SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Rabu, 30 Januari 2013

SULUK RÊSIDRIJA

Suluk Residriya, Soemodidjojo, 1957, #1203




Punika sêrat kina mêngku piwulang  kautamaning gêsang.

Pêngarangipun sampun botên kasumêrêpan. Kula babar ing mriki murih botên ical . Kangge nambahi kathahing sêrat-sêrat Jawi. Mbok menawi ing têmbe wingking wontên pigunanipun.



Dhandhanggula

Rêsidriya artati kinawi
wêwalêre kang wus kina-kina 
tinelada ing jaman kèh
akèh kang maca ngrungu
tuwa anom jalu lan èstri 
padha angèstokêna 
pitutur kang luhung
kaluhuraning agêsang 
sangkanane sabar tawêkal nastiti 
nelada kang utama 

utamane wong urip puniki 
nora kaya wong ngecani manah 
nora nglarani ragane 
rahayu kang tumuwuh 
muwuhana panggawe bêcik
rêricikaning basa
basukining têmbung
bungah ingkang amiyarsa
rasakêna ujar ala ujar bêcik
ciptanên ing wardaya



daya-daya wardaya kalingling 

angelingna sira wong kang lêpat

malah dadia trimane

panrimane kang luput

dènnya amrih wau nastiti
tindak-tanduk dèn andhap
patrapaning têmbung 
têtêmbunge ing abasa
basane kang sampun uninga ing wangsit
wangsite tatakrama 

kramanana wong kang ati sungil 
ngil-ungilên atine kang arja
raharjaa sawurine
wêwurinên sadarum
arumira carêm-carêm sih
asiha sama-sama 
sasama tumuwuh 
malah wuwuh dadi lampah 
anglampahi sira ati ingkang yêkti
iku bekaning raga 

sira iku padha sun tuturi
tuwa anom padha rungokêna
laku ingkang abot dhewe
aja ta gunggung laku 
durung mêsthi yèn sira bêcik 
sanadyan bêtah nglapa
bêtah mêlèk dalu
bisa sabar bisa trima
nadyan silih bisa gawe ngamal kaki
marang pêkir kasihan 

iku masih rêrêmpèn ta kaki 
durung aran laku kang utama 
misih laku jubriyane 
ya durung sampe iku 
basa ala kalawan bêcik 
bêcik kalawan ala
iku mapan durung 
masih laku bêbengesan 
artinipun ing lair tan trus ing batin 
durung têkèng kasidan 

dene kaki laku kang sayêkti 
bêtah nglapa sabar lan narima 
kinancingan tawêkale
iku laku amupus 
pamupusan wong olah jati
tindak-tanduk dèn atrap 
têtêp jroning kalbu
karane wêkas manira 
karantêne sira dèn nêdya nastiti
tawêkal dèn gêgulang 

basa tawêkal têtêping ati 
datan etang lamun dèn bêbeka 
kang kaetang wêkasane 
kawêkasaning laku
lawan ing Hyang Kang Maha Suci
suci-sucining raga
raga amrih ayu
rahayua dunya-kerat
karakêta maring tingal kang sêjati 
jati-jatining tunggal

yèn wis tunggal dènnya maksih kalih
kêkalihe Gusti lan kawula
lair kalawan batine
iku upaminipun
yèn wus têpung lair lan batin
iku wrêksa candhana 
kaki aranipun 
wangi jaba tyasnya ngambar  
ngambar-ambar wignya babar ujar bêcik 
rêricikaning raga 

yèn wis sira wignya angrêricik
sakèh ujar bêcik lawan ala
kari pamupuse bae
wiyose wignya muwus 
sakathahe ujar kang bêcik 
pasthi sih-sinisihan 
lantip jroning kalbu
samubarang dèn gulanga 
rêricikan sira gulanga kariyin
dadya wruh sakèh rasa 



rasa-rasa rêrasan puniki 

wite agal wêkasane lêmbat 

wit lêmbat agal wêkase 

sakèh ewuh puniku 
nora kaya wong nyrapat angin 
angon larasing basa 
pilih wong kang wêruh 
kajaba janma utama 
tama têmên tumrap tumon anampani 
tampa sakèh wicara

cara-cara cinirèn kaèsthi 
kang kaèsthi sumuking wardaya 
dadya kawuwus pasthine 
pasthi yèn basa rambu 
rêrambane kinarya sangkrip 
amrih guguring nala 
lêlawananipun 
sawênèh ana sujanma 
wiwit alus wêkasane anyukêri
pilih ingkang wikana 

iya iku basa gama kaki
gama alus iku maknanira
kang alus dadi lêmbute 
lêmbut iku kang baku 
marang pikirira kang yêkti 
tiwar puwara tiwas 
andika tumanduk 
duk sira kangelan basa 
kang rêrasan inguwor lawan mêmanis 
nistha kalalènana 

karanipun wêwalêr ngong iki
mring kang maca tuwin kang miyarsa
lanang wadon apadene 
dipun sami mituhu 
nuhonana ing ujar bêcik 
yêktènana wardaya 
lamun ingsun luput 
mulane akèh kakênan 
kèhing janma iya saking ujar manis 
ngênês-ênês wardaya 

lamun sira ujarira bêcik 
dadya kengis èsthining wardaya 
dadya prayitna ujare
lamun asêdhêp alus 
iya iku ingkang ngêlosi 
kalosan dadya kirang 
kirang wêkasipun
dene rêringkêsanira 
lamun bisa nastapa tawêkal titi 
kalis sakèhing basa

anadene walêr ingsun malih 
mring kang maca tuwin kang miyarsa 
ingkang sikêp rayat kabèh 
sira jumênêng kakung 
aja sira kungkulan budi 
iya mring rabinira 
poma dèn akukuh 
pan wus kocap ing saloka 
basa èstri lakine ingkang ngèstrèni 
sapolahtingkahira 


mila sira aran wadon nini 
basa wadon wadining wong lanang 
amêngkua lêlingsême 
kalingsêmaning kakung 
iku jinêm sajroning ati 
tingkah solah dèn andhap 
dèn têrus ing kalbu 
aja dumèh sira andhap 
lairira tan têrus sajroning ati 
wêkasan dadi cêla

basa cêla iku anyêlaki 
sira bakal binerat ing priya 
dene sira wus kacirèn 
polahira kang dudu 
karantêne èstri alaki 
padha anglakonana 
sawuruking kakung 
mulane ana wong lanang 
basa lanang suprihe amrih abêcik 
amuruk rabinira

gênti-gênti goningsun muruki 
sira kaki jumênêng wong lanang 
muruk dèn akèh suprihe 
lamun sira mêmuruk 
marang garwanira ta kaki 
apa têtêkonira 
ingkang nora sarju 
iku sira walêrana 
sadurunge wêruh walêrira kaki 
sira aja kainan

mangka kaki sira wus muruki 
marang garwanira dadi ala 
iku kaki wus pasthine 
ala bêcik puniku 
apan iya uwis pinasthi 
de Hyang Kang Maha Mulya 
lokhil makhfulipun 
datan kêna ngowahana 
mung wênange kawula puniku kaki 
ikhtiyar lawan tobat

karantêne wong wadon dèn wêdi 
basa wêdi wêdi ing kanisthan 
amrih luhura èstrine 
yèn wong wadon marucul 
iku wadon ngadon-adoni 
angadu-adu basa 
basa kang tan patut 
karane wêkas manira 
ing wong wadon padha sira dèn nastiti 
tingkah ingkang utama

utamane luwih saking bêcik 
bêcikira wus mêdhar wicara 
cara-carêm ing batine 
lathinira satuhu 
anuhoni sabdaning laki 
kinarya garwa tuwa 
wawrat ing pakewuh 
pakewuhe sikêp rayat 
kadang garwa garwa anom dèn ayomi 
manut ujaring priya

priya iku panutan sayêkti 
yêktènana saujaring sastra 
dadya trus lair-batine 
batinira satuhu 
dunya-kherat sira cinangking 
marang ing rabinira 
poma dèn mituhu 
nadyan sira anèng donya 
lakinira kang ngomahi kang ngayani 
anyukupi mring sira

nadyan silih wong lanang puniki 
paripêksa lumaku kèdhêpa 
ujare marang rabine 
punapa walêsipun 
sira iki dipun ladèni 
marang ing rabinira 
saupaminipun 
dumèh angomahi sira 
awèh kaya iku pan durung sayêkti 
pan maksih bêbengesan 

dene kaki pamalêse yêkti 
marang rabi sira mêmuruka 
ngèlmu rasa sajatine 
wêkasaning tumuwuh 
sayêktine tumêkèng lalis 
iku sira tuduhna 
marga kang rahayu 
nadyan wong èstri ta sira 
aja tungkul sira jêjaluka ngèlmi 
marang ing lakinira

lan malihe sira sun tuturi 
salokane wong ngabdi mring priya 
tigang prakara kathahe 
durgakulina iku 
kaping tiga wisa puniki 
kadipundi lirira 
sun tuturi iku 
têgêse durga pan buta 
kaya buta yèn lagi nêpsu puniki 
tan kêna sinuwawa 

yèn tinrajang yêkti bilaèni 
iku nini ing upamanira 
sira ya mangkono manèh 
yèn kakungira bêndu 
aja sira wani nimbangi 
wêkasan kajêmpalan 
sira têmahipun 
yèn kongsi sira pinala 
pasthi nistha iku jênêngira èstri 
dadi wong budi kewan

basa kulina klangênan iki 
apa barang rêmênaning priya 
sira saosana kabèh 
sabobotira iku 
nadyan kakung rêmêna sêlir
iku sira dèn rila 
dèn têrus ing kalbu 
dene têgêse kang wisa 
ingkang purun angumpêt kayaning laki 
samubarang prakara 

manggung nyolong mring kayaning laki
dipun aku kayane priyangga
wèwèh sakarêpe dhewe
iku wong nora urus 
nora olèh bêrkate laki
iku ta singgahana 
sakèhing pamurung 
akèhing wong laki wigar
sabên-sabên yèn laki dipun têngêri
yèn solahira durta 

luwih gêdhe durtane wong èstri
ingkang cidra rêsmi lanang liyan 
ingkang idjinah têgêse 
iku wus mêtu tuhu  
ing namane èstri utami
tan kêna ingapura 
sèwu alanipun 
pasthi binuwang ing priya 
singgahana aja kongsi anyêdhaki
yèn polahira durta 

basa durta iku angluwihi
saking ala sasamining kênya 
iku abangêt durtane 
karane wêkas ingsun
mring wong èstri anom alaki
padha sira èstokna 
tutur kang linuhung
yèn sira nora ngèstokna
masa sira tulusa dipun kasihi 
marang ing lakinira

gênti malih gon ingsun muruki
marang sira jumênêng wong lanang
dipun mantêp ing asihe
marang garwanirèku
dipun manis pangucapnèki
tuwin sih lulutira
siyang dalunipun
rumasaa yèn katêmpah
anèng dunya tanapi tumêkèng pati 
prihên têtêp kang iman

ing cukupe nèng dunya puniki
aja kurang sandhang lawan pangan
ywa kongsi susah atine 
prêdinên jroning kalbu 
olèhira ngupaya bukti 
laire lakonana 
batine puniku  
nênuwuna mring Hyang Suksma 
supayane tinêkanan sêdyanèki 
cukupe garwanira

olèhira rumêksa ing rabi 
kang supaya têtêpa kang iman 
sampurnakna ing batine 
wêruha kharam makruh 
ing margane ngupaya bukti 
wurukên ngèlmu tekad 
sumungkêm Hyang Agung 
wurukên lêpihanira 
ing patrape Dèwi Patimah kang siwi 
yèku Nabi Mokhamad

larangane wong alaki-rabi 
upamane yèn lagi brawala 
pari padu upamane
èstri kalawan kakung 
aja wani ngèmbèt-èmbèti 
ngucap-ucap wong tuwa 
ingkang gawe dudu 
tuwin angucap pêgatan
rong prakara iku kaki dipun eling
poma ta singgahana

lamun sira tan duwèni janji 
angatokkên wadi karsanira 
wêwatêkaning karone 
èstri kêlawan kakung 
supayane simpêna kalih 
kalingsêmaning garwa
wirangira iku
lair rasa kêlaira 
anèng tilam arsa sacumbana kalih  
kono sira ngucapa 

lamun sira kaki dèn tuturi
ing wirange marang garwanira 
aja sêmbrana gumluwèh
simpênên dèn akukup
tuwin garwanira ta kaki
 lamun sira wus warta 
wirangira iku
simpênên jroning wardaya
lanang wadon aja sêmbrana wong kalih 
pasthi yèn ora tukar

watêke wong tukar marang rabi 
pasthi suda ing darajatira 
adoh bêgja daulate 
patang puluh dinèku 
ngupayaa sandhang lan bukti 
angèl barang sinêdya 
marga susah kalbu 
karane wêkas manira 
singkirana sira tukar lawan rabi 
iku kayêktènana

lamun sira kaki wus nyukupi
busanane sapantêsing garwa
sarta doh tukar padune
utamane wong kakung 
aduwea sêlir kêkalih
nanging ta patrapira 
sira dadi kakung
garwa sêlir pasrahêna
marang garwanira kaki ingkang padmi
dipun tega pitaya

lire tega sandhang lawan bukti 
cukup kurang pracaya ing garwa 
sira darma nyawang bae
pantês lan oranipun 
lamun kirang datan mantêsi  
sira duwea prentah  
ing garwanirèku 
kalane sira parentah  
ingkang samun aja pirsa liyan janmi  
lan sira pêparinga

lamun sira mêmundhuta kaki 
aja prentah marang sêlirira 
prentaha mring garwa bae 
nuli garwanta nuduh 
marang sêlir ingkang nglakoni 
mundhut sakarasanira 
yèn wus prapta iku 
sêlir ngaturnaing garwa 
garwanira kang ngaturakên sirèki 
inggiling garwanira


dene paran angrahabi rabi 
sira dadi wong lanang punika 
aja sêpi ing tangane 
simpênên dhuwit iku 
sabobote awakirèki 
manawa ana karsa 
angganjar garwamu 
apa kang nora prayoga 
sapantêse maringi garwanirèki 
sira yèn kawajiban

dipun èngêt maring putra siwi 
lêpihane kakung siya-siya 
iya marang ing rabine 
anake lanang besuk
pan siniya marang ing rabi 
yèn èstri siya-siya 
marang kakungipun 
anake èstri ing benjang
iya uga siniya-siya ing laki 
prayoga padha-padha

gênti malih gon ingsun muruki
sira jumênêng èstri utama 
ngawula kakung têgêse 
tigang prakara iku 
idhêp mantêp sumungkêm nini 
têgêse idhêp ika 
sira masthi manut 
sabarang karêmanira 
arsa nyêlir têtiga tuwin kêkalih 
sira dèn lêga ing tyas

lire lêga pan asih ing batin 
marang sêlir aja kêkurangan 
mungguh sandhang lan pangane 
dèn alus sira muwus 
ingkang manis andudut ati 
kang supaya lalia 
asih marang kakung 
abot asih marang sira 
sabab iku dadi saliramu nini 
kinasihan ing sira

patrapira mêngku marang sêlir 
lamun sira bayara kang arta 
kinarya tuku sandhange 
iku pan ora cukup 
karanira kaki nyukupi 
watêke kang rupa wang 
kathah purugipun 
kinarya jajan pan kêna 
iya iku nikmat rasaning kang lathi 
nanging sandhange rusak

prayogane pintanên kang sabin 
kathah kêdhik anèng kiranira 
nuwuna idin kakunge 
manut nugrahanipun 
karanipun maringi sabin 
yèn mêdal pantunira 
winadea gupuh 
payune kathah kang arta 
upamane karya tuku mas rêtna di 
tuwin sandhang kang endah

yèn kongsia sêlirira sami 
panganggone sandhang sarwa endah 
kang misuwur ing liyane 
pasthi sira satuhu 
luwih wignya among ing abdi 
pasthi karya lêpiyan 
mring kadang sadulur 
watêke ingkang manungsa 
lamun bêcik kabare ingkang amasthi 
wong bêcik manggih arja

ing pangane sêlirira nini 
paringana ing lorodanira 
mêntas sira dhahar dhewe 
aja lorodan kakung 
lan pisahên lan para nyai 
tuwin gènira nendra 
aja kongsi kumpul 
manggena satunggal-tunggal 
sêlirira pisaha lan para cèthi 
iku larangan priya

kang supaya sukaa ing galih 
lan utama sira dadi garwa 
mungguh sêlirira kabèh 
trapna jaga ing kakung 
gilirêna maju sawiji 
sarta busananira 
ing sapantêsipun 
dene lawase ajaga 
apan aja luwih sadina sawêngi 
kang loro jaga sira

lamun sêlir iku andarbèni 
kaluputan ajaga ing sira 
dipun sabar ing dukane 
kadya duka ing sunu 
pamrihira asih lan ajrih 
dukanira pamulang 
ingkang amrih ayu 
nuli sira pêpoyana 
marang kakung ingkang satya ing panggalih 
yèn sêlirira durta

aja sira age andukani 
lah matura marang kakungira 
ing mêngko apa karsane 
sira garwa katêmpuh 
amriksani ala lan bêcik 
patrape sêlirira 
poma dèn mituhu 
lan malih wêkas manira 
dipun ngadil wani ngalah ingkang yêkti 
patrape sacumbana

dipun rila lair lawan batin 
lakinira arsa nyarènana 
marang sêlirira kabèh 
aja rumasa kalbu 
lamun sira kari kang asih 
yèn kakungira suka 
iya karsanipun 
mêsthi asih marang sira 
ing margane sira kinasihan nini 
awit saking rilanta 

lamun sira arsa lungan nini 
sêlirira age anganggea 
saboboting panganggone 
ngampil gantènirèku 
kang sawiji paidon bêcik 
siji saptanganira 
têlu aja kantun 
gawanên saparanira 
kang utama matuta lakuning margi 
aywa pinatut priya 

apan mantêp iku sun tuturi 
aja duwe tingal priya liyan 
iku duraka dadine 
tuwin nacada kakung 
ing solahe muna lan muni 
sira wus prajanjian 
wirangira iku 
wus kasimpên kakungira 
yèn kongsia mêdalakên ingkang isin 
dadi wong murang sarak

dene sungkêm sira sun tuturi 
apa barang wulange wong lanang 
ing donya têkèng patine 
sira dèn amituhu 
aja mèngèng siyang lan ratri 
aja uwas ta sira 
yèn winuruk kakung 
masthi yèn sira katrima 
anuhoni saking wurukirèng laki 
lah mara pitakona 

lan malihe wêkas ingsun nini 
lamun sira anuju brawala 
rêbut karêp gèsèh-gèsèh 
aja purikaniku 
aywa ngalih sing dalêmnèki 
sajroning dalêmira 
sira kang amêngku 
lan sira ingkang kagungan 
pasarean pasthi sira kang darbèni 
ywa ngalih pasarean

lamun sira brawala apurik
tinggal wisma ngalih pasarean
durung karuan pisahe
yèn kakungira lumuh
ing burine sira wus eling 
sira arsa muliha 
wirangira agung 
andulu sami manungsa
dadi sira tan jumênêng nama èstri 
manut budining setan

aja suda gumati mring laki
apa barang karêmaning priya 
dhahar tuwin ing liyane 
aywa mênêng dinangu 
marang priya kang amrih runtik
lamun sira mênênga
abdinira kuwur 
dumadi sira duraka 
karya susah marang sasamining janmi
pindho durakèng priya

karanipun akèh bae nini 
garwa padmi andhap darajadnya 
nora lulus ing luhure 
panastèn manahipun
tan rumasa yèn dadi inggil
kongsi mring turunira
anake apêngung
bodho asor dadi kompra 
iya iku labête ibu kang juti
manèhe tan raharja

pakolèhe wadon wêdi laki 
ingkang têrus ing lair batinnya
anyumuki ing putrane 
dènnya dadi priyantun
kapindhone wêdi Hyang Widhi
putus ngèlmu agama 
nyamadi ramèbu 
guna wignya panggraitan
bèr budi apan waskitha ing Hyang Widhi
punjul sasaminira

gênti malih gon ingsun mulangi
marang kênya kang amrih utama 
kang kinarya slir lungguhe
basa sêlir puniku 
pan dadia sêlira padmi 
têgêseangawula 
abdi kang pinujul
sinêlira ing sihira 
datan sami kalawan kang para nyai 
iku sira ngrêtia

sabab sira kinasihan padmi 
marga saka adhêp sungkêmira 
marang padmi pamalêse 
têgêse adhêp iku
nora duwe tingal kêkalih
ing asih lulutira 
lali sihing kakung 
sira pan ora ngawula
marang priya karane sira dèn sihi 
awit aturing garwa

pasthi sira pinracayèng padmi 
asimpêna busananing priya 
tuwin karyanên dhahare 
dipun nastiti kalbu 
sira simpên busana adi 
busananing gustinya 
èstri lawan kakung
tuwin sira karya dhahar 
ingkang suci arahên nikmatirèki 
gustinira adhahar


basa artine sumungkêm nini 
ing sanggone pinarak gustinya 
sira adhêpana bae 
aywa ngadhêp ing kakung 
lamun nora dipun prentahi 
yèn gustinira tindak
aja nêdya kantun 
dhèrèka saparanira
angampila gantène paidon nini 
saptangan lan cênela


upamane sira dèn paringi 
marang kakung aninggal ing garwa 
ywa sira nampani age 
iku coba satuhu 
nora kêna kakung binatin
yèn sira nampanana 
masthi manggih bêndu 
saking gustinira garwa
age sira matura ing gusti èstri 
masthi yèn kinasihan 

lamun sira darbe karsa nini
aturêna barang karsanira
ing sêlir iku anggone 
sira duwea atur 
panuwun mring gustinirèstri 
mapan yèn ora angsal 
dènira umatur
mêngko kang matur ing priya
garwa padmi nênuwunkên sira nini 
iku laku utama

ana uga lêpihane nini 
prayogane slir èstri mring priya
dadya luhur darajate 
sugih mas tur priyantun 
kongsi kêna dipun ngèngèri 
sabab sing tamanira 
slir jrih sungkêmipun
miturut ing gusti garwa 
wani kalah datan nêdya animbangi 
marang gustine garwa

sakathahe wulang ingsun iki 
mring wong priya arsa mêngku garwa 
marang ing garwa padmine
marang sêlir têtêlu 
kang sun suwun marang Hyang Widhi 
pindho jêng nabi duta | utusan Hyang Agung 
muga sira lakonana 
bokmanawa dadi utamaning urip 
mundhi uncung wong tuwa 

Pocung

lamun kakung arsa duwe garwa agung 
anane mung papat
kang supaya sampenèki
ing patrape wong lanang dipun prayitna

prayitnèku amêngku garwanirèku 
karya omah lima
ingkang gêdhe sami-sami
pan kinarya ngomahi marang ing garwa

nipkahipun padhanên ing pêparingmu 
lan sira bagia
para liman aja lali 
ing busana sira ingkang pêparinga

pranatamu gilir marang garwa iku 
pasthi garwanira 
kang manjing omah sawiji 
omah ingkang sira goni kang prayoga

ing dhaharmu ingkang angaturi iku
garwa ingkang mêntas 
mijil saking wisma gilir 
garwa gilir andhèrèk mangan kewala

abdinipun pinasthi ing kathahipun 
pambêktaning garwa 
ingkang mêntas manjing gilir 
ing cukupe dhahar sira parentaha

cukupipun murwatên ing balanjamu 
ywa sira kacacad 
cacade wong kakung iki 
yèn kongsia dèn arani kêthuk cupar

cupar iku ngawruhi kirange langkung
ambalanja garwa 
dene kêthuk têgêsnèki

pambêkipun wong wayuh dèn kadi ratu
aja darbe trêsna 
mring garwa kang tan kaèksi 
yèn lungguhan aja tabêri sandhingan

malihipun arikala sira muwus 
ywa sira sêmbrana 
gumuyu dèn sambi angling 
angèmpêra pambêkane sri narendra

ratu iku yèn ngandika tan gumuyu 
sêtya tuhwèng nala 
sêtya bênêr tuhu êning 
tan ngandika yèn tan bênêr ciptanira

yèn panuju garwanira lagi rêngu 
ywa nimbangi sira
enggal ripunên ing ati 
dipun manis yèn sira arsa angucap

angrêripu apa ingkang dadi rêngu 
yèn saka ing sira 
tan nêtêpi saking jangji 
dèn agêdhe pangêlusmu marang garwa

dene lamun rêngune saking marumu 
ywa ngrojongi sira 
nacad garwa ingkang sisip 
sira bae anjaluka pangapura

garwa luput dukanana ingkang samun
sira adukaa
anèng tilam nuju guling
sêpining wong aja na ingkang uninga

yèn panuju katêkan dutaning ratu
garwanira papat
kabèh karya dhahar sami
pan kinarya ngurmati utusan nata

malih wangsul goningsun arsa pitutur
mring èstri utama
ingkang among maru sami
papat pisan datan ingsun karya beda 

èstri lamun akrama iku diwayuh
pasthi amiliha
kakung rong prakara olih
ingkang ngèlmu kalawan ingkang wibawa 

yèn winêngku ing laki êbèr kang ngèlmu
sira aniyata
manjing gêguru ing laki
lan dèn putus sampurnane ngèlmunira

aja ngetung wirangira dunya iku
kurang sandhang pangan
mung ngèlmu kang sira anggit
kang supaya apila wulanging priya

panganggomu dèn sabar trima ing kalbu
sira pan wus dadya
manjing sabat guru laki
ajirihira manjinga ing atinira 

rèh sirèku ngawula marang ing kakung
aja kongsi sira
duraka marang ing laki
anjaluka pangadilan ingkang têrang 

ngadilipun guna-kaya saking guru
tuwin ing giliran
rêmbugên ing maru sami
padha ana wong lima sapalungguhan

yèn sirèku wus tampa jangjining kakung
dèn eling ta sira
lan sira duwea jangji
kakungira aja laku kang dursila

paminipun angganjar garwa tan na wruh
marga gêng sih priya
pan iku kurang prayogi
kakungira prayoga dèn elingêna 

yèn tampèku sira duraka ing maru
gurunira salah
pasthi datan tulus asih
suda jangji pasthi adilira kirang

gilir iku aja kurang limang dalu
yèn kongsi luwiha
tan mantêsi lulutnèki
lawas luwas anggêntèni kangênira 

de kalamun akrama lawan wong agung
ingkang awibawa
sugih mas kalawan picis
rumasaa sira angrêksa kewala 

 lakintèku kang nguwati panggotamu
bayar manganira
anggarap sawah myang têgil
bayar mangan kang mêsthi saka ing sira

yèn sirèku kariya marang marumu
anggung nisthanira
upama sira sêsiwi
apa ingkang sira paringake putra 

yèn anamtu saking paringaning kakung
pan masa galiha
amung sampenira ugi
kang pinikir wong lanang aja na tukar 

yèn sirèku kariya marang marumu
lèhira upaya
rijêki kang anèng pêthi
pasthi cacad kalawan ing kakungira

ujaripun kakungira kang satuhu
jatine wanodya
gênthong wadhah bras upami
yèn borosa pawèstri datanpa guna

paminipun bumbung wadhah isi banyu
yèn ora nganggoa
êros buntêt kang sasisih
isènana banyu sumur pasthi ilang 

yèn sirèku wanodya manggihi sunu
gawane kakungnya
kuwalon araning siwi
ing patrape ingsun pitutur ing sira

sihirèku ing lair têrus ing kalbu
ywa beda nakira
mungguh sandhang lawan bukti
kang supaya kakungira pracayaa

de asihmu kalangkung marang kang sunu
yèn sira paringa
marang kuwalon kang siwi
anyuwuna pêrmisi ing kakungira

lan dèn wêruh santana lawan kang biyung
supaya ing wuntat
yèn ana apês sawiji
iku mêsthi wong gêsang wêkasan pêjah

èstri jalu pan sami gadhangan lampus
wus tininggal pêjah
kabèh anakira iki
aja kongsi padha rêbutan warisan

wêkas ingsun mring wong lanang padha wayuh
lan èstri utama
ingkang among maru sami
jalu èstri yogya padha nglakonana

yèn sirèku tan nglakoni wulang insun
luhung aja krama
arsa papat garwanèki
nora wurung bakal sira kawirangan

lan sirèku wus anjarag kinawayuh
yèn ora kaduga
luhung aja anglakoni
nora wurung kudhangdhangan wirangira

Dhandhanggula

wus kapungkur wulang laki-rabi
nuturakên pratingkah ngagêsang
mring wong anom-anom kabèh
basa wong anom iku
anganama polah kang bêcik
widigda kawidikdan
jaya-wijayantuk
yèn wus ngaji kadigdayan
gêgulanga sira ngèlmu kang sajati
kang anèng jroning nala

raga iku tuladha sayêkti
yêktènana nèng sajroning nendra
pan ora pisah sipate
sipatira puniku
ing liyane ngarani guling
tur ta sajroning nendra
datan ngrasa turu
puniku basa turutan
iya iku têturunane wong mati
mati sajroning gêsang

iya iku asma kang sêjati
karantêne padha dèn èstokna
iku basa sabênêre
mila satêngahipun
para santri padha angaji
angajap-ajap swarga
swarga kang nèng luhur
angawur-awur kewala
ing wêkasan amangeran makdum sarpin
sabab tan wruh ing nyata

nadyan silih akèha kang santri
nora kêna kaki sira morna
ana bodho myang pintêre
yèn mungguh santri gundhul
liring gundhul iku gundhili
kang ala-ala ika
iku kang sun tutur
tan wruh sêjatining sastra
kang kaèsthi amung pakolèhe ngêmis
saking dahat damanya

pangrasane wong brêsih ing wèni
pan katona muklis ing wardaya
tur nora jujur tekade
rambut dawa cinukur
pan kinarya pikating asil
antuka anênêdha
dènnya saba dhusun
lir priyayi panggrabagan
anisthakna lamun panèn ani-ani
yèn bakda adol donga

kang satêngah santri jlamprah kaki
larah-larah apindha satriya
ngandêlake maonahe
kabèh janma nalungsung
ting talungsung padha angabdi
dinalih yèn kusuma
mila kèh kang rawuh
tur ta wuwuh mundhak beya
ambayani têmahane dèn bronjongi
sinelong wêkasira 

ana mênèh santri jlamprah kaki
nora kaprah dhugal dadi begal
katêragal sapolahe
ana kang olah dhadhu
kêplèk kècèk kêrtu madati
iku kang nyirnakêna
ing kasantrènipun
karane wêkas manira
atirua sira ing tingkah kang yogi
yèku wong kang ngulama

basa ngulama iku ngalami
angalami ujar bêcik ala
kang ala siningkirake
ingkang bêcik cinakup
amrih cukup têpunging ngèlmi
ngèlmu kang adu rasa
rêrasan kang antuk
antuka donya-akherat
nyamadana nalar trus yudanagari
rinêksa ing Hyang Suksma

kang pinasthi sasmita kang wadi
kang pinardi mung ngèlmu kang nyata
dèn nyatakkên kayêktène
dèn yêktèni satuhu
tuhu kêmbar lan rasa jati
jati-jatining ora
saking ananipun
Pangeran asipat ora
ing orane wit saking ngapura niti
pan maknane nakirah

napi nakirah lan napi jinis
iya iku jinising Pangeran
kang napi tansah isbate
dalil lawan madêlul
pan kinarya upama iki
Gusti lawan kawula
sarat lawan masrut
lir dhalang kalawan wayang
upamane kang muji lan kang pinuji
iku sira dèn pana

basa pana pan punika sidik
sidik bênêr bênêring panunggal
kang tunggal pinisahake
yèn wis wignya puniku
bisa ana lan ora iki
basa iki lan ika
iki ika iku
yèn sira kaki wis wignya
ujar iku pasthi martabatan wali
wali-wali cinipta

wali-wali gon ingsun marahi
lamun sira dadi santri jlamprah
dèn nêdya kaprah wong akèh
yèn dadi santri gundhul
dèn gumandhul gandhul gendholi
gendholi ujar nyata
nyata tan kaliru
angruruh rasaning surat
jroning surat kêrêtan kang bangsa pasthi
kang pasthi kita nuta 

yèn wisira ngêrti bangsa pasthi
pasthi sira ginuron ing kathah
kathah kêthuh dadi brêsèh
barêsih dadi arum
rum rumawar sarkaranya di
adine kang sarengat
mupangati tuhu
tuhu yèn niyakaningrat
nabi rasul panutane wong sabumi
Ngarab Mêkah Madinah


tanah Ngarab kang dèn irib-irib
kang dèn irib mring wong tanah Jawa
amurih jawaban kabèh
kabèh kang samya makmum
kamakmumam sarengat nabi
iya jêng nabi duta
dutane Hyang Agung
kaluhurane ngagêsang
sangkanana tawêkal agama suci
suci-sucining raga

sucinira ing raga puniki
dèn uninga wilanganing raga
kang manjing limang wêktune
wêktu luhur puniku
rêkangate kawan prêkawis
iya alis maripat
ira kalihipun
dene kang darbèni ika
Nabi Brahim malaekate Jabrail
sakabate Bubakar 

waktu ngasar ya kawan prakawis
osikipun ing grana lan karna
Jêng Nabi Yunus kang darbe
dene malekatipun
iya Malaekat Mikail
tuwin Bagendha Ngumar
sakabatirèku
dene waktu magrib ika
apan tigang rakangat kathahe singgih
cangkêm lan pupu karwa

Nabi Ngisa iku kang darbèni
Malaekat Ngijrail punika
Bagendha Li sakabate
waktu ngisa puniku
rakangate kawan prakawis
iku osiking asta
kêkalih lan suku
kang darbèni Nabi Musa
Malaekat Ngisrail ingkang darbèni
sabat Bagendha Ngusman


waktu subuh rêkangate kalih
ing osiking badan lawan nyawa
Jêng Nabi Adam kang darbe
sakabatipun Arun
marmanipun puniku kaki
ana waktu lêlima
duk ing purwanipun
kalane jêng nabi duta
ingandikan dhumatêng Hyang Maha Uci
minggah marang ing swarga

sapraptane binagya Hyang Widhi
jarwanira sabdane Pangeran
sira bagea nèng kene
Mukhamad satêkamu
saking dunya marang ing swargi
apa lèh-olèhira 
kaki marang Ingsun
jêng nabi duta turira
attakhiyattul illahi Maha Suci
punika tur kawula

winangsulan sabdane Hyang Widhi
ya Mukhamad salamu aleka
jêng nabi gupuh sujude
ping lima dènnya sujud
Jabarail anulya angling
mring kangjêng nabi duta
tuwan nabi rasul
wus pinasthi ing Pangeran
umat tuwan limang waktu anglakoni
wau kalane tuwan

duk binagya ing Hyang Maha Sukci
gupuh tuwan asujud ping gangsal
punika tuwan mulane
benjing umat sadarum
dumugine ing dina akhir
sami anêtêpana
salat gangsal wêktu
nulya nabi sinuguhan
dhêdhaharan sawarnine ing swarga di
Jabarail gya ngatag

nêdha tuwan dhahara tumuli
pasihane Gusti Maha Mulya
jêng nabi adhahar age
sawusnya dhahar tuwuk
Jabarail angatag malih
nêdha tuwan têlasna
sêgahe Hyang Agung
kangjêng rasul angandika
sampun tuwuk kisanak gèn kula bukti
Jabarail gya mojar 

wus pinasthi umat tuwan benjing
mung saduman ingkang manjing swarga
de kang kalih pandumane
manjing naraka besuk
wau tuwan kalane bukti
amung têlas saduman
iku purwanipun
jêng nabi gêpah angucap
pundi sanak kula têlasne ing riki
Jabarail anulak 

botên kenging yèn awola-wali
wau tuwan inggih kula atag
jare wus tuwuk saure
nabi asru gêgêtun
ngêmu waspa muwun ing galih
sarwi amênggèh-mênggah
tobat ing Hyang Agung
duk kalanira samana
waktu ngisa ngandikan marang ing swargi
subuh prapta ing wisma

iya iku riwayating tulis
apan têrus lan panjinging raga
sarta lan wêwilangane
lan malih wêkas ingsun
pamuwusan ing wong abêkti
ing takbiratul-ikhram
gurokna satuhu
lire tabiraktul-ikhram
lamun sira wus ngawruhi ujar iki
pindha wrêksa candhana

iya iku patêmon sayêkti
kang anêmbah iya kang sinêmbah
wus tan ana sulayane
ing paningal wus jumbuh
datan ana nama kêkalih
masa si mangkonoa
aja na kaliru
kawula maksih kawula
ingkang Gusti iya maksih nama Gusti
mulane gurokêna 

sira iku padha sun tuturi

lamun sira arsa anggêgulang
ngèlmu têkan sajatine
sira awasna iku
ing têmbaga kalawan rukmi
yèn sira aranana
têmbaga puniku
apan kaworan kancana
kang utama rinacut dènnya ngarani
ingaranan suwasa

basa suwasa linaras malih
kuwasane kawula punika
kang angsal wênang Gustine
sasêdyanira tutug
nadyan silih kang para nabi
apan têpane ana
gusti kangjêng rasul
duk kala kasêsêr yuda
nulya mêsu ing tingal ingkang sajati
pra malaekat prapta 

apan samya arupa prajurit
nunggang jaran sarwi sikêp pêdhang
mungsuh sirna larut kabèh
duk aprang nèng gunung Kud
kangjêng nabi supe ing Gusti
kasoran ngungsi guwa
kagutuk ing watu
iku padha rasakêna
yèn têmbaga binêsut supaya rêsik
yèn janma mêsu raga

mila têmbaga binêsut kaki

pamrihipun aja kongsi nimbrah
dadya ilang rêrêgêde
yèn wis ilang puniku
kang têmbaga lumêbèng kowi
winor lawan kêncana
sarta gêni murub
yèn wus luluh kalihira
upamane pamore kawula-Gusti
iku dèn rasakêna

yèn tan wruha sasmita puniki
angur sira aja mangan sêga
anyêngguta sukêt bae
dadi wong kacèk buntut
lawan kewan sira puniki
lamun nora nyandhaka
sasmita wus mungup
ingkang maca kang miyarsa
yèn tan wruha sasmita sampun umingip
sasat wijiling kewan 

Mijil

basa ati kewan angewani
angewani adoh
basa adoh iku bing kanane
bing kanane wong kang ambêg babi
yèn wus kaya babi
angombea uyuh 

yèn wus ngombe uyuh pasthi nyungir
irunge anyanthom
yèn wus nyanthom karasa pêsinge
yèn angrungu wirayating tulis
pasthi lamun kalis
yèn wong kacèk buntut

kacèk buntut wong iku kang pasthi
buntut jroning batos
beda lawan wong lantip atine
basa lantip iku ngintip-intip
ngrungu ujar bêcik
rinicik rinacut

yèn wus ngracut sakathahe angling
kalingling ing batos
sakèh basa linaras pupute
beda lawan wong kang ambêg babi
ngrungu ujar bêcik
bêbêg jroning kalbu

kalbunira sinumpêl ing iblis

wêkasane bolos
mila bolos angleles atine
nelad basa basukining urip
mundhak wuwuh arip
mata kudu turu 

yèn aturu jaludru sawêngi
sawêngi angorok
yèn anglilir tan ana sêbute
amung kêcap-kêcap angêcumil
pantês mangan krikil
wong mangkono iku

nora nêdya eling jroning ati
gulang karahayon
kang kaetung mung pêpanganane
wus kapungkur ingkang basa bêcik
amung kang karicik
kalikiking wadhuk 

sabên esuk sêga wadhang ênting
yèn bêdhug dharodhog
dharêdhêgan kudu mangan bae
pêndhak ngasar nêsêr bukti malih
yèn mahrib sêsangkrib
sêga têlung tuwung 

sore turu têngah wêngi tangi
angungkabi tenong
bêdhug têlu anglulu tangine
bangun enjing yèn sêga wus ênting
apan nuli eling
intip yun kinêruk 

beda lawan wong kang nêdya bêcik
kalirik ing batos
ngatos-atos yèn wong urip kiye
wêkasane tumêka ing pati
mila ngati-ati
atine pinêsu

kang pinêsu wêkasaning ragi
rêragining batos
yèn wong iku akèh rêragine
datan kewran mapan pikir mintir
lumintir sumilir
silire lumintu 

kêrantêne wêkas ingsun iki
jênênge wong anom
ingkang purun atilar ing rame
angarêpakên sira ngasêpi
ing tigang prakawis
nyawa dèn kawêngku 

wijil tapa lan rêmbêsing ngèlmi
nyawa dèn kalakon
kaping tiga trahing danawarèh
wijil tapa wong nglarani ragi
rêmbês madu kaki
turbukaning ngèlmu

wong kang antuk surasaning ngèlmi
sêmune katonton
têka beda sapolah tingkahe
ana wêdine maring Hyang Widhi
sêmune anglungit
anyêngkêr pamuwus

têgês madu trahing danawarih
iya ora pêdhot
panêmbahe marang ing adhêpe
saosike kabèh dadi puji
iya iku kaki
tarbukaning ngèlmu

bangêt-bangêt gon ingsun malêri
mring kang sami maos
apa sira wus wêruha kabèh
uwong anom-anom kang miyarsi
sinaua wasis
sêsêmon kang lêmbut

liring lêmbut ngrêbut basa wadi
wêwadining batos
saisine raga iku kabèh
apan kabèh sami dèn kawruhi
nadyan jroning osik
sawise katêmu

nuli napsu kang patang prakawis
winawas waspaos
astanane napsu dhewe-dhewe
aluamah amarah puniki
lan supiyah malih
mutmainahipun

tuhu iku rewangira kaki

benjing têkèng maot
kang sêtêngah wong iku kawruhe
ingkang tigang prakara siningkir
maksih basa lair
durung wruh ing urus

beda lawan wong kang wêruh wisik
wisik kang sayêktos
yêkti iki pradandanan gêdhe
atakona wong kang ahlul arif
pasthi nora sisip
sapambatangipun 

nadyan sira kaki masih urip
datan kêna adoh
aja cacak besuk akerate
mêngko bae kawruhana kaki
napsu siji-siji
kêkarêpanipun 

nora beda lan karêping janmi
siji-sijining wong
sun tuturi sira ngibarate
pambêkane napsu siji-siji
lir ratu lan patih
jaksa lan pangulu 

ratu iku tan arsa bênêri
yèn ana pêpadon
pan wis ana iku wêwakile
parentahe ginadhuhkên patih
pra tuwin kang adil
ki jaksa kang gadhuh

mungguh kukuming ratu puniki
pangulu kang gadhoh
sêsukêre praja sinrahake
yèn wus rujuk wong tigang prakawis
ratu kang ngidini
arja nagrinipun

yèn sulaya wong tigang prakawis
nagarane rusoh
lamun ora panggaha ratune
saya bangêt rusaking nagari
yèn ratu ngêkahi
sulayane rujuk

nora beda wong angrêksa jisim
yèn ati tan kukoh
pasthi rusak wong iku awake
yèn tan krêksa kang tigang prakawis
yèn bisa ngayomi
saking kèhing ayu

mutmainah astanane ngati
karane ponang wong
yèn kagingsir wong iku atine
tan sulaya bilaine prapti
sabab basa ati
utusan Hyang Agung 

anèng ati mujarat sayêkti
kang parêk Hyang Manon
dene napsu supiyah dununge
anèng ati puat kang sayêkti
amarah puniki
ana ing pêpusuh 

dene napsu luamah puniki
wadhuk dènnya manggon
yèn gothanga salah siji bae
masa ana jênêng insan kamil
yèn tan jangkêp kaki
ina aranipun 

lamun durung padhang sira kaki
sun pajar sayêktos
aluamah cangkêm dêdalane
napsu amarah dalane kuping
supiyah kang margi
pan mripat puniku 

mutmainah ing grana kang margi
yêktèkna ing batos
iya iku kaki lêlurunge
yèn kawula seba maring Gusti
pikirên pribadi
tan susah sun wuruk 

pan wis sêdhêng gon sun anglèjêmi
mring kang sami maos
rêricike sun tuturi kabèh
pangracute pikirên pribadi
yèn sira tan uning
yakti tyas dhêdhêngkul 

nanging ana kaolipun malih
lamun wong mêmaos
yêkti pilih kang padhang atine
lamun ora lan warah sayêkti
yèn wus olèh wisik
sabarang karungu 

yêkti bisa wong iku ngrampidi
ing tyas wus waspaos
mung kariya rêrampene bae
karantêne wulang ingsun kaki
golèka sayêkti
guru kang linuhung 

guru iku amung awèh uwit
undhaking pêpadon
sira dhewe ingkang ngundhakake
pêcahing basa gampang lan rêmpit
ya sira pribadi
panglarasanipun

pira bêtahe wong luru ngèlmi

tan pêgat têtakon
pasthi kaku atine gurune
yèn tan bisa nglarasa pribadi
karantêne kaki
ywa pêgat amêsu

mêsu ati lawan mêlèk bêngi
amrih tyas sumrowong
yèn wus padhang wong iku atine
samubarang ingkang dèn tingali
kacathêt ing galih
sakathahing wuwus

ngracut basa lan têpunging ngèlmi
sanitya kinaot
sakèh basa linaras pupuse
basa napi iku dèn maknani
rinujuk lan ngèlmi
panjing surupipun

yèn wus wignya mêthik basa Kawi
wignyanira wuwoh
iku nuli samantakna age
marang gurunira kang sayêkti
yêkti dèn isèni
sira marang guru 

sarta lawan idining sudarmi
iya lanang wadon
kadi gluga sinusur sarine
sudarma sih guru angidini
iya iku kaki
hidayat satuhu 

basa hidayat tuduhing Widhi
kang katampèn mring wong
sakèh basa cinathêtan kabèh
yèn kacathêt rêricik dèn anggit
gêrêgêt ginigit
tan wus jroning kalbu 

iya iku hidayat sayêkti
yêkti yèn rinojong
mring Hyang Suksma apa sakarêpe
umanuta nabi wali mukmin
wignya nganggit ngèlmi
tan ana kang muruk 

iya saking karsane pribadi
nganggit sakèh primbon
sarta nganggit kitab suluk kabèh
iku saking bawaning wong brangti
wong subrangtèng Widhi
widigdèng jro kalbu 

yèn wus wikan sasmita kang lungit
tan kêna alamong
uworana sabisa-bisane
aja ngêpak wignyane sasami
nanging dèn upèksi
tunaning pamuwus 

aja kêtara sêmune ngèksi
guyu sênêt adoh
yèn kawawas têmahan mangsane
kucêm ing tyas apan ta sirèki
dadya têmah cêngil
elik wêkasipun

yèn sira nèng ngarsa sarjana di
dèn bisa rumojong
sira wruha sakarsa-karsane
wignya nulis aja dadi carik
sira bisa maling
aja saba dalu 

wiku rêsi amicara ngèlmi
ywa sulayèng takon
wor ing dhalang ywa muni santrine
saciptane tutên ywa ngewani
dadya sira iki
tan kontap jro kalbu 

kayaparan rèhira dumadi
amung amangkono
datan liyan ing sangkanparane
ing durgama gyan duga mangèsthi
sumukirèng ati
iku dalanipun 

dudu karsane dhewe kang tampi
lan sihe Hyang Manon
ing tumuwuh mapan darma bae
suka duka lara lawan pati
wus pinasthi-pasthi
takdire Hyang Agung

lawan sira ywa kawongan kucing
ywa mèmpêr sagawon
aja sira lir liman ambêge
aja kadi lutung wanarèki 
ywa mèmpêr trênggiling
lan si mamrih madu


Dhandhanggula

bêcik tuture Sèh Tekowardi
sabarange pan maksih satêngah
sumendhe ingkang agawe
nora kêparèng ngayun
tan atilar dugi prayogi
sabarang bêbênêran
tan atilar kukum
nêtêpi yudanêgara
tutur ingsun sadaya kang muni tulis
samya dèn kawruhana 

wus lumrahe wong urip puniki
kudu luwih lan sasama-sama
nanging ana pêpancène
pinasthi mring Hyang Agung
ingkang dadi gêdhe lan cilik
kang sugih lan musakat
mapan takdiripun
kang wignya kalawan ora
nadyan silih gêgulanga kongsi bukti
yèn dhasar bodho bubrah

basa bubrah wêkasane mati
pae lawan kang pasthine wignya
pintêre non tinon bae
nanging tan tinggal wuruk
singa pintêr nuli dèn ungsi
tan etung basa wirang
dènnya pêksa luhung
nadyan dipun gêguyua
ing sinau marang sujanma linuwih
miwah kang budi tama

besuk pintêr dèn anggo pribadi
angluwihi lan sasama-sama
dadi sujana arane
ingkang pasthi balilu
yèn winulang ciptane isin
ginuyu ing akathah
dènnya tuna luput
bodhone sangsaya dadra
pangrasane awake pintêr pribadi
tan arsa dening warah 

iya iku dadine kang janmi
duk alite dèn ugung ing yayah
katuwan nyusu biyunge
anak dadi balilu
bocah iku drêma nglakoni
balilu lan musakat
saking bapa biyung
pae lawan wong atuwa
marang anak tan arsa katuwan sapih
malah kapara kurang


watêkane yèn micara uwis
mapan lêpas pasanging graita
wêweka winêngku kabèh
budi ala lan ayu
wus wantune atimbang dhiri
marma kang paribasa
yèn wus dhasaripun
yèn ala masa bêcika
ingkang bêcik dèn kon ala nora kêni
mulih-mulih mring dhasar

yèn wong ala samubarang kardi
datan arsa malêlêng kewala
jêr atine lumuh kabèh
yêkti enak wong nganggur
awak abot tan bêtah ngêlih
nêdya turu kewala
talapukan suthup
yèn mangan tan arsa kurang
barang katon dèn mangsa tan idhêp isin
amrih dubure amba

basa dèn ajak salah ing budi
sukanipun kaya wong kondangan
ujar tan mêtu kringête
watêkipun alêngus
sumantana lawan kumaki
dèn ajak têtukaran
iku sukanipun
tan kadi janma utama
datan arsa ing wirang rêmên tabêri
sinau barang karya

datan pêgat dènnya asêsirih
barang pinangan niyat atapa
lawan ana pakolèhe
yêkti lamun ngalumpuk
yèn mêlèka kalawan bukti
mapan satugêl dina
ya pamalêsipun
kaluwihane Hyang Suksma
pan sadina anulya winalês malih
apan sadasa dina

ing kamurahanira Hyang Widhi
sing sapa cêgah turu lan mangan
pan lêlima pinanggihe
sinung tingal kang lêmbut
kang sinêdya agêlis prapti
kalis sakèhing beka
upama wong iku
yèn nora nglakoni wirya
anak putu ing têmbe iku nêmahi
tan kurang sandhang pangan

ingkang guna asarana sêkti
samya wiwit tabêri ing kina
dadya luhur darajate
dene yèn sampun punjul
kapintêran ing wong sasami
tumitah anèng dunya
kabèh wêkas ingsun
aja katungkul ing nala
barang karya elinga wêkasing pati
pratingkahing agêsang

aja lèrwèh sira maksih miskin
pangot lading kari anèng jaba
dipun angeman ilange
tan ana tunggalipun
nora ana ginarap wuri
barang kang sira pangan
sawatawisipun
nganggoa duga prayoga
sakadare pan sira tinitah miskin
aja sadaya-daya

lamun sira tinitah asugih
dèn wêruha kasugihanira
dèn kalal sarta jakate
sêdyanên dadi sangu
angulati ngèlmu sajati
sidhêkah aja pêgat
dana dèn lumintu
asung sandhang wong kawudan
asung pangan sakathahing pêkir miskin
sakèh janma kasihan

bandhanana wong kang sêtya miskin
kang utama mapan sawatara
apan rumêksa dadine
marang raganirèku
aja pêgat angolah puji
tulusira wibawa
ing pitutur ingsun
apuluh sira kumêda
marang dunya yèn akèha milalati
bandha anggawa nyawa

lamun sira tinitah priyayi
aja dhêmên sira saba desa
camah suda darajate
balik kang dèn amêngku 
mring wong cilik dèn wutah bukti
prihên trêsna ambapa 
pangucap dèn alus 
sakathahe kancanira 
pan ciptanên kadangira tunggil bibi
awèh raharjanira

lamun sira tinitaha kaki 
pan kinarya jaksa amradata
dèn kadya traju èsthane
tajême timbangipun 
pêpakême aja gumingsir 
aja melik ing dunya 
yèn tan bênêr iku 
lan aja keguh ing srama 
wong kang padu lir ulam anèng jro warih 
kalêbu ing bêbara


êntasêna saka ing piranti 
pincatana girahên lan toya 
kumbahên sabarêsihe 
ratêngana lan tutur 
ragènana lawan pisaid 
panggangên lan pariksa 
godhogên lan urub 
urubing nirna kumala 
ina jaksa jêjênêng paliwarèki 
yèn ora mangkonoa

jaksa jêjênêng paliwarèki 
rumasaa yèn sinilih sabda 
ênênging ratu adile 
jaksa lir gêni murub 
amadhangi ing wong sanagri 
surêm ingkang nagara 
yèn tan bênêr iku 
yèn tan keguh ing sêmara 
utamane kalamun kang jaksa êning 
tan arsa ing rêruba

jaksa iku lamun amiranti 
angrakita karananing janma 
anyênyungah kang tan sarèh 
elingan tan gumunggung 
sapa sira kang kaya mami 
upamanesingidan 
anèng pang kang luhur 
buktine godhong salêmbar 
supradene cêcukulan dèn rasani 
angalap darbèking lyan

kèh bawane wong angalap asil
panyarikan alingan karopak 
pucuking pangot rêmite
srati alingan angkus
ki kêmasan alingan api
sungging anijra warna
kaki tuwaburu 
pan iku pakaryanira 
upayanên wêwêlah kalayan jaring
ngrakit wijiling tindha 


Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman

janma : manungsa
jalu : lanang
luhung : luwih
ragane : badane
amiyarsa : krungu
wardaya : ati
kalingling : tansah diawasake
uninga : wêruh
sungil : angèl
sadarum : kabèh
carêm : awor
tumuwuh : urip
nglapa : ngêlih
kasidan : pati
kalbu : ati
raga : awak
ayu, rahayu : slamêt
wrêksa : kayu
tyasnya : atine
wignya : pintêr
ujar : omong
wiyose : wêtune
muwus : omong
kalbu : ati
gulanga : sinaua
sira : kowe
tumon : wêruh
kawuwus : diomongake, kacrita
kinarya : ginawe
sangkrip : aling-aling
nala : ati
sujanma : uwong
pilih : arang, langka
wikana : ora wêruh
ngong, ingong : aku
ujar : omong, pitutur
ingsun : aku
ujar manis : omong kang nyênêngake
lamun : yèn
cêla : cacad
binerat : binuwang
priya : lanang
dudu : ora bênêr, salah
karantêne : mulane
sawuruking : sapiwulanging
dèn : di
wicara : omong
awèh kaya : awèh pangan
tumuwuh : urip
marga : dalan
lalis : mati
aja tungkul : aja pijêr
bêndu : nêpsu, duka
priya : lanang
durta : laku ala
kênya : wadon, prawan
linuhung : linuwih
ngupaya : nggolèk
bukti : pangan
wurukên : wulangên
kalbu : ati
tyas : ati
muwus : omong, ngandika
wignya : pintêr
sunu : anak
popoyan : kandha
kalbu : ati
suka : bungah
ratri : bêngi
brawala : padu
agung : gêdhe
aywa : aja
wisma : omah
andulu : ndêlêng
karya : gawe
janmi : uwong
priya : lanang
juti : purun nyênyolong
kênya : wadon
kalbu : ati
manjing : lumêbu
kewala : dhewe, bae
rêngu : duka
ripunên : rih-rihên
rêngu : duka
sisip : luput, salah
tilam : pasareyan
guling : turu
uninga : wêruh
duta : utusan
datan : ora
karya : gawe
wibawa : kajèn kèringan
Nata : Ratu
kalbu : ati
dadya : dadi
manjing : lumêbu
dursila : panggawe ala
agung : gêdhe
siwi : anak
sirèku : kowe
wanodya : wadon
sunu : anak
ingsun : aku
bukti : pangan
wuntat : mburi
jalu : lanang
wuntat : mburi
ujar : omong
lampus : mati
widagda : pintêr
jayakawijayan : kasêktèn
anggugulang : sinau
nala : ati
nendra : turu
guling : turu
asma : jênêng
luhur : dhuwur
dama : bodho
wèni : rambut
wardaya : ati
lir : kaya
nyirnakêna : ngilangêna
yudanagari : pranataning nagara
sasmita : wangsit
kinarya : ginawe
pana : awas
wignya : pintêr
ujar : omong
angruruh : nggolèk
kêthuh : rêgêd
sarkara : kêmbang
raga : badan
uninga : wêruh
grana : irung
karna : kuping
darbe : duwe
karwa : kiwa
ndarbèni : nduwèni
lawan : karo
purwanipun : wiwitane
sapraptane : satêkane
binagya : dibagèkake
sabdane : ngandikane
gupuh : enggal-enggal
dènnya : anggone
angling : ngandika
sadarum : kabèh
akhir : wêkasan, pungkasan
ngatag : akon
pasihane : paringane
mojar : omong
gupuh : enggal-enggal
bukti : mangan
asru : bangêt
waspa : luh
muwun : nangis
prapta : têka, têkan
wisma : omah
pamuwusan : donga-donga
pindha : kaya
wrêksa cêndhana : kayu cêndhana
tan, datan : ora
sun, ingsun : aku
rukmi, kancana : mas
wênang : kêna
mêsu tingal : ngêningake
samya : sami
sarwi : sarta
sikêp pêdhang : ngasta pêdhang
kagutuk : kabalang
anyêngguta : mangana
wirayating tulis : unining tulis
angling : muni
pupuse : wose
kalbu : ati
nelad : niru
basuki : slamêt
nggulang : sinau
ênting : êntèk
bukti : mangan
ragi, raga : badan
karantêne : mulane
wijil tapa lan rêmbêsing madu : turuning wong tapa trahing satriya
trahing danawarèh (warih) : trahing wong dhêmên wêwèwèh
nglarani ragi : nglarani awak (tirakat)
katonton : katon
wasis : pintêr
astanane : padunungane
lulurunge : dadalane
pajar : pitutur padhang
grana : irung
pribadi : dhewe
wuruk : wulang
anglèjêmi : nyasmitani
uning : wêruh, ngêrti
dhêdhêngkul : atine kêthul
pilih : arang
ngrampidi : mekani, nalêsihake
rarampène : ubarampene
pilih : langka
wisik : ngêrti mêtu saka atine dhewe
tyas : ati
undhaking papadon : undhaking panyurasane atine dhewe
guru kang linuhung : landhêping atine dhewe
awèh uwit : awèh pokoke
pêcahing basa : yèn wis padhang atine
ywa pêgat amêsu : tansah mindêng dirasakake
sanitya kinaot : pinunjul
pupuse : khake, wose
sudarmi : bapa
kalbu : ati
tan ana : ora ana
wong branti : wong kasêngsêm
widagdèng, widagda : pintêr
wikan : wêruh
lungit : gawat
alamong : bingung
ngêpak : ngina
upêksi : wêruh
tunaning pamuwus : salahing omongan
ngèksi : ndêlêng
kêparêng ngayun : kapara ngarêp
pae : beda
lawan : karo
non-tinon : ngrungu wêruh
luhung : luwih
janma : wong
miwah : lan
pribadi : dhewe
pae : beda
kardi : gawe
kewala : bae
dèn mangsa : dipangan
barang karya : samubarang pagaweyan
datan pêgat : tansah lumintu
asisirik : ngungurangi
sinung, kasinungan : kaparingan
guna : pintêr
nala : ati
barang karya : sakabèhe kang ditindakake
lèrwèh : ora gêmi, gêmampang
wuri : mburi
sadaya-daya : sakarêp-karêp
angulati : anggolèki
aja pêgat : tansah
asung : wèwèh
janma kasihan : wong kang kurang sandhang-pangan
wibawa : sugih singgih
wutah bukti : loma wèwèh
srama : pangan
lir : kaya
warih : banyu
tutur : piwulang


Pênêrbit "Soemadidjojo Mahadewa" ing Ngayogyakarta Hadiningrat

Tidak ada komentar: