SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Jumat, 22 Juni 2012

Ora Mangan Bangku Sekolahan

      Kaya dina- dina biasane, sawise Slamet ngrampungake pagaweane banjur leren lungguhan ana ngarep omah, ucul klambi lan ana siji meneh sing ora ketinggalan yoiku slepen wadah mbakone. Sauntara Slamet mabur ing awang awang kegawa endahing lelamunan kagugah kaget sabab ngendikane mbahe Slamet kang ndangu marang dheweke,
Simbah : "Met, udutmu ki apa kok ambune kaya ngene ki?"
    Sing di timbali ura njawab,
Simbah : "Met ( karo nggetak) bocah ki piye to, di jak omongan wong tua kok ngenengke?"
Slamet  : "( kaget) da,, da,, dalem Mbah.. simbah niku ngagetne mawon, wonten napa to mbah.?"
Simbah : " kowe ki ngopo wis yah ene ora gek di lebokne kandhang ingon ingone kok malah di tinggal nglamun? apa to sing tok lamunke? apa pingin rabi?"
Slamet  : "Simbah niku ngendika napa mbah? golek duwit mawon dereng kok nggagas rabi mbah? Ngiih niku wau mbah kula niku jan jane pingin.."
Simbah :" Udutmu ki guwangen disik, ambune kaya ngene udut apa to kowe ki?"
Slamet  :" (karo ngguwang udute) biasane niko mbah, mbako semprul ning niki wau kentekan ratus gek dluwange njih telas mbah, kula nglinting ngangge klaras"
Simbah :" Lha layak wong udut kok kaya wong ngobong tebu ngono. Kowe mau pingin apa?"
Slamet  :" Jne kula niku pingin lunga teng kutha mbah, ngadu nasib. sinten ngertos mangke mbok menawi rejeki kula langkung sae wonten kutha mbah. Ning...."
Simbah :" Ning,, apa? Uwong kuwi yen duwe karep sing matep!"
Slamet  :" Lha mengke wedhuse sinten sing ajeng nginggoni mbah..??"
    Mireng ngomongane Slamet Simbah rada bingung penggalihe, sawetara suwe simbbah menggalih dalan sing paling sae,,
Simbah : "Wis rasah bingung Met, yen niatmu tenanan sesuk wedusmu kuwi gawanen nyang pasar kabeh!"
Slamet  : " Lho kok angon wedus kok enten pasar to mbah?"
Simbah : " Ora, udu kuwi karepe simbah, wedusmu ki culna kabeh wae Le, mesakake yen simbah sing ngingoni malah ora wareg mengko,"
Slamet  : " Eman eman mbah angsal kula ngingoni pun suwe mbah"
Simbah : " Lha katimbang ana ngomah mengko malah gering kabeh. Yo wis wis peteng gek lebokno nyang kandhang wedhusmu!"
   Slamet iseh bingung, ing atine eman eman yen pingin nuruti ngendikane mbahe, karo gremang gremeng ucape Slamet : " masa iyo.?? seprana seprene aku ngingoni nggolekne pakan saben ndina, gek mung rep di culne ana pasar? nanging ngendikane simbah yo bener, yen ana ngomah ora ana sing makani paling keliren gek mati. Yo wis lah manut ngendikane simbah wae lah" . Slamet durung ngerti karepe mbahe yen weduse ki kon ngedol ora kok di culne kon dha mlayu ki ora.
   Bubar subuh Slamet wis nuntun wedhuse menyang pasar, pikire Slamet supaya bisa dina iku uga Slamet mangkat golek rejeki nyang kutha. Sakwise tekan pasar Slamet banjur ngeculake wedhus wedhuse trus mangkat bali mulih ngono wae. Tumekane ngomah si Slamet, Simbah wis ana ngarepan lenggahan karo ngunjuk teh,
Simbah :" kok gelis timen Met,?? yo wis gek njikuka gelas, gek wedangan kene karo sarapan iki mau ana ketan sing ngeteri etan kono,"
Slamet mung mesem trus mangkat njikuk gelas,Slamet  : " Pun mbah wedhuse pun kula culke sedanten."
Simbah : " Lha ngono,, kowe golek duwit rak yo tenang mengko ana kutha,"
Slamet  : " Injih mbah. lha niki ketane kok mboten enten tempene goreng to mbah?"
Simbah : " lha gur wong ngeteri kuwi mau, wis gek panganen!"
Sawise sarapan banjure Slamet pamitan arep bebenah apa wae sing bakal di gawa mengko yen mangkat,
Kira kira jam sepuluh awan Slamet nemoni mbahe arep njaluk pamit,
Slamet  : " Mbah, kula tak mangkat riyin njih mbah,, nyuwun pangestu"
Simbah : " Iyo, dongane simbah muga kelakon apa pengajabmu yo Le Met"
Slamet  :" Injih mbah matur nuwun. Mbah lha sangune pundi? kula dereng nyekel duwit mbah kangge golek karcis mangke,"
Simbah : " Lho, lha wedhusmu apa di utang to Le?"
Slamet  : " Lha sing ngutang sinten Mbah? Lha simbah napa kesupen yen wedhuse pun kula culne wau enjing?"
Simbah : " Lhaiyo,, lha olehmu ngeculne wedhus wedhusmu maeng esuk ki oleh duwit pira?"
Slamet  : " (Kukur kukur sirah kebingungan) Kok oleh duwit pripun to Mbah? nggih mboten angsal duwit wong mung kula culne gek kula tinggal mulih,"
Slamet  : " Dhuh Gusti paringana sabar, dadi ki wedhus papat ki mung kok culne cul?"
Slamet  : " enggih mbah."
Simbah : " O alah Le Le.... karepe simbah ngono di culke ana pasar ki di dol yo Le Met,, olehmu arep mundhak pintermu ki suk kapan..?? Hemmm,,,, bola bali bocah ki yen ra mangan bangku sekolahan,"
Slamet  mung kami tenggengen krungu ngendikane Mbahe mau.

Tidak ada komentar: