SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Sabtu, 26 Januari 2013

Serat Sabdajati



Megatruh

Aywa pegat ngudia ronging budyayu,
margane suka basuki,
dimen luwar kang kinayun,
kalis ing panggawe sisip,
ingkang taberi prihatos.

Aja sira leren-leren anggone golek laku kang becik(slamet), dalane seneng lan slamet, supaya bisa kelakon sing digayuh. Kalis saka tindak sing ora bener. Sing sregep prihatin

Ulatana kang nganti bisa kapangguh,
galedhahen kang sayekti,
talitinen aywa kleru,
larasen sajroning ati,
den tumanggap dimen manggon.

Delengen, golekana nganti bisa ketemu, golekana sing temen, tlitinen aja nganti kleru, rasakna sajroning ati, tanggapa supaya manggon

Pamanggone aneng pangesthi rahayu,
angayomi ing tyas wening,
eninging ati kang suwung,
nanging sajatine,
isine cipta kang yektos.

Manggone ana ing pambudidaya becik (slamet), ngayomi ati sing resik, beninge ati sing suwung nanging sejatine isi, isine yaiku cipta sing temen (bener)


Lakonana kalawan sabaring kalbu,
yen den owah neniwasi,
kasusupan setan gundhul,
ambebedhung nggawa kandhi,
isine rupiyah keton.

Lakonana kanthi sabaring ati, yen nganti owah bakal tiwas (cilaka), jalaran kalebon setan gundhul, sing nggodha karo nggawa kandhi isine rupiyah lan ringgit


Lamun kongsi korup mring panggawe dudu,
dadi pakuwoning eblis,
klebu mring alam pakewuh,
ewuh pana ninging ati,
temah wuru kabesturon.

Yen nganti melu sing ora bener, dadi panggonane eblis, mlebu marang papan kang sarwa ribet, ora ngerti marang eninge ati, wusanane mendem ora eling


Nora kengguh mring pamardi reh rahayu,
ayuning tyas ipat kuping,
kinepung panggawe rusuh,
lali pasihaning Gusti,
ginuntingan kaya mernos.

Ora empan marang tuntunan supaya becik, becike ati mau ngingggati (ilang), banjur dikupengi tindak sing ala, temahan lali marang rahmating Gusti, wusanane rojah-rajeh kayu kerdus diguntingi


Parandene kabeh kang samya andulu,
ulap kelilipen wedhi,
akeh wong kang padha sujud,
kinira yen Jabarail,
kautus dening Hyang Manon.

Sanajana mangkono kang sing padha ndeleng, ulap kaya kelilipen wedhi. Akeh wong padha sujud, dikira malaikat Jibril sing diutus dening Gusti Allah


Yen kang uning marang sejatining kawruh,
kewuhan sajroning ati,
yen tan niru ora arus,
uripe kaesi-esi,
yen nirua dadi asor.

Yen wong sing weruh sejating ngelmu, dadi kewuhan ing jerone ati, yen ora niru ora diajeni, uripe disiya-siya. Yen niru wusanane dadi asor


Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,
anggelar sakalir-kalir,
kalamun temen tinemu,
kabegjane anekani,
kamurahaning Hyang Manon.

Ora percaya marang rahasiane Gusti Allah, sing anggelar samubarang (langit lan bumi), Yen kowe temen-temen mesthi ketemu apa sing digayuh, kabegjan bakal teka, mangkono iku kamurahane Gusti Kang Maha Wikan


Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun,
yen temen-temen sayekti,
Allah paring pitulung,
nora kurang sandhang bukti,
saciptanira kalakon.

Minangkani kabeh kang padha nenuwun, yen panyuwun mau temen-temen, Gusti Allah bakal paring pitulungan. Ora bakal kurang sandhang lan pangan. Kabeh pepenginane kelakon


Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur,
saka mangunahing Widdhi,
ambuka warananipun,
aling-aling kang ngalingi,
angalingkap temah katon.

Ki Pujangga menehi pitutur, saka pitulungane Gusti, mbukak aling-aling saengga katara


Para janma sajroning jaman pakewuh,
kasudranira andadi,
daurune saya ndlarung,
keh tyas mirong murang margi,
kasetyan wus ora katon.

Wong-wong ing jaman pakewuh, candhala (budi ala) sangsaya ndadi, pakartine sing ala tambah ndadi, akeh ati sing nerak aturan, kasetyane ora katon


Katuwone winawas dhahat matrenyuh,
kenyaming sasmita yekti,
sanityaseng tyas malatkung,
kongas welase kepati,
sulaking jaman prihatos.

Satemene yen diwawas nrenyuhake banget, dirasakake ana tandha-tandha kang nyata, ati tansah ngrasa sedhih. Ngambar -ngambar banget welase, sorote jaman sangsara


Waluyane benjing yen wis ana wiku,
memuji ngesthi sawiji,
sabuk lebu lir majenun,
galibedan tudang-tuding,
anachaken sakehing wong.

Warase yen mbesuk ana pandhita, memuji ngesthi sawiji (1877 ), nganggo sabuk lebu kaya wong edan, tansah ngglibed karo tudang-tuding, ngetung sakabehe wong


Iku lagi sirep jaman Kalabendu,
Kalasuba kang gumanti,
wong cilik bisa gumuyu,
nora kurang sandhang bukti,
sedyane kabeh kelakon.

Iku mau sirepe jaman Kalabendu, banjur ganti jaman Kalasuba. Wong cilik bisa gumuyu, nora kurang sandhang pangan, apa penjaluke kelakon


Pandulune Ki Pujangga durung kemput,
mulur lir benang tinarik,
nanging kaseranging umur,
andungkap kasidan jati,
mulih sejatining enggon.

Pamawase ki Pujangga durung kemput, mulur kaya benang ditarik, nanging jalaran kaserang umur, nyedhaki jaman kalanggengan, bali marang sajatine panggonan (akhirat).


Amung kurang wolung ari,
emating pati patitis,
wus katon neng lokil makpul,
angumpul ing madya ari,
amarengi ri Buda Pon.

Mung kurang wolung dina, pas wektune pati, wis katon ana Lauhil Mahfud, mbarengi ing tengah ari, nuju dina Rebo Pon


Tanggal kaping lima antarane luhur,
Sela neng taun Jimakir,
Tolu Uma Aryang Jagur,
Sangara winduning pati,
netepi kumpul saenggon.

Wektune tanggal lima antarane wektu luhur, wulan Sela taun Jimakir, wuku Tolu, Padewan Aryang, Paringkelan Jagur, windu Sangara


Cinitra ri Buda kaping wolulikur,
Sawal ing taun Jimakir,
candraning warsa pinetung,
nembah muksa pujangga ji,
Ki Pujangga pamit layon.

Dikarang nalika dina Rebo, tanggal 28, wulan Sawal taun Jimakir, candra sengakale "Nembah muksa pujangga ji (1702) ", ki Pujangga pamit mati




Anggitan : R. Ng. Ronggawarsita.

Tidak ada komentar: