusan nakyinake marang ngalengka. yayi sugriwa,,samangko pun kakang mundhut pitulung miji rewanda dadi dutaku marang ngalengka yayi sugriwa,"

""Gumrah gumuruh bala wanara, ngangasaken kasektene, manggala rewanda mangarsa gupuh Oooooonnnnggggggg,,,,, Ooonnnggggg,,,
dimen kaweruhan sang rama badra, pinilih hanyangkul kardi,, Eeeeennnngggggggggg,,,""

"Sinuwun, mboten nama umuk katah para senapati kapi ingkang cacak sura sekti suwawi kula aturi milih anggada punapa anila punapa anala, punapa pun kapi arinenda jembawan endrajanu manthastha manthasthi utawi satabali bali winata, sedaya mboten badhe nguciwani ing karya,"

"yayi narpati, ora jeneng nglirwakake penemumu, saka pengrasaku pamilihing duta kajaba alandhesan kasekten uga nonton jembaring pamawas beblesing panemu sarta gedhene lelabuhan linambaran ati kang suci kang ora kaworan melik, lamun luput ing pamilih bakal lebur tanpa dadi yayi narpati,"

"lajeng menawi mekaten landesanipun sinten ingkang pantes ngayahi karya.?"

"Yayi sugriwa, ndak pundhut anoman kang dadi dutaku,"

"Sumangga, menawi mekaten kersa paduka,,
Anoman majua ana gawe anoman,,,,,,!!

"Anoman, sira ndak utus limakua duta marang ngalengka diraja, titisna kandhaning warta apa bener garwaku yayi sinta cumondhok ana ngalengka.."

"sendika hangestu pada dhawuh paduka sinuwun, "

"Lamun ketemu yayi sinta, matura yen jenengingsun padha raharja, ora suwe mesti ndak rebut saka tangane dasamuka,"

"kawuka noknon ngestokaken dhawuh sabda paduka sinuwun,"

"minangka tanda bukti yen sira utusaningsun mara tampanana ali ali sutya ludira aturna marang yayi sinta,"

"dhawuh paduka kula pundhi saingga jimat,"

""Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, oonngg ooonngggg dadi redyaning dumadi, supatine ringsangsaya, eeennnngggg,,,,,,""


"prewaca dhawuhipun gusti prabu, pun apatik idi pangestu, "

"mbanyu mili pamujiku, hayu hayu nirbaya sedya rahayu"

"menawi wonten lumunturing sih abdi paduka nyuwun kanthi kyayi semar sak anakipun,"

"kaya luwih prayoga dimen bisa nyembuh widada anoman,"

"raden Lesmana kula nyuwun pangestu raden,"

"Iya iya raden, tak pepuja muga muga tansah piyungan kala cakra,"

"paman narpati kula nyuwun pamit,"

"pengestuku tansah lumintu anoman,,"

********

"Yayi jaya anggodo, ana gawe apa dene si adhi ngadhang lakuku,nitik praupanmu sajak kurang sarujuk atimu yayi.."

"Kakang Anoman bener ucapmu,samangko anggodo lagi kogel awit banget kegelan, tak kiro mung kakang Anoman kang bisa nambani rasaku kakang,,"

"Yayi anggodo wus wajibe sedulur tua aweh pitulung marang kadang mudha, bejo kemayangang yen pun kakang bisa nambal gempaling atimu, yayi mara gage tutura apa sebabpe.."

"Kakang Anoman, sengara kowe gelem nulungi aku,"

"Yayi, yen ora banget rungsit mesti ndak budidaya,"

"Yen pancen nyata temen ucapmu ora mung lelamisan, lilakno kelungguhan duta ndak jaluk,"


"Adhiku dhi anggodo, mangertia lamun bab iku dudu wewenangku, pun kakang amung sadrema mundhi dhawuhe prabu rama wijaya,"

"Cetha yen kowe ra lilo,,"

"Yayi sing gedhe pangapuramu, dasare aku wus prasetya yen pun kakang ora bakal mbadal dhawuh,"

"Semono uga aku, anggodo wus kadung sumpah,"

"Kepriye?"

"Anoman lulus lumaku dhuto yen cilik bisa madhani gedhene bisa ngalahke anggodo,"

"Yayi yen kena ndak eman aja dadi pepalang lakuku,"

"Wis ndah antepi ngiras njajal sepira kasektenmu,"

"Yayi,,"

"Mbuh ra idhep, klakon mati dening aku,,,"

**************

"Kang Gareng"

"Apa Truk"

"Bagong"

"Apa kang"

"Kang Gareng lan Bagong, aku lan kowe wajib syukur dene bisa sethihik nggelar kabisan sanadyan kucem kucem minangka kanggo penglipur"

"Iyo Truk"

"Eling iki mung lagi tarap latihan lho Kang iseh okeh kekurangane"

"Iyo Gong trimo lowong tinimbang nglangut, Yo wis ayo kanggo nggemeni wektu atur panglipur sawetara"

..............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
"Kang Gareng"

"Apa Truk" 

"Wis sawetara wektu anggone padha seneng seneng, Lhoh kae kok kaya ndara Anoman to kae" 

Sigra kang bala tumingal, acampuh samya medali, lir thathit wileding ganda, dhanghyang gung manguncang niti, benjang Sangaji mijil, lathinya medali wuwus, trustha sura wilaga, kaya buta singa wregil, pasthi jangga dhendhanya mangambak baya

"Hee.. Tholee... Anak akuku kabeh, iki ana gawean sing penting ngger, kowe lan aku bakal di kanthi ndara Anoman menyang ngalengka dadi dutane sinuwun pabu Rama"

"Wah cocok kang"

"Wah ngiras pantes pariwisata yo Truk, nginggar inggar nambani stres"

"Dhuh dhuh sajake ki thik, arep pariwisata ki rumangsane ki ngapa, ning kana ki ora seneng seneng, ning kana ki tohtokane nyawa lho Kang, marga Ngalengka ki kondhange butane gedhe gedhe sekti sekti, tur galak galak, kurang begjane bali mulih mung kari gembung sirahe klethak buta lho kang"

"Ohh... Ora piknik to?"

"Ora"

"Wah yen ngono aku pilih pamit wae Truk, awakku greges greges,"

"Gareng ki ra patut dinggo conto, yen ketoke ra nguntungke pilih pamit,"

" Eee Tholee  kapitayan kuwi larang regane, Ora saben uwong di percaya, ora angger uwong di pilih, mula yen di pilih lan di percaya gunakna sing sak temene, cocok karo janjimu jumbuh karo ucapmu, nadyan kaya ngapa abot lan rekasane yen wedi aja wani wani yen wani aja wedi wedi Ngger.."

Senggana kadya ginugah,ulat sumringah gumregut Oonngggg.... mangrah greget jroning galih anderpati ngemban dhawuh tatag ngrabasa kang rumpil.. Eengg...

"Kyayi Semar, nadyan mung sak kecap semburmu nyata nambahi kencenge tekadku, ayo daya daya ndak kanthi budhal menyang Ngalengka"

"Den,sampeyan saget mabur lha kula mangke pripun?"

"Petruk kok crigis lho, wong wis wani ngejak ki mesti tanggung jawab sak kabehe klebu transpote, sangune, mangane yen perlu tinggalane ngomah, wis aja sumelang"

"Aja sumelang, Kyayi Semar ndak pundhi ana kancing gelung, gareng petruk lan bagong ndak gembol ana kampuh"

"E inggih mangga kula dherekaken Den"

**************

(Mesat nggayuh gegana risang rama dayapati...      Kocap.......     kang ana tengahing samudra kumricik suwarane.....)

(Ombak kumbulaning toyaning samudra, methuthuk kaya pulo sak gunung anakan ghedhene  Nenggih Wilkathaksini,
dhasar rupane nggegilani kasektene nggegirisi, yen polah kalungguhane banyu samudra kocak kaya lebur nuwuhake ombak gumulung sundhul langit yen angop gumaleger kaya udan salah mangsa, saka gedhene pengati ati anggone netepi wajib njaga praja ngalengaka samubarang kang kumelip kumleyang sinerot kamplung ana wadhuke,  Sakara kagyat gara kasat...)

"Gojleng gojleng iblis laknat padha jegjegan, ana rerupan putih memplak kethap kethip ing antaraning mega yen bangsane manuk ora kaya mangkono, aja aja iki mungsuh bakal ngrabasa Ngalengka,, Yoh,,, nadyan banter kaya kilat dhuwur sundhul langit sap pitu tak serot klakon kamplung ana wadhukku...."

...
 "Ana ngendi iki,"

"Wadhuh, wah polahe"

**********

Meh rahina semubang  hyang haruna, kadya netrane angga rapuh, sabdaning kukila  oongg... ongg... oong....ring, sanigara saketer  enggg... oonggg....






Tidak ada komentar: