SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Senin, 28 Januari 2013

Thoharoh (Sesuci)

Miturut lughah (basa) thaharah inggih punika suci utawi resik, wondene miturut istilah, thaharah injih punika suci saking hadas lan najis. maksudipun kawontenan ingkang suci sasampunipun wudhu, tayamum utawi siram wajib ingkang saderengipun sampun saestu dipun niati kangge sesuci saking hadas lan najis sarana nyucekaken badan, pangagem saha papan panggenan.

Wonten ing syariat islam bab sesuci kalebet ilmu lan amalan ingkang saestu penting. awit utamanipun ing antaranipun syarat syarat sahipun sholat badan ageman punapa dene papan kangge pangibadahan kedah suci saking hadas lan najis.
Ngendikanipun Allah wonten ing Al-Qur'an
                                  إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ التَّوَّابِينَ  ۚوَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِينَ
ingkang artosipun: "Satemene Allah seneng kalawan uwong uwong kang padha taubat lan uwong uwong kang padha seneng sesuci"

Ngendikanipun Nabiullah ingkang dipun riwayataken Imam Muslim:
"Allah ora nampa sholat kang ora sesuci (wdhu) sadurunge"


Toya ingakang saget dipun gunakaken kangge sesuci inggih punika toya ingkang suci lan nyucekaken, ing antawisipun:
1. Toya jawah,
2. Toya sumur,
3. Toya segara,
4. Toya salju,
5. Toya telaga,
6. Toya embun,

Dipun tingali saking hukumipun toya dipun bedakaken dados gangsal inggih punika:
1. Toya suci ingkang nyucekaken utawi toya Mutlak, inggih punika toya ingkang taksih murni, saget dipun ginakaken kagem sesuci lan mboten makhruh umpaminipun toya kali, toya jawah lan lintu lintunipun,
2. Toya ingkang suci ananging makhruh menawi dipun ginakaken kagem sesuci. toya ingkang kados mekaten dipun sebat toya musyammas, injih punika toya ingakang dipun panasaken ing soroting sengenge lan wadahipun kadamel saking logam salintunipun emas,
3. Toya ingkang suci ananging mboten saget dipun ginakaken kagem sesuci injih punika toya ingkang kirang saking kalih kulah (216 liter), toya ingkang sampun malih salah satunggal sifatipun ingkang dipun sebabaken sampun campur kaliyan barang suci lintunipun, umpaminipun: toya teh, toya kopi, lan lintu lintunipun. ugi toya ingkang medal saking wit witan ugi woh wohan, contonipun: toya deresan, legen, lan toya klapa.
4. Toya mutanajis, injih punika toya ingkang sampun kecampur kalian najis lan jumlahipun kirang saking kalih kulah, pramila toya ingkang kados mekaten mboten saget dipun ginakaken kagem sesuci. ananging menawi jumlahipun langkung saking kalih kulah lan mboten malih salah setunggal sifatipun pramila sah menawi kagem sesuci.
5. Toya ingkang suci lan nycekaken namung haram dipun agem, injih punika toya mutlak namung cara ngasilaken kanti usaha ingkang ghasab utawi colongan.

Najis miturut syariat islam inggih punika barang utawi kotoran lan sedanten ingkang sampun dipun tetepaken kanti dalil. Najis kedah dipun sucekaken sarana cara cara ingkang sampun dipun tetepaken syara' sebab sedanten kala wau ndadosaken alangan anggen kita ngibadah dhumateng Allah. Ingkang kalebet barang ingkang najis antawisipun: 
*. bangke salintunipun bangke manungsa, ulam lan walang
*. ludira (getih)
*. nanah
*. sedanten ingkang medal saking dubur lan qubul
*. asu
*. babi
*. unjukan ingkang saget mabukaken, arak lan lintu lintunipun
*. peranganing badan kewan ingkang sampun pinisah wekdal taksih urip.

Miturut ahli fiqih, najis dipun bedakaken dados sekawan perangan.
a. najis Mukhaffafah (enteng) inggih punika najisipun toya pipis bayi kakung ingkang umuripun dereng langkung kalih taun lan dereng dhahar salintunipun toya susu saking ibunipun,
najis ingkang kados mekaten sarana nyucekaken namung dipun siram utawi dipun ciprati toya suci kemawon,
b. najis Mughaladzoh, injih punika najisipun asu lan babi ugi keturunanipun kalebet kotoran lan sedanten ingkang medal saking cangkemipun. najis ingkang kados mekaten sarana nyucekaken kedah dipun kumabh ngantos ambal kaping 7 lan salah setunggalipun ngagem lemah utawi pasir.
c. najis muthawasithah (sedheng) inggih punika salintunipun najis ing nginggil,kados dene sedanten ingkang medal saking kubul lan dubur kajawi mani, sedanten ingkang damel mabuk, susu kewan ingkang mboten hahal dipun dhahar, bangke ugi balung lan wulunipun salintunipun bangke manungsa, ulam lan walang.
najis muthowasithoh kiambak dipun bedakaken dados kalih perangan:
* 'ainiyah: inggih punika najis ingkang wonten wujudipun utawi ingkang saget dipun tingali. najis ingkang kados punika dipun sucekaken kalian mbasuh ngantos ical zat, rasa, ambu, lan warnanipun.
* hukmiyah: inggih punika najis ingkang mboten ketingal, kados najisipun  arak lan toya pipis ingkang sampun garing. caranipun nyucekaken cekap dipun guyur kalian toya ngantos mili kemawon.
d. Najis ingkang dipun apura utawi ma'fu. inggih punika najis ingkang mboten wajib malih dipun sucekaken. ing antawisipun:
1. getih saking kewan ingkang mboten mili getihipun kados nyamuk
2. nanah wudun(bisul)
salintunipun punika wonten najis ingkang dipun apura contonipun
-wulu ingkang najis ananging jumlahipun namung sakedhik
-najis ingkang mboten saget dipun tingali awit namung sakedhik
-najis ingkang campur kalian bledug utawi lebu (debu)

A. ISTiNJA

Sedanten ingkang medal saking kubul lan dubur kados menawi kita dateng wingking (buang air) wajib dipun sucekaken, ingkang kados mekaten dipun wastani istinja. barang ingkang saget sipun ginakaken kangge istinja ing antawisipun:
1. Toya
2. Watu 
3. Barang ingkang suci lintunipun,namung mboten dipun anjuraken ngagem kayu tissu lan lintu lintunipun,
Istinja dipun lampahi saderengipun kotoran kering lan kotoran nyebar dateng panggenan sanes salintunipun panggenan medalipun. bilih kotoran sampun kering dipun wajibaken ngginakaken toya kangge nyucekaken.

Wondene barang ingkang mboten dipun keparengaken kangge istinja punika ing antawisipun, balung lan kotoran ingkang sampun garing.

B. SIRAM


Siram wonten ing mriki, ngratakaken toya dateng badan kanthi niat nyucekaken diri saking hadas ageng. Kanggene tiyang ingkang badhe nglampahi sholat lan maos Al-Qur'an ugi mlebet dateng lingkungan masjid dipun wajibaken Siram sasampunipun nggadhahi hadas ingkang ageng ingkang dipun sebabaken haid, nifas, sampunipun nglairaken, lan sasampunipun kumpul bojo (bersenggama)

Ngendikanipun Allah: 

وَإِن كُنتُمْ جُنُباً فَاطَّهَّرُواْ


Artosipun: " Lan menawa awakmu junub,mula adusa" (QS Al- Maidah: 6)

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ لاَ تَقْرَبُواْ الصَّلاَةَ وَأَنتُمْ سُكَارَى حَتَّىَ تَعْلَمُواْ مَا تَقُولُونَ وَلاَ جُنُباً إِلاَّ عَابِرِي
                                                                                    سَبِيلٍ حَتَّىَ تَغْتَسِلُواْ
Artosipun: " He wong wong kang duweni iman, aja awakmu nglakoni sholat, menawa awakmu ana ing kahanan mabuk nganti awakmu ngerteni apa kang mbok ucapne (sadar), (lan aja sliramu nekani masjid) menawa awakmu ana ing kahanan junud,saliyane amung lumaku ngliwati wae nganti awakmu adus jinabat." (QS An Nisa' 43)

Alasan utawi sebab dipun wajibaken siram wajib inggih punika ing antawisipun:
* Kumpul bojo (bersetubuh)
* medalipun mani 
* mati lan matinipun sanes mati syahid
* Nifas (medalipun getih sasampunipun nglahiraken)
* sampunipun haid
* Nglairaken (wiladah)

Kados dene wudhu, siram wajib wonten rukunipun, Rukun siram wajib inggih punika: 

1. Niat ngilangaken hadas ageng
a. ingkang dipun sebabaken medalipun mani
                                         نَوَيْتُ الْغُسْلَ لِرَفْعِ الْحَدَثِ الْأَكْبَرِ مِنَ الْجِنَابَةِ فَرْضًا لِلهِ تَعَالَى
Niat kawula adus junub kangge ngilangaken hadas ageng junub karana Allah
b. ingkang dipun sebabaken haid
                                          نَوَيْتُ الْغُسْلَ لِرَفْعِ حَدَثِ الْأَكْبَرِ مِنَ الْحَيْضِ فَرْضًا لِلهِ تَعَالَى
Niat kawula adus junub kangge ngilangaken hadas ageng haid karana Allah
c.  ingkang dipun sebabaken nifs
                                                     نَوَيْتُ الْغُسْلَ لِرَفْعِ حَدَثِ الْأَكْبَرِ مِنَ النِّفَاسِ فَرْضًا لِلهِ تَعَالَى
Niat kawula adus junub kangge ngilangaken hadas ageng nifas karana Allah

d. ingkang dipun sebabaken nglahiraken (wiladah)
                                                      نَوَيْتُ الْغُسْلَ لِرَفْعِ حَدَثِ الْأَكْبَرِ مِنَ الْوِلَادَةِ فَرْضًا لِلهِ تَعَالَى
Niat kawula adus junub kangge ngilangaken hadas ageng nglahiraken karana Allah
2. Ngilangaken najis menawi wonten ing badan
3. Nyiramaken toya saking sedanten rambut lan sedanten badan kita sakojur,

Wondene sunahipun siram junub ing antawisipun: 
* Maos basmallah
* Wudhu saderengipun siram junub
* ngusapaken tangan ing badan
* ngriyinaken peranganing badan ingkang  tengen 

Ing mriki wonten pinten pinten ibadah ingkang saderengipun dipun sunahaken mandi wajib, ing antawisipun:

1. Siram kangge shalat Jum'at
2. Shalat Idul Fitri lan Idul Adha.
3. Shalat Istisqa' (minta hujan).
4. Shalat gerhana bulan.
5. Shalat gerhana matahari.
6. Siram sasampunipun ngedusi mayit.
7. Mu'alaf.
8. Tiyang ingakang nembe sadar saking ayan utawi edan
9. badhe nindakaken ihram.
10. Mlebet Makkah.
11. Wuquf ing Arafah.
12. mabit ingMuzdalifah.
13. Melempar jumrah yang tiga.
14. Tawaf.
15. Sa'i
16. Mlebet Madinah.


Larangan kanggene tiyang ingkang hadas ageng.
a. Tiyang ingkang junub mboten dipun keparengaken ing antawisipun: 
- Nindakaken Sholat,
- Nindakaken Thawaf
- Mbeta utawi ngangkat kitab Suci
- maos Al-Qur'an
- I'tikaf ing masjid
b. Wondene Piyantun estri ingkang nembe haid mboten dipun keparengaken:
- Nindakaken  punapa ingkang dipun larang kanggene tiyang ingjang junub
- Setubuh, utawi jima'
- Siam 
- Ugi mboten dipun keparengaken dipun talak

C. WUDHU

Miturut istilah bahasa ( lughoh) wudhu artosipun resik lan endah. Miturut syara' wudhu nggadhahi pangertosan mbasuh lan ngresiki sebagian saking peranganing anggota badan saking hadas ingkang alit jumbuh kalian ingkang sampun dipun tentokaken lan dipun tetepaken aturanipun wonten ing syara'.
Tiyang ingkang badhe nindakaken sholat dipun weajibaken wudhu langkung rumiyin. awit wudhu minangka salah satunggaling syarat sah sholat.
Ngendikanipun Allah:
                 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إِذَا قُمْتُمْ إِلَى الصَّلاةِ فاغْسِلُواْ وُجُوهَكُمْ وَأَيْدِيَكُمْ إِلَى الْمَرَافِقِ
                                       وَامْسَحُواْ بِرُؤُوسِكُمْ وَأَرْجُلَكُمْ إِلَى الْكَعْبَينِ
Artosipun: "He wong wong kang padha iman, yen awakmu arep nindakake Sholat, mula basuhen raimu, tanganmu nganyi tumeka ing sikut, lan usape sirahmu lan sikilmu nganti tumeka ing kemiri (mata kaki.)"

Wudhu ugi wonten syarat sah rukun lan sunahipun, ing ngandhap badhe ka terangaken sakedhik babagan punika.

Syarat Sah Whudu
- Islam. tiyang ingkang wudhu kedah Islam,
- Tamsyiz injih punika saget mbedakaken ing antawisipun padamelan ingkang sae lan ingkang ala, hak lan ingkang batil.
- Mboten nembe gadhah hads ageng
- Ngagem toya ingkang suci lan nyucekaken (toya mutlak)
- mboten wonten punapa kemawon ingkang sagel ngalangi toya ngantos dateng anggota wudhu. umpaminipun cat, getah utawi tlutuh, lan lintu lintunipun
- Pirsa pundi ingkang wajib lan pundi ingkang sunah.



Rukun Wudhu
Rukun Wudhu wonten enem perkawis inggih punika:
- Niat
Lafaz-ipun :

نَوَيْتُ الْوُضُوْءَ لِرَفْعِ الْحَدَثِ اْلاَصْغَرِ فَرْضًا لِّلَّهِ تَعَالَى


Kula niat wudhu kangge ngilangaken hadas alit fardu karana Allah Ta'ala
- Mbasuh pasuryan saking rambut ngantos janggut, saking talingan kiwa ngantos talingan kanan,
- Mbasuh tangan kekalih ngantos dumugi ing sikut
- Ngusap sirah ( rambut )
- Mbasuh  suku kekalih dumugi kemiri (mata kaki)
-  Tertib utawi Urut

Sunah Sunah Wudhu

- Maos basmalah wekdal ngawiti wudhu
- Mbasuh epek2 tangan kekalih
- Kemu
- Mbasuh irung (bolongan irung) saderengipun maos niat
- Ngrumiyinakaen anggota wudu ingkang kanan
- Mbasuh sela selaning driji tangan lan sikil
- Siwakan utawi sikatan sak derengipun wudhu
- Maos donga sasampunipun wudhu

   أَشْهَدُ اَنْ لاَإِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه  اللَّهُمَّ اجْعَلْنِي مِنَ التَّوَّابِيْنَ وَاجْعَلْنِي مِنَ الْمُتَطَهِّرِيْن     

Artosipun: "Kula Nyekseni mboten wonten Illah ingkang wajib sinembah salintunipun Allah lan kula nyekseni Nabi Muhammad utusanipun Gusti Allah, Dhuh Gusti Allah dadosaken kawula tiyang ingkang ahli taubat lan dadosaken kawula tiyang ingkang suci"

Ingkang mbatalaken Wudhu
a. medal daking kubul lan dubur ingkang arupi punapa kemawon
b. Ilang kesadaren ingkang dipun sebabaken mabuk, edan, sare ingkang saestu nyenyak
c. Senggolan kulit antawisipun lawan jenis ingkang sanes mukhrim.
d. Nyenggol ngangge telapak tangan kubul lan dubur.

D. TAYAMMUM

Tayammum inggih punika ngusap pasuryan lan asta kekalih ngagem awu utawi lebu (debu) ingkang suci sinarengan kalian syarat ingkang sampun katentokaken syara'. Tayammum saget dipun lampahi kangge nggantosaken wudhu kagem tiyang ingkang mboten saget ngginakaken toya kagem wudhu uatwi kagem tiyang ingkang badhe sholat namung mboten wonten toya.

وَإِن كُنتُم مَّرْضَى أَوْ عَلَى سَفَرٍ أَوْ جَاء أَحَدٌ مَّنكُم مِّنَ الْغَائِطِ أَوْ لاَمَسْتُمُ النِّسَاء

فَلَمْ تَجِدُواْ مَاء فَتَيَمَّمُواْ صَعِيدًا طَيِّبًا فَامْسَحُواْ بِوُجُوهِكُمْ وَأَيْدِيكُم مِّنْهُ مَا يُرِيدُ اللّهُ  لِيَجْعَلَ عَلَيْكُم مِّنْ حَرَجٍ     


 وَلَـكِن يُرِيدُ لِيُطَهَّرَكُمْ وَلِيُتِمَّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ

Artosipun:  "Lan kalamun awakmu nduweni lelara, utawa ana ing ndalan utawa bali seka mbuang hajat (kakus) utawa senggolan kalawan wanita banjur ora bisa nemokake banyu, mula tayammuma nganggo lemah kang resik, usapen rai lan tanganmu migunakake lemah iku. Allah ora gawe susah awakmu, ananging Allah bakal ngresiki awakmu lan nyampurnakake ni'mat (Allah) kanggo awakmu sapaya awakmu gelem Syukur"


Syarat nindakaken tayammum
- Estu estu mboten wonten toya sanadyan ssampun usaha pados.
- Mboten saget migunakake  toya kangge wudhu, umpaminipun tiyang ingakang kagungan penyakit lan penyakit kala wau badhe sangsaya ndadra menawi kenging toya
- Sampun mlebet wekdalipun sholat
- Ngagem awu (debu) ingkang suci

Fardu tayammum

Kados dene Wudhu lan siram wajib Tayammum ugi  kedah mrihatosaken rukun rukunipun Tayammum, ing antawisipun:
- Niat ( kangge dipun keparengaken nindakaken Sholat)

نَوَيْتُ التَّيَمُّمَ لاِسْتِبَاحَةِ الصَّلاَةِ ِللهِ تَعَالٰى


Kawula niat tayammum supados saget nindakaken Sholat karana Allah Ta'ala


- Ngusap pasuryan ingkang saderengipun telapak asta dipun tempelaken wonten ing lebu ingkang suci ambal kaping kalih
- Ngusap asta kekalih saderengipun telapak asta dipun tempelaken wonten ing lebu ingkang suci ambal kaping kalih ngantos sikut
- Tertib utawi urut

Sunat Tayammum
- Maos basmalah
- wekdal tayammum mboten dipun selingi kalian gerakan lintunipun.
- ngusap ingkang kanan rumiyin saderengipun ingkang kiring.

Ingkang mbatalaken Tayammum
- sedanten ingkang mbatalaken wudhu ugi mbatalaken tayammum
- wonten toya saderengipun sholat kajawi tiyang ingkang tayammum dipun sababaken gerah utawi sakit
-Murtad, medal saking islam

Perlu dipun mangertosi tiyang tayammum menawi pirsa wonten toya. punika mbopen kalebet bilih tayammum  lantaran sakit:
* Menawi wonten toya sasampunipun tayammumananging dereng nindakaken sholat pramila wajib wudhu kangge nindakaken sholat
* Menawi ing tengah tengahing sholat lajeng wonten toya pramila kagem tiyang ingkang bermukim utawi netep kedah mbatalaken sholat lan wudhu. kanggene musyafir mboten kedah wudhu lan mbatalaken sholat sebab tayammuipun tetep sah.
* menawi sasampunipun sholat lajeng wonten toya lan wekdal sholat taksih wonten saget ngambali sholat malih lan mboten ngambali ugi dipun keparengaken.
* mewi wonten toya sasampunipun sholat lan wekdal sholat sampun mboten wonten pramila mboten perlu ngambali sholatipun sebab sholatipun tetep sah.





~ Mekaten sakedhik pangertosan kawula ing babagan thoharoh utawi sesuci. nyuwun koreksi mbok bilih wonten lepatipun. cacat cewet anggen kula ngrakit aksara ugi tumpang suh basa kawula,sedanten kala wau kabegta saking cubluking pangertosan kawula injih awit kiranging pawiyatan, kawula nyuwun sih pangaksama. kritik lan saran tansah kawula antu antu. Nuwun Matur Nuwun ~







Tidak ada komentar: