SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Senin, 11 Juni 2012

Jodho Iku Pestine kang Maha Kawasa

Pandeleng kang dadi wiwitane,
hanjalari rasa asamara hambuka telenging nala,
gumbregah kagugah ati kang katemben wae nandang bungah,
awit sesawangan kang endah,
karana rasa tresna sajroning manah.

Ujian tengah smester wus antuk udakara telung dina, Bayu Atmaja katon semangat olehe ngrampungake soal- soal ujian, sabab ing sisih tengene ana wanudya sir-sirane.

Sanadyan durung tetepangan anaging rasa asmara wus nggudha ing telenging nala.
Kaya- kaya tumbu oleh tutup, rasa kang iseh wadi mau di mangerteni karo kancane kang lungguhe jejeran karo wanudya sir-sirane mau.
 "Mas Bayu, aku nirun jawabanmu", tembunge kancane Bayu Atmaja.
Ora ngerti apa pancen niat pingin nirun apa arep menehi dalan.
Ana sajroning pikiran Bayu rumangsa menawa iki dalane, banjur kanti mantep Bayu njawil wanudya sir-sirane mau,
"Dek, Nyuwun tulung njenengan sukakne mbak sampinge njenengan niku dek" Tembunge Bayu kanti ponggah lan kuminter.
Tanpa ngucap barang sak klemah kertas jawaban banjur di jaluk lan di wenehake marang kancane Bayu. Sawise sawetara kertas banjur di balekake uga tanpa suwara.
Atine Bayu rada kemropok, "Hemmm... iki bocah wadon kok sajak sombong temen tanpa ucap, hiyoh titeni ae,," pangucape Bayu sajroning ati.

Kahanan ora beda kaya rong  dina kapungkur,

Bayu durung wani kenalan sanadyan sajroning ati wus keselak pingin sesandhingan,
ananging lumantar daftar nama kang tumempel ana ing kaca ngarep kelas Bayu wus ngerti sapa jenenge wanudya mau.
" Oooo.... jebul jenenge ki Ndari to..?? yo..yo... tekan lenge semut ndak uyak kowe Nduk" mangkono batine Bayu,

Dina gumanti Minggu,

sawise kedadian smester Ndari sangsaya kerep liwat ngarep kelase Bayu,
sangsaya bungah atine Bayu,
sajroning ati lakak lakak " genea mung semono durung apa apa kowe wis kepincut aku" pikire Bayu sanadyan sing dipikir mau mbuh bener mbuh ora.
Sabanjure Bayu buru- buru ngetutake Ndari ana mburine nganti teka ing Perpustakaan.
Bayu nggedhekne ati banjur takon," Ngapunten dek, asmanipun sinten?" pitakone Bayu pura- durung mangerteni ananging sejatine dhewekke bingung arep takon apa.
Sajak rada jual mahal Ndari mangsuli," kula Ndari mas".
"Ngene yo dek, pancen aku durung kenal banget sapa awakmu uku uga durung ngerti kepiye sifat sifatmu, ananging jujur jujuran wae, blak kotang terus terang aku kesengsem karo awakmu, ana unen unen cinta pada pandangan pertama mungkin iki sing ndak alami marang awakmu. Kabeh iki ndak rasakake wiwit dina kapisan aku ketemu sliramu ing ulangan smester kapungkur" aku ora njaluk jawabanmu sakiki dek, sing penting aku wis jujur karo sliramu." ucape Bayu.
"Iyo mas, aku wis ngerti kok saka caramu ndeleng aku, yen oleh jujur sak temene aku yo ngrasakake rasa kang padha mas,, nanging tak suwun sabara, aku iseh duwe pacar mas, tulung sabara yo mas!! tunggunen wangsulanku yen niatmu bener bener pingin nduweni hubungan kang luwih tinimbang kekancan karo aku!" mangkono saurane Ndari.
"Iyo dek aku setya ngenteni" Bayu nyaguhi.

Dina gumanti, sawetara Bayu anggone nunggu jawabane Ndari ananging durung ana jawaban kang pesti, yo mung seka gelagat pancen sakarone sangsaya akrab.

Nganti sawijining dina Ndari ngajak ketemu karo Bayu.
sawise ketemu Bayu uluk pitakon, " Ana apa Ri kok tumben ngajak ketemu?? apa awakmu arep menehi jawaban katresnanku??
"Ora Mas, malah tak jaluk wiwit dina iki tulung dohono aku mas,,
aku wis kebacut sayang karo awakmu, mulane aku ra pingin ana apa- apa karo kowe mas, merga aku krungu bekas pacarku jare cemburu gek arep ngajak bolo ngroyok kowe mas" mangkono Ndari njawab,
Bayu krungu jawabane Ndari malah mesem, sanadyan eseme yo ora manis.
" Ko disik, yen aku kon ngedohi awakmu jujur ae aku ra iso. mung aku tak takon, lha kowe karo bekas pacarmu ki apa yo iseh seneng.?? yen pancen kowe iseh seneng yo uwis aku tak sing mundur, nanging yen kowe wis ra seneng berarti wis genah iki masalahe." Guneme Bayu nanggapi penjaluke Ndari.
Ndari mangsuli," yen seneng jane mbiyen aku seneng mas, nanging saiki wis tak lalekne, merga keluwargaku ora setuju sebabe beda agama beda keyakinan mas. Genah kepiye to mas?? aku kok malah bingung."
"Ngene lho, kowe mau rak ngomong yen sayang aku to.?? mula yo sing gedhe ngapuramu aku ra bakal ngedohi awakmu, upama mantan pacarmu utawa bekas pacarmu arep ngroyok aku yo wis ben, aku ra wedi,, aja kok mung cah limo tekane sepuluh,, di gawakkake sadesa aku ra bakal mundur aku ra bakal mlayu," sajak gembedhe omongane Bayu.
"Yo karepmu mas, sing penting aku wis ngelingke mas,,," mangkono welinge Ndari mungkasi anggone ketemuan merga bel mlebu kelas wis di unekake.

Sawise dina iku kaya kaya sangsaya akrab sesrawungane Bayu kalawan Ndari, saben mangkat lan mulih sekolah tansah bebarengan kepeneran sanadyan beda kecamatan ananging iseh sak jalur angkutan, yen meneri Bayu mulih keri Ndari setya nunggoni, semono uga sebalike, wis bocah loro lamun cinandra kaya amplop lan kertase datan bisa pinisahake.


Nuju dina iku ulang taune Ndari, tanpa rasa tidha- tidha ora ragu- ragu Bayu nemoni wanudya kekasihe mau, sanadyan ora nggawa apa- apa wong pancene di critakkake ing kene Bayu ki wong ra dwe mung modal nekat. kewetu tembunge Bayu " Dek, met ulang tahun yo,,, aku ora nggawa kado kanggo awakmu ananging ragaku sakwutuhe sing tak kadokne kanggo awakmu, tak suwun awakmu gelem nampa aku sak wutuhe". Krungu tembunge Bayu kang kaya mangkono Ndari mung mesem lan ngucap matur nuwun.

" Mas aku ora iso nolak katresnanmu mas,, aku yo seneng karo mas Bayu" sajak isin Ndari menehi wangsulan saka pitakon katresnane Bayu.
Bayu malah kami tenggengen ngrungu omongane Ndari kang kaya mangkono mau, ora nyana malah dina iku uga oleh wangsulan. Bungah atine Bayu sido sesandingan ngrakit asmara karo wanodya kang wus wetara suwe di idham- idhamake.

Gumantining dina di lewati Bayu lan Ndari kanti rasa kang bungah kaya- kaya ndunya iki duweke wong loro, tansah bebarengan mangkat lan bali sekolah, gegandhengan tangan kaya- kaya wus manunggal tan bisa pinsahake maneh. Ana kalane yen dina Minggu Ndari teka nyang Omahe Bayu wis di sengguh kaya kaya keluwargane dhewe, wis ora ana ewuh pakewuh pancen niat krenteking ati Bayu Lan Ndari ora amung kekancan ananging mis mikir dina sesuk mbangun bebrayan.


Dina iku Bayu yo sragaman mangkat seko ngomah kaya cah arep sekolah, nanging ana atine wus di niati arep teko nyang omahe Ndari, arep kepingin ngerti lan silaturahmi karo wong tuane Ndari, isih isuk Bayu wis mangakat, tekan ngarep omahe Ndari Bayu mudhun karo kancane loro, kebeneran minggu minggu iku ana sekolahan mung nunggu pengumuman sawise smesteran.

"Assalamu'alaikum," Bayu uluk salam karo ndhodhog pager ngarepan kang di gawe nganggo pring di sigari gek di jejer,
"Wa'alaikumussalam" saka njero Ibune ndari mangsuli lan mbukakake pager. " Enten napa mas? rencange Ndari to? Ngendikane Ibune Ndari karo mlaku ngungkuri Bayu tanpa ngakon mlebu,
Bayu krasa ra kepenak atine, ananging jenenge tresna karo anake, " namung badhe silaturahim kemawon Bu, Injih leres Bu dalem rencangipun Ndari. Ndarinipun wonten Bu??
Ana lagi ngumbahi, arep di jak nyandi to?? Pitakone Ibune Ndari karo mbanting bongkokan dhele, " Ndari...... Ndari....... ki goleki wong lanang kancamu iki lho" ngendikane nimbali putrine.
"Astaghfirullah hal adziim" Bayu nyebut ana ati karo gedheg- gedheg.
Ora wetara suwe ndari metu seko njero omah, tangane akum," Eh.. mas Bayu, Lungguh mas"sawise salaman, " ngombe apa mas.?" Ndari nerusake pitakone,
Bayu salaman trus meneng ae ora nyaut iseh mikir apa salahe dolan nyang ngomahe pacare.
"Mas..??" tembunge Ndari rada seru ngagetne Bayu sing lagi mikir.
"Iyo,,, kowe mlebu sekolah ora, yn mlebu ayo bareng tak enteni" karo setengah kaget Bayu takon.
"Mlebu rep golek apa lho.??" Ibune Ndari nyauti iseh karo njerengi dhele ana nglatar.
"Entenana yo mas tak ganti sragam disik" ucape Ndari tanpo nggatekake ngendikane Ibune.
ora wetara suwe Ndari wis siap Bayu pamitan karo Ibune Ndari lan uluk salam.
Ana ndalan Ndari ngomong yen Bayu nekat tenan nganti sakyahmene urung ana wong lanang wani  dolan nyang ngomahe saliyane Bayu.

Mangkono anggone ngrakit asmara antarane Bayu lan Ndari kaya ra ana susahe anane amung seneng lan seneng, masalah wong tuane Ndari kang kurang becik anggone nampa Bayu ora banget di gatekake. Nganti sawijining dina sakloron padha nunggu tekane angkutan bubaran sekolah padha lungguh jejeran ana nduwuring tumpukan kayu sak pinggiring dalan ngadhep sumur kang wus ora di gunakake meneh, nganti kaucap janji kang suci ora bakal ninggalake siji lan sijine sanadyan apa wae kang bakal kedadean.


Dina candhake bayu rumangsa bingung, sabab sing biasane mbarengi mangkat sekolah ora katon, nganti teko sekolahan age age Bayu nggenahake nyang kelase Ndari, ana apa sak temene. saka kancane Ndari bayu oleh werta menawa Ndari lara lan di pondhokake ana rumah sakit, sawise jam istirahat Bayu ninggalne sekolah tumuju menyang rumah sakit ing ngendi Ndari di pondhokake, ora angel ruang inape bisa di temokake, ing kono Ndari di infus ana kamar 3C. Sawise salaman karo Ibune Ndari, Bayu banjur nyedhaki Ndari salaman lan nakokake kepiye kahanane kesehatane. ora suwe Bayu banjur nyedhaki Ibune Ndari meneh, "Lha pripun Bu?" pitakone Bayu bingung anggone arep mbukak omongan.

"Pripun apane to mas? yo kaya ngene iki, Ndari paling kekeselen. lha kok rene ki apa ra pelajaran.?? Ngendikane Ibune ndari.
Bayu mangsuli, " Injih Bu, pikiran kula mboten tenang, punika pelajaranipun bahasa inggris Bu, kula mboten pati remen kok kalian pelajaranipun"
"Nyat kok Mas,, wong ki yen wis ra seneng arep di kapakno ae yo ra seneng" ngendikane Ibune ndari.
Bayu rumangsa meneh, ana ati cilike ngrumangsani yn dheweke ora di senengi karo Ibune ndari malah anggone kekancan karo Ndari sajake yo ora di estoni.
Telung ndina Ndari di pondhokake ana rumah sakit, telung ndina uga Bayu melu nunggu ana rumah sakit sanadyan mung yen awan. dina kang pungkasan ana pakdhene ndari uga melu nunggu, sawise barang wus di ringkesi, Bayu Arep ndisiki laku mulih dhewe, ana ing atine Bayu ora kepingin melu numpang ngebak baki enggon apa meneh Bayu ngerteni yen tekane ra ki kersakne karo Ibune Ndari, nanging lakune Bayu di ndek karo pakdhene Ndari, ngendikane mengko ra ana sing rep ngedukne barang- barange yen tekan ngomah, Sanadyan atine ra kepenak nanging Bayu anut ngendikane Pakdhene Ndari,

Sawise Ndari sehat meneh kahanan bali kaya dina biasane. mangkat lan mulih bebarengan kaya wektu kang kapungkur. Nganti teka wektune, tanpa di ngerteni apa sebabe Ndari sajak ngedohi Bayu, saben di temoni malah nglungani di takoni apa salah sebabe ora gelem blaka, bingung atine Bayu nalika iku, nganti teka surate Ndari sing gawe tenang pikirane Bayu, ing kono tinulis manawa " Aku begini bukan karena tak sayang lagi ma mas Bayu, tp aku mau mas Bayu konsen dulu ma pelajaran, sebentar lagi mas Bayu mau ujian, mas kalau mas nanti lulus maka cinta kita berlanjut, tapi kalau mas Bayu tidak lulus maka kita sudahi saja hubungan kita mas, dan jika nanti mas Bayu lulus tunggulah aku dua tahun mas. dua tahun setelah aku lulus kita menikah"

Sawise nampa tulisan iku Bayu, ngerteni karepe Ndari, iku ndadekake Bayu sangsaya sregep anggone sinau, merga ora kepingin yen nganti ora lulus, sebab yn nganti ora lulus iku uga dadi sebab Bayu bakal kelangan katresnane.

Ringkesing crita, sawise hasil ujian di umumake Bayu daya- daya menyang omahe Ndari, merga Bayu kepingin sing mbukak pengumuman kelulusane Bayu iku Ndari dhewe, sawise di bukak isine nuduhake manawa Bayu lulus, kanti kelulusan iku lulus uga ujiane Bayu kanggo nerusake hubungane karo Ndari.

Ana ngomahe Ndari uga Bayu ketemu karo bapake Ndari, ana ing kono Bayu di wulang akeh- akeh. Bayu di dangu karo bapake Ndari " saiki rencanamu apa Le.? apa rep kerja apa rep kuliah.?
"Badhe kerja kemawon Pak, menawi badhe kuliah punika dalem bingung ragadipun" mangkono wangsulane Bayu,
"Lha yen kerja, arep kerja apa?? wong kerja kuwi ana limang werna. mrentah, di prentah, gawe usaha dewe, angkatan, karo PNS, lha kowe rep milih sing endi?? bapake Ndari ndangu meneh,
Bayu wangsulan," menawi kawula ingkang baken halal rumiyin pak. njih dalem nyuwun donganipun kemawon mugi mugi rejeki kula lancar."


Ora ana itungan wulan Bayu pamitan mangkat budhal menyang Jakarta merga arep ngadu nasib, golek rejeki. Ndari rumangsa kelangan sebab bakale adoh karo Bayu. nanging kudu kepiye meneh, Bayu akhire mantepne tekade budhal ngudi rejeki ana Jakarta,


Sanadyan adoh Bayu ora bisa lali karo Ndari, saben isuk sak bubare sholat subuh Bayu telphon Ndari. Nganti sawijining dina Ndari ngomong yn ora sah sering sering telphon sebab HPne di asta bapake kanggo bisnis kayu jati. Bayu mung manut wae, sanadyan atine nahan rasa, nganti sawise kerja oleh sewulan Bayu tuku HP dewe, saiki bisa telphon karo Ndari wektu ndari sekolah lewat nomere kancane Ndari, ora mung cukup ana telphon, saben telung wulan sepisan Bayu mulih kampung kanggo nemoni Ndari. semono gedhene tresnane Bayu kanggo Ndari.


Ganti taun ganti uga kahanane, janji suci sing mbiyen di ucapne wong loro wis kaya di lalekne. Ndari rumangsa ora bisa nyambung hubungan  jarak jauh, dheweke banjur dwe pacar meneh, ananging mbuh apa sebabe sanadyan adoh Bayu krasa nalika Ndari mblenjani janji- janjine. Udakara rong taun Bayu lan Ndari nyambung katresnan saka kadoan, ora kurang saka ping enem Ndari mblenjani janji lan nyambung katresnan karo priya sejene, ping semono uga bayu medhotake katresnan, ping semono uga Ndari nangis ngjak balen, ping semono uga Bayu luluh atine. Ora kurang kurang anggone sedulur sedulur tuane Bayu lan wong tuane paring pitutur supaya golek liyane, nanging ing atine Bayu tetep madhep mantep lan yakin menawa sawijining dina mengko Ndari bisa rubah sikape.


Cekaking carita, sawise lulus sekolahe Ndari uga ninggal desa ngudi rejeki menyang Jakarta, padha padha ana Jakarta ndadekkake gampang anggone ketemu, ananging merga gaweane Bayu kang kadang kala ora genah wektune ndadekake ketemune yo arang kading, Sawetara Ndari ana Jakarta ora ndadekake hubungan sangsaya cedhak luwih luwih sak wise Ndari netep ngomahe dewe, ing kono Ndari cedhak karo tanggane kang uga kancane Bayu nalika sekolah. Sawijining dina sengaja Bayu telphon karo tanggane Ndari yo kancane Bayu nalika sekolah yo mung saperlu takon kabar, ananging kang di tampa malah kabar kang ala, kancane Bayu ngakoni yn nduwe hubungan sing lwih saka kanca karo Ndari, malah hubungane wis ora becik kalamun di crita. Bayu iseh durung percaya, age age Bayu nggenahake kabar kang nglarani ati mau nyang Ndari, pranyata jawabane padha. Muntap rasane dada, ora nyana wanita kang wis di puja puja patang taun luwih lawase tega gawe lelara, ketambahan meneh kanca kang pinercaya njaga malah melu gawe gela. Wiwit iku Bayu wis ra bisa menehi pangapura, senadyan yen kekancan iseh di tampa, ananging yn mbangun bebrayan wus ora bisa,

"Yen rokok kanggo joinan sak kanca ra papa, ananging iki wanita" mangkono tembunge Bayu,

Sanadyan lara ing dada, Bayu kudu bisa nampa pepestening Gusti Kang Maha Kawasa,

Ora nganti petungan minggu, Bayu ketemu wanita kang dadi geganthilaning ati sawise di larani Ndari, wanita mau ora liya yo kancane Ndari wektu ana ing pawiyatan,
Bayu Amaja bisa syukur ngarsane Gusti, wus di welehake alane wanita kang wetara suwe lawase ngisi atine, malah di temokake wanita kang duweni sifat ikhlas, merga saktemene patang taun uga wanita mau ngendhem rasa ngingu ikhlas ana atine jalaran kadhung tresna ananging ora kepingin nglarani kanca, amarga priya kang di tresnani wis nduweni sesambungan karo kancane,
Bayu Atmaja uga syukur bisa nemokake tresna kang sejati yo sejatining katresnan, rasa tresna kang tanpa mandhang bandha kalawan dunya anane amung ikhlas lan narima,

Rong taun Bayu Atmaja ngrakit katresnan kalawan wanita mau,

Saiki wus dadi sisihane, urip bareng susah lan seneng.
Ora mung Bayu kang rumangsa seneng ananging keluwarga sanak kadang kabeh melu seneng.


Piwulang saka carita ing ndhuwur:



  1. Manungsa isane mung usaha kalawan ndonga Gusti kang aweh keputusan Ngabulna,
  2. Tresna marang wanudya aja nganti ngalahne tresna marang kang Murba Kawasa, sabab katresnan kang kekal yo mung tresnane Gusti Allah marang umate,
  3. Sak pinter pintere manungsa milih sing paling bener amung pilihane Kang Kawasa,
  4. Amung Ikhlas kang dadi kunci bagya mulyaning dunya,




Nyuwun 

Nyuwun koreksi, komentar, kritik lan saranipun hambok bilih anggen kawula nulis kathah lepat saha kirang trap anggen kawula ngrakit basa, kawula ngrumaosi diri kawula taksih cubluk, sedanten kala wau kabegta saking kirange pangertosan sabab kiranging pawiyatan.


Sembah Nuwun





Tidak ada komentar: