SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Senin, 02 September 2013

Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 001-046)





    










Sarine Basa Djawa

Kadhapuk dening S. Padmosoekotjo
Cap-capan kapindho P.N. Balai Pustaka
--- 1 ---
Sarine Basa Jawa

Isi Bab Dasanama, Jenenge Godhong, Kembang, Woh, Anak Kewan, Sandhangan Wayang, Bebasan, Saloka, Sanepa, Pepindhan, Candra, Isbat, Pralambang, Parikan Lan Liya-Liyane
Kanggo Siswa Sekolah Guru lan Sekolah Lanjutan Liyane

Dening S. PADMOSOEKOTJO.

GEGARANING PANGRIPTA:
A. Bausastra Jawi yayasipun: 1. W.J.S. PURWADARMINTA, 2. T. ROORDA, 3. J.F.C. GERICKE, 4. P.A. JANSZ.
B. Buku Pathi-basa yasanipun: KI PADMASOESASTRA.
C. Kasusastran lan Kalawarti warni-warni.
Cap-capan kapindho.

Pènget.
1. Titi tinutup Srinata, tutug wêktu amèngêti, ing Sarine Basa Jawa, Jum'at Kliwon madya ratri, rolas Mulud Dal warsi "Rêsi Ngèsthi Slira Ratu", Oktober nuju tanggal, wolulikur yèn Masehi, Sinangkalan "Tata Gati Trus Manunggal".
2. Tan supe pangripta minta, pra nupiksa mugi-mugi, kasdu-sudi paring ceda, kritik ingkang mikantuki, tutur wigati yêkti, dumunung asung pitulung, sakèh kritik panyeda, dyan pêdhês yèn murakabi, mring pangripta tinampi lêga-lêgawa.

P.N. BALAI PUSTAKA 1967. DJAKARTA
--- 2 ---
...
--- 3 ---
Isinipun

BAB ... KACA
Purwaka ... 5 | Katranganing cêkakan ... 6 | I. Dewa ... 7 - 10 | II. Nyawa ... 10 - 11 | III. Pêndhita, cantrik ... 11 - 14 | IV. Ratu ... 14 - 16 | V. Narapraja ... 16 - 20 | VI. Prajurit ... 20 - 25 | VII. Danawa ... 25 - 27 | VIII. Wong ... 27 - 29 | IX. Bocah, lanang, wadon, jaka, rara lsp ... 29 - 32 | X. Aluraning sadulur ... 33 - 36 | XI. Kriya, pangupajiwa ... 36 - 40 | XII. Awak ... 40 - 42 | XIII. Endhas ... 42 - 44 | XIV. Rai, bathuk ... 44 - 46 | XV. Kuping ... 46 - 47 | XVI. Mata ... 47 - 52 | XVII. Irung ... 52 - 54 | XVIII. Cangkêm, lambe ... 54 - 56 | XIX. Untu, ilat ... 56 - 58 | XX. Gulu ... 58 - 59 | XXI. Gêmbung lan perangane ... 59 - 61 | XXII. Tangan ... 61 - 66 | XXIII. Sikil ... 66 - 73 / XXIV. Kulit, daging ... 73 - 74 | XXV. Rambut, wulu, lar ... 74 - 78 | XXVI. Balung, gêtih, sungsum ... 78 - 79 | XXVII. Utêk, ati ... 79 - 84 | XXVIII. Jêroan ... 84 - 85 | XXIX. Idu, luh, umbêl, kringêt, uyuh, tinja ... 85 - 86 | XXX. Swara, têmbung ... 86 - 91 | XXXI. Pangan, bumbu, pakarêman ... 91 - 95 | XXXII. Sandhangan ... 96 - 100

--- 4 ---

XXXIII. Omah, wadhah ... 100 - 104 | XXXIV. Praboting omah-omah ... 104 - 107 | XXXV. Piranti warna-warna ... 107 - 111 | XXXVI. Gêgaman, aji-aji ... 111 - 117 | XXXVII. Gamêlan, tontonan ... 117 - 120 | XXXVIII. Kewan ... 121 - 136 | XXXIX. Têtuwuhan ... 136 - 142 | XL. Wit lan perangane ... 142 - 148 | XLI. Bumi, pêlikan, gunung, alas ... 148 - 155 | XLII. Langit lan isine ... 155 - 158 | XLIII. Gêni ... 158 - 160 | XLIV. Warna ... 160 - 162 | XLV. Banyu ... 162 - 166 | XLVI. Angin, keblat, mata angin ... 166 - 167 | XLVII. Wêktu ... 168 - 173 | XLVIII. Wilangan ... 173 - 175 | XLIX. Lêlêmbut, lêlara, tamba ... 175 - 177 | L. Ilang, mati, bangke ... 177 - 180 | Dhaptar têmbung lan kacane ... 181 - 186

--- 5 ---

Purwaka

Para nupiksa ingkang minulya.
Anggèn kula ngripta "SARINE BASA JAWA" punika amargi ngèngêti sangêting kirangipun buku-buku gêgaran sinau basa Jawi ing jaman samangke, ngantos kêrêp kêpirêng angluhipun para mudha Jawi ingkang sami kapengin ngudi basanipun piyambak. Suwantên angluh bab rêkaosipun pados gêgaraning marsudi basa Jawi punika kêpirêng wontên ing pundi-pundi, ugi wontên ing tanah Jawi-Têngah.
Dhêdhapukaning isinipun "SARINE BASA JAWA" punika kadamêl salaras kaliyan cak-cakanipun piwulang basa Jawi wontên ing pawiyatan, inggih punika katata kanthi gêgolongan. Golongan ingkang gêgayutan kaliyan têmbung dewa lan dasanamanipun, nyawa lan dasanamanipun, pêndhita lan dasanamanipun, makatên ing salajêngipun ngantos 50 golongan. Miturut pangalamanipun pangripta ing salêbêtipun sawindu mulang basa Jawi ing pawiyatan Guru, tatanan makatên punika sagêd nggampilakên sinaunipun para siswa.
Pangajêng-ajêngipun pangripta, mugi-mugi buku "SARINE BASA JAWA" punika sagêda tumut njalari tanginipun basa Jawi ingkang sampun sawatawis taun ngalami kamunduran, amargi sawêg kirang kopèn.
Sadaya panyaruwe lan panyeda (kritik), kakintuna (langsung) dhatêng pangripta.
Pangripta, S. Padmosoekotjo.
Purworêjo, Jemuwah Kliwon 12 Mulud, taun Dal 1887. Utawi 28 Oktober 1955.

--- 6 ---
Katranganing Cekakan

Bb = Babad (Sêjarah). / Pd = Padhalangan. / Bld = Blenderan. / Pl = Pralambang. / Br = Basa rinêngga. / Pp = Pêpindhan. / Bs = Bêbasan. / Pr = Parikan. / Et = Entar. / Pt = Pacalathon. / Ki = Krama-inggil. / Skl = Sangkalan. / Kr = Kerata. / Slk = Saloka. / Ks = Kasar. / Sn = Sanepa. / Kss = Kasusastran. / Cd = Candra. / Kw = Kawi. / Ck = Cangkriman. / Isp = lan sapunggalane. / Ws = Wangsalan. / Pb = Paribasan. / Wc = Wancahan. / Mr = Mriksanana.

--- 7 ---

I. DEWA
Dasanama: 1. Allah = Hyang Manon, H. Widi, H. Murbèng Jagad, H. Among Tuwuh, H. Suksma, H. Suksma Kawêkas, H. Maha Adil, H. M. Suci, H. M. Wikan, H. M. Agung, H. M. Kuwasa, H. M. Nasa. 2. Dewa = Apsara, Dewata, Jawata, Amara, Bathara, Hyang Sura, Widadara. 3. Dèwi = widadari, apsari, bathari, dewati, surawadu, surarêtna, waranggana. 4. Suralaya = (sura = dewa + laya = panggonan), kahyangan, kadewan, kadewatan.
Asmane dewa: Adam pêputra Sis, Sis pêputra Anwas lan Anwar. Anwas nurunake para nabi. Anwar pêputra Nurrasa. Nurrasa pêputra Wênang. Wênang pêputra Tunggal. Tunggal pêputra: 1. Wijamantri (Togog), 2. Ismaya (Sêmar), 3. Manikmaya (Bathara Guru), 4. Damastuti, 5. Dewanjali, 6. Lodra.
Ismaya (Semar, Badranaya) pêputra: Patuk, Têmboro, Surya, Kuwera, Magyêkti, Candra, Yamadipati, Kamajaya.
Manikmaya (Bathara Guru, Hyang Girinata, Trinetra, Caturbuja, Pramèsthi Guru, Tuguwisesa, Jagad Pratingkah, Jagadkarana, Siwahbuja, Kalawisesa, Kalawisaya, Nilakantha) peputra 10. Yaiku: miyos saka garwa Dèwi Uma (Umayi) nênêm: 1 Sambo, 2 Brama, 3 Indra, 4 Bayu, 5 Wisnu, 6 Kala. Miyos saka garwa Dèwi Umaranti têlu: Sakra, Mahadewa, Asmara. Miyos saka Dèwi Anjani siji: Anoman (Sênggana).
Widadari, kayata: Kawa garwane Adam. Nurrini-Anwar, Rawati-Nurrasa. Saoti-Wênang, Rêkathawati lan Drêmani-Tunggal, Uma (Umayi) lan Umaranti-Bathara Guru. Kanastri-Ismaya, Astuti-Sambo, Saci, Sarasyati lan Rarasati-Brama, Wiyati-Indra, Sumi-Bayu, Srisêkar, Pratiwi lan Pujayanti-Wisnu, Durga-Kala, Drêmi-Drêma, Ratih-Kamajaya, Mumpuni-Yamadipati, Widayat-Cakraningrat lsp.
Têtunggule widadari ana 7, yaiku: Supraba, Wilutama, Warsiki, Surendra, Gagarmayang, Irim-irim, Tunjungbiru. Widadari 7 iku kadadeyan saka cahya gumêbyar aran Mulat sing tiba ing Kaendran.
Kahyangan: 1 Jonggringslaka-Bathara Guru. 2 Ekacakra-Surya. 3 Argadumilah-Yamadipati. 4 Cakrakêmbang-Kamajaya. 5 Suwelagringging-Sambo. 6 Duksinagêni (Hargadahana)-Brama. 7 Tejamaya-Ismaya. 8 Panglawung-Bayu. 9 Utarasagara-Wisnu. 10 Setragandamayit-Gurga. 11 Têlênging samudra-Baruna. 12 Saptapratala-Antaboga. 13 Selamangumpêng- [Selama...]

--- 8 ---

[...ngumpêng-] Kala. 14 Imaimamaya - Darmajaka. 15 Ondarandirbawana - Wênang. 16 Sidiudaludal - Narada. 17 Alangalangkumitir - Tunggal. 18 Mayarêtna - Asmara. 19 Tinjomaya - Indra.
Kraton Suralaya: Ratune Bathara Guru, patihe Narada, senapati Brama, gandhèk sakêmbaran Patuk lan Têmboro.
Barang-barang Suralaya: 1 Bale Marcukundha, palênggahane Bathara Guru yèn miyos siniwaka. Marcu = gêni, puncak. Mrêcon = mrêcu + an = (bisane mblêdhos) mawa gêni. Kundha = wadhah, anglo padupan. 2 Selamatangkêp, lawang Suralaya, jinaga Cingkarabala lan Balaupata. 3 Dorandara, prajurit dewa. 4 Rêpat kêpanasan, ajang pêrang ing Suralaya. 5 Jamurdipa, gunung ing Suralaya, kawahe diarani Candradimuka, lahare kawah diarani Endhut Blêgêdaba. 6 Paparjawarna mawa wit Kalpataru sakêmbaran yaiku Dewandaru lan Dijayandaru, pêpindane ing Marcapada kaya alun-alun mawa wit wringin-kurung sakêmbaran. Wit ing Paparjawarna iku tau disuwun ngampil Pandhawa, dianggo kêmbar-mayang nalika Janaka-Sumbadra binayangkare. Wringin-kurung ing Yogyakarta (alun-alun lor) uga diarani Dewandaru lan Wijayandaru. 7 Jaran sêmbrani Ocêsrawas, gajah Erawata. Lêmbu Nandini, gamêlan Lokananta.
Nitis (manjing). Dewa ana sing sok nitis (manjing) marang titah, kayata: 1 Bathara Wisnu nitis marang: Arjunasasrabau ing Maèspati, Ramawijaya ing Pancawati, Krêsna ing Dwarawati, Jayabaya ing Kêdhiri, Anglingdarma ing Malawapati, Panjiputra ing Jênggala lsp. 2 Bathara Cakraningrat, yèn nitis kasêbut Wahyu Cakraningrat, yaiku Wahyu kang njalari bisa jumênêng Ratu. 3 Dèwi Widayat, yèn nitis kasêbut Wahyu Widayat; putri sing kêtitisan Wahyu Widayat mêsthi dadi jatukramane priya sing kêtitisan Wahyu Cakraningrat lan banjur nurunake Ratu (kayata Dèwi Utari kagarwa Abumanyu nurunake Parikêsit Ratu Astina). 4 Bathara Drêma, ing lakon wayang:Samba dijêjuwing”. Bathara Drêma manjing marang Samba. Dewi Drêmi manjing marang Dewi Agnyanawati garwane Bomantara Ratu ing Trajutrisna; jalaran saka iku Samba nandhang gandrung marang Agnyanawati, wasana Samba seda dijêjuwing dening Prabu Bomantara.


--- 9 ---

4 Nata binathara Pt = ratu kang kinurmatan kaya dewa. 5 Ngudang siyunge Bathara Kala Bs = nantang sudukan (nganggo kêris). Manut dêdongèngan, siyunge Bathara Kala dicabut dening Bathara Guru lan disabdakake dadi kêris Kalanadhah, têgêse: sing dianggo nadhah (mangsa, mangan) Bathara Kala; kêris Kalanadhah iku pamburine diparingake marang Janaka.
Dewa. 1 Baladewa Pd = Wasi Jaladara, Kakrasana, Ratu Mandura. 2 Baladewa ilang gapite Bs = ilang panguwasane, kasêktène lsp. 3 Basudewa Pd = Ratu Mandura kang pêputra Kakrasana, Nayarana, Sumbadra, Kangsa (Satêmêne Kangsa putrane Prabu Gorawangsa Ratu Guwabarong kang mimba warna Basudewa lan sapatêmon karo Dèwi Maherah, garwane Basudewa). 4 Dewabrata Pd = putrane Sêntanu kang miyos saka Dèwi Gangga. 5 Dewakasimpar Pd = lakon wayang nyritakake dhaupe Sêmar karo Dèwi Kanastrèn putrane Prabu Sasrasudarma Ratu Pulorajapêthi. 6 Puntadewa Pd = Yudhisthira, Ratu Amrêta. 7 Pandhudewanata Pd = Ratu Astina kang pêputra Pandhawa. 8 Nakula Sadewa Pd = sumênde lan warujune Pandhawa. 9 Isih kinêkêr ing dewa Pb = isih sinimpên ing dewa, durung ana titah sing ngrêti. 10. Kêndhit mimang kadang dewa Bs = kalis ing bêbaya. 11 Raja-pati dewa-nata Pl = pralambange Majapait, sing jumênêng Ratu kuwasa bangêt, sasat dewa tumurun. Raja-pati = ratuning ratu. Pati = ratu.
Jawata. 1 Jawata ing Marcapada Ws = pêndhita. 2 Jawata pindha Arjuna Ws = Kamajaya. 3 Winongwong Jawata Pb = têgêse lugu: diêmong dewa, tinurutan dening dewa sasêdyane, maksude: klakon sabarang kang dikarêpake.
Hyang. 1 Sêmbahyang = sêmbah + hyang (dewa) = nyêmbah dewa (Gusti Allah). Danyang Durna Pd = Dhang + hyang = dhanyang, Sang Hyang) pêndhita ing Sukalima, nalika timur asma Kumbayana. 3 Sang Hyang Dewa Amral Pd = asmane Puntadewa nalika tiwikrama nuli munggah mênyang Suralaya nêdya têtulung kadange 4 kang siniksa dewa sarana dicêmplungake kawah Candradimuka. 4 Kadya hyanghyanging bawana = Pt kaya dewaning jagad, maksude: kang pununjul dhewe ing sajagad, kang bagus dhewe lsp. 5 Priyangan = para + hyang + an = panggonane para hyang, papane para dewa. Manut dongèng, para hyang wis tau rêraton ana ing Jawa-Kulon, nagarane aran Mêndhangkamulan, kratone dumunung ing gunung Pangrango (Gêdhe), sing jumênêng Ratu Bathara Guru, patihe Narada, nayakane

--- 10 ---

uga para dewa, sinangkalan: Dadi dhêdhuwurane janma = tahun 104.
Sura. Empu Sura = putrane Empu Supa. 2 Sasi Sura = Muharam. 3 Suramrata jajamrata[1] = sêsumbare wong mênang pêrang. 4 Untung Surapati = putrane angkat kaptin Mur, dadi bupati Pasuruhan asma Wiranagara.
Wasu. Wasu wolu sing manjing guwagarbane dèwi Gangga garwane Prabu Sêntanu: 1 Dara, 2 Druwa, 3 Candrama (Soma), 4 Anila (Swasana), 5 Anala (Hutasana), 6 Aha, 7 Pratyasa, 8 Dyahu (Dewabrata).

II. NYAWA
Dasanama: 1 Nyawa = atma, atmaka, jiwa, badan-alus, yatma, yatmaka, yitma, yitmaka, suksma, satmaka. 2 Suwarga = sunyaruri, nirwana (lan kang atêgês kadewan, kayata: ariloka, aribawana, surabawana lsp.). 3 Naraka = jahanam.
Atma. 1 Atmaja Kw = atma (jiwa) + ja (lair) = jiwa sing lair (dadi anak). 2 Suryatmaja Pd = Surya + atmaja = putrane Surya, kapundhut putra-angkat Prabu Radeya ing Pêthapralaya, pamburine jumênêng Adipati ing Awangga. 3 Narpatmaja Kw = narpa (ratu) + atmaja = putraning ratu.
Jiwa. 1 Cacah-jiwa = kèhe wong sing padha manggon. 2 Pêlêm-jiwa = pêlêm gadhung, pêlêm gurih, pêlêm sing mêntahe ora kêcut, matênge lêgi agurih. 3 Pangupajiwa = pangupaboga, panguripan, carane golèk pangan. 4 Anglong jiwa Br = katon saya kuru apucêt, marga sêdhihkingkin. 5 Asrah jiwa Br = masrahake pati-uripe, nêdya dikapakake sumarah. 6 Karon-jiwa Br = karon-sih, karon-lulut, karon-asmara, pulang-rêsmi, pulang-lulut, pulang-sari, pulang-asmara, sarêsmi, salulut, sacumbana. 7 Nimas daktrêsnani Br = (têmbung pamiluta) kêkasihku, kang dak trêsnani bangêt, gantilaning nyawaku. 8 Nganyut jiwa Br = nglalu antaka, nganyut tuwuh, mugut tuwuh, nglalu pati, ngêndhat. 9 Talang jiwa Br = talang pati, ngêtohake pati dianggo bêbantên utawa tawur. 10. Padu Jiwa dikanthongi Pb = pintêr banget ngikal basa sing dianggo prakaran (padu), prasasat wis nganthongi carane padu si Jiwa. (Dèk jaman biyèn ana wong aran Jiwa sing baud bangêt ngikal basa, nganti manawa prakaran, sanadyan luput, toging êndon bisa mênang). 11 Manuk jiwa-jiwa = manuk dewata.

--- 11 ---

Nraka. 1 Nraka-jahanam = nraka sing ora kapenak dhewe. 2 Dadi intiping nraka Pt = ana ing dhasaring nraka. 3 Bomanarakasura Pd = Ratu ing Trajutrisna, pamburine diganti Suteja (putrane Krêsna kang miyos saka Dèwi Bomapati. 4 Wong wadon iku swarga nunut nraka katut Pb = bêgja-cilakane wong wadon iku mung gumantung marang sing lanang (bojone).
Nyawa. 1 Nyawa saringan Pt = wong (bocah) wis tau lara bangêt, wasana bisa waras; utawa: ana ing sajroning bêbaya pati (dikêpung mungsuh lsp) wasana bisa ngoncati. 2 Toh nyawa Pt = toh pati. 3 Nyawamu apa barangmu? = têmbunge wong nêdya njaluk kanthi pamêksa (begal), maksude: yèn barangmu ora olèh dakjaluk, kowe mêsthi dakpatèni. Pangeran Sambêrnyawa = R.M. Said (Mangkunagara I).
Suksma. 1 Prabu Suksmandhadhari Pd = Ratu ing Giripura malihane Sumbadra, patihe Kandhimurti lan Surèngraras (malihane Srikandhi lan Rarasati). 2 Dèwi Sumbadra panuksmane dèwi Sri Pd = Sumbadra titise Dèwi Sri. 3 Ngraga-suksma Pt = ngoncatake jiwa saka badan-wadag. 4 Sinuksmèng wardaya Br = digagas lan dilêbokake ing ati (nalika maca).
Suwarga. 1 Swarga ginawe ayu Br = têka bêcik têmên. 2 Wis nyuwarga Pt = wis mati. 3 Swargi Ranggawarsitan Ki = jênate. 4 Swargane wong duwe anak lanang Pt = bêjane utawa kapenake. 5 Swargabandhang Pd = arane nagara, sing jumênêng Ratu suksmane Dasamuka. Ing Lakon Swargabandhang, suksmane Indrajid nigas janggane Janaka.

III. PÊNDHITA, CANTRIK.

Dasanama: 1 Pêndhita = ajar, dwija, dwijawara, wiku, rêsi, muni, mahamuni, maharêsi, maharsi, yogi, yogiswara, yati, suyati, mahayati, mahayêkti, wipra. 2 Cantrik = manguyu, jêjanggan, cèkèl, puthut, uluguntung, Abêt-abêt (wadon). 3 Pratapan = asrama (pratapan ngiras pamulangan), padhepokan. 4 Pamêjangan = pawiyatan, pacrabakan, pamulangan. 5 Sanggarpamujan = (sanggar = langgar = panggonan), sanggar pamêlêngan, sanggar pamidikan, sanggar palanggatan. 6 Tapa = brata, tapa-brata, tarak-brata, mati-raga, mahas ing asêpi (têmbung "tarak" satêmêne têgês: sêsirik). Arane pratapan: 1 Pucangan Bb = pratapane Dewi Kilisuci (Dewi Sanggramawijaya) putrane Erlangga. 2 Wukir Danaraja Bb = Nimas Ratu Kalinyamat, putrane Sultan

--- 12 ---

Trênggana sing kagarwa Pangeran Hadiri Bupati ing Kalinyamat (Jêpara). 3 Wukir Rêtawu - Abiyasa. 4 Wukir Indrakila (ing guwa Witaraga) - Ciptaning (Janaka). 5 Argabêlah (Giripura) - Bagaspati. 6 Gandamadana - Kapi Jêmbawan. 7 Sunyapringga - Subali. 8 Argasunya - Wasi Jaladara. 9 Jasarata-Kanwa (eyange Irawan). 10 Grastina - Rêsi Gotama (ing wukir Sukendra). 11 Kêndhalisada-Anoman (Kapiwara, Mayangkara). 12 Glagahwangi-Sidawaspada (eyange Priyêmbada). 13 Andongsumawi-Sidikwacana (eyange Prêgiwa-Prêgiwati). 14 Guwawara-Partana (eyange Wijanarka). 15 Kêmbangsore-Drêwala (malihane Petruk). 16 Gohkarna-Wibisana (sawise sèlèh kaprabon marang ingkang putra Prabu Bisawarna). Watak Pêndhita: Sabar, maklum, momot, mêngku. Pêpindhaning panggalihe: jêmbar lir samodra. Momot-mêngku lir pratala.
Yèn muja-samadi: Sêdhakêp asuku tunggal, nutupi babahan bawa-sêsanga. Ana rupa ora dinulu, ana ganda ora ingambu, ana swara ora rinungu (kabèh pancadriyane ora makarti).
Ajar. 1 Ajar Subrata = pêndhita marasêpuhe Prabu Anom Jayaamijaya, utawa besane Jayabaya, pamburine disedani dening Jayabaya, sabab ngaturi sugata (nyugata) warna pitu isi pasêmon. 2 Ajar Dewantara = R. > Suwardi Suryaningrat.
Barata. 1 Baratayuda Pd = pêrange darah Barata, yaiku Pandhawa karo Kurawa. Kèhe wadya sing pêrang 18 aksohini (Pandhawa 7 aksohini, Korawa 11 aksohini), ajange pêrang ing Têgalkurusetra sapinggire tlaga-gêtih Samantakapancaka. 2 Asthabrata Pd = piwulange Ramawijaya marang Prabu Wibisana ing salêbare pêrang Alêngka, maksude: supaya Alêngka bisa tata-têntrêm, Prabu Wibisana carane ngasta paprentahan didhawuhi migunakake tindake dewa wolu, yaiku: Indra, Yamadipati, Surya, Candra, Bayu, Kuwera, Baruna lan Brama. 3 dèwi Bratajaya = dèwi Sumbadra. 4 Mahabarata Pd = arane buku kang nyritakake darah Barata (Pandhawa) nganti têkan muksane, isine 18 parwa (mulane uga diarani Asthadasaparwa; parwa = perangan, bab), yaiku: 1 Adiparwa, 2 Sabaparwa, 3 Aranyakaparwa, 4 Wirathaparwa, 5 Udyogaparwa, 6 Bismaparwa, 7 Dronaparwa, 8 Karnaparwa, 9 Salyaparwa, 10 Gadaparwa, 11 Sauptikaparwa, 12 Stripralayaparwa, 13 Santikaparwa, 14 Aswamedhaparwa, 15 Asramawasanaparwa, 16 Mosalaparwa, 17 Prastanikaparwa, 18 Swargarohanaparma.

--- 13 ---

Yati. Adijati Kalawisaya Pl = Pralambange jaman Dêmak, jamane para Wali, sing jumênêng Ratu Radèn Patah uga asipat Wali. Adiyati = pêndhita linuwih, ngibarate para Wali Kalawisaya = Bathara Guru, ngibarate Radèn Patah (Sultan Dêmak).
Yoga. Yoga-brata Kw = muja-sêmèdi, ngêningake cipta. 2 Kang ayoga Br = bapa. 3 Yoga angangga yogi Pb = darbe ambêk kaya Guru, yaiku tumuwa. 4 Kapasang yoga Br = kêbênêran.
Pêndhita. 1 Pêndhitaning antêlu Bs + pêndhitaning antiga, pêndhitaning êndhog (jaba butih[2] jêro kuning) = laire katon suci, batine ora suci. 2 Sabda pêndhita-ratu, Bs = ngêndika mung sapisan tanpa dibalèni lan ditêtêpi.
Puja. 1 Manungku puja samadi Br = mêlêngake puja-samadi, ngêningake cipta (Tungku Kw = pêlêng, èsthi, Manungku = mêlêng). 2 Anak pujan Br = anane (dadine) sarana dipuja, kayata bungkuse Wrêkudara dipuja dening Bagawan Sêmpani dadi Jayadrata. 3 Pêpujan Br = sêsêmbahan, kang diaji-aji bangêt (dewa); uga atêgês kang ditrêsnani bangêt (kêkasih). 4 Pujabrata Kw = pujakrama = pangaji-aji, panêmbah.
Saptarga. Têdhaking Saptarga Kw = (sapta = sêpta = sênêng + arga = gunung) turune wong sênêng dhêdhepok ing gunung, turune pêndhita.1)[3]
Tapa. 1 Nggêntur tapa = mêmpêng olèhe nglakoni tapa. 2 Tapa mbanyuwara = tapa nyirik banyu. 3 Pati gêni = nyirik gêni, sarana ana ing sênthong bae tanpa mangan tanpa ngombe. 4 Ngrowod = mung mangan krowodan (ora mangan sêga). 5 Mutih = mung mangan sêga thok. 6 Tapa ngalong = tapa gumandhul ing wit, kaya ta tapane Subali ana ing wukir Sunyapringga. 7 Tapa ngidang = tapa dêdunung ing alas mung mangan gêgodhongan, kayata tapane Sugriwa ana ing alas Sunyapringga. 8.Tapa nyanthuka = tapa kaya canthuka utawa kodhok, kayata tapane dèwi Anjani ndhêpèpès ing dhampènge tlaga Madirga. 9 Tapa wuda sinjang rambut = awake sakojur tanpa kêtutupan panganggo, rambute dirembyakake kanggo nutupi murate, kayata tapane Nimas Ratu Kalinyamat ana ing wukir Danaraja. 10 Tapa ngluwat = tapa ana ing jugangan (kluwat).
Cantrik. 1 Nyantrik = ngabdi marang pêndhita (kanthi maksud golèk

--- 14 ---

kapintêran). 2 Cantrik Janaloka = cantrik sing ngoyak-oyak Dèwi Prêgiwa-Prêgiwati saka pratapan Andongsumawi. Cèkèl. Pidak padarakan cèkèl longaning bale Br = wong asor.

IV. RATU.
Dasanama: 1 Ratu = pramèswara, aji, datu, katong, raja, nata, sri pamasa, pamase, naradipa, naranata, naradipati, narapati, narèswara, narpati, narendra (nalendra), buminata, bumipati, prabu, narpa. 2 Pramèswari = nareswari, narpadayita (narpadayinta), natadèwi, mahisi, biniaji, sori. 3 Kraton = kadhaton,dhatulaya (dhatu = ratu + laya = panggonan), pura, puri, puraya, kadhatwan, prasada.
Aji. 1 Aji jaran guyang = aji dianggo nggunani (ngarah) wanita. 2 Aji panglimunan = aji sing marakake bisa ngilang. 3 Aji jaya-kawijayan = aji sing njalari bisa mênang. 4 Aji wringin-sungsang = aji sing njalari ora pasah gêgaman. 5 Aji sirêp begananda = aji sing dianggo nyirêpi wong supaya turu kêpati. 6 Diaji-aji = dipundhi-pundhi. 7 Ajisaka Bb = putrane Empu Anggajati utawa Prabu Iwaksa Ratu ing nagara Surati. 8 Samiaji Pd = panyêbute Krêsna marang Puntadewa, maksude: sanadyan Puntadewa Ratu cilik lan Krêsna nata binathara, panganggêpe Krêsna marang Puntadewa kaya marang sapadha-padhane (sasami-sami aji). 9 Aji godhong jati aking Pb = tanpa aji babarpisan. 10 Sasi Aji = sasi Bêsar. 11 Bêlah aji Pb = kelangan barang ana ing titipan tampa lêliru saparoning rêga.
Katong. 1 Jayakatong Bb = Ratu Kêdhiri sing mbêdhah Singasari ing jamane Prabu Kartanêgara. 2 Lisah Jayèngkatong Pd = lênga agême ratu yèn diwêdhakake ing mripat njalari bisa sumurup lêlêmbut. 3 Dewakatong Pd = asmane Pandhudewanata sawise aslira dewa (wis seda).
Narpa. 1 Narpa-wandawa Kw = santananing ratu. 2 Narpendah Kw = narpa + endah = ratu kang sulistya ing warna, kayata Ratu Ayu Majapait. 3 Kunarpa Kw = bangke. 4 Narpadayinta = narpawadu, garwane ratu, pramèswari. 5 Narpasunu, narpasiwi, narpatmaja, narpaputra.
Nata. 1 Srinata Kss = têmbang Sinom. 2 Kalingga nata Pb = prakara kang wis kêlêtan jumênênge ratu (anane prakara iku ing jamane ratu sing dhisik).
Panji. 1 Panji Angrèni Kss = arane buku yasan Pangeran Adimanggala, nyritakake dhaupe Panji Putra karo Dèwi Angrèni lsp. 2 Panji Putra Bb = Panji Asmarabangun. Panji Inukartapati, [Inu...]

--- 15 ---

[...kartapati,] Pangeran Putra Jênggala kang nggarwa Dèwi Sêkartaji (Candrakirana, Kèn Limaran, putri Daha), lan Dèwi Angrèni. 3 Panji klanthung Pt = wong angguran (werkloos), gawene mung klonthang-klanthung. 4 Clana panji-panji = clana sing ing dhêngkule mawa bênik. 5 Panji loro sêmune Pajang-Mataram Pl = pralambange ing tanah Jawa (Kajawan) ana ratu loro, S. Pakubuwana III ing Solo lan Sultan Hamêngkubuwana I ing Yogyakarta (P. Mangkubumi).
Pangeran. 1 Pangeran = Gusti Allah; sêsêbutaning putara ratu lan sêntana kang diangkat putra (Pa + ang + hèr + an = papan sing pantês dianggo manggon, kang dijaluki pangayoman. Hèr = ênggon). 2 Pangeran Putra = pangeran, putraning ratu. 3 Pangeran sêntana = pangeran sêntananing ratu (diangkat didadèkake pangeran, diangkat putra). 4. Pangeran Angabèhi = sêsêbutane putra ratu sing sêpuh dhewe miyos saka garwa ampeyan. 5 Pangeran-pati = pangeran adipati anom = pangeran calon jumênêng ratu.
Prabu. 1 Prabu-anom = pangeran-pati. 2 K.G.P. Adipati Arya Prabu Prangwadana = asmane K.G.P. Mangkunagara ing sadurunge yuswa 40 taun; yèn ing Yogyakarta K.G.P. Adipati Arya Prabu Suryadilaga (K.G.P. Pakualam). 3 Mrabu = kaya prabu (ratu), maksude: pantês bangêt, gagah lan ngêngrêng. 4 Sèlèh kaprabon = lèrèh saka olèhe jumênêng ratu.
Raja. 1 Raja-kaya = satêmêne atêgês: rajaning barang, saiki atêgês: kêbo, sapi, jaran. Wong akaya = wong sing darbe barang, saiki atêgês: wong sugih. 2 Raja-brana = rajaning brana (barang, bandha), yaiku barang-barang sing akèh pangajine. 3 Raja-pèni = rajaning pèni (kaendahan), yaiku barang-barang kang awarna pèni (endah), kayata: sêsotya, mas lsp. 4 Raja-darbe = barang-barang kang dinarbe. 5 Raja-kaputran = sandhangan lan rêrênggane pangantèn lanang. 6 Raja-kaputrèn = sandhangan lan rêrênggane pangantèn wadon. 7 Raja-tatu = tatu kang mbêbayani marga kêrêngan, tiba lsp. 9 Raja-putra = putrane ratu, kosok-baline: raja-putri. 10 Raja-tadi = raja-pèni. 11 Raja-singa = lêlara bangsane bêngang. 12 Raja-wrêdi - jasad awarna biru dianggo dhasare êmbanan intên lsp. 13 Rajamala Pd = putrane Palasara kang miyos saka Dèwi Watari (sadulure Rajamala asma Rêkathawati kagarwa Maswapati Ratu Wiratha), Rajapatni = pramèswari. 15 Ngreka raja Pb = prakaran ngaku darbe saksi ratu utawa bangsa luhur. 16 Sinduraja =

--- 16 ---

Jayadrata, Tirtanata. 17 Nagaraja = sing pêputra Dèwi Pratiwi, Bomanarakasura lan Pratiwanggana. 18 Antarêja = putrane Wrêkudara miyos saka Dèwi Nagagini.
Ratu. 1 Ratuning kusuma Br = têtunggule putri. (Kusuma = kêmbang, Putri dipêpindhakake kêmbang). 2 Ratu Ayu Kêncanawungu Bb = Ratu Putri ing Majapait (Dèwi Subasiti). 3 Kangjêng Ratu Agêng = sêsêbutane pramèswari kang wis randha. 4 Kangjêng Ratu = sêsêbutane pramèswari. 5 Ratu Alit (Ratu Anggèr) = sêsêbutane putrine ratu kang sêpuh dhewe (pambayun) lan sing wis krama. 6 Rinatu-ratu = diaji-aji bangêt. 7 Mbondhan tanpa ratu Bs = tumindak sasênênge dhewe, ora mraduli anane anggêr-anggêr lsp. 8 Pararaton Bb = buku kang nyritakake Kèn Arok lan para Ratu Majapait. 9 Nimas Ratu Kalinyamat Bb = putri sing tapa wuda sinjang rambut, yaiku putrane Sultan Trênggana sing kagarwa Pangeran Hadiri Bupati iki Kalinyamat (Jêpara).
Sunan. Sunan = saka têmbung: suhun + an = suhunan (têgêse: sing disuhun-suhun, sing dipundhi-pundhi), diwancah sarana mbuwang perangan têngah dadi: Su(hu)nan, iku sêsêbutane ratu (Solo) lan para wali 9, yaiku: 1 Sunan Ampèl asale saka Campa, asmane sing satêmêne Radèn Rachmat. 2 Sunan Bonang (Makdum Ibrahim) putrane Sunan Ampèl, dêdalêm ing Bonang (Tuban). 3 Sunan Drajad (Masih Munat) putrane Sunan Ampèl, dêdalêm ing Drajad (Sêdayu). 4 Sunan Kalijaga iku Wali Jawa, dêdalêm ing Kadilangu (Bintara), nalika timur asma R. M. Said, putrane Tumênggung Wilatikta (Jêpara). 5 Sunan Kudus. 6 Sunan Gunungjati (Fatahillah), nurunake para Ratu Cirêbon. 7 Sunan Giri (Radèn Paku) sing ngêdêgake mêsjid ing Grêsik. 8 Maulana Mahgribi utawa Malik Ibrahim asal saka Pèrsi, dêdalêm ing Loron (6 km saka Grêsik). 9 Sèch Siti Jênar.

V. NARAPRAJA
Kang kalêbu narapraja (jaman biyèn): 1 Patih = nindyamantri, mantrimuka, mantringayun, mantriwrêdha, warangkapraja, yèn jaman saiki = Pêrdana Mêntêri. 2 Nayaka = Mêntêri. 3 Panêkar = punggawa kang minangka sêsêkar (rêrênggan) = Mêntêri Nêgara. 4 Bupati = bu, atêgês: sipat, kaanan; pati atêgês: ratu = narapraja kang asipat kaya ratu. 5 Kliwon = kalih + ewu + an = kalihewuan = kalihewon, mingsêd pakêcapane dadi: kliwon, saiki kira-kira padha karo wadana. 6 Panewu = camat. 7 Rangga = camat. 8 Purohita = guru ing kraton ngiras dadi pujangga. Ing jaman saiki "purohita" atêgês: suwita (ngèngèr kanthi maksud ngangsu

--- 17 ---

kapintêran). 9 Jaksa = panggêdhening pangadilan. 10 Pêngulu = panggêdhening agama. 11 Dêmang = lêlurahe bêkêl lan uga lêlurahe kapulisèn. 12 Panatus = lurah dewa (ana manèh kang aran: panèkêt, panglawe). 13 Jagawèsthi = pulisi (Wèsthi atêgês: bêbaya). 14 Jagabaya = pulisi-desa. 15 Jagakarsa = upas (pêsuruh). 16 Jaga-bela = algojo, singanagara, tukang nindakake ukum kisas. 17 Gandhèk (cacahe mêsthi loro) = tukang nglantarake dhawuhe ratu (utawa nawala dalêm). Lsp.
Catur manggala, atêgês: panggêdhe cacahe papat, yaiku: 1 Patih, 2 Purohita (Guru), 3 Jaksa, 4 Pêngulu.
Dêmang. 1 Demang ngiras tangkilan Bs = tamu ngiras dadi paladèn. 2 Ndêmang = (ing dolanan pèi) olèh biji utawa wilangan 400 utawa luwih. 3 Ndêmang salira = olèh wilangan 400 kurang sathithik, nanging luwih saka 390. Yèn 39l = ndêmang slira siji, 392 = ndêmang slira loro; sabanjure têkan ndêmang slira sanga.
Jaksa. Jaksa pring sadhapur Pb = pangadilan sing pangarsane dalasan para wargane kabèh isih nunggal sadulur.
Empu (atêgês: tuan). Empu Sendhok ± ratu ing Jawa - Wetan (929 - 947) kang pamburine diganti Darmawangsa (Têguh). Empu ahli gawe gêgaman saka wêsi-aji: 1, Empu Gandring (jaman Singasari) gawe kêris kanggo Kèn Arok; sing tumêka ing seda disuduk nganggo kêris iku: Empu Gandring, Tunggul Amêtung, Kêbo Ijo, Kèn Arok, Anusapati. 2. Empu Supadriya - Kêris Condhongcampur, pusaka Majapait. 3 Empu Supa (putrane Supadriya) - Kêris Sangkêlat (pusaka kratos tanah Jawa) lan kêris Crubuk (agême Sunan Kalijaga). 4 Empu Sura (putrane Supa) - Kêris Pasopati (klêbu pusaka kraton tanah Jawa). 5. Empu Jigja (putrane Supagati) - Kêris Jigja. 6. Empu Singkir (Madura) - Kêris Singkir. 7 Empu Pitrang (asmane Supa sajrone ana ing Blambanagan) - Kêris Tilamupih. 8. Supa Nom (Ki Nom) - Kêris Nagasasra, pusaka kraton Majapait.
Empu (Pujangga) Pangripta buku: 1 Empu Kanwa - Arjunawiwaha. 2 Triguna - Krêsnayana. 3 Empu Manoguna- [Mano...]

--- 18 ---

[...guna-] Sumanasantaka. 4 Empu Darmaja - Smaradahana. 5 Empu Sêdhah - Baratayuda. 6 Empu Panuluh - Hariwangsa lan Gathutkacasraya. 7 Empu Tan Akung - Wrêttasancaya lan Lubdaka. 8 Empu Prapanca - Nagarakrêtagama. 9 Empu Tan Tular - Arjunawijaya.
Gandhèk. 1 Tanpa cêcala gandhèk sakêmbaran Pd = (ing sadurunge rawuh) tanpa utusan gandhèk sakêmbaran sing didhawuhi ngabari (paring nawala). 2 Basa gandhèk (basa nggandhèk) Bb = basa sing kedaling pakêcapan kaya gunême gandhèk, yaiku wanda sing mawa a kudu diucapake jêjêg, ing jaman saiki diarani: basa bandhèk. Dadi têmbung “gandhèk” mingsêd pakêcapane malih “bandhèk”. Kang dhisik dhewe nganggo basa mangkono iku gandhèk ing kraton Pajang, saka dhawuhe Sultan Hadiwijaya (Jaka Tingkir).
Guru. Guru-alêman = wong kang kapengin dialêm. 2 Guru-bakal Br = barang-barang sing durung awujud dandanan, saupama arupa mas, mas sing isih awujud blindhèn utawa prongkalan. 3 Guru-dadi Br = barang-barang sing wis awujud dandanan, saupama arupa mas wis awujud gêlang, ali-ali lsp. 4 Guru-laki = wong lanang dadi guruning somah. 5 Guru-lagu = dhong-dhinging swara ing wêkasane gatra têmbang Macapat. 6 Guru-wilangan = cacahing wandane têmbang Macapat ing sabên sagatra-gatrane. 7 Aja guru-guru nêpsu = aja kêsusu. 8 Guru-dina = ala-bêcike dina. 9 Purwakanthi guru-swara = purwakanthi kang nunggal swara, kayata: kudu jujur, yèn kowe kêpengin luhur. 10 Purwakanthi guru sastra = purwakanthi sing nunggal sastra (aksara), kayata: wanita sugih wawasan wasis asung wêwarah. 11 Saka-guru = sakaning omah sing dumunung ing têngah cacahe papat, kosok-baline: saka pananggap. 12 Guru, kêna digugu lan ditiru Kr = Guru kudu pantês dadi têpa tuladhaning liyan. 13 Diguroni = dijaluki warah. 14 Maguru = nggêguru, golèk kawruh (ngèlmu). 15 Guru-sajati = Guru kawruh kabatinan (kang tuduh dalan mamrih sampurnaning pati. Kayata tumrap Wrêkudara, sing dadi gurune sajati Dewa Ruci). 16 Guru Gaib = panuntun Gaib, tumrap Theosofie sinêbut meester, papane mêjang sinêbut Pasênêtan Suci (de witte Loge). 17 Têmbung “Guru” ing kawruh sêngkalan (atêgês: wêwaton) ana warna wolu, yaiku:
a). Guru-sastra, wêwaton sastra. Yèn sastrane padha, sanajan têgêse beda, watak-wilangane dianggêp padha, kayata: nabi atêgês wudêl, karo nabi sing atêgês panuntuning [panun...]

--- 19 ---

[...tuning] agama, watak-wilangane padha, yaiku padha-dene awatak 1.
b). Guru-wanda, wêwaton wanda. Yèn nduwèni wanda padha, dianggêp padha watak-wilangane, kayata: tri karo putri, padha-dene awatak 3.
c). Guru-dasanama, wêwaton dasanama. Yèn têgêse padha utawa mèh padha, dianggêp padha watak-wilangane, kayata: pratiwi karo bantala, padha-dene awatak l.
d). Guru-sarana, wewaton sarana (piranti). Piranti karo gunane, dianggêp padha watake, kayata: panah karo pêrang, padha-dene awatak 5. (Gunane panah iku kanggo pêrang).
e). Guru-warga, wêwaton golongan. Yèn nunggal golongan, dianggêp padha watake, kayata: cêcak karo mênyawak, padha-dene awatak 8 (golongan kewan rumangkang, reptiel).
f). Guru-karya, wêwaton karya (pakarti). Barang karo pakartine (pakaryane), dianggêp padha watake, kayata: tangan karo nyêmbah, padha-dene awatak 2 (nyêmbah iku pakartine tangan).
g). Guru-darwa, wêwaton darwa (sipat, kaanan). Barang karo sêsipatane dianggêp padha watake, kayata: panas karo gêni, padha-dene awatak 3 (panas iku darwane gêni).
h). Guru-jarwa, wêwaton jarwa (surasa). Têmbung karo surasane, dianggêp padha watake, kayata gègèr karo obah, padha-dene awatak 6. Sing njalari anane gègèr iku marga wong-wong padha obah pating bilulung. Sanadyan ana apa bae, yèn wong-wong padha mênêng bae, ora bakal gègèr.
Pangulu. Nglungguhi klasa pêngulu Bs = dadi bojone ipe-lanang kaprênah tuwa ing sapatine mbakyune.
Pujangga = ahli basa lan ahli ngripta sing asêsêbutan Empu (Mr. kaca 17): 1 Sunan Bonang - Suluk Wujil. 2 Sunan Panggung - Suluk Malangsumirang. 3 Pangeran Karanggayam - Nitisruti. 4 Sultan Agung - Nitipraja. 5 Kartamursadhah - Manikmaya. 6 R. Ng. Yasadipura I (nalika timur asma Bagus Banjir) - Cêbolèk, Babad Pakêpung, Babad Gyanti, Tajusalatin, Johar Manik, Wulang Sewaka lsp. 7 Yasadipura II (Tumênggung Sastranagara) - Arjunasasra, Darmasunya, Sasanasunu, Wicara Kêras. 8 Sunan Pakubuwana IV - Wulang rèh. 9 R. Ng. Sindusastra - Arjunasasra -
 
--- 20 ---

bahu. 10 R. Ng. Ranggawarsita (nalika timur asma Bagus Burham) - Jayèngbaya, Hidayatjati, Pustakarajapurwa, Pari sawuli, Cakrawarti, Aji Pamasa, Witaradya, Kalatidha, Paramayoga, Cêmporèt lsp. 11 Pangeran Kusumadilaga - Jagal Bilawa, Sêmar jantur, Kartawiyoga. 12 K. Mangkunagara IV - Wedhatama, Tripama, Salokatama, Wirawiyata lsp. 13 R. T. Tandhanagara - Papeling, Baruklinthing. 14 M. Ng. Mangunwijaya - Asmaralaya, Lambangpraja, Trilaksita. 15 Padmasusastra (Wirapustaka) - Tatacara, Pathibasa, Paramabasa, Warnabasa, Urabsari, Durcaraharja.
Rangga. 1 Ranggawarsita Bb = asmane Pujangga-Jawa kang wêkasan (1870). Ing sasedane Ranggawarsita saprene, durung ana Pujangga-Jawa manèh. 2 Ranggalawe Bb = asmane Adipati ing Tuban (kaprênah pamane Prabu Kênya Majapait) kang seda prang-tandhing karo Menakjingga (kêtaman gada wêsi-kuning). 3 Ngrangga = ndêmang kaping pindho urut-urutan (ing dolanan pèi).
Tumênggung. 1 Pujangga Radèn Tumênggung Sastranêgara Bb = R. Ng. Yasadipura II, 2 Ora gombak ora kuncung ambêke kaya tumênggung Bb = ora nduwèni kaluwihan apa-apa, nanging ambêg gumêdhe, ladak. 3 Babah Tumênggung = sêsêbutane Tionghwa sing aran Han Tik Ko, yaiku sing nuku kutha Prabalingga saka panguwasane pamrentah Walanda taun 1811 - 1813.

VI. PRAJURIT.
Dasamana:[4] 1 Bala = wadya, koswa, tantra, wadya-bala, bala-koswa, bala-tantra, wrahatbala, prajurit, sena. 2 Senapati = bathamantri, senapatya, pramugari, bretyapati, narawara, panglima, hulubalang, gêdhigmanggala, manggalaning prang, gêgêdhuging prang. 3 Pêrang = pupuh, yuda, jurit rana, rok, bandawala, rok-bandawala, laga, bandayuda, pancakara, judhi. 4 Paprangan = adilaga, payudan, pabaratan, ranangga, rananggana, palagan. 5 Mênang = jaya, unggul, sasab, mimpang. 6 Kalah = Kawon, kasoran, kêlindhih, kêtitih, kêplayu, kèngser, kapracondhang, kajodhi. 7 Mungsuh = ripu, parangmuka.
Atêgês mlayu ngoncati mungsuhe (marga wêdi): ngucira, mêtu saka ing blabar kawat, tinggal glanggang colong playu. Watake prajurit; 1 Wêdi wirang wani mati. 2 Tinimbang mati mringkus, luwih bêcik mati mbrêgagah (Tinimbang [(Tinimban...]

--- 21 ---

[...g] nungkul, ora wurung dipatèni utawa tumêka ing pati marga disiya-siya, luwih bêcik mati marga lumawan ing prang).
Candrane panganggone: 1 Sing nganggo putih kumpul padha putih kaya kuntul nêba (kuntul sarawa). 2 Sing nganggo abang kumpul padha abang kaya wukir kawlagar (Kawlagar = kobar). 3 Sing nganggo kuning kumpul padha kuning kaya podhang rêraton. 4 Sing nganggo irêng kumpul padha irêng kaya gagak rêraton.
Candraning lakune: 1 Untabing wadya-bala kaya sela-brakiti = candraning akèhe utawa dawaning baris, sêlur prasasat tanpa pêdhot, ndlidir bae. 2 Untabing wadya-bala pindha wrêdu-angga sasra = candraning lakune kang tansah barêng panjangkahe, yèn disawang kaya kumêlaping lintah sèwu bêbarêngan. Wrêdu = ulêr. Wrêdu-angga = lintah.
Candraning paprangan: 1 Swarane gong-bèri, tambur, kalasangka, têmpuk lan gathiking watang sarta pangêmprèting dipangga-mêta, miwah pambêngingèhing turangga kaya mbêlah-mbêlahna bumi (kaya njugrug-njugrugna langit). 2 Polahe wadya-bala kaya gabah dèn intêri, tandange kaya banthèng kêtaton. 3 Kèhing pêpati kaya babadan pacing (mratelakake kèhe bêbathang pating glimpang). 4 Kèhing pêpati kaya sulung alêbu gêni (mratelakake sabên ana prajurit sing maju ing pêrang mêsthi tumêka ing pati, utawa: maju-maju mati). 5 Ing paprangan prasasat banjir gêtih asarah bangke.
Panantange prajurit: 1 Ayo padha ngadu wulêding kulit, atosing balung = ngadu tyasa, ngadu kasêktèn. 2 Ayo padha gandhèng kunca = gandhèng pojoking dodot supaya aja nganti ana sing bisa mlayu salah siji. 3 Ayo padha ngadu siyunge Bathara Kala = sudukan (nganggo kêris). 4 Ayo padha lancaran warastra = panah-pinanah.
Sêsumbar: 1 Njêrokna jagang, ndhuwurna kapurancang, ora wurung nagaramu dakgawe karang-abang. Jagang = jugangan kang ngubêngi bètèng. Kapurancang = kayu utawa pring lancip-lancip dipasang ing sadhuwure tembok bètèng pating crongat. (Tangan ngapurancang = kaya kapurancang, yaiku drijine tlusup-tlusupan). 2 Apa ora kulak warta adol prungon yèn ... (isine titik-titik iku jênênge wong sing sêsumbar) tau-tate ngrupak jajahaning mungsuh, ngêlar laladaning rowang, mbêdhah praja mboyong putri. 3 Apa kang ana ing kowe, tibakna daktamèngi dhadha. 4 Kêriga sacindhil abang, cawêta sawadone. 5 Aja gênti mara,

--- 22 ---
barênga mara, daktandhingi padha ijèn, ora-orane daktinggal mlayu. 6 Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri. 7 Ampyakên kaya wong njala, krubutên kaya mênjangan mati. 8 Papak mangsa padhaa (sanadyan padha mêksa isih ana kacèke). 9 Yèn ora ilang dakkêdhèpake, dak-untal malang mangsa ngambaha ing cêthak (Yèn ora enggal lunga utawa sumingkir marga dalane arêp dak-ênggo liwat, mêsthi dak untal malang kanthi gampang). 10 Ngungsia têkan lak-lakaning naga, mangsa wurunga karasa ing tanganku (Mêsthi klakon dakpilara). 11 Kêkêjêra kaya manuk branjangan, kopat-kapita kaya ula tapak-angin, daksaut daksabêtake prabatang sirna kuwandamu. 12 Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi = sambata marang bapa-biyungmu (arêp diprajaya, Akasa, ngibarat: bapa. Pratiwi, ngibarat: biyung).
Prajurit sêkti. 1 Punjul ing apapak = luwih tinimbang sapadha-padha. 2 Bisa manjing ajur-ajèr, mancala putra mancala putri = bisa molah-malih warna. 3 Tan pasah tapak-paluning pandhe, sisaning gurenda = sakabèhe gêgaman wêsi ora bisa nêdhasi (ora mêmpan ing awake). 4 Tinatah mêndat jinara mèntèr = ditatah ora pasah, diêbur ora bisa kêtaton. 5 Sagêd dados agal sakêlangkung agêng (tiwikrama), lêmbut botên kasat-mripat (sagêd ngical).
Tandange prajurit: 1 Kaya banthèng kêtaton (Kadi andaka tawan kanin) = tandang kang mêmêdèni bangêt. 2 Kaya sikatan nyambêr walang = rikate yèn mrawasa mungsuh. 3 Kaya jangkrik mambu kili = tandang sing waringutên bangêt. 4 Endha mangiwa endha manêngên pindha prênjak tinaji = kaya prênjak dilêpasi pasêr utawa panah, rikating endhane yèn nêdya pinrawasa dening mungsuh. 5 Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit = tandang kang sarwa kêbat-cukat-trêngginas-trampil.
Pangamuke prajurit: 1 Ngamuk punggung = ngamuk kaya pangamuke wong bodho, nekad tanpa petung (Punggung = bodho). 2 Ngamuk punggung sura tan taha nirbaya nirwikara = ngamuk kanthi nekad bangêt ora ana barang sing diwêdèni. 3 Nêmpuh byat manrang parangmuka = nêmpuh karthi[5] sêrêng marang mungsuh. 4 Nêmpuh byat tarwrin ing pringga = nrajang kanthi sêrêng ora wêruh ing bêbaya. 5 Mrawasa-pinrawasa = silih-ungkih, gênti unggul gênti kêlindhih. 6 Manjing jagang, ngrangsang bètèng, ngganthol kapurancang = nêdya ngrabasa mungsuh kang ana ing sajroning bètèng.

--- 23 ---

Atêgês kalah: 1 Ngucira ing yuda = ora sêmbada, mlayu ngoncati mungsuhe. 2 Oncat saka blabar-kawat = mlayu (Blabar-kawat = glanggang mawa watês kênthêng kawat). 3 Tinggal glanggang acolong playu = mlayu saka glanggang kanthi nglimpèkake (marga wêdi utawa ora wani karo mungsuhe. . Glanggang = papan adu-adu utawa ngadu tyasa).
Atêgês nungkul: 1 Nguncupakên asta = nyêmbah. 2 Asrah bongkokan = sarèhne wis rumangsa kalah, gêgamane dibongkoki (bêdhil, panah lsp) dipasrahake marang mungsuhe. 3 Asrah jiwa-raga = masrahake pati-urip, nêdya diuripi apa dipatèni, manut bae. 4 Kumurêb ing abahan = mangkurêb ing ganjêling gulu, nêdya ditigas gulune ya manut (Abahan = ganjêl gulu kang arêp ditigas). 5 Manglung jangga = gulune diulungake, yèn arêp ditigas ya manut. 6 Kajongjang sumangga asta, katuwêk sumangga jaja, katigas sumangga jangga = arêp dikêthok tangane, dicublês dhadhane apa ditigas gulune, manut bae.
Bala. 1 Durbala Kw = Dur (ala) + bala (kêkuwatan) = kêtaman ing kêkuwatan ala, rusak. 2 Bala-pêcah = barang-barang sing gampang pêcah (piring, cangkir lsp). 3 Balasrèwu Pd = candhabirawa, aji-ajine Prabu Salya saka Bagaspati (mara-sêpuhe), dayane bisa nêkakae setan akèh. 4 Ratu bandha-bandhu sugih bala Pd = ratu sugih bandha, sugih sadulur lan darbe wadya-bala akèh. 5 Dadya-bala bacingah Pd = wadya-bala campuran (manungsa karo rasêksa, manusa karo wanara, utawa manusa karo rasêksa lan wanara). 6 Kesisan-bala = kêntèkan bala.
Baris. Gelaring baris: 1 Baris pêndhêm = pacak-baris dhêdhêmitan. 2 Baris êmprit nêba = wadya akèh nêmpuh bêbarêngan. 3 Garudha nglayang = panatane wadya ana sing pinêtha cucuk, swiwi kiwa-têngên, buntut lan anggane garudha. 4 Wulan tumanggal = gêlaring baris awangun satêngah buwêngan (ora têmu-gêlang). 5 Hardacandra = (rêmbulan purnama) awangun buwêngan gêdhe. 6 Cakrabyuha = panatane wadya padha karo hardacandra.7 Supit-urang = panatane wadya ana sing pinêtha supiting urang kiwa-têngên, buntut lan anggane. 8 Brajasutiksnalungid = (panah landhêp) panatane wadya ing papan rupak supaya bisa ulah maju-mundur. 9 Ngêpung wakul mbaya mangap = panatane wadya awangun bundêr ngêpung mungsuh, lan ana sing ngrabasa mungsuh pinêtha angaping baya. 10 Jaladri pasang (samodra rob) = panatane wadya ana sing pinêtha pulo, alun lan prau. 11

--- 24 ---

Gilingan rata = panatane wadya ana sing pinêtha angganing rata, rodha kiwa-têngên lan buming kreta kiwa-têngên. 12 Dirada mêta = panatane wadya ana sing pinêtha tlale, gadhing lan anggane gajah kang lagi mêta.
Yuda. 1 Yuda kanaka Ws = pêrang kuku, kukur-kukur, sasmitane têmbang Pangkur. 2 Mangsah yuda Kw = magut jurit, magut pupuh, maju pêrang. 3 Sarayuda = arane gêndhing, lumrahe dibawani nganggo Dhandhanggula Turulare. 4 Yudayana = putrane Parikêsit kang gumanti kaprabon ing Astina (yèn manut Mahabarata putrane Parikêsit asma Janamijaya).
Mungsuh. Ngingu satru nglêlêmu mungsuh Pb = mbêciki marang mungsuh.
Pêrang. 1 Pêrang lèrès = pêrang nglimpe ulah mundur. 2 Pêrang popor = pêrang rukêt nganggo popor (marga wis kêntèkan obat-mimis. Popor = garan bêdhil). 3 Pêrang sabil - pêrang nglabuhi agama. 4 Pêrang takêr marus = takêr ludira = pêrang nganti ngêtokake gêtih akèh. 5 Pêrang tandhing = pêrang ijèn (siji mungsuh siji). 6 Pêrang ngarêp = pêrang adu-arêp ora limpe-linimpe, kosok-baline pêrang lèrès. 7 Pêrang simpangan = pêrang gagal = pêrang ing wayah sore durung ana pêpati (Wadya-bala saka nagara loro pêthukan ana ing dalan, rêbutan dalan dadi pêrang, wasana padha sêsimpangan). 8 Pêrang kêmbang = pêrang bakda jêjêr pêndhita (gara-gara), satriya karo danawa, wis ana pêpati (danawane mati); diarani pêrang kêmbang, sabab minangka kêkêmbange utawa pêpucuke pêrang ing sabanjure utawa candhake. 9 Pêrang tanggung = pêrange wadya têngahan (tanggung), dhuwur-dhuwure sing maju pêrang lagi patih, ratune panggawe ala durung ngêtoni jurit. 10 Pêrang brubuh = pêrang amuk-amukan akèh pêpati, ratuning panggawe ala uga mati utawa têluk. 11 Mêrangi hawa-napsu = nyandhêt (nyêgah) kêkarêpan ala. 12 Mêrang lêngên Pb = ngungasake kêkêndêlan (sarana mêrang lêngêne dhewe). 13 Mêrangi tatal Bs = mindho-gawèni (ora mbabar-pisani).
Prajurit. 1 Prajurit rucah = prajurit arahan, prajurit asor. 2 Prajurit jajar = prajurit sing asor dhewe. 3 Prajurit jagakarya = prajurit sing kuwajibane babagan ubarampene pêrang. 4 Prajurit tamtama = prajurit pilihan. 5 Prajurit bayangkara = prajurit sing rumêksa ratu (Indonesia: pengawal). 6 Prajurit jajèngsêkar = prajurit jêjaranan. 6 Tapane prajurit ana ing gunung wêsi (gunung gêni) Kss = kuwajibane prajurit iku abot toh nyawa, luwih abot tinimbang tapane pêndhita sing mung dhêdhepok

--- 25 ---

ing gunung lumrah, dudu gunung wêsi, dudu gunung gêni (Buku Sruti, Wirawiyata). Prajurit sinêlir = prajurit pilihan, prajurit kinasih.
Pupuh. 1 Têmbang sapupuh Kss = têmbang sawarna nganti sawatara pada. 2 Dèn pupuh Kw = digêbug. 3 Panusuling magut pupuh Ws = bêbantu (prajurit kang sumusul pêrang).
Rok. Rok-bandawala-pati Kw = pêrang-tandhing nganti mati salah siji.
Satru. 1 Satru bêbuyutan Pt = satru turun-tumurun. 2 Satru ati = satru batin, satru sing ora katara. 3 Nglêlêmu satru Pb = mbêciki mungsuh. 4 Satru manêngah Pb = sabarang prakara sing mawa mêmungsuhan. 5 Satru munggwing cangklakan Pb mungsuh sing kêcêdhak (kanca sapagawean, sadulur).
Tandhing. 1 Nyêngka tandhing Pb = nandhingi mungsuh sing luwih kuwat bangêt. 2 Pilih tandhing Pt = arang sing kuwat nandhingi yudane, sing kuwat nandhingi kudu wong pilihan. 3 Tanpa tandhing Pt = ora ana sing ngêmbari, ora ana sing madhani. 4 Milang-miling golèk tandhing Pt = golèk kêmbaran. 5 Etung-soalan bab têtandhingan Pt = etung-soalan bab pêpadhan-pamurwat. 6 Wudhu tandhing Pt = ora ana tandhinge, ora ana sing kuwat (wani) nandhingi.
Têlik. 1 Ditêlik = diwaspadakake sapari-polahe. 2 Têlik sandi Kw = Têlik sandi-upaya = têlik kang ndingkik mungsuh. 3 Têlik mangendrajaya Kw = têlik sing namakake krenah utawa kajuligan murih cilakaning mungsuh.
Wadya. Kesisan wadya Kw = kêntekan wadya (marga wadya-balane wis padha mati utawa mlayu). Wadya bacingah = bala campuran (manungsa karo rasêksa).

VII. DANAWA
Dasanama: Danawa = rasêksa (wadon rasêksi), yaksa (wadon: yaksi), diyu, wil, danuja, ditya, kalana, kala, asura, buta. Kaanane danawa: 1 Angga pindha prabata (Prabata = gunung). 2 Tutuk lir wiwaraning guwa (Wiwara = lawang). 3 Grana pindha canthiking baita (Canthik = cucuking prau ngarêp-buri). 4 Netra lir baskara kêmbar. 5 Godhèg-wok simbar-jaja wulu-wawar (Wok = wulu ing sangisor janggut. Simbar-jaja = bris. Wulu-wawar = wulu sing dawa-dawa). 6 Alise sumingkal (Singkal = perangane waluku kang tinancêban kêjèn). 7 Idêpe angisi (Kisi = kalêbu

--- 26 ---

praboting tênun dianggo ngikal bênang, gêdhene sadriji, dawane watara 20 cm). 8 Simbar-jaja kadya walingi (Walingi = sukêt kang tuwuh ing rawa, dhuwure nganti 2 m, gêdhene watara sadriji).
Panganggone. (lan pirantine): asumping pring sadhapur, asabuk ula-lanang, akalung ula-wêlang, asogok untu pêdhang, acuthik kuping klewang (Kabèh sarwa mêmêdèni).
Swarane: Antop-sêgu pindha gludhug sèwu, petak lir gêlap ngampar.
Yèn nêpsu: Lir sinabit talingane, jaja-bang mawinga-winga, sinabêta mêrang sagèdhèng "bêl" mubal dahana. Netra andik angatirah, imba têpung, idêp mangada-ada, waja gathik, kumêlut padoning lathi. Saking bangête nggêgêt waja, kecoh murus[6] ariyak ludira. (Sinabit = siniwal, sinuwèk, jaja-bang = dhadha mangangah abang, Mawinga-winga = kaya kêmbang sêpatu, kêmbang wora-waribang, bunga-raja, Mêrang sagèdhèng = gagang pari 2 pocong. Ngatirah = kaya godhong katirah, yaiku abang. Imba têpung = alise tikêl. Mangada-ada = ngadêg, njêgrêg. Marus = ludira, gêtih).
Buta. 1 Buta pracore Pd = buta asor, buta urakan. 2 Buta kala-wadya Pd = buta sing kaananing awake anèh, cacad, ora lumrah. 3 Buta ijo = buta sing mawa pulas ijo pralambange aluamah (doyan mangan-turu). 4 Buta terong Pd = wangune irunge kaya terong. 5 Buta cakil Pd = untune nyakil (nyongat mêtu). 6 Katbuta lan Kotbuta Pd = pêpatihe Menakjingga Adipati Blambangan. Têmbung “katbuta, kotbuta” têgêse: nêpsu bangêt. 7 Dasa buta mati Tjd = candrane wong minum 10 sloki. 8 Buta Locaya Kss = sing ngratoni lêlêmbut ing Kêdhiri sakulone kali Brantas, pamanggone ing guwa Selabale dumunung ing gunung Klothok (Yèn sing ngratoni lêlêmbut ing sawetane Brantas Tunggulwulung, pamanggone ing gunung Kêlud).
Danawa. 1 Rota danawa Kw = buta galak. 2 Danawa (dênawa) = lumrah dikerata, ngêdên - hawa (hawa-nêpsu ala).
Diyu. Ndiyu wrêksa Bs = wani marang pamarentah, pangadilan utawa panggêdhe.
Ditya. 1 Dityakumba lan Aswanikumba Pd = putrane Kumbakarna, 2 Raditya Kw = srêngenge.
Yaksa. 1 Yaksadewa Pd = Bathara Kala jumênêng Ratu ana ing nagara Selatama lan nyedani Anoman sarana gada malihane Bathara Brama (Lakon Mayangkara, Mayangkara iku Anoman). 2 Kreta apangirid turanggayaksa Pd = kreta Jatisura,

--- 27 ---

yaiku kretane Ramawijaya kang ing salêbare pêrang Alêngka sinimpên Wibisana. lan pamburine banjur sinimpen dening putrane Wibisana kang asma Prabu Bisawarna (Ratu ing Singgêla).
Rasêksa, Sastra-jendra ayuningrat pangruwating rasêksa-diyu Pd = (piwulang) ngèlmu utawa kawruh linuwih sing bisa mêmayu-ayuning jagad. Ing padhalangan sing kocap mbabar Sastrajendra ayuningrat pangruwating rasêksa-diyu yaiku Rêsi Wisrawa marang Dèwi Sukèsi.

VIII. WONG
Dasanama: Wong = jana, janma, jalma, manus, manusa, manusya, manuswa, tiyang, nara. Têmbung "wong" bisa dirimbag dadi: mong, momong, winong, winong-wong, kawong, pawongan lsp.
Among. 1 Among dagang = laku dagang dêdagangan. 2 Among kisma = ulah lêmah, among tani, têtanèn. 3 Among hyun Kw = among raras, among raras karasikan, among lulut, among rêsmi, sih-sinihan. 4 Among praja = nyêkêl paprèntahan. 5 Among slira = among raga, ngapenakake awak, sakapenake murih awake ora rêkasa. 6 Among tuwuh = kang rumêksa urip, yaiku Gusti Allah. 7 Kaki among nini among = lêlêmbut lanang-wadon sing rumêksa jabang-bayi.
Jana. 1 Ja (lair) + na (sing) = sing lair, dadi manungsa. 2 Durjana Kw = dur (ala) + jana = wong ala (maling lsp). 3 Janaloka Kw = jana + loka (jagad, alam) = jagade manusa, alame wong, yaiku Marcapada, alam-donya (Uga arane cantrik sing ngoyak-oyak Prêgiwa lan Prêgiwati). 4 Kajanapriya Kw = (têgêse lugu: dilanangake) misuwur, kasusra, kontap, kongas, komuk, kajuwara, kondhang, kaonang-onang, kawêntar, kalok, kaloka. 5 Disujanani = disanggarunggèni, kurang dipracaya tindak-tanduke. 6 Sarjana = wong kang wis putus ing kawruh. 7 Sujana = wong kang luhur kabatinane.
Janma. 1 Janma mati murka Pb = cilaka marga saka murkane. 2 Bisa tatajanma = bisa gunêman kaya manusa. 3 Giri-lusi janma tan kêna ingina Pb = salagine cacing sing ora bisa nggrêmêt mêksa têkan ing pucaking gunung; apa manèh manungsa, saya ora kêna diina; mulane aja sok ngina marang sapadha-padha. 4 Janma mara mati, sato mara mati Br = papan sing angkêr bangêt, manusa utawa kewan sing ngambah mêsthi tumêka ing pati. 5 Manjanma Kw = nitis dadi manusa. 6 Sirêp janma Pt = wêktu bêngi wis sêpi wong,

--- 28 ---

watara jam 11. 7 Pilih janma kang udani Br = arang wong kang mangêrti (sumurup). 8 Wis njalma Pt = wis njilma, wis njanma, wis kaya wong, maksude wis ora galak, ora jarah.
Koja. 1 Akal koja Pb = akal kanggo ngapusi sing alus bangêt. 2 Mênthung koja kêna sêmbagine Pb = rumasane ngapusi, satêmêne kapusan, marga sanadyan olèh sêmbagi, sêmbagi iku larang bangêt rêgane. (Mênthung ngibarat: ngapusi. Rumangsane iku rêgane larang bangêt).
Landa. Landa godhong, macan ompong, bêdhil kosong Pt = unèn-unèn kang kêrêp kêprungu ing jaman panjajahan, maksude: wong Jawa ora kêna ambêk-wani; sanadyan marang Landa-godhong pisan (dudu Landa totok), marang macan sing tanpa untu lan marang bêdhil sing tanpa isi ya kudu wêdi (Apa manèh marang Landa totok).
Mong/momong. 1 Kêparênga ingkang putra kula mong Pt = ingkang putra kula suwun dadosa semah kula. 2 Trimaa sing nglakoni mangsa trimaa sing momong Pt = sanadyan wong sing disiya-siya trima, Gusti Allah mêsthi ora marêngake lan bakal malêsake. Wong sing sêsêmbranan, manawa krungu ukara mangkono iku adhakane sok nyambungi: "Sing momong manèh oraa trima, hla wong sing nglakoni bae trima". 3 Drêman golèk momongan Pb = wis akèh tanggungane ndadak nindakake apa-apa sing njalari wuwuh akèhe tanggungan (Drêman = wong wadon sing sugih anak). 4 Lêgan golèk momongan Pb = wis kapenak ndadak nindakake apa-apa sing njalari rêkasane. 5 Momongmurka = patihe Prabu Niwatakawaca ratu ing Imaimantaka.
Nara. 1 Narapraja Kw = punggawa nagara, priyayi. 2 Naragiyota Kw = punggawa prau (Indonesia: anak kapal). 3 Narayana Pd = Krêsna. 4 Narasoma Pd = Salya.[7]
Cina. 1 Kaya Cina craki Bs = cêthil bangêt, petung bangêt. 2 Enggon cina didoli dom Bs = wong pintêr diumuki. 3 Klêbon cina gundhulan Bs = kapusan. (Jaman biyèn kabèh Cina mêsthi kuciran; yèn ana Cina gundhulan, mêsthi Cina ala).
Wong. 1 Wong kumpra Pt = wong asor. 2 Wong branggah Pt

--- 29 ---

= wong tani sing darbe rajakaya. 3 Wong urakan Pt = wong asor, sudra. 4 Wong mutihan Pt = wong sing mungkul marang agama. 5 Wong abangan Pt = wong sing ora nglakoni sarengating agama. 6 Disarang wong Pt = ora disênêngi wong. 7 Wis kawong Pt = wis akèh wong sing ngrêti utawa têpung. 8 Mada kawongan Pb = nacad, ing batin sajatine isih sênêng. 9 Lawas-lawas kawongan godhong Bs = wong ngabdi iku lawas-lawas mêsthi ora kanggo. (Kawongan godhong = kadunungan sêsipatan kaya godhong, manawa wis ora ana gunane banjur dibuwang). 10 Pawong mitra Pt = mitra sing kalêbu rakêt, mitra kulita. 11 Pawongan Pt = abdi wadon ing kraton bangsane para nyai. 12 Wong mati ora kêsasaban bumi Bs = wong sêngsara bangêt uripe, pêpindhane kaya wong sing wis mati, nanging durung dikubur. 13 Ora diwongake Pt = dianggêp dudu wong, disapèlekake bangêt. 14 Kasèp-lalu wong mêtêng sêsuwêngan Bs = barêng wis mêtêng sêsuwêngan, aran kasèp). 14 Aluwung kalah wang tinimbang kalah wong Pt = aluwung kapitunan nanging prawira, tinimbang olèh kauntungan nanging nistha. 15 Ora wêruh marang wong tuwa Pt = lali marang wong tuwa (ora gêlêm mikir bab uripe, wêgah têtulung lsp). 16 Winongwong jawata Bs = têgêse lugu: diêmong dening dewa, maksude: klakon sabarang kang sinêdya. 17 Ana wong ngoyak macan, dèn wadhahi bumbung = Mr macan.

IX. BOCAH, LANANG, WADON, JAKA, RARA Lsp
Dasanama: 1 Bocah = larya, rarya, lare, rare, walaka. 2 Lanang = priya, jalu, jalêr, kakung. 3 Wadon = stri, èstri, wadu (Wadu + an = wadon), wanita, dyah, juwita, dayita (dayinta), rini, rèni, gini, putri, lumrah dipêpindhakake: kusuma (kêmbang) utawa rêtna (sêsotya). 4 Prawan = rara, kênya, dhara, dhere (tumrap pitik). 5 Atêgês lanang-wadon (diarani têmbung yogyaswara): dewa-dewi, gana-gini, sarêksa-rasêksi, apsara-apsari, parameswara-parameswari lsp.
Bocah sukrêta (lumrah diruwat sarana ditanggapake wayang lakon Amurwa-Kala): 1 Julung kêmbang = lair barêng lan plêthèking surya. 2 Julung sungsang = lair wêktu surya mèh surup. 4 Julung caplok = lair barêng lan suruping surya. 5 Tawang-gantungan = kêmbar utawa dhampit, nanging kang laire lêt dina. 6 Kêmbar = loro lair barêng lanang kabèh utawa wadon kabèh. 7 Dhampit = loro

--- 30 ---

lair barêng lanang-wadon. 8 Sumala = cacad wiwit lair mula. 9 Bungkus = lair isih kêbuntêl kêndhangan. 10 Jêmpina = lair durung mangsane (lagi 8 sasi utawa kurang ana ing guwa-garba). 11 Margana = lair ana ing dalan. 12 Wahana = lair ing papan rame. 13 Cêmani = pakulitan irêng mulus. 17 Wungle = bule. 18 Salewah = perangane awak kiwa-têngên ora padha (warnane). 19 Gondhang-kasih = kêmbar sing beda pakulitane (upama: siji bule, sijine cêmani). 20 Wuyungan = lair ing mangsa gègèr (ana pêrang, gunung njêblug lsp). 21 Jadah = ora karuwan bapakne, utawa: laire bocah iku wong tuwane durung ijab.
Bocah. 1 Bocah wingi sore Pb = wong (wis diwasa) dipepindhakake isih bocah, marga isih nom, durung darbe pangalaman. 2 Dhudha bocah Pb = jêjaka sing ditinggal mati pacangane. 3 Ora mambu bocah = ora mèmper bocah.
Dhudha. 1 Dhudha kêmbang Pt = dhudha sing durung darbe anak. 2 Dhudha bocah Pb = jêjaka sing ditinggal mati pacangane. 3 sugih anak. 4 Dhudha kalung = dhudha sing darbe anak wadon wis gêdhe. 5 Dhudha calak = wong lanang sing purik. 6 Dhudha bantat = arane lêmud sing manawa nyakot njalari jenthol. 7 Dhudha ngasag = arane pêri. 8 Cangkir dhudhan = cangkir tanpa lambaran (lambarane wis pêcah utawa ilang). 9 Dhudha kasmaran = arane lagu têmbang Pangkur (lumrahe laras slendro).
Jaka. 1 Jaka jêbug = jaka sing wis tuwa. 2 Jaka-tuwa = arane manuk bangsane bèthèt. 3 Jaka kulama-kala = bocah lanang sing mèh ngancik diwasa (umur 16 taun). 4 Jaka-bèlèk = arane lintang (asorot abang). 5 Jaka-rara bojo kawitan (nalika têmune lanange isih jaka lan wadone isih rara utawa prawan). 6 Jaka Lodhang = arane buku karangan Ranggawarsitan, isine: Jaka-Lodhang (awujud wanara) mêdhar jangkane jaman marang Panji Putra. 7 Jaka Sangkala = pêparape Ajisaka (putrane Empu Anggajali utawa Prabu Iwaksa ing nagara Surati tlatah Indu). 8 Jaka Tingkir = Banyakwidhe. Hadiwijaya, Mas Karèbèt, ratu Pajang. 9 Prabu Jakapitana Pd = Prabu Suyudana ing Astina. 10 Jaka Tarub (Kidang Têlangkas) Bb = Putrane angkat Ki Agêng Tarub kang krama widadari asma Nawangwulan, pêputra Nawangsih.
Kênya. 1 Prabu Kênya Bb = Ratu Ayu Kêncanawungu ing Majapait [Maja...]

--- 31 ---

[...pait] (Dèwi Subasiti) kagarwa Damarwulan. 2 Kênya-puri Kw = papane para kênya (ing kraton). 3 Gunung kêndhêng sêmune kênya musoni Pl = pralambange S. Pakubuwana I, jumênênge Sunan wis sêpuh, nanging isi sok manggalih prakara sing rèmèh. 4 Kênya-Kêdhiri Kss = arane têmbang Gêdhe. 5 Wèni-kênya = arane lagu têmbang Sinom. 6 Kênya-wadu Pd = arane punggawane yaksendra awujud rasêksi manganggo lanang (Lumrahe sinêbut: Emban Kênyawadu).
Lanang. 1 Lanang kêmangi Pb = wong lanang sing jirih. 2 Mêtua, nyata lanang!Pt = yèn nyata kêndêl, ayo tandhing karo aku. 7 Kaya lanang-lananga dhewe Pt = kaya mung awake dhewe sing duwe kêkêndêlan. 4 Bawang lanang Pt = bawang sing tanpa siyungan. 5 Wong lanang padha lèk sanga Pt = padha dene wong lanang sing olèhe ana ing guwa-garba 9 sasi. 6 Sada lanang Pt = sada sing mawa kasiyat (lumrahe dianggo sabêt). 7 Lêlanange jagad Pt = wong sing kêndêl dhewe sajagad. 8 Sadulur pancêr lanang Pt = sadulur saka bapa.
Lare. 1 Kapi-lare Pt = wong kang awatak kaya bocah (mbocahi). 2 Lareangon = arane ula cilik awarna abang lan irêng. 3 Turu-lare Kss = arane lagu têmbang Dhandhanggula (lumrahe mawa laras pelog pathêt 6).
Prawan. 1 Prawan sunthi Pt = prawan kêncur. bocah wadon sing mèh ndungkap diwasa (prawan cilik, watara umur 13 taun). Prawan = nêdhênge mbabar prawa = praba = sorot). 2 Prawan gêndhor Pt = prawan kawak, prawan sing wis lungse, wis tuwa.
Priya. 1 Kulik priya Ws = Tuhu. 2 Priyambada Pd = putrane Janaka sing nggarwa Mustakawèni = kondhang, misuwur. 4 Utamane priya ndarbènana: curiga, wisma, turangga, wanita, kukila = Mr. curiga.
Randha. 1 Randha lanjar Pt = randha sing durung darbe anak. 2 Randha tanggung Pt = randha isih rada nom. 3 Randha kisi Pt = randha caluk, randha kuwat, randha sing darbe anak lanang wis gêdhe. 4 Randhakuning Pt = arane sawah sing sangar. 5 Lèpèk randhan Pt = lèpèk sing wis tanpa cangkir (cangkire wis pêcah utawa ilang). 6 Randha Widada Pd = asmane Srikandhi nalika namur laku ngupaya Janaka, nalika samana Janaka lagi mratapa ana ing Giripura asma Bagawan Endrajatikusuma. 7 Mbok randha Dhadhapan Kss = randha sing ora kawruhan jênênge, yaiku randha sing dingèngèri Dèwi Sêkartaji utawa Kèn Limaran (Candrakirana) ing sadurunge kagarwa Panji Putra. 8 Randha-kêmul Pt = arane panganan. 9 Randha samaya Pt = arane bakal klambi saka tênunan.

--- 32 ---

Rara. 1 Rarabentrok Kss = arane têmbang Gêdhe sing lumrahe dianggo mbawani gêndhing Montro. 2 Rara gêdhang Pt - prawan sing mêtêng. 3 Rara Mêndut Bb = putri boyongan saka Pathi sing nêdya digarwa Tumênggung Wiraguna ora gêlêm, malah banjur gandhèng karo Pranacitra. Rara Mêndut iku putrane Kyai Janala ing kutha Pathi, nganti saprene kampung sing biyèn diênggoni Kyai Janala diarani kampung Janalan. 4 Nyai Rara Kidul Bb = widadari Nawangwulan sawise oncat saka Jaka Tarub kondur mênyang Kawidodarèn ora ditampa dening para widadari (marga dianggêp wis ora suci), banjur tumurun mênyang donya manèh dêdunung ana ing samodra Kidul ngratoni lêlêmbut. 5 Dèwi Rara Irêng Pd = Sumbadra, Dèwi Bratajaya. 6 Palara-lara Pt = parara-rara = para nyai sing isih nom (ing kraton), utawa: sêlir sing durung diningkah. 7 Lung gadhung sêmune rara nglikasi Pl = pralambange Sunan Mangkurat putrane S. Pakubuwana I, bagus rupane, cacade rada thukmis. 8 Rara ngangsu randha loro anututi pijêr atukar Pl = pralambange jaman P. Mangkubumi lan R. M. Said madêg suraning panggalih sing wusanane P.Mangkubumi jumênêng Sultan Hamêngkubuwana I lan R. M. Said jumênêng P. Mangkunagara I.
Wadon. 1 Wong wadon abau laweyan Pt = wanita sing darbe cacad dhêkik ing poking baune, yèn omah-omah, sing lanang ora dawa umure. 2 Wong wadon cowèk gopèl Pb = wong wadon iku mung kari sakarêpe wong lanang; pêpindhane cowèk sing gopèl, isih dianggo kêna, dibuwang iya kêna. 3 Wong wadon iku swarga nunut nraka katut Pb = bêgjacilakane wong wadon iku gumantung marang sing lanang (bojone). 4 diwadonake Pt = dianggêp wong wadon, maksude: wong lanang sing dianggêp ora nduwèni kêkêndêlan. 5 Ora mambu wong wadon Pt = wong wadon sing tindak-tanduke lsp ora mèmpêr wong wadon. 6 Wong wadon iku paribasane "karubyuk kabotan pinjung". Pt = wong wadon iku ora bisa cancingan.
Wala. 1Walagita Kss = arane têmbang (gêndhing) laras pelog, geronge lumrahe ganggo[8] unèn-unèn: kêmbang adas lsp. 2 Pancawala Pd = putrane Puntadewa. Manut buku Mahabarata, Pancawala putrane dèwi Drupati awujud bocah lima: 1 Pratiwindya patutan karo Yudhisthira. 2 Sutasoma patutan karo Bima. 3 Srutakirti patutan karo Arjuna, 4 Satanika karo Nakula, 5 Srutasena karo Sadewa. 3 Sabuk-wala Pt = bêbêdan, jarite sing saparo dianggo kêndhit. 4 Suwala Kw = bangga, ora miturut, nglawan.

--- 33 ---

X. ALURANING SADULUR.
Dasanama: 1 Sadulur = kadang, kadeyan, sanak (sa + anak), warga, wangsa, wandawa, sêntana. 2 Anak = wêka, suta, siwi, sunu, tanaya, putra, atmaja, yoga, bani. 3 Bapa = sudarma, yayah, rama, bapak. 4 Biyung = biyang, êmbok, wibi, rena, umi, ibu. 5 Turun = trah, têdhak, thuras, wijil, rêmbês. 6 Atêgês anak utawa turun: Pandhawa = turun Pandhu. Kurawa = turun Kuru. Yadawa = turun Yadu. Ragawa = turun (putrane) dèwi Ragu, yaiku Ramawijaya.
Arane turun: 1 Turun udhèt = turune wong asor. 2 Turune wong ahli laku = turune wong kulina tirakat. 3 Pidak padarakan cèkèl longaning bale = turun sudra. 4 Trahing witaradya = turune wong linuwih. 5 Turasing satriya = turune satriya (prajurit). Têdhaking amara tapa = turune pandhita. 7 Wijiling andanawarih = rêmbêsing madu = turune bangsa luhur. Turun wolu: anak, bapa (biyung), êmbah (putu), buyut, canggah, wareng, udhêg-udhêg, gantungsiwur, grêpak-senthe (gropak-senthe).
Uruting anak: 1 Pambarêp (pambayun). 2 Panênggah, panggulu. 3 Pandhadha; yèn anake kabèh mung lima, pandhadha iku uga diarani: pênêngah pamadya, pamade. 4 Sumêndhi utawa sumêndhe (kakang wuragil). 5 Wuragil (waruju).
Anak miturut cacahe: 1 Ontang-anting = anak lanang 1. 2 Unting-unting = anak wadon 1. 3 Ugêr-ugêr lawang = anak lanang 2. 4 Kêmbang sapasang = anak wadon 2. 5 Gêdhana-gêdhini = anak 2 lanang-wadon. 6 Sêndhang kaapit pancuran = anak 3 panêngahe wadon. 7 Pancuran kaapit sêndhang = anak 3, panêngahe lanang. 8 Sarimpi = anak 4 wadon kabèh. 9 Saramba = anak 4 lanang kabèh. 10 Pandhawa (Pandhawa pancala-putra) = anak 5 lanang kabèh. 12 Padangan = anak 5 wadone 1 (uga diarani: Pandhawa madhangake). 13 Pipilan = anak 5 lanange 1 (uga diarani Pandhawa ipil-ipil). 14 Pandhawa nyandhangi = anak 6 wuragile wadon. 15 Pathok = anak akèh panêngahe lanang. 16 Gendhong = anak akèh panêngahe wadon. 17 Sumarak = anak akèh lanange mung 1 utawa wadone mung 1.
Arane sadulur: 1 Adhi-ipe = bojone adhi. 2 Kakang-ipe = bojone mbakyu. 3 Mbakyu-ipe = bojone kakang. 4 Pripean = padha dene ngalap. 5 Paman = adhine lanang bapa utawa biyung. 6 Bibi = adhine wadon bapa utawa biyung. 7 Uwa = kakange utawa mbakyune bapa utawa biyung. 8 Nak-sanak = nak-dulur = tunggal êmbah. 9 Misan = tunggal buyut. 10

--- 34 ---

Mindho = tunggal canggah. 11 Ming têlu = tunggal warèng. Lan sabanjure.
Anak: 1 Anak angkat = anak pèk-pèkan, yèn wiwit cilik diarani anak pupon. 2 Anak-mas = bocah Jawa sing dipèk anak bangsa Eropah (Walanda). 3 Anak pujan = anak sing anane sarana dipuja, kayata: Garèng iku anake pujan Sêmar. 4 Anak anung anindhita Br = anak sing linuwih tanpa cacad. 5 Anak-putu = turun. 6 Atine sagunung anakan = mongkog bangêt. 7 Sagara anakan = sagaran, banyune lubèran saka sagara. 8 Anakane dhuwit = rèntê, uyahan. 9 Anak-anakan timun Bs = ngêpèk anaking liyan, barêng wis gêdhe dialap bojo. 10 Anak molah bapa kêpradah Pb = wong nêmu rêribêd marga saka luputing tindake anake. 11 Abot anak karo têlak Pb = luwih mrêlokake kaprêluaning anake tinimbang karo kaprêluaning awake dhewe. Iku wong-tuwa sing utama, dene sing asor: abot têlak karo anak. 12 Sêmut irêng anak-anak sapi Pl = pralambange Dèwi Sapudhi putri saka Wandhan, pakulitane irêng manis, kagarwa Brawijaya-wêkasan, pêputra Lêmbupêtêng. 13 Jumambak manak, jumêbêng mêtêng = wanita sing kêrêp bangêt manak.
Bapa: 1 Bapa kêsulah anak kêpolah Bs = anak wajib tanggung-jawab prakarane bapakne sing wis mati (Nyauri utange lsp). Takon bapa Pt = bocah wiwit lair durung tau sumurup bapakne, barêng wis gêdhe nakokake (Takone lumrahe marang biyunge utawa êmbahne). 3 Bapa-babune desa Pt = sing mêngku lan nguwasani desa. 4 Adam-Kawa iku bapa-babune wong sadonya Pt = Adam-Kawa iku sing nurunake wong sadonya. 5 Bapa-paman Pt = pak-cilik, adhine lanang bapa utawa biyung. 6 Anak molah bapa kêpradah = Mr anak.
Buyut. 1 Buyutên = tangane, sikile lsp. obah nrêthêk marga wis tuwa bangêt. 2 Kabuyutan Kw = papane para pêndhita, sanggar pamujan. 3 Satru bêbuyutan Pt = satru turun-tumurun.
Kadang. 1 Kadang-katut Pt = dadine kadang karo wong liya, marga ana sadulur sing dialap bojo dening wong liya mau. 2 Kadang konang Bs = sing diaku mung sadulure sing sugih, sing dadi priyayi, sing nduwèni kaluwihan. 3 Kêndhit mimang kadang dewa Bs = kalis ing bêbaya. 4 Olèh kadang ing tingal Pt = olèh wanita sing dadi panujuning ati. 5 Akadang saksi Pb = marahi marang saksi carane matur marang pangadilan, supaya wong sing marahi iku olèhe prakaran bisaa mênang. 6 Kadang-kadeyan Kw = sanak-sadulur, kadang warga.
Kakang. 1 Kakang-adhi Pt = sadulur tumruntun; entar: ora akèh kacèke, mèh padha gêdhene. 2 Kakang kawah adhi ari-ari Pr =

--- 35 ---

tinimbang laire bayi, kawah luwih dhisik, ari-ari luwih kari. 3 Kakang-mbok Pd = mbakyu.
Kaki. 1 Kumaki Pt = darbe ambêg kaya wong kaki-kaki, maksude: kaya wong wis sugih pangalaman, kumintêr. 2 Pancakaki Pt = wong sing dadi pinituwaning desa. 3 Kaki Prabu Gathutkaca Pd = têmbung "kaki" panyêbut marang priya kaprênah nom kang kinasih. 4 Nganti kakèn-kakèn ninèn-ninèn Pt = lêstari têkan tuwa (olèhe jêjodhoan). 5 Wis kaki-kaki = wis tuwa bangêt (tumrap priya).
Naya (tanaya). 1 Naya = Winayang, mangsa Kanêm. 2 Badranaya Pd = Nayantaka, Sêmar. 3 Nayagenggong = putrane Sabdapalon.
Nini. 1 Nini-nini kêmul kandhi Tyk = kacang. 2 Kumini = kuma + nini, diwancah sarana mbuwang perangan têngah: kum(an)ini = ambêke kaya wis nini-nini, kaya wis sugih pangalaman, kumintêr. 3 Nini Dèwi Pd = têmbung "nini" panyêbut marang wanita kaprênah nom kang kinasih. 4 Nini Thowok = nini Towong = dolanan (tontonan) sing digawe wuwu lan siwur pinêtha wong-wongan (kêsurupan lêlêmbut). 5 Nini paès Bs = ndandani barang sing wis rusak bangêt.
Putra. 1 Bisa mancala putra mancala putri Br = bisa molah-malih warna dadi apa-apa. 2 Lir panjangputra dhawah ing sela Pp = kumêpyuring panone priya lan wanita kang gathuk ing pandulu lan padha dene kasinungan rasa sih-trêsna. 3 Pangeran Panji Putra Bb = Pangeran-putra ing Jênggala (Panji Asmarabangun, Inukêrtapati) sing nggarwa Sêkartaji (Candrakirana). 4 Prabu Banaputra Pd = Ratu Ayodya sing pêputra Dèwi Sukasalya utawa Dèwi Ragu, dadi kaprênah eyange Ramawijaya. (Sasedane Banaputra sing jumênêng Ratu Ayodya Dasarata). 5 Rêsi Kanekaputra Pd = Narada, pêpatih ing Suralaya, kahyangane ing Sidiudalulad.[9] Manut buku Purwakandha, Narada kakange Bathara Guru, sabab hyang Tunggal pêputra 4: Puguh (Togog), Punggung (Sêmar), Manan (Narada), Btr. Guru. 6 Darmaputra Pd = Puntadewa.
Sadulur. 1 Sadulur asu Pt = sadulur tunggal biyung. 2 Sadulur sarilak Pt = sadulur palihan = sadulur tunggal suson, kayata: Abiyasa karo Dewabrata (padha dene disêsêpi Dèwi Durgandini). 3 Sadulur kringkêl Pt = tunggal guwa-garba, bisa uga tunggal bapa barang. 4 Sadulur tunggal wêlad Pt = tunggal bapa-biyung (Jaman biyèn pangêthoke ari-ari nganggo wêlad. Tunggal wêlad = wêlad sing dianggo ngêthok ari-arine nunggal). 5 Sadulur sinarawèdi Br = sadulur sing rakêt bangêt; apiking

--- 36 ---

srawunge pêpindhane kaya sêsotya sing wis disarawèdi (digosok).
Sanak (sa + anak). 1 Sanak kêtêmu dalan Pt = mitra kulita. 2 Ora sanak wong, sanake mung dhuwit bae Pt = bangêt petunge marang dhuwit, nganti ora ngèlingi sadulur utawa mitra. 3 Angrong prasanakan Bs = ndhêmêni bojone sadulur utawa mitra. 4 Tuna satak bathi sanak Pt = tuna sathithik ora dadi apa, sok ugêr bisa wuwuh kuwanuhan. 5 Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kelangan Pt = wong liya, nanging yèn nganti nêmu ora kapenak mêsthi dibelani. 6 Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak Bs = sanadyan ala, isih sanak, yèn ana apa-apane mêsthi ora tega.
Suta. 1 Suta, Naya, Dhadhap, Waru, Gati, Niti Pt = nyêbutake wong-wong sing ora kawruhan jênênge. 2 Sutawijaya Bb = Panêmbahan Senapati, Mas Ngabèhi Loring Pasar, Ratu Mataram I. 3 Suta manut ing bapa Tyd = candrane mangsa Katêlu, gadhung, wi lan gêmbili wis wiwit katon mrambat (ing pagêr lsp).
Tunggal. 1 Tunggal rasa Pt = tunggal kawruh kabatinan. 2 Tunggal kokoh Pb = tunggal pagawean, olèhe mangupajiwa tunggal sapanggonan. 3 Sang Hyang Tunggal Pd = kahyangane ing Alangalangkumitir, dewa sing pêputra: Wijamantri, Ismaya, Manikmaya (miyos saka garwa Dèwi Rêkathawati) lan Darmastuti, Dewanjali. Lodra (miyos saka Dèwi Drêmani).[10] 4 Sêdhakêp asuku tunggal = carane muja-samadi, yaiku tangane sêdhakêp sikile manunggal. Tunggal Guru = padha dene nampa piwulang saka sawijining Guru, kayata Prabu Jayabaya karo Ajar Subrata, gurune asma Maulana Ali Samsyu Zain.

XI. KRIYA, PANGUPAJIWA
Dasanama: 1 Gawe = kirtya, karti, kardi, karya, yasa. 2 Nyambut-gawe = makirtya, makarti, makardi, makarya, nambutkarya (yèn atêgês golèk pangan = ngupaboga, ngupajiwa). Arane kriya (tukang, pangupajiwa): 1 Para = ngêdolake mas-intên. 2 Blantik = bakul rajakaya (jaran). 3 Molang = bakul kêbo. 4 Kundhi = gawe barang saka lêmah. 5 Mranggi = gawe wrangka. 6 Pandhe = gawe gêgaman saka wêsi. 7 Empu = gawe gêgaman saka wêsi-aji. 8 Sayang = gawe barang saka têmbaga. 9 Jlagra = tukang natah watu. 10 Undhagi = gawe barang saka kayu (Tukangkayu). 11 Dhalang = nyritakake wayang. 12 Kusir = nglakokake dhokar. 13 Supir = nglakokake motor. 14 Masinis = nglakokake mêsin (sêpur). 15 Gamêl = ngrumat jaran. 16 Pakathik = nuntun jaran. 17 Panêgar = ngajari jaran. 18. Srati = ngopèni gajah. 19 Niyaga [Ni...]

--- 37 ---

[...yaga] = nabuh gamêlan. 20 Mrêbot = nabuh bêdhug. 21 Kêmasan = barang saka mas (slaka lsp). 22 Koki = olah-olah. 23 Juru madhaharan = olah-olah ing dalême bangsa luhur. 24 Grêji = ndondomi. 25 Calak = nêtaki. 26 Pangobèng = buruh mbathik. 27 Singanagara = lêgojo, tukang nindakake ukum kisas (ukum pati). 28 Tuwa-buru = abdining ratu kang pakaryane mbêburu. 29 Grêma = tukang mbêburu (dudu abdining ratu). 30 Tuwa-rawa = abdining ratu juru miyasa iwak. 31 Inya = tukang nusoni. 32 Emban = tukang momong. 33 Gêmblak = gawe barang kuningan. 34 Banjarwaru = wong sing nglamarake (mawi opah). 35 Congkok = lantaran bêbesanan (tanpa opah). 36 Jomblang = nglantarake bêbedhangan. 37 Lurah-têkèk = jomblang, lêlurahe palanyahan. 38 Gandhèk = nglantarake dhawuhe ratu (nawala-dalêm). 39 Blandhong = tukang nêgor kayu (punggawa desa). 40 Kere = pêpriman, ngêmis. 41 Maling = tukang nyolong. 42 Lonthe = lèndhi, tlêmbuk (bisa kagok Banyumas). 43 Bakul = dodolan. 44 Sudagar = sambiwara, sambewara, bakul gêdhe; yèn Sudagar bangsa Indhu jênênge koja. 45 Juragan = dagang gêdhe bangêt. 50 Wali = mêncarake agama Islam. 51 Badal = wêwakil ing babagan agama. 52 Pangon = tukang angon. 53 Padang = tukang adang. 54 Wuruk = nglakokake pedhati (grobag, kreta). 55 Kerata = mbêburu (grêma).
Wong ala: 1 Maling = nyolong wayah bêngi. 2 Kècu, koyok, kampak = maling akèh wayah bêngi kanthi pamêksa. 3 Culêng = kècu sing lêbune kaya maling, gêlêm mêmatèni. 4 Garong = wayah awan utawa bêngi, wong akèh, sarana pamêksa. 5 Begal = wong siji utawa loro ngadhang dalan lan njaluk kanthi pamêksa. 6 Nyêbrot = ngrêbut gawan utawa panganggo banjur mlayu. 7 Nyêlêr = nglimpe njupuk barang sing diadhêp dening sing duwe banjur lunga. 8 Mblurut = nyolong barang sajabaning omah ing wayah awan (ing memean lsp). 9 Mbarak = nyolong rajakaya ing kandhang wayah bêngi. 10 Mbradhat = nyolong rajakaya wayah awan ing pangonan. 11 Kutil = nyêlêr barange liyan kang digembol utawa digawa ing papan rame. 12 Ngubut-ubut = nyolong ing omahe wong wayah esuk. 13 Nayap = nyolong ing omahe wong wayah awan. 14 Njelag = ngapusi ana ing dalan. 15 Milah = ndudut kêris si diênggo (saka buri). 16 Mbêdhog = nyêkêl kewan iwèn sing lagi saba (pitik lsp). 17 Bajag = begal ing sagara.

--- 38 ---

Dagang. 1 Dagang tuna andum bathi Bs = gawe kabêcikan sarana lantaran wong liya. 2 Pêdhèt ndagangi Pt = wiwit bisa mlaku. 3 Pagaweane didagang Pt = disêsuwe, supaya akèh wêtuning opahe.
Dhalang. 1 Dhalang opah-opah Bs = wis rêkasa tanpa pituwas, malah tombok. 2 Ana sing ndhalangi Pt = sing ngêthuk-éthukake rêmbug murih dadine. 3 Lungguh ngêdhangkrang kaya dhalang Bp = lungguhe katon angkuh. 4 Kaya dhalang kurang sajèn Pp = wong carita utawa gunêman sing sajak katon kurang grêgêt-saut, sêmu kêmba. 5 Dhalang ora kurang lakon Pb = wong iku lumrahe ana-ana bae akale. 6 Dhalang krubuhan panggung Bs = wong sing sanalika kandhêg gunême, marga kuwêlèh. 7 Dhalang Kandhabuwana Pd = Wisnu nêdya mbatalake mêmangsane Kala sing wis diparêngake dening Bathara Guru lan dèwi Uma, tumurun ing Marcapada dadi dhalang aran Kandhabuwana kanthi pangêndèr Nyi Saruni (malihane Brama) lan panjake aran Ki Panjakdhalangklungkung (malihane Narada), caritane wayang aran lakon Amurwa-Kala.
Durjana. 1 Durjana mati raga Pb = durjana sing atekad pati. 2 Durjana murang karsa Bs = panggêde kang murang saka parentahe. utawa pangadilan sing murang saka pangadilane. (Dur = ala. Jana = wong).
Dhustha. 1 Anirna dhustha Pb = têtulung wong ala murih aja nganti kêcêkêl pulisi. Kukila kang among dhustha Ws = kulik, bênce, tuhu. 3 Dhinustha Kw = dicolong.
Êmban. 1 Bayi diêmban ujung = diêmban sikile nggêjojor lan rapêt dadi siji. 2 Bocah umur 9 sasi diêmban pèkèh = diêmban sikile ngêtapêl. 3 Jumênênge ratu diêmbani ingkang paman = panguwasane diwakili ingkang paman (marga kurang umur). 4 Pindha sêsotya coplok saking êmbanan Pd = pêpindhane putri kang oncat (lolos) saka kraton. (Sêsotya ngibarat: putri: êmbanan = blêngkêring ali-ali sing ditrapi sêsotya, ngibarat kraton). 5 Ngêmban dhawuh Bs = nglantarake dhawuh. 6 Êmban cindhe êmban siladan Bs = ora adil pangrêngkuhe, pilih-sih. 7 Sotya murca saking êmbanan Cd = candrane mangsa Kasa, akèh gêgodhongan sing padha rontog (wit brindhil).
Êmpu. Asmane êmpu: 1 Supadriya. 3 Supa-nom: putrane Jaka Supa. 4 Supagati. 5 Jigja: putrane Supagati. 6 Singkir asal saka Madura. 7 Sarap ing Blambangan. 8 Pitrang: asmane Jaka Supa nalika ana ing Blambangan. 9 Bêkêljati. (Mr. kaca 17).
Gêntho. Gêntho tlengsor Pb = wong ala ngulandara (nyolong ana ing paran).

--- 39 ---

Kere. 1 Kere munggah ing bale Bs = wong asor didadèkake priyayi. 2 Kere nêmoni malêm Pp = kere mênangi Mulud = mêmangan kanthi dhokoh bangêt lan tinggal tata.
Koja. sudagar bangsa Indhu). Mênthung koja kêna sêmbagine = rumangsane ngapusi, satêmêne kapusan.
Lèndhi. Lèndhi mahas Pb = lonthe sing marèni panglonthene.
Maling. 1 Maling arêp Bs = nyênyilih apa-apa ora dibalèkake, malah banjur dinarbe. Utawa: ngilangake barang silihan ora gêlêm nglironi. 2 Maling atma Pb = maling sing ngarah pati. 3 Maling nêbu sauyun Pb = sabrayat (sasadulur, tunggal saomah) dadi wong ala kabèh. 4 Maling raras Pb = maling rêtna, maling dèndhèng = nyidra asmara. 5 Maling kêbunan Bs = wong têka ing plataraning liyan (wayah esuk) prêlu nindakake pangapus marang wong sing duwe plataran. (Kêbunan = kêna ing êbun, marga ora ana sajrone wangon, mung ana ing plataran bae). 6 Maling timpuh Pb = ndandani barange liyan kanthi opah, ngêlong barang sing didandani (Kayata: kêmasan sing awatak slingkuh, gêlêm ngêlongi êmase barang sing didandani). 7 Maling sandi Pb = nêdya nandukake panggawe ala, nanging carane ora ngatarani. 8 Maling sakuthu Pb = maling sing wis sarêmbug karo tanggane wong sing nêdya dimalingi. 9 Maling sadu Pb = wong ala sing tindak-tanduke katon kaya bêcik. 10 Sajuligane maling lawas-lawas mêsthi pinidana Pt = wong ala lawas-lawas mêsthi konangan tindake ala. 11 Maling totos Pb = gêgêdhuge maling, benggole gêntho. Tolos = jêjênggul, lêlurah). 12 Maling samun Pb = wong nêmu barang ora rêpot marang pamarentah. 13 Maling aguna Pb = wong ala sing pintêr bangêt nandukake pialane.
Saksi. 1 Saksi rumêmbe Pb = saksi susulan. 2 Saksi ngiwak-iwak Pb = saksi sing mung awêwaton krungu swara (swaraning padu, tantang-tinantang lsp), ora ngrêti dhadhakane lan kadadeane. 3 Saksi pondhongan Pb = saksi sakuthah = saksi gawewan (sadulur utawa mitra). 4 Saksi kulina darma Pb = saksi sing paturane marang pangadilan adhêdhasar kabêcikan utawa katêmênan. 5 Saksi maha ciri Pb = saksi sing ora pinracaya dening pangadilan, marga wis misuwur wong ala watake. 6 Saksi aji Pb = saksi bangsa luhur (wong gêdhe). 7 Saksi ngandha gêrah Pb = saksi akèh paturane ngayawara marang pangadilan (Gêrah Kw = gludhug). 8 Durkara saksi Pb = saksi sulaya padha saksi. 9 Saeka saksi Pb = sagolong pikir karo sing padha saksi. 9 Saeka saksi Pb = sagolong pikir karo saksi gawean. 10 Akadang saksi Pb = wong prakaran

--- 40 ---

sing muruki saksi carane matur marang pangadilan. 11 Akutha saksi Pb = sumendhe marang paturane saksi. 12 Karoban saksi Pb = wis akèh wong sing mêruhi panggawene ala (ora bakal bisa mungkir manèh). 13 Saksi dana Pb = saksi wong sugih. 14 Saksi wanto Pb = saksi Guru. (Wanto = wantya). 15 Ina saksi Pb = prakara kang kurang kuwat saksine, kayata: mung asaksi siji, asaksi wong sing kurang jêjêg èngêtan lsp.
Tani. 1 Tani bêntil Pt = wong tani sing mungkul bangêt, tani bangêt. 2 Patani = patanèn = sênthong têngah, ora dianggo kamar-turu, mung pangantèn sing mêntas têmu lumrahe diturokake ing patani (patanèn, kobongan, pabongan).
XII. AWAK
Dasanama: 1 Awak = angga, badan, lingga, dhiri, dheha, sarira, salira, raga, tubuh, wanda.
Pawakan: 1 Lêncir = dhuwur, nanging ora kaduk. 2 ndlondèng = dhuwur kêpara kuru. 3 Cebol = kaduk cêndhèk, luwih bangêt tinimbang pèndhèk. 4 Cebol kêpalang = yèn ngadêg êndhèk, yèn lungguh katon dhuwur. 5 Kakkong = sikile cêndhak, gêmbunge dawa. 6 Kongêl = sikile dawa, gêmbunge cêndhak. 7 Pidêksa = dêdêg sêdhêngan tumrap priya. 8 Srêntêg = dêdêg sêdhêngan tumrap wanita. 9 Sadhepah = kêpara êndhèk, dhadhane jêmbar. 10 Ngringin sungsang = awake perangan dhuwur cilik (kaya wit wringin diwalik).
Pawakan wayang. Pawakane siji-sijine wayang diarani "wanda", wayang siji terkadhang mawa wanda luwih saka sawarna, kayata Baladewa. Baladewa sing dianggo jêjêran wayah sore (gêndhing pathêt 6), wayah bêngi gêndhing pathêt 9) lan prak-esuk (gêndhing pathêt Manyura) apadene Baladewa sing dianggo ing carita pêrang paa "wanda wayang" saw. Ing ngisor iki tuladha "wanda wayang" sawatara:
1 Baladewa - sêmbada, kagèt, gègèr, paripêksa. 2 Krêsna - gêndrèh, rondhon, mawur. 3 Janaka - mangu, pangasih, kinanthi, pangawe. 4 Puntadewa - panuksma, malatsih, puthut. 5 Wrêkudara - lintang, gurnat, mimis. 6 Setyaki - akik, wisuna. 7 Karna - bedru, lonthang. 8 Dasamuka - bugis, bêlis. Ratu buta (kajaba Dasamuka) - barong, macan. 10 Bathara Guru - arca, karna. 11 Suyudana - jangkung. 12 Sêmar - brêbês, dhunuk, ginuk. 13 Garèng - Wregul, kancil.

--- 41 ---

14 Pètruk - jêglong, moblong. 15 Bagong - gilut, gêmbor. 16 Bathari Durga - gêdruk, gidrah. 17 Sembadra - rangkung. lentreng. 18 Srikandhi - patrêm, golèng.
Angga. 1 Angga pindha prabata Pp = awake kaya gunung, gêdhe bangêt. 2 Kari anggana Kw = kari ijèn (maune ana kancane). 3 Wrêdhu-angga Kw = lintah. Wrêdu = ulêr). 4 Dipa-angga = dipangga Kw = mawa awak gêdhe, yaiku gajah. 5 Anggana-raras Kw = wanita ayu. 6 Yoga angangga yogi = darbe-pambêkan kaya Guru. têmuwa.
Awak. 1 Awak pèndhèk budi ciblèk Bs = wong sor tur budine uga asor. 2 Awak-awak Pt = ora adus wuwung (ora digrujug têkan ing sirah), adus mung ing gêmbung bae. 3 Minangka awak-awaking panggêdhe Pt = wêwakile panggêdhe. 4 Lara ati, ora lara awak Pt = sêrik, ora lara (awake). 5 Sumêngka pangawak braja Br = sowan bangsa luhur tanpa ditimbali: utawa: sowan ratu tanpa nganggo lantaran.
Badan. 1 Badan-alus = jiwa, suksma. 2 Badan-wadhag = awak kang kasatmata, raga. (Ing jaman biyèn têmbung "raga" atêgês: nafsu, nanging ing jaman saiki ditêgêsi: awak). 3 Bêbadan = pakumpulan.
Dhiri. 1 Dhiri pribadi Kw = awake dhewe. 2 Mandhiri Kw = madhêg[11] dhewe, ora kawêngku ing liyan. Watak dhiri = angkuh, ora sumanak.
Lingga. 1 Alingga bathara Br = asalira dewa, dadi dewa (sawise mati). 2 Kalingga nata Bp = prakara sing wis kêlêtan jumênênge ratu liya. 3 Dahat kalingga murda Br = dipundhi-pundhi bangêt, dièstokake bangêt (dhawuhe, pangandikane lsp). 4 Kalingga warsa Br = têmbung sing dadi awak-awake têmbung andhahan. 6 Lingga-andhahan = andhahan sing kêna dianggêp lingga, lumrahe kêna dianggo bêbarênagan karo têmbung "pating". 7 Kriya-lingga = têmbung kriya sing awujud lingga, kayata: adus, dandan, dolan lsp).
Raga. 1 Anor raga Br = andhap-asor. 2 Nglugas raga Br = namur laku sarana manganggo prasaja (supaya wong-wong ora padha ngrêti). 3 Ngrêraga Br = ngadi raga, ngadi salira, ngadi busana, mêmacak awak. 4 Raga karana Br = nêngsêmake, agawe tuwuhe sih-trêsna. 5 Ora raga Br = tanpa maujud. 6 Among raga Br = among salira, ngapenakake awak, ora ngaya-aya. 7 Wiraga Br = solah bawa sing nêngsêmake (digawe-gawe). 8 Mêsu cipta mati raga Br = prihatin, tirakat,

--- 42 ---

ulah tapa. 9 Manting raga Br = kosok-baline: among salira utawa among raga. 10 Ngraga suksma Br = ngoncatake suksma saka ing badan wadhag. 11 Mêndhêm raga Br = mêndhêm kula, namur murih ora katon yèn bangsa luhur. 12 Bagawan Mintaraga = bagawan sing mratapa ing guwa Witaraga (dumunung ing wukir Indrakila) yaiku Ciptaning (Janaka). 13 Imbal lir mandaraga Pp = gilir-gumanti (swarane) kaya unining gamêlan Mandaraga = gamêlan, asale saka têmbung Sangsêkêrta: mardangga, atêgês: kêndhang.
Salira. 1 Salirane = kang salira, kowe. 2 Salira dana Pb = sarwa rila marang barang-darbèke. 3 Têbah jaja tanya salira Br = ngusap dhadha karo ngunandika: "Gèk luputku bae apa?" 4 Mbêlah salira Pt. = olèh biji utawa wilangan ing dolanan pèi 340 luwih; yèn luwihe 1 aran mbêlah salira, yèn luwihe 2 aran mbêlah salira, mangkono satêruse têkan mbêlah salira 9. 5 Kawuk ora wêruh marang salirane = wong asor dadi luhur, lali yèn biyèn asale saka wong asor.
Cebol. Cebol nggayuh lintang Bs = wong sèkèng darbe panggayuh gêdhe. 2 Cebol pêlikan Bs = wong sing pangupajiwane dianggêp asor, sanajan ora kêna diarani nistha. (Melik iku dianggêp pagawean sing asor). 3 Cebol kêpalang = cebol tur kakkong.

XIII. ÊNDHAS
Dasanama: Endhas = pathak, thothok, sirah, mastaka, mustaka, murda, kêpala, ulu, kumba, utamangga.
Pakartine êndhas: Gèdhèg, mèlèng,[12] manthuk, gela-gelo, ndhingkluk, ndhêngangak, pacak-gulu lsp.
Wangune êndhas: 1 Anggandhèn = kaya gandhèn. 2 Maesan = perangan ing buri rata (ora njêndhol). 3 Thokthing = sirah sing cilik bangêt, saka camboran wantahan thothok + kathing.
Endhas. 1 Endhas gundhul dikêpêti Bs = wis kapenak saya luwih dikapenakake. 2 Endhas digawe sikil, sikil digawe êndhas Pb = kanthi rêkasa bangêt. 3 Gêdhe êndhase Et = kumlungkung. 4 Kêgêdhèn êndhas kurang utêg Pb = kêgêdhèn panjangka kurang kapintêran. 5 Diulungake êndhase digondhèli buntute Bs = ing lair rila, ing batin isih owêl, toging êndon ora diwènèhake. 6 Embuh, ora wêruh êndhas trasi Pb = bênêr-luput ora praduli, sadulur kudu dibelani. (Ing padhalangan sing sok dicaritakake mangkono Radèn Wrêkudara). 7 Tawon êndhas = tawon sing omahe gumandhul lan gêdhene nganti saêndhas wong. 8 Endhasing banjir Et = ilining banjir kang katon ing ngarêp dhewe awujud sangkrah utawa anggrah-anggrah.

--- 43 ---

Gèdhèg. Si gèdhèk lan si anthuk Bs = wong loro sing wis padha kêkêthikan.
Githok. Ora ngilo githoke Pt. = ora ngèlingi (ora sumurup) marang kasèkènganing awake dhewe.
Gundhul. Panase kaya mêcah-mêcahna gundhul Pp = panas sing bantêr agawe ngêlu, rasane sirah nganti kaya mêngkap-mêngkap arêp pêcah. 2 Endhas gundhul dikêpêti = Mr êndhas. 3 Klêbon Cina gundhulan = kêtêkan wong ala banjur kapusan.
Kêpala. 1 Kêpala desa = panggêdhene desa, lurah desa. 2 Dikêpalani = dipanggêdhèni. 3 Netra kêpala Kw = mripat lumrah, mripat kang katon iki, kosok-baline: netra pramana (Netra pramana bisa sumurup, sanadyan netra lumrah iki mêrêm). 4 Gègèr kêpala Bs = ratu gugat-ginugat karo sêntana.
Kumba. 1 Kumbakarna Pd = asmane senapati ing Alêngka, adhine Prabu Dasamuka. 2 Diêdu kumba Bs = diêdu sirah padha sirah, kayata Maesasura lan Lêmbusura (Ratu lan patih ing Guwakiskêndha) seda barêng marga diêdu kumba dening Subali. 3 Kumbayana Pd = asmane Durna nalika isih timur. 4 Dityakumba lan Aswanikumba = putrane Kumbakarna.
Mèngèng. Nadyan awrat botên badhe satriya mèngèng dhatêng kuwajibanipun Br = satriya têmtu nêtêpi dhateng kuwajibanipun, sanadyan awrat kados punapa.
Murda. 1 Aksara murda = aksara maha-prana, aksara gêdhe. 2 Ngêndhat tali murda Br = ngalu pati sarana nggantung. 3 Praja kabali murda Bs = Ratu nggugat marang kawula (rakyat). 4 Tinigas murdanya Kw = dikêthok sirahe (gulune). 5 Yèn bangga rampungana, cangkingên murdane Br = yèn ora manut patènana, sirahe gawanên mrene (katura marang ingsun). 6 Murdaningrat ing jagad pramuditaya Br = kêpalaning jagad kabèh, ratu ing sajagat-rat.
Mustaka. 1 Kapêtak ing mustaka Br = dipêndhêm ing sirah, maksude: dipundhi-pundhi bangêt. 2 Wastra tumrap mustaka Ws = ikêt. 3 Mustakawèni Pd = putri adhine Prabu Bumiloka ing Imaimantaka (kagarwa Priyêmbadra[13] putrane Janaka).
Pathak. 1 Dipathak = dibalang sirahe nganggo barang atos. 2 Kêpathak kêlacak Bs = ora bisa ngungkiri kaluputane, marga wis kêbuktèn. Jaman biyèn ana kêbo ilang, lacake têkan pomahane wong: omahe wong iku digledhah, tinêmu ana pathake kêbo sing ilang; wong sing duwe omah kêpêksa ngakoni manawa dhèwèke sing nyolong kêbo iku.
Sirah. 1 Cacah sirah Pr. = mung dietung cacahe utawa kèhe bae, tanpa ngelingi gêdhe-cilike lan ala-bêcike. 2 Trisirah Pd = putrane Dasamuka. 3 Pajêg pasirah Pt = pajêg kang diwajibake [diwa...]

--- 44 ---

[...jibake] marang kabèh wong. 4 Pangkat pasirah = bangsane kêpala desa, lurah desa.
Sundhul. 1 Kêmbang sundhul-langit Pt. = kêmbang kênanga. 2 Disundhul puyuh = diumbulake dhuwur (tumrap yun-yunan). 3 Kêsundhulên Pt. = durung disapih biyunge wis mêtêng. 4 Ora bisa nyundhul kapintêrane Suta Pt. = ora bisa madhani.
Thothok. 1 Dithothok = ditamani thothoke nganggo gêgêring athik-athikan driji. 2 Ora thothok-jawil Bs = ora wêwarta marang wong sing pantês dijaluki rêmbug. 3 Aluwung cilik thothok bêthik, tinimbang gêdhe êndhas rese[14] Pt. = aluwung barang cilik sing pangaji tinimbang gêdhe kurang pangaji.
Tungkul. 1 Ditungkulake Et = ditinggal lunga sarana dilimpèkake, ditilapake. 2 Aja kêtungkul mangan enak turu kapenak Pt. = nduwènana prihatin. 3 Nungkul Kw = têluk marang mungsuh. 4 Mungkul olèhe sinau Pt. = tumêmên, ora slèwèngan. 5 Tungkul = Ws Jênu tawa.
Ulu. 1 Ulu ati = pulung ati, lêgokaning dhadha kaprênah pênêr karo dununge ati. 2 Mantri ulu-ulu = mantri irigasi. 3 Ulubalang = senapati. 4 Karangulu Kw = karang (panggonan) + ulu (sirah) = panggonane sirah, yaiku bantal. 5 Ngarangulu Pt. = ngalap bojo mbakyu-ipe, marga kakangne mati. 6 Ana ing ulon-ulon, tumrap paturon utawa kuburan; kosok-baline: ana ing dagan (kaprênah sisih ngisor, ing papan dununge sikil). 7 Pangulu = panggêdhene agama. 8 Têkèk mati ulone Bs = nêmu cilaka marga saka gunême dhewe. 9 Uluguntung = cantrik, cèkèl, manguyu, jêjanggan. 10 Kolu (ka + ulu) = kêlêg, bisa klêbu.
Utamangga. Pinocok utamangganira Kw = dikêthok sirahe.

XIV. RAI, BATHUK.
Dasanama: 1 Rai = pasuryan, praupan, muka, wadana. 2 Pipi = pangarasan. 3 Janggut = kêtêkan, sadhêgan. 4 Rupa = (potongane rai) citra, warna, dhapur (kasar). 5 Bathuk = palarapan, têgêse: papan larap, yaiku rêrênggan bathuk awujud blèbèkan mas. Bathuk dikramakake inggil palarapan, sabab jaman biyèn para luhur padha mawa rêrênggan larap.
Bathuk. 1 Bathuk nonong = cunong, manyul. 2 Bathuk banyak = kaduk nonong. 3 Bathuk lêngar = kaduk amba. 4 Bathuk nyela cêndhani Cd = kaya sela cêndhani (marmêr), yaiku alus sumorot. 5 Bathuk ngungkal gêrang Cd = kiwa-têngên kaya mawa sogokan. [so...]

--- 45 ---

[...gokan.] 6 Thukmis Pt. = priya kang awatak: manawa sumurup wanita sing bathuke klimis (ayu) banjur tuwuh sênênge. 7 Sadumuk bathuk sanyari bumi Bs = prakaran bab wanita lan palêmahan lumrah nganti ditohi pati.
Dhapur. 1 Ala dhapure Ks = ala rupane. 2 Ora dhapur = ora mèmpêr. 3 Dhapur jigja ganda wulung = kêris sing ganjane karo wilahane seje warnane. 4 Kêris dhapur naga-lumaksana = kêris mawa luk. 5 Kêris dhapur naga-tapa = kêris tanpa luk (lêncêng). 6 Jaksa pring sadhapur = pangadilan kang pangarsa lan wargane kabèh nunggal sasadulur.
Janggut. 1 Janggut nggolèng = nyanthuk, uwange gêdhe. 2 Kanggo obah-obah janggut Pt. = dipangan nalikane kêpengin mêmangan, tinimbang ora ana sing dipangan. 3 Suku jaja têkên janggut Br = kanthi rêkasa bangêt.
Muka. 1 Dasamuka Pd = Rawana, putrane Rêsi Wisrawa kang pambayun miyos saka garwa Dèwi Sukèsi. (Putrane Dèwi Sukèsi papat: Dasamuka, Kumbakarna, Sarpakanaka, Wibisana). 2 Mantrimuka = patih. 3 Rêksamuka arane gunung papane Ramawijaya kêtêmu karo Anoman kang sapisanan. 4 Gohmuka Pd = utusane Prabu Danaraja Ratu Lokapala kang dipatèni dening Dasamuka. (Nalika Anoman diobong ana ing Alêngka, awake kêpanjingan sukmane Gohmuka). 5 Yaksamuka Pd = utusane Dasamuka sing didhawuhi ngupaya mustaka pêndhita 1000 arêp dianggo nêkani pêpanggile Dèwi Citralangêni putri ing Tunjungpura. 6 Wahmuka-Arimuka Pd = arane ditya loro sing dipatèni Sêmar, nalika Sêmar arêp dhaup karo dèwi Kanastrèn (putrane Prabu Sasrasudarma ing Pulorajapêthi). Uga arane ditya loro sing kadadean saka banyu kawah lan ari-arine putri kêmbartêlu (Amba, Ambika lan Ambalika). 7 Muka kadya konjêm bantala Br = raine kaya mèpèd ing lêmah (saking tumungkule). 8 Parangmuka Kw = mungsuh.
Pipi. 1 Pipi ndurèn sajuring Cd = kaya durèn sajuring, yaiku pipi sing lancap. 2 Pipine wis kêmpong-perot Pt. = kuliting pipine lêlêmpitan, marga wis tuwa bangêt.
Rai. 1 Rai gêdhèg Bs = rai teki, rai dhingklik, rai trumpah, ora idhêp isin. 2 Napuk rai Bs = gawe wirang ana ing pasamuwan. 3 Enya dhadha êndi rai Pt. = ayo padha adu-arêp (aja mung muna-muni ana ing buri). 4 Wêdi rai wani silit Pb = wanine mung muna-muni ana ing buri, yèn adu-arêp ora wani.
Rupa. 1 Luwih rupa kurang candra Br = isih luwih endah rupane wong sing dicandra tinimbang karo olèhe nyandra. 2 Salah

--- 46 ---

rupa Pt. = malah dadi wêwujudan sing anèh lan mêmêdèni, kayata malih danawa gêdhe bangêt (tiwikrama). 3 Rupane kiwa Et = ora bagus, ora ayu. 4 Sanadyan ala tanpa rupa, wong tuwa kudu diajèni Pt. = sanadyan rupane ala tur sèkèng, wong-tuwa wajib diajèni. 5 Rupane kaya jambe sinigar Pt. = rupane padha jèblês (kayata: Subali karo Sugriwa, Anoman karo putrane kang aran Trigangga).6 Yèn ana rupa dudu rupa, aja kurang wêweka Pt. = yèn ana barang anèh nyalawadi, di ngati-ati. 7 Rupakenca lan Kencakarupa Pd = Putrane Palasara kang miyos saka Dèwi Kêkayi (putrane Prabu Kekaya ing nagara Kencakapura). 8 Nir tan rupa kadulu Skl = sêngkalan wêkasane buku Jangka yasan Ranggawarsitan sing diucapake dening Jakalodhang (atêgês taun 2100).
Citra. = rupa, tulis. 1 Wicitra = linuwih rupane (bagus, ayu). 2 Cinitra = ditulis, digambar. 3 Juru citra = panitra, jurutulis. 4 Citragada lan Citrawirya = putrane Sêntanu miyos saka Dèwi Durgandini.
Wadana. 1 Pada-wadana Pt. = coraking rai, rupane. 2 Pangkat wadana - kliwon, panggêdhene dhistrik. 3 Prang Wadana = asmane P. Mangkunagara sadurunge yuswa 40 taun.
Wang. 1Wang malang = wang sing sêmu njêbèbèh (kalêbu ala). 2 Sanggawang = nyagak wang nganggo èpèk-èpèk. 3 Wang nyangkal putung Cd = wang sing wêkasane sajak awangun mojok, nanging ramping ngrêsêpake. 4 Kêmba wang = mêmangan utawa gunêman mung tinimbang nganggur.

XV. KUPING.
Dasanama: Kuping = talingan, karna, karni. Rêrênggan kuping: suwêng, anting-anting, sumping, cêplik.
Wangune sumping (wayang): 1 Pudhak sinumpêt (pudhak satêgal) = agême Wrêkudara. 2 Surèngpati = agême para ratu (Krêsna, Suyudana lsp). 3 Wadêran = agême satriya lan bambangan (Janaka lsp). 4 Kêmbangkluwih = agême para satriya sing apolatan sêmu mbranyak (Samba lsp). 5 Gajah-ngoling = agême putri (Dèwi Ratih, Tara, Sukèsi lsp). 6 Pring sadhapur = sumpinge danawa pracore (buta rucah).
Karna. 1 Karna binandhung Pb = têgêse lagu: kuping dirangkêp, maksude: krungu kabar ora saka êtuke, krungune marga dikandhani dening liyan. 2 Kalpika pasrèn karna Ws = ali-ali rêrêngganing kuping, yaiku anting-anting. 3 Adipati Karna Pd = putrane Bathara Surya miyos saka Dèwi Kunthi. 4 Gohkarna Pd = pratapane Wibisana sawise sèlèh kaprabon.

______________________________________________________


  1. jayamrata. (kembali)
  2. putih. (kembali)
  3. § 1) Dene prapatan Saptarêngga, bênêre Sata-srêngga, têgêse: pagunungan apuncak satus (Mahabarata Bismaparwakaca22). (kembali)
  4. Dasanama. (kembali)
  5. kanthi. (kembali)
  6. marus. (kembali)
  7. § Narasoma = nara (wong) + soma (rêmbulan) = wong sing rupane kaya rêmbulan, bagus bangêt. (kembali)
  8. nganggo. (kembali)
  9. Sidi udal-udal. (kembali)
  10. Brêmani. (kembali)
  11. madêg. (kembali)
  12. mènglèng. (kembali)
  13. Priyêmbada. (kembali)
  14. rase. (kembali)