SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga
Tampilkan postingan dengan label Serat Centhini. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Serat Centhini. Tampilkan semua postingan

Selasa, 12 Maret 2013

Serat Centhini (3)

30
SINOM

  1. Mangkana tyasira radyan, dupi myarsa andikaning, Kyai Ageng Pariwara, dadya supe dhahar guling, ing nala kang kalingling, amung shira Hyang Agung, rum manis aturira, kiyageng lamun mareng, dasihipun arsa dumugekken lampah.
  2. Paduka kantuna arja, kawula anyuwun pamit, iya kulup kywa pepeka, ingsun nyangoni basuki, sausnya mangenjali, sasalaman nulya mundur, Gathuk Gathak pamitan, wus linilan kalihneki, ruruntungan tan pisah lan bendaranya.
  3. Nagel ngilen lampahira, wanci ngajengaken Mahrib, prapteng Gubug padhekahan, anon urube kang api, neng satengahin sabin, kinubeng ing mandera gung, ana panti kang celak, dhapur masjit caket api, Dhatuk Bahni ing Marapi kang atengga.
  4. Wikan lamun kadhatengan, gya mijil sangking ing panti, wus pinanggih lan rahadyan, samya sasalaman katri, Ki Dhatuk ngandika ris katabetan ingkang rawuh, sru begja kemayangan, de ana kan sudi kampir, mring asonya mas putu pundi pinangka.
  5. Lawan sinten kang sinambat, paran kang sinedyeng kapti, rahadyan matur prasaja, kula nama Jayengresmi, de rencang kula kalih, pun Gathak lawan pun Gathuk, ing Giri kalairan, tan ana sinedya ngati, ambalayang ngupadosi dwi kakadang.
  6. Mankya pados pasipengan, pramila bilih marengi, nyukeri jogan paduka, ki Dhatuk latah dennya ngling, dhuh babo wong asigit, sampun kang sipen sadalu, sanadyan salaminya, kepareng dhdhekan ngriki, iba-iba pun kaki bingah ing nala.
  7. Wawi ngambil toya kadas, sedheng wancinira Mahrib, wusing kadas Gathak adan, paragat wektu Mahribi, pujiyanira ngenting, sampet wektu Ngisanipun, wusing bakda salaman, lajeng lalenggan sami, wus ambanjeng sugatanira ki wisma.
  8. Liwet ketan panggang ayam, cinocoh ing santen kanil, winadhahan panjang ilang, sambel windu saking miri, linemeng bumbung peting, gula siwalan neng ngempluk, wedang sekar sridenta, Ki Dhatuk wacana manis, wawi bagus pun kaki atur sugata.
  9. Supala amung kinarya, lumayan aywa kalantih, pikantuk denira dhahar, linorotken marang abdi, rahadyan matur aris, ing waku kula andalu, siti resik arata, gumrebeg umedal agni, urubing ingkang acelak bantala.
  10. Warni ijen biru jenar, kadya sekaran tinepi, inggiling urub saasta, wiyarira sawatawis, caket lawan Marapi, wonten sela alus bagus, kadnya umpaking wisma, Ki Dhatuk ngandika manis, ing marapi kang murub mangalat-alat.
  11. Wawi bagus pinurugan, wus medal sangking ing masjit, kerit ki Dhatuk lampahnya, prapta celaking Marapi, Ki Dhatuk malbeng geni, inguseg suku wus lampus, peteng dhedhet limentan, tan dangu gya murub malih, Dhatuk Bahni wacana lah Gathuk Gathak.
  12. Usegken suku lir ingwang, lamun mengko uwus mati, suleten sadhengah-dhengah,pasthi banjur murub maning, Gathak Gathuk turneki, dede pabenan (m)bah Dhatuk, latu kangge mainan, jabakneya yen kiyai, bilih kula yekti kobar dadi wangwa.
  13. E ta mara lakonana, Gathuk jinorogken aglis, mring Gathak dhawah kalumah, cakekalan dennya tangi, tan ana raosneki, wus inguseg suku lampus, sinulet nulya gesang, nahan toyanira sabin, gya ngelebi sadhengkul lebeting toya.
  14. Latu maksih kantar-kantar, aneng sanginggiling warih, rahadyan asru kagagas, kaelokaning Hyang Widhi, kadiparan kiyai, mila bukani rumuhun, ki Dhatuk Bahni lingnya, wikana ulun tan ungin, watu umpak punika duk jaman Demak.
  15. Adegen mesjid ing Demak, para wali kang ngadani, Jeng Susunan Kalijaga, kabageyan umpak siji, pambekta prapteng ngriki, sampun wanci bagda Subuh, ing kangka datan kena kebyaran adeging mesjid, gya tinilar mangkya dadya panengeran.
  16. Sinten wonge kang kuwawa, anjunjung sabari linggih, kalakyan sasedyanira, suwasi yen badhe nyobi, rayadyan turireki, amung ngalap berkahipun, linuhung waliyolah, kaecan dennya ningali, ing Marapi dadya tan wangsul mring wisma.
  17. Rahadyan matur tatanya, kula mireng caritaning, ing nagari Ngeksiganda, telenging karaton Jawi, yen arsa mangun kardi, amikramaken sunu, deging tarub ingetan, myang wulannya kedah milih, ing karesmen pados dinten kang prayoga.
  18. Inggih bagus dhasar nyata sanadyan ing dhusun ngriki, saben ayun darbe karya, sami tatanya mring mami, wulan ingkang prayoga, kangge andhaupken sunu, priridan sangking Arab, miwah etangipung Jawi, pan kinumpul supadi manggih widada.
  19. Adeging tarub punika, pepitu etanganeki, awite tanggal sapisan, tarub-tarub den wastani, tanggal kapindho nenggih, selumang-lanang, rannipun, ping tiga saluman-dyah, ping pat rahayu basuki, kaping lima rahayu salamet tama.
  20. Kaping nemme pati-lanang, kaping pitu pati-estri, ping wolu sami sapisan, tekeng sapiturutneki, mangkya ingetan sami, kaping sapisan ping wolu, limalas rolikur lan, sangalikuripun nenggih, pan ingaran tarube sri naranata.
  21. Pindho sanga ping nembelas, telulikur tridaseki, salumah-lanang ingaran, ping tiga sadasa tuwin, seluman-wadon puniku, kaping pat ping sawelas, wolulas salawe nenggih, apan sami rahayu kawilujengan.
  22. Kaping lima kaping rolas, sangalas nemlikur sami, rahayu tur karaharjan, ping nem ping telulas, tuwin, dwidasa saptakuring, ngaran pati-lanang iku, ping pitu ping patbelas, slikur wolulikur sami, ingaran pati wadon tan prayoga.
  23. Samonoku nyingkirana, sangar naas gung myang tali, wangke sampar-wangke miwah, dhendhan-kukudan lan mawi, sangat adegireki, ingkang saka awitipun, sarat nganggeya saka, dhadhap srep teka satunggil, kang prayoga prayogine den anggeya.
  24. Satunggal tarubing-nata, ageme jeng sri bupati, kalihe seluman-lanang, tri seluman wadon nenggih, sami datan prayoga, kaping sakawan rahayu, kaping gangsal raharja, punika sami prayogi, kaping nenem pati-jaler tan prayoga.
  25. kaping sapta patining-dyah, ugi tan sai pinanggih, petang sapta yen sri nata, kang kagem petang stunggil, snese narapati, petang sakawan puniku, kalawan etang gangsal, punika salah satunggil, kang kinarsa dene wulane kawinan.
  26. Wonten sabdaning Utusan, adhawuh ing para mukmin, den padha angawruhana, ing wong salaka-rabi, amanggih papa nengggih, lamun awon wulanipun, raharja manggih suka, lamun sasinipun becik, prayogine den sami nyumerepana.
  27. Lamun Mukaran dohane, tyang akawin laki-rabi, utangan nglamatira, wulan Sapar tan prayogi, wikana kang pinanggih, Rabingulawal kang tensu, pejah salah satunggal, yen wulan Rubingulakir, manggung runtik tansah arebat suwala.
  28. Ing wulan Jumadilawal, antuk druhakeng Hyang Widdhi, tur akerep kapandungan, jinahan pakartineki, yen kawentara yekti, anandhang wiwirang gung, jumadilakir wulan, sugih emas lawan picis, wulan Rejeb kadaden anak lan dunya.
  29. Ing wulan Sakban raharja, sakgawene nemu becik, wulan Ramelan duraka, kathah pandameling eblis, wulan Sawal tan becik, geringan pakantuking, ing wulang Dulkangidah, asring susah ngliliwati, wulan Besar raharja sasolahira.
  30. Ing karesmen winarna, kang pangandika Jeng Nabi, salalah ngalehi salam, rikala amituturi, dhateng kang putra estri, Siti Patimah kang luhung. lawan dhadhawuh marang, putra mantu Sayit Ngali, rayiyalahu ngnhu babing masalah.
  31. Ing wong karesmen lang garwa, eh Ngali pitururmami, aja sira asanggama, tanggal pisan lawan malih, ing wekasaning sasi, nora becik karonipun, iku kalamun dadya, anake metoni cilik, lawan aja asanggama tanpa damar.
  32. Lamun dadi sutanira, balilu kurang kang budi, lawan aja asanggama, dina Akat lang wengining, iku kalamun dadi, pan durjana larenipun, lawan aja sanggama, ing dina Rebo tan becik, lan wengine yen dadi bocah cilaka.
  33. Lawan aja asanggama, wektu pajar nora becik, lamun dadi larenira, tuna-liwat lareneki, lan aja karon resmi, nalika tangangeiku, kalamun dadi bocah, dadi juru teluh ugi, lawan aja sanggama malem riyaya.
  34. Wit ri lamun dadi bocah, duraka mring bapa bibi, lawan aja asanggama, maleme riyaya iki, Besar kalamun dadi, bocah siwil adatipun, lan aja asanggama, ingkang katlorong Hyang Rawi, lamun dadi bocah adoh begjanira.
  35. Lan malih ada sanggama, sambi ngadeg datan becik, mangka lamun dadi anak, duwe lara beser benjing, lan aja karon resmi nalikane dina saptu, miwah ing wengenira, iku lamun dadi bayi, balaine adate kalebeng toya.
  36. Lan aja sanggama sira, sambi ngusapi pareji, miwah dakar iku aja, ngusapan lawan jejarik, mangka kalamun dadi, bocah kurang budinipun, lan aja asanggama, sambil rarasan tan becik, mapan bisa adate yen dadi bocah.
  37. lawan aja asanggama, kalawan nginali parji, lamun dade larenira, wuta adate punika, lawan aja karesmin ning ngisor wit-witan iku, kang piangan wohira, yaiku kalamun dadi, larenira panggaweyani niaya.
  38. Lawan aja asanggama, malem Barahat tan becik, lamun dadi larenira, anandhang lara tan mari, iya kalawan malih, aja sira karon lulut, ana ing panginepan, puniku kalamun dadi, larenira abanget cilakanira.
  39. Lan aja sanggama sira, anuju kelling pawestri, lamun dadi larenira, budhug adate kang sakit, poma Ngali den eling, imanena tuduhingsun, eh Ngali sanggamaa, malem Senen iku becik, myang rinane apan iya becik uga.
  40. Lamun dadi larenira, wateke saregep ngaji, lawan sira sanggama, ing malem Salasa becik, lawan raina becik, lamun dadi bocah iku, akeh wong ingkang tresna, lawan sanggama Ngali, malem kemis miwah arainanira.
  41. Lamun dadi sutanira, pan akeh begjanireki, lawan sira sanggama, ing malam jumungah becik, nadyan raina becik, lamun dadi sutanipun, apan sugih kabisan, lan sanggamaa sireki, sadurunge lingsire dina Jumungah.
  42. Utawa ing Kemis dina, karone iku ta becik, yen dadi atmajanira, dadi pangulu lan malih, sinunataken ugi, ing wong asanggama iku, yen amaca bismilah, hirahman ya nirakimin, lan amaca tangawut pan sunat uga.
  43. Yen tan amaca bismilah, nalika arep sahwati, lamun dadi sutanira, balilu tuna kang budi, mila yen arsahwati, derenge (ng)genne tangawut, menek ana panjanmaning, satru kang den kawruhi, dipun sami ngestokken Kadis asmara.




31
ASMARADANA



  1. Lan wonten kaol mengeti, lamun arsa sacumbana, lan garwa miwah salire, anyingkirana ing dina, Sabtu Legi ya aja, akaresmen dina iku, awon adate yen dadya.
  2. Larene agadhah sakit, edan kang wus kalampahan, ana dene panyirike, namun sadalu sasiyang, lan maningge ya aja, acumbana wengenipun, ingkan garebeg titiga.
  3. Punika pan boten becik, lamun dadi larenira, sok gadhah ayan sakite, lan malih lamun cumgana, lan wanodya kel aja, lamun dados putranipun, sok (ng)gadahi sakit barah.
  4. Poma den sirika ugi, yen wong wadon lagi tarab, aja sok gramah-gurameh, yen durung adus-kel aja, den ajaka cumbana lamun sanget karsanipun, pan angur goleka liya.
  5. Dene ta ing Tumpak Manis, lan bengi garebeg tiga, singgahana aywa supe, kalamun sangeting karsa, teka den betahena , kadar pira mung sadalu, yen wis bakda cumbanaa.
  6. Kadi ta ing Tumpak Manis, sadalu lawan sasiyang, betahena aywa supe, kadar pira mung sadina, sawengi ngarah apa, ujubena tapa iku, acacegah lan wanodya.
  7. Poma den enget hya lali, hywa na ingkang sembrana, ing wong tuwa wawalere, lan wajib ingestokena, mangsa silih doraa, lan wonten utaminipun, lamun arsa acumbana.
  8. Mapan ta kedah amilih, nujua dina Jumungah, kan tan sangar taliwangke, miwah naas singgahana, kresmena bakda Luka, yen wus kremen banjur adus. lajeng metoni Jumungah.
  9. Punika kalamun dadi, tuture wong tuwa-tuwa, kathak kang dadi masaleh, miwah ta dadi ngulama, tanapi keh kabegjan, titi tamat serat pemut, prayoga den estokena.
  10. Gathak Gathuk angaligik, ngacemut ririh rarasan, Gathuk Ki Dhatuk ature, mring bendara bab ngononan, gek basa banjur ora, Gathuk ririh sauripun, ah wong tuwa iku lumrah.
  11. Cobak dak matur kiyai, kajaba kang wus kawedhar, apa iya ana maneh, sirikan anon-anonan, Gathak majeng manembah, rereh ririh dennya matur, dhuh jeng kyai apuranta.
  12. Kamipurune pun patik, anyuwun ing sarerepan, kajawi kang wus kawiyos, sirikanipun sanggama, Ki Dhatuk mesem nabda, kacung sireku amencul, ana maning linarangan.
  13. Wong tuwa kang duwe peling, pan kinon anyinggahana, sacumbana lawan lonthe, miwah lan taledhek apa, den ajak sacumbana, apan awon tilasipun, akathak kang sakit bengan.
  14. Lan kaping kaliye malih, asring sakit rajasinga, tin cramumuh tin panyenyh, yen munjuk dhateng ing grana, sak piseg aditira, yen mring netra dennya munjuk, akathak kang sakit wuta.
  15. Ana malih den singgahi, sacumbana lan wanodya, ingkang awon pratingkahe, sanadyan silih ayune, tan pantes kinedanan, yen wus lara keh kung nutuh, nora nana wong ngalema.
  16. Nadyan awona sathithik, kalamun antuk parawan, mundhak ngencengake otot, pae lan randha walunjar, tan mundhakake kuwat, namun mirit sampun gambuh, nora susah ajar-ajar.
  17. Ewa mangkono tan keni, sasenenganing manungsa, pan septane dhewe-dhewe, ana kang septa mring randha, saweneh septa wlanjar, saweneh ana wong iku, aremah rabi planyahan.
  18. Ciptane sajroning ati, rina wengi digarapa, pradene yen ngadeg puleh, nyambuta-gawe sadina, sak jampel mangsantuka, naledhek bae sabedhug, oleh kaya telu tengah.
  19. Miwah lamun sanja bengi, tan susah nganggo pawitan, mung kembang pupur lan borehe, tapi kemben sok gantraa, prandene keh kang tumbas, pan ora nganti sabedhug, oleh opah limang uwang.
  20. Mulani ana nglakoni, ambuwang isin lan wirang, arabi tledhek myang lonthe, pan ora kena den wora, karepaning manungsa, apan ta sampun asnapun, warna-warna beda-beda.
  21. Warna-warna rupuaneki, beda-beda karepira, nora kena den worake, seje badan seje nyawa, yen kena den wor-wora, kang tunggal badan nyaeku, prandene tan rujuk karsa.
  22. Kaya mata lawan peli, miwah weteng lawan badan, duse karep dhewe-dhewe, matane arsa anendra, wetenge arep mangan, badane banget alesu, peline angajak sahwat.
  23. Lawan ana peling maning, yen marengi acumbana, mring garwa miwah selire, aja ngakehken gendhingan, tan becik lamun dadya, anggalidig larernipun, adate kang wus kalakyan.
  24. Lan kaping pindhone maning, kalamuning jroning cumbana, aja sinambi calathon, guguyun kang tan prayoga, tan becik lamun dadya, larene juweh punika, wartane wong tuwa-tuwa.
  25. Mulane lamun katermin, aja ngakehken guguyan, balik den resik badane, miwah to ingkang sandhanan, wewangi angganggoa, lamun dadi larenipun, resikan penet kang warna.
  26. Lan maneh jroning sahwati, kalamun kapentut ala, yen dadi nyengit anake, mulane kalamun sahwat yen ngentut den pocota, lamun entut uwis metu, nggal nuli balekena.
  27. Mula aja akaresmin, yen durung resik kang badan, tangi turu banjur nyemplo, nora nganti mring pakiwan, yen dadi tan prayoga, larene warnine kethuh, caroba ala kang warna.
  28. Lawan ana peling maning, kalamun mentas amangan, aja sok banjur karesmen, yen durung medhun kang sega, ala maring sarisa, anduweni lara watuk, punika kang wus kalakyan.
  29. Dene ta gampanganeki, kalamun mentas mamangan, maksih karasa warege, aja wani-wani sahwat, yen weteng durung lega kalamun dreng karepipun, teka betahna sadhela.
  30. Gathak Gathuk duk miyarsi, gumuyu alatah-latah, kapingkel atos wetenge, tahadyan mesem kewala, Dhatuk Bahni lingira, kacung niku pancen saru, apan (ng)gunem calemetdan.
  31. Rahadyan ngandika aris, punika langkung prayoga, wantah datan mawi tedheng, dados gampil linampahan, suwasi linajengna, rehning ing ngagesang tamtu, Ki Dhatuk (n)dheku turira.
  32. Utami bilih nyingkiri, naas Nabi wulan Wura, tanggal kapng triwelase, punika nalikanira, Nabi Brahin binakar, kaping tiga wulan Mulud, tinurunken Nabi Adam.
  33. Nembelas Rabingulakir, Nabi Yusup nalikanya, linebetaken sumure, Jmadilawal ping gangsal, Nabi Nuh nalikanya, kinelm ing jagadipun, ping salikur wulan Siyam.
  34. Kalamolah Musa Nabi, kala kalebeng samodra, Sela kaping pitulikure, Nabi Yunus nalikanya, inguntal ulam lodam, Besar ping salawe nuju, Jeng Nabi kakashing Hyang.
  35. Muhkamad ingkan sinelir, kunrutug sela wong kopar, rentah kakalih wajane, dene kang kikrik ing petang, saben wulan kewala, asal tanggalnya panuju, kaping tiga kaping gansal.
  36. Triwelas nembelas tuwin, salikur patlikur lawan, tanggalipun ping salawe, sami cinegah sadaya, kalawan sangar wulang, sataun pinara catur, Pasa Sawal Dulkaidah.
  37. Jumungah sangaraneki, Besar Sura lawan Sapar, Saput Akad sangarane, Mulud Rabinulakir myang, wulan Jumadilawal Senen Slasa sangaripun, Madilakir Rejeb Ruwah.
  38. Sangaripun Rebu kemis, Rahadyan aris ngandika, kathah temen petange yen makaten kedah tamban, datan kenging dinadak, o bagus (ng)gih-enggihipun, kendel dennira raosan.
  39. (n)Dungkap wanci pajar gibid, samya ngambil toya kadas, nulya prelu wektu Suboh, paragat dennira wekdal, rahadyan ngaraspada, dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu, asung kakanthining gesang.



32
KINANTHI



  1. Kalangkung gungin panuwun, paduka sung tedah jati, penet awoning pakaryan wenang, mokaling sanggami, kang sayogya linampahan, patut linaluri-luri.
  2. Ing mangkya kawula nyuwun, lilahipun sang linuwih, pamit (n)dumugekken lampah, kyai kantuna basuki, muhung pangestu paduka, rahayune lampah mami.
  3. Dhatuk Bahni ngandika rum, dhuh mas-putu wing asigit, ampun kirang pangaksama, ulun puja basuki, ing lampah ywa kasangsaya, miwah ingkang den padosi.
  4. Sami manggiha rahayu, ramanta kang neng Mantawis, antuka nugraheng nata, wangsul (m)bawani ing Giri, sinuhung ing kulawarga, tetep kadi nguni-nguni.
  5. Radyan (n)dheku matur nuwun, ru wusira manganjali, atur sinungan salam sang tapa, Gathuk Gathak angabekti, sausing sinungan salam, katri mundur sangking ngarsi.
  6. Kyai Dhatuk ingkang kantun, kumembeng waspanya mijil, kaya-kaya nututana, labet sru trestaning galih, tan cinatur kang kabyatan, asruning sih mring tatami.
  7. Radyan lampahira laju, ngaler ngetan sawatawis, Hyang Surya wus nunggang arga, mungup arsa amadhangi, ing saisining kanan rat, maweh enggaring panggalih.
  8. Ing papagan wus kapungkur, tumameng ing wana werit, keh rawa kang kaliwatan, ngancik sukune kang wukir, talatah krajan Undhakan, dhukuh Prawata kaeksi.
  9. Raden ngandika mring Gathuk, payo pada den parane, padesan kang katon ika, lajeng lampahira katri, prapteng sajawining dhadhah, kendel satepining beji.
  10. Kayoman ing nagasantun, pinageran ing wratsari, winengku ing sela kresna, radyan ngambil toyastuti, wektu Ngasar wus paragat, salaku sepining beji.
  11. Gathak Gathuk manthuk-manthuk, meteki sampeyan kalih, rengeng-rengeng sasingiran, tan ana tinaheng galih, tentrem raosing sarira, wauta ingkang winarni.
  12. Lurah ing Prawata dhusun, kakasih Ki Darmajati, Darmawati nyainira, atmaje estri satugngil, paparap Wara Surendra, ing warna tuhu linuwih.
  13. Wingit ing pasemonipun, kuning wenes amrakati, enteng ruruh tur jatmika, lantip ing weweka titi, susila tyase ngumala, ujwala manther nelahi.
  14. Ngrerompyoh sesinomipun, rema ngendrawila wilis, jangga lumun asembada, welar pranajanireki, maya-maya sinatmata, lir pendah cengkir pinginit.
  15. Awijang bebaunipun, asta anggandhewa gadhing, wiraga nenangi brangta, yen lumampah ngati-yati, ririh alon membat madya, lambung memes kadyangganig.
  16. Tujung lumembang ini ranu, kasilir ing angin-angin, wasis saliring pakaryan, kang winajibken pawestri, sang dyah tumutur ing rama, mring tegal arasa ngundhuhi.
  17. Lombok terong pare timun, kacang ceme myang kacipir, lumampah aneng ing ngarsa, kasorot ing Sang Hyang Rawi, mangu-mangu Sang Hyang Surya, denyarsa tumameng wukir.
  18. Kasengsem miyat sang ayu, dumadya mandheg timolih, sang dyah rara kampir sendang, tekeng satepining warih, cangkelak wangsul trataban, enar-enar senig-senig.
  19. Kapanggih ing ramanipun, sarya awacana manis, rama aku tur uninga, ing kono tepining beji, ana wong anyar kawuryan, linggih slonjor dipeteki.
  20. Baneke kang metek ngidung, Kinanthi siji ngenngaki, Ki Darmajati tatanya, dhenok jalu apa estri, embuh rama ora tamat, ki lurah (ng)guguk lingnya ris.
  21. Heh bokne Nok den agupuh, maranga tegal pribadi, kalawan atmajanira, sawuse sirau ngundhuhi, apa saisining tegal, banjur olahen kang becik.
  22. Menuok angundhuha jambu, dersane kalawan manggil, kepel kokosan rambutan, dhuwet pulih aja kari, lan dalima ingkang tuwa, jeruk keprok salak medhi.
  23. Pelem santok sengir madu, pilihana kang mateng wit, alaha jangan beningan, sambel jagung jangan menir, pecel ayang kang kumanggang, lalaban cambah kemangi.
  24. Berutu ayam ywa kantun, lan gorengan ayam estri, gesek-kutug gegpukan, sambel brambang lalab sledi, kekecutan sungthi bawang, lawan ketimun sumerit.
  25. Wedang kahwa gula tebu, saringan tepas kang resik, nyanyamikan puthu-tegal, carabikang mendut koci, semar mendem buntel dadar, kinoplok ing santen kanil.
  26. Sambel goreng kring ywa kantun, urang campuraen lan ati, rambat kulita kang ayam, petis kang wus kok bumboni, sega lemes sega akas, jiwet pitik jago biri.
  27. Wedan ronning blimbing wuluh, sing anyep rendhemen warih, reremikan dhaharan, criping kaspe criping linjik, pisang goreng nganggo gula, creiping tela karag gurih.
  28. Wis mangsa bodho sireku, pikiren lan bokmu nyai, aywa na ingkang kuciwa, Ki Darma lajeng mring beji, wau rahadyan kang lagya, pinetekan abdi kalih.
  29. ngandika mring Gathak Gathuk, mira mau muni tobil, banjur mlongo kadhep tesmak, Gathuk mator wonten janmi wanodya warna yu endah, arsa tumameng ing beji.
  30. Tan dangu cangkeluk wangsul, kilap wau purugneki, amung tilase lumampah (ng)gantheng kadya lintang ngalih, kinten kula waranggana, apesipun putraning jim.
  31. Kendel dennira umatur, praptane Ki Darmajati, nyaketi lenggahnya radyan, saha aturura aris,dhus risang nembe kawuryan, kula anggger nilakrami.
  32. Pundi pinangka sang bagus, sinten sinambating wangi, rahadyan arum ngandika, kula aran Jayengresmi, satri nagri surapringga, saking umiyat Marapi.
  33. paman punapi pilingguh, lan sintan ingkang wawangi, Darmajati nama kula, lurahing Prawata ngriki, bilih kaparenging karsa, kawula aturi kampir.
  34. Dhumateng ing sudhung ulun, paman kalangkung prayogi, menggah dhepokipun paman, gapura ingkang keaksi, o raden dede punika, tilas karaton Jeng Gusti.
  35. Sultan ing Demak karuhun, paman ulun ayun uning, patilasani ngawirya, wawi kula kang umiring, linggar saking in patirtan, Ki Darma lumakyeng ngarsi.
  36. Minggah prapteng alun-alun, lir ara-ara waradin, kantun wringih kalih jajar, nulya minggah mring sitinggil, mangidul anon gapura, angongkang tepining wukir.
  37. Munggul sela gamping bagus, ingukir pinatrap remit, margi minggah dhauk-undhakan, gela gamping kang kinardi, prapteng lebeting gapura, Ki Darma atunya mijil.




33
MIJIL


  1. Lah punika wujuding kang puri, ing Demak sang katong, dados kalih jeng sultan kithane, bilih rendheng linggar dhateng ngriki, wit Demak nagari, kalebeng we jawuh.
  2. Yen katiga wangsul mring nagari, nunten kang ngadhaton, Susuhaning Prawata namine, akatelah tumekeng samangkling, karane kang ardi, Prawata puniku.
  3. Ascaryambeg rahaden ningali, ingkang tembing elor, rawa wiyar ngandhaping pareden, lir samodra sinaba ing peksi, pel-opel lan mliwis, blekok cangak kuntul.
  4. Bangothonthong pecuk cabak trinil, ruang-urangan abyor, andon mangan mangsan mina myang urange, panjrah kadi sekar tinon asri, wus slesih ningali, rahadyan tumurun.
  5. Amangilen mring pinggiring rawi, anon sumber ayom, binalumbang binatur pinggiri, sela pethak kukubuk pasagi, sajroning botrawi, ingkang pojok catur.
  6. Pinansangan sela-gilang langking, winangun ambanon, boten kaclop we tebah kaote, jroning blumbang bulus ageng alit, samya belang putih, ngambang ttata turut.
  7. Isthanira nambrameng kang prapti, Gathak Gathuk gawok, kathik bulus samono akehe, gedhe cilik padha belang putih, iku kang nglurahi, endhase sak genuk.
  8. Darmajati aturira aris, punika sang anom, wasta Grudha tilas siramame, sultan adi ing Demak nagari, sela-gilang langking palenggahanipun.
  9. Miwah saben wedal aneng ngriki, nadyan salat Lohor, datan beneter kayoman errnne, gayam nyamplung karebet waringin, saben (ng)Garakasih, Jumngah malemipun.
  10. Kathah ingkang tirakat mariki, dupa sekar konyong, neng ngandape kakajengan (ng)genne) mangga radyan mariksa ing beji, wastanipun Jibing, pasiramanipun.
  11. Para arum kang samya umiring, ing jeng sang akatong, wus dumugi ing Jibing tepine, gasik resik ayom silir-silir, ri-wusnya udani, Darmajati matur.
  12. Sampun tapis ingkang dentingali, sumangga sang anom aso dhateng pun paman wismane, antentremken rapuhing kang dhiri, radyan mituruti, kerit lampahipun.
  13. Ing pandhapa sampun dengelari, pandamira abyor, ngandhap talang lenggahe rahaden, Gathak Gathuk neng emper pandhapi, Ki Darma mring panti, sanjang rabinipun.
  14. Sira dhewe ngadenana nyai, lan anakmu dhenok, ganten eses wedhang dhahrane, mengko bada Ngisa wissa ngrakit, dhahar kang prayogi, dhayohmu linuhung.
  15. Darmawati sandika turneki, sadaya wus mrantos, Darmajati mijil ngarsa raden, datan dangu sugata lumadi, nyai aneng ngarsi, rara Menok pungkur.
  16. Gupuh matur sarwi ngacarani, punika ingkang bok, nyai amba Darmawate ranne, ingkang wingking anak amba estri pambajeng (ng)gih ragil, tan na kadangipun.
  17. Pun Surendra naminipun yekti, nanging karan Menok, kidhung wagu tur awon warnine, labet kogung wah tebih nagari, bodhone nglangkungi, amung lothung-lothung.
  18. Nyai sira ngaturna pambagi, marang ing sang anom, ingkang embok atur basukine, rawuhipun angger wonten ngriki, pangestune bibi, pan inggih rahayu.
  19. Nyai Darma anolih mring wuri, babo sira Menok, ngabektia ing suku nah angger, anyuwuna pangestu glis laki, (n)tuk jodho permati, slamet panjeng umur.
  20. Rara Menok tan wawang ngabekti, ing pada sang anom, tatag teteg tan sedheng driyane, ngandikeng tyas Raden Jayengresmi, edi bocah iki, ayu trus rahayu.
  21. Nora nana cacade samenir, pantes abeg tanggon, kembar warna amung polatane, ruruh iki lan si Rancangkapti, wusing angabegti, rara Menok mundur.
  22. Darmajati aturira aris, sumangga sang anom, kaparenga ngunjuk sawontene, myang nyanyamik wedalaning ardi (n)dheku Jayengresmi, wedang wus ingunjuk.
  23. Sarwi dhahar cariping kaspei, telas tigang kethok, Gathak Gathuk tan beda suguhe, kacung ngriku nedha den rahabi, bikt rarywa kalih, ngombe srupat-sruput.
  24. Angethamil nyamikan pat piring, gasik lir sinapon, manjing Mahrib alinggar rahaden, maring langgar ki wisma umiring, dumuginya masjit, Kyai Darma wangsul.
  25. Tata dhahar neng bangku sinamir, tinutup ing lawon, dilah thonthot brenggala liline, rara Menok ingkang ngrakit-ngrakit, rampunging pangrakit, (ng)ganten celak bangku.
  26. Darmajati tatanya mring siwi, uwis rampung Menok, rama uwis mung kari liwete, lan ngngeti ingkang gajih-gajih, mengko lamun uwis, lenggah (ng)gonku ngedhuk.
  27. Kawrnaa kan ana ing masjid, Gathuk adan gupoh, bakda sunan kimatan age, nulya parlu usali Mahribi, bakda apupuji, tekeng Ngisa-nipun.
  28. Bahda Ngisa radyan ngandika ris, Gathuk bocah wadong, kang den ujungaken mau kae, ayu endi lan kang marang beji, Gathuk matur sami, tan geseh sarambut.\
  29. Eram kula leganing sudarmi, datan walangatos, lan bocahe teka tatag teteg, iya Gathuk ing panyawangmami, kana kene sami, ngena-ngene suwung.
  30. Raden Jayengresmi ngandika ris, iku nora linyok, wus mangkono wong ngaurip, kiye, kacihnaning tandhane sawiji, ngaurip puniki, tan na bedanipun.
  31. Kyai Darma mring langgar ngaturi, ing sang prawira nom, bilih sampun paragat perlune, bok-paduka (ng)gennira sasaji, dhaharnya sang pekik, mangkya sampun rampung.
  32. Jeng paduka ngatuan mring panti, radyan tindak alon, lajeng lenggah caket lan mejane, liwet anget lan uma kang (ng)gajih, wus lumadyen ngarsi, sadaya kumebul.\
  33. Niken Darmawati matur aris, angger ingkang embok, tur sugata sakawontenane, radyan (n)dheku angandika aris, mangga paman bibi, prayogine kembul.
  34. Katri sareng dennira abukti, bikut rara Menok, angimbeti ngladosken janganne, sambel ulan tan kendhat linarih, Raden Jayengresmi, kang dhinahar agung*).
  35. Sekule liwet sakluwak tan luwih, gesek tlas sajempol, lalap sunthi rong iris tan luweh, wus sumugi dennira abukti, atob wanti-wanti, Ki Darma angungun.
  36. Wus cinarik wowohan mangarsi, radyan mendhet gupoh, dhuwet pehak akakalih cacahe, gung ginlintir dhinahar sawiji, Gathak Gathuk bukti, angendhoni sabuk.
  37. Dhadhaharan sawusi dumugi, mingser lenggah ngulon, Kyai Darma matur mring rahaden, bilih pareng aso dhateng panti, rehning lir mas kentir, rahadyan umatur.


*) prayoginipun amung



34
MASKUMAMBANG


  1. Sampun paman sakeca wonten ing ngriki, ndheku Kyai Darma, ngandika marang ing siwi, ganten eses ladekena.
  2. Wedang dharan lan-olahan saananing, rara Menok tanggap, angladosi aneng ngarsi, sarbet sinampirken pundhak.
  3. Wus tinata Ki Darma angacarani, sumangga kadhahar, pun Menok mangunahneki, sisinaon olah-olah.
  4. Raden mesem pangandikanira aris, klebet wajibing dyah, saged lah-olah sakalir, tegen rigen minta-minta.
  5. Wasis salir pakaryanipun pawestri, raratus myang wedhak, parem tapel pupur wilis, konyoh jajampi racikan.
  6. Nyumerepi samuwaning anggi-anggi, pon-empon babakan eron ingkang maedahi, ngyektosi kanggening karya.
  7. Nganti nenun nyulam nyongket adondomi, angraronce sekar, (m)batik nyoga (b)babar adi, mamantes isinin wisma.
  8. Ngati-yati nastiti gemi ing wadi, tan kirang tuladha, utaminipun pawestri, nulad panengen pangiwa.
  9. Ingkang lebda dudugi lawan prayogi, watara riringa, sirang dalu kang kaesthi, anut tuduhing sudarma.
  10. Bilih saged kadya ingkang ulun angling, winiwitan mangkay, sinau wisma pribadi, piniha ngladosi priya.
  11. Bokmanawi wilujeng ing donya ngakir, punika paitan, tembe angladosi laki, kantun pados kalangkungan.
  12. Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai, Menok rasakena ngandika raden iki, tanjebena ing wardaya.
  13. Iya rama antuka pangestu yekti, sabdanin utama, nyawabana lair-batin, bisane tampa nugraha.
  14. Kasususa saratri tan ana guling, eca lelengahan, sasamben dhahar nyanyamik, wus wanji pajar gidiban.
  15. Radyan matur mring ki wisma Darmajati, paman (m)bujeng enjang, mangkya kula nyuwun pamit, ayun (n)dumugekken lampah.
  16. Paman bibi sami kantuna basuki, ing sapengkeringwang, kang sinung ngling matur aris, kula (n)dherekken raharja.
  17. Gra salaman Ki Darma ngatag ing siwi, Menok ngabektia, sang dyah gupuh angabekti, radyan arum angandika.
  18. Rara sira sun dongakaken ing Widdhi, tumulia krama, oleh jodho kang premati, kang tulus trahing ngawirya.
  19. Kang dalajat respati sudibyeng ngelmi, bisa momong ing dyah, nyenengken tyasing sudarmi, sira kantuna raharja.
  20. Rara Menok matur nuwun sru kapundhi, pangestu paduka, Gathak Gathuk samya pamit, linggar saking palenggahan.
  21. Kyai nyai andherekken prapteng jawi, wus wangsul mring wisma, rara Menok agnukudi, nahan lampahira radyan.
  22. Kampir beji wekdan sembahyang Subekti*), bakda pupujiyan rahadyan lajeng lumaris, ngaler ngilen anir pringga.
  23. Kedyating tyas kapencut arsa udani, ing masigit Demak, iya saning para wali, tan cinatur laminira
  24. Wus umangsuk prapteng palataran masjid, tan ana kang nyana, yen punika putra Giri, kinira santri balaka.
  25. Minggah srami, wowolu sakanireki, ingukir pinatra, betan saking Majapait, sangkalanira pinirsa.
  26. Kari roro gawening wong **) ungelneki, wiwara kang marang, mesjit ingukir taya sri, gambar gelap pinarada.
  27. Tumapk kori sinerat sangkalan muni papatra kinarya rupa gelap ***) tungal nenggih, radyan manjing sigra-sigra.
  28. Dupi prapta aneng sajroning masigit, kalangkung anikmat, mupangat raosing dhiri, enget mantheng nungkul ing Hyang.
  29. Saka guru sakawan agengnya sami, inggile sembada, gilig memet ragi methit, agenngnya kalih rangkulan.
  30. Ingkang eler wetan sanes lan kang katri, nenggih wujut tatal, kinempel dados satunggil, gilig aluse warata.
  31. Yasanira Kangjeng Susuhunan Kalijaga kang minulya, maweh tilasan nagari, karamating waliyolah.
  32. Saya gambuh rahadyan dupi udani, sinungan umiyat, kaelokaning Hyang Widdhi, sangandhaping panti kutbah.
  33. Rompyok-rompyok kathukulan glagah-wangi, lintange rahadyan, tan ana janma udani, pratandha calon nugraha.
  34. Sampun medal saking campurining masjid, lajeng lampahira, tan cinatur lamineki ngancik laladan Japara.
  35. Prapteng suku wukir Murya ngankong tasik, ing Sagara Jawa wus manjat arsa udani, puncaking kang ardi Murya.
  36. Margi (n)deder rumpil kapit jurang terbis, rekaseng lumampah, Gathak Gathuk kempis-kempis, sakedhap-kedhap araryan.
  37. Dalu aso enjinge umangkat malih, tri ari tumeka, aneng sapucaking wukir, bawera anon samodra.
  38. Ing lampahe baita layar gagrami, ana labuh jangkar, ambedhol jangkar lumaris, langkung asri tiningalan.
  39. Ing karajan padesan ngandhaping wukir, tinon karya rena, rahadyan kagyat ningali, astana teja sumunar.
  40. Pinarpekan uluk salam densauri, tahlil sanalika, radyan myang santri kakalih, bakda tahlil ana prapta
  41. Kaki-kaki marpeki dyan Jayengresmi, alon angandika, kyai kula nilakrami, paduka napa kang tennga.
  42. Lawan sinten ingkan sumare ing ngriki, alon sauriria, inggih kula ingkang jagi, nami Buyut Sidasedya.
  43. Kang sumare Jeng Sunan Murya wawangi, karaning astana ing Muryapada puniki, namaning ardi ing Murya.
  44. Lah punapa paduka karsa nenepi, dhuh ki Buyut baya, ing sedya amung yun uning, pucaking kang ardi Murya.
  45. Reh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit, mandhap saking arga, Buyut Sidasedya angling, piniki tanggel ing lampah.
  46. Babo lamun kapareng karsa kang pekik, kampir dhepok ingwang, prayogi ing benjing-benjing, dinten sangete prayoga.
  47. Watekipun kalayan sasedyaneki, tur manggih raharja, rahadyan dupi miyarsa, dumadya dhanganin nala.
  48. Sampun kerit dupi wus prapta ing panti, ki Buyut parentah, marang Gathak Gathuk santri, kacung aja taha-taha.
  49. Angambila pribadi sugata mami, otek cangthel boga, jepen tales wi gembili, gembolo pohun katela.
  50. Gathak Gathuk tan lenggana gya lumaris, maring pategalan, suka dennya ngengunduhi, rampung gya tumameng wisma.
  51. Ambakari jagung pohun uwi legi, wedang ronning kahwa, rinakit lumadyeng ngarsi, ki Byut suka tumingal.
  52. Swawi bagus krana-lah sami nyenamik, kedahe nyunggata, sawontene tiyang wukir, ijen wus tridasa warsa.
  53. Jayengresmi mesem wus adhahar uwi, mesem atatanya, wusing angundhuh sakalir, punika kagem punapa.
  54. Kula angge sedhekah mring pekir-miskin, awise kant tedha, smai dhumaten mariki, sasukane dennya mbekta.
  55. Kula amung angengehken kangge wiji, makaten lampahnya, tan saged sidhekah picis, mamanise mung kwowodan.



*)Prayoginipun Subeki = Subuh
**)Taun Jawi: 1429
***)Taun Jawi: 1441




35
DHANDHANGGULA


  1. Lon umatur Raden Jayengresmi, kadiparan dinten kang prayoga, punapi wonten sanese, utawi wancinipun, mawi milih mawi nyingkir, ki Buyut angandika, punika masputu, etang minangka satiyar, angluluri nasehat ing nguni-uni, wiji saking ing Arab.
  2. Pan punika masalah ngawruhi, ingkang pangandika, Nabiyullah, salahu wasalame, sakehe umatingsun, padha ngawruhana ing nginggil, patingkah alulungan, milya kang sarju aja lungan tanggal pisan, ta na laba lungana, tanggal ping kalih, pan iya oleh laba.
  3. Tanggal kaping tiga datan becik, tan na laba tanggal kaping papan, rekasa angen margane, tanggal ping lima iku, manggih laba kaping nemneki, tan manggih laba ilang, karyane wong iku, tanggal ping pitu prayoga, manggih rahmating Pangeran tanggal kaping, wolu agring ingi paran.
  4. Tanggal kaping sanga manggih pati, lan pakewuh tur padha sumadhang, tanggal kaping sadasane, manggih laba rahayu, ping sawelas apenget ugi, tanggal ping kalihwelas, tan ana labeku, tanggal kaping tigawelas, oleh utang tanggal pat belas becik, neng parang manggih laba.
  5. Tanggal ping limalas ayu olih, emas perak tanggal ping nembelas, tan antuk laba tanggale, ping pitulas rahayu, p8ing wolulas pan laba manggih, tanggal kaping sangalas, penet pan rahayu, tanggal kaping kalihdasa, gering marga, tanggal ping salikur ugi, (ng)garesah aneng paran.
  6. Tanggal ping rorikur ayu becik, tanggal telulikur laba karya, tanggal kaping patlikure, penet ping limalikur, mapan ala tanggale kaping, nemlikur gesang pejah, punika pinangguh, tanggal pitulikur ala, bakal tukar iya ananireng margi, tanggal wolulikurnya.
  7. Oleh laba sangalikurneki, manggih rahmat saking ing Pangeran, tanggal ping tigadasane, manggih utang neng purug, tititelas masalah iki, ing wong kang alulungan, pangandika Rosul-lolah, salahiwasalam, dipun sami nastiti kadi punika, inggih waluhualam.
  8. Lampaira Kangjeng para Nai, lamun badhe mangkat saking wisma, isarat ingkang kaangge, Jumungah akakemu, lan asusur lampahing Nabi, Muhammad Rosullolah, lamun dina Sabtu, punika angandhut lemah, dinekekken ing puser lapahing Nabi, Adam ingkang minulya.
  9. Dinten Ahan angangge susumping lapahipun Jeng Yusup Bagendha, Isnen natab lalandhepe, Bagendha Umar laku, Slasa manggan asta ing geni, Bagendha Abubakar, ingkan darbe laku, Rebo akukudhung sinjang, lampahipun Nabi Ayub singgih, Kemis tumengeng tawang.
  10. Myang tumungkul ing bantala nenggih, lapahipun Sang Ali Bagendha, winewahan sangatane, kalamun arsa nglurug, angkatira pan sampun uning, langkahe ingkan pecak, sangat lamun sampun, pecak sadasa umangkal, pangwasane sang Gadudha kawon dening, sadhengahing taksaka.
  11. Isnen wusing pecak nem lumaris, pangawasane singa krura kalah, dene*) manjangan yektine. Salasa lamun sampun, pecak kalih angkatireki, pangawasanipun singa, ingkang sru manempuh, kayon dening kang dirada, Rebo wusing pesak pipitu lumaris, menggah pangasanira.
  12. Diwangkara kawong dening sasi, Kemis wusing pesak dwilyas **) Jumungahapan sampuning, pecak triwelas mangkat, de pangawasipun, sona dening kancil kalah, Saptu wusing pecak dwiwelas lumaris, denen pangawasanira.
  13. Sawer kawon dengin kodhok bungkik, tamat sangat Sang Ali Bagendha, wonten santat ingkang kangge, aningkahaken sunu, myang ngadegken sadhengah panti, punika manut tanggal, sapisan witipun, kaping kalih kaping tiga, ping sakawan pang gangsal gya wangsul malih, nem kadi ping sapisan.
  14. Tanggal kaping sapisan pan sami, kaping nenem sawelas nembelas, salikur myang nemlkure, wit surya wedalipun, tekeng pecak slikur potneki. Ahmad pitutur nyata, wit pecak salikur epote pecak sawelas, Jabarail kalangan tangkepanneki, awit pecak sawelas.
  15. Epot bedhuk Brahmin pecak-wesi, awit bedhug ing potipun Asar, Yusup slamet rangeppane, Asar sawengi muput, epot enjing Hyang Surya mijil, Ngijrail rejekinnya, ping kalih winuwus, sami lawan kaping sapta, kalihwelas pitulas rorikur nengggih, myang pitulikur samya.
  16. Purnamaning Hyang Pradangapati, epot pesak salikur punika, Jabarail rejekine, wiwit pecak salikur, epot pecak sawlas Ibrahim, pitulikur rangkepannya, sawlas epot bedhug, Yusup kalangan tangkepnya, bedhuk potnya Irjail apacak-wesi, asar sadalu pisan
  17. Pole tekeng purnamaning rawi, Ahmad slamet tanggal kaping tiga, ping wolu ping triwelas, wolulas tigalikur, wolulikur punika sami, wit purnamaning surya, pot pecak salikur, Ibrahim slamet rangkepan, pecak slikur pot pecak sawilas marengi, Yusup rijekinira.
  18. Pecak sawlas epot bedhug wanci, Ngijrail pitutur rangkepan, bedhug tekeng Asar pote, Ahmad kalanganipun, awit pasar potira prapti, purnamaning Hyang Surya, Jabarail iku, pacak wesi tangepannya, gantya tanggal ping sakawan samineki, ping sangan ping patbelas.
  19. Ping sangalas patlikur myang kaping, sangalikur punika ingetang, wit Hyang Surya purnamane, epot pecak salikur, Yusup pacakwesi marengi, awit salikur pecak, sawelas potipun, Ngijrail salamet pecak, sawlas epot bedhug Ahmade rejeki, wit bedhug epot Asar.
  20. jabarail pitutur ngrangkepi, Asar prapta purnamaning surya, Ibrahim kalangan mangke, ping gangsal sadaseku, gangsal welas myang kalihdesi, salawe tigang dasa, pan sami puniku, awit purnamaning surya, tekeng pecak salikur epotireki, Ngijrail akalangan.
  21. Pecak slikur sawelas potneki, Ahmad pacakwesi rangkepannya, pecak sawelas awite, epote tekeng bedhug, jabarail slamet ngrangkepi, bedhug epotnya Asar, Brahim rijekiku, Asar sadalau epotnya, purnamane Sanghyang Surya amungkasi, Yusup pitutur Ahmad.
  22. Raden Jayengresmi tanya malih, kadiparan sangat palintangan, punapi wonten sanese, ki Buyut manthuk-manthuk, manut dinten lampahireki, pipitu kehing lintang, sadinten sadalu, paedahe pyambak-pyambak, awon penet myang laire jabang bayi, tinitik saking lintang.
  23. Lintang Samsu sabarang prayogi, lawan marek ing sri naranata, myang wong agung sasamine, ningkah langkun panuju, ingkang awon tuwin myang sakit, nunugel kesah perang, jejampi nyanyambut, tuwin ngenggali pangganggya, undang-undang prasanakan atanapi, kumpulan tan prayoga
  24. Lare lair rainten marengi, jales estri umuripun panjang, sinung padhang ing driyane, kedhik rijekinipun, prihatinan ing tyasireki, jalu estri yen medal, dalu watekipun, pan ugi petengan manah, lawan sinung gelap tyase anawengi, gantya kang winursita.
  25. Lintang Juhrah angka dwi nameki, samukawis punika prayoga, dinen ngelmi utamane, rabi tumekeng sarju, anjampeni rare utami, anggalih samubarang, pandamelan atutde, kang awon andum karya, akengkenan dhumateng mengsahing jurit, myang kengkenan sadhengah.
  26. Lare lair jalu lawan estri, ing raina jembar kang polatan, jalu estri yen laire, anuju wanci dalu, langkung kumet wicaraneki, tur pengkok nora (ng)gragap, kaping tri winuwus, lintang Ngatarit pinajar, samubarang prayoga ingkang upami, mumuruk amamarah.
  27. Marek nata myang pados usadi, apan sami prayoga sadaya, dene ingkang boten sae, paes pasah cucukur, lair rinten bilih pawestri, sae keh daulatnya, nging wicara kaduk, ragi panasten ing manah, namun saged ing damel tan nguciwani, yen jaler lair siyang.
  28. Apan awon ing tyas gung prihatin, bilih estri dalu lairira, cupet kang budi wateke, yen jalu lari dalu, watekipun jembar kang budi, sabar lila ing donya, tur sudih begja gung, welasan marang sasama, mangkya catur lintang Kamar kang winarni, samukawis prayoga.
  29. Tuwin marek ing sri narapati, angandikan kang mawa paedah, sisimpen tulus arjane, adagang antuk untung, akengkenan sarju katampi, mamaris tulus trimah, kang awon winuwus, pradata padu myang nglamar, atanapi (n)dhaupaken laki-rabi, punika tan prayoga.
  30. Lare estri lair amarengi, nuju siyang boros watekira, yen jalu siyang laire, cuparira kalangkung, lamun estri lairnya ratri, sae saged ing karya, bekti marang kakung, nastiti mring samubarang, lamun jaler lairipun wektu ratri, barancah mring wanodya.
  31. Panca lintang Juhkal kang winarni, ingkang sae wiwit gentur tapa, pandamel mring Pangerane, awit ngantos pakantuk, lyan punika boten prayoga, yen rare lair siyang, atanapi dalu, jalu estri ugi samya, tansah kambah sakit encok tan kalirih, nanging keh rejekinya.
  32. Tur asabar lila ing donyaki, wadanane mung radi engetan, gumantya angka neneme, lintang Mustrai iku, ratuning kang lintang sapteki, langkung sae sabarang, satingkah rahayu, ingkang awong mung sajuga, amanggalih ngadoni lapahing jurit, yen rare lair siyang.
  33. Jalu estri pan sami prayoga, watekipun saestu sukuran, yen estri lair dalune, ajrih mring piyanipun, pandamelan agal myang remit, widada awidagda, lamun rare jalu, lair dalu langkung pradhah, tan kaconggah nedha ing kebon ananging, remen nyilib tyasira.
  34. Mangkya gantya kasapta mungkasi, lintang Mirah ingkan aprayoga, namping imba paras paes, sunat ugi pakantuk, atanapi ngadoni jurit, lawan iyasa gaman, kajawi puniku, pakaryan awon sadaya, lamun nuju rinten rare lair estri, watak jail kang manah.
  35. Bilih jalu rinten lairneki, tan saranta barang watekira, yen lair nuju ratrine, estri tanapi jalu, tan salamet manahnya gingsir, keket kapara ngarsa, jail amathangkul, sampun jangkep lintang sapta, awon penet ing mangke wiwit winilis, lampahing pilantangan.
  36. Malem akad ing wanci Mahribi, ingkang tampi Samsu taranggana, Ngisal Juhrah tampine, wanci sirep janmeku, lintang Tarit ingkang atampi, tengahe ratri Kamar, lingsir wenginipun, tinampenan lintang Juhkal, bangun enjing lintang Mustari kang tampi, Subuh Mirah gumantya.
  37. Akad enjing Samsu kang nampeni, rame pasar tinampen ing Juhrah, lebar pasar Tangarite, bedhug Kamar kang lungguh, luhur Juhkal ingkang nampeni, Ngasare tinampenan Mustari punika, sontene ingkang atampa, lintang Mirah jangkep saratri saari,lampahing lintang sapta.
  38. Malem Isnen ing waktu Mahribi, ingkang tampi taranggana Kamar, Ngisa-bah Juhkal tampine, ing wanci sirep manus, ingkang tampi lintang Mustari, tengah ratri Mirahnya, lingsir wenginipun, lintang Samsu kang alenggah, bangun enjing lintang Juhrah katan atampi, Subuh Natarit lintang.
  39. Isnen enjing lintan Kamar tampi, rame pasar tinampen ing Juhkal, lebar pasare tinampen, Mustari trengganaku, wanci bedhug Mirah kang tampi, wektu Luhur Samsunya prapteng Ngasar puput, tinampenan lintang Juhrah, wanci sonten Ngatarit ingkang atampi, jangkep lintang kasapta.
  40. Malem slasa ing waktu Mahribi, lintang Mirah seren wektu Ngisa, trengganan Samsu tampine, sirep janma kang lungguh, lintang Juhrah tengahing ratri, Ngatarit ingkang lenggah, lingsir wenginipun, tinampen ing lintang Kamar, bangun enjing lingant Juhkal kang nampeni, Subuh lintang Mustarnya.
  41. Slasa enjang Mirah ingkang tampi, rame pasar Samsu ingkang lenggah, bar psar Juhrah tampine, bedhug tinampen gupuh ing Ngatarit Luhur tinampi, Kamar kang tarangganan, Ngasri Juhkal lungguh, sontene tinampenan, taranggono Mustari pot wektu Mahrib, jangkep kasapta lintang.
  42. Malem Rebo ing waktu Mahribi, lintang Ngatarit pot wektu Ngisa, tinampen Kamar lintange, wanci sirep jalmeku, lintang Juhkal ingkang nampeni, tengah ratri tranggana, Mustari kang lungguh, lingsir dalu tinampenan, lintang Mirah bangun sampun kang nampeni, ing wektu Subuh Juhrah
  43. Rebo enjing Ngatarit kang tampi, rame pasar tinampen ing Kamar, bar pasar Juhkal tampine, bedhug nulya sinambut, ing Mustari Luhur tinampi, lintang Mirah punika, wektu Ngasaripun, trenggana Samsu lenggah, wanci sonten ing Juhrah kang nampeni, jangkep lintang kasapta.
  44. Malem Kemis ing wektu Mahribi, taranggana Mustari praptanya, Ngisa tinampenan Mireh, sirep ing janma Samsu, tengah ratri ingkang nampeni, kanang tranggana Juhrah, seren lingsir dalu, tinampen Ngatarit lintang, bangun enjing lintang Kamar ingkang tampi, ing wektu Subuh Juhkal.
  45. Kemis enjing Mustari kang tampi, rame pasar lintang Mirah lenggah, bar pasar Samsu tampine, Ngatarit inggkan lenggah, seren Ngasri wektu, tinampenan lintang Kamar, wanci sonten lintang Juhkal ingkang tampi, jangkep kasapta lintang.
  46. Malem Jumngah ing wektu Mahribi, lintang Juhrah ingkang apilenggah, ing waktu Ngisa epote, tinampen Nataritu, sirep janma Kamar nampeni, tengah ratrinya Juhkal, lingsir ratrinipun, lintang Mustari punika, bangun enjing lintang Mirah kang nampeni, Subuh Samsu tranggana.
  47. Jumngah enjing Juhrah tampi, rame pasar Ngatarit kang lenggah, lebar pasar Kamar Manggen, bedhug ginantyan gupuh, lingan Juhkal ingkang nyiteni, Luhur gya tinampenan Mustari sitengsu, wektu Ngasri tinamenan, lintang Mirah sontene Samsu kang tampi, jangkep lintang kasapta.
  48. Malem Saptu Mahribi Ngatarit, wektu Ngisa tinampen ing Kamar, sirep janma gya tinampen, lintang Juhkal potipun, tengah ratri ingkang nampeni, Mustari taranggana, epot lingsir dalu, tinampen Mirah Tranggana, bangun enjing lintang Samsu kan nampeni, Subuh pan lintan Juhrah.
  49. Saptu enjing lintang Juhkal tampi, rame pasar Mustari kang lenggah, lebar pasar lintan Mirah, bedhug tinampen Samsu, wektu luhur Juhrah nampeni, pot Ngasri tinampenan, Ngatarit sitengsu, sontene tinampen Kamar, titi sampung lampahing lintang saptari, dalu praptaning siyang.
  50. Kang minangka naasing lintang dwi, (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal, ngagesang winenangake, setiyar mrih rahayu, yen wus atut eanganeki, gya sumendhe ing Susksma, widadaning kayun, amung, amung aywa kinekahan, pepetangan tan saged ngewahken takdir, siningkura kainan.
  51. Kaol saking pawon mitra mami, brahmanandi ing Ngata-maruta, tiyang badhe gadhah rate, utawi jama ayun, prapteng janji ing wancineki, laire kanang jabang, pecate nyaweku, wawaton ari sapta, siayan dalu punika sami binagi, kalih welas gathita.
  52. Wiwit purnamaning Sanghyang Rawi, gathita nem sapta astha nawa, sadasa sawlas tengange, kalihwlas inggih bedhug, gya gathita satunggil kalih, tiga sakawan gangsal, wangsul nenem surup, lajeng etang kadi siyang, dados namung wonten kalih welas wanci, kalamun ari Akad.
  53. Gathita nem sapta sawlas tuwin, tabul satunggal kalawan gangsal, Senen astha sadasane, satunggal tripanceku, Slasa sapta sadasa tuwin, tenggane kalihwelas, kalih gangsalipun, Rebo sapta nawa sawlas, kalih catur Kemis astha sawlas tuwin satunggal tri sakawan.
  54. Jumhan astha sadasa tanapi, kalih welas tiga myang sakawan. Saptu sapta myang nawane, dwidwlas kalih catur, bilih wonten tiyang nyakiti, utawi tyang sakarat, ri Akad tartamtu, lair utawi papatya, gathita nem sapta sawelas satunggil, gangsal salah satunggal.
  55. Raden Jeyengresmi matur aris, kathah temen ing parincenira, mrih widada rahajane, utami dipun enut, tan kainan basanireki, wonten kaol mupakat, punapa saestu, yen badhe karya pemahan, tuwin griya saka usuk denukuri, penet awoning petang.
  56. Leres wonten manawi akardi, ing pamahan dipun estokena, yen (ng)garap pater sitine, cengkali dhepanipun, inggih ingkang adarbe panti, kalamun awiwita, ler kilen mangidul, winicala saking dhepa, wilangannya bumi karta kala kali, kaarah dhawah karta.
  57. Yen mangetan kadhawahna bumi, bilih damel ingkang bubutulan, ambeneraken kalane, myang wiyar ciyutipun, ing pamahan sukaning galih, dene jroning plataran, yen mangaleripun, anotog pager ukurnya, samurdane kang darbe wisma pribadi, tingkahe wismanira.
  58. Den agathuk pager aja lali, yen kekelir sakilening wisma, kang tengen iku lakune, teka ing wismanipun, gathukena ing pager (n)jawi, kang wetan bau kiwa, saking wismanipun, den-gathuk lan wismanira, lolongkange pandhapa, tepusen aglis, lawan pacakanira.
  59. Gedhuging wisma lawan pandhapa, mandhapa iku kalawan lodra, tepusing talapakane, kalih mandhapanipun, lawan lodra yen karya kori, pager tarab cengkalnya, mara-sanganipun, poma sampun asembrana, ing pitedah prayogi aywa kawuri, yen pareng begjanira.


*) Prayoginipun dening
**) Prayoginipun dwiwias



36
PANGKUR


  1. Punika yen karya griya, ukuripun pecakira pribadi, pinecakan panjangipun, gansal petanganira, esri adi naga emas perak lamun, griya kadhawahna emas, pandhapa perak prayogi.
  2. Bilih pawon dhawah naga, payon lesung prayogi dhawah adi, manawi iyasa lumbung, dhawah esri pecaknya, sampun jangkep menggah saka kang denukur, kajawi tangkping ngandhap, lan kajawi purusneki.
  3. Ngukur wiyare kang saka,lajeng kangge ngukur panjangireki, ugi gansal petanipun, bumi banyu prawata myang sangkala geni jangkep gasalipun, dhawah bumi kang prayoga, teteg watekipun bumi.
  4. Dhawah banyu watekira, apan srepan punika (ng)gih prayogi manawi dhumawah gunung, watek kerep aliyan, lamun dhwah sengkala awon kalangkung, kang darbe wisma geringan, dhawah geni tan prayogi.
  5. Kabasmaran watakira, mangkya usuk denetang cajah iji, inggih gansal petangipun, esri kakitri gana, kliyu pokan bilih wisma etang usuk, prayoga esri dhawahnya, pandhapi dhawaha kitri.
  6. Kalih punika prayoga, bilih masjid gana ingkang prayogi, sanese masjid puniku, manawi dhawah gana, tamu angker utawi singit kalangkung, kaliyu datan prayoga, geringan kang gadhah panti.
  7. Yen denetang dhawah pokah, tan prayoga kerep nandhang prihatin, kapejaan jumarunuh, sampun jangkep etangnya, dene pager punika ukuranipun, dedege kang darbe wisma, tuwin dhepane pribadi.
  8. Menggah wiyaring pemahan, sakukanya pan boten denwanceni, gangsal wewilanganipun, bebuka esri etang, tapa lungguh sedana pugeranipun, dhawah sri watak serepan, tapa luwe watekneki.
  9. Lungguh teteg watekira, pan sedana sugiyan watekneki, depugeran watekipun, pitados saha kekah, sampun jangkep ing pundi kaparengipun, tebihing (dn)dhapi lan griya, ugi wonten ukurneki.
  10. Pecaking kang gadhah griya, pan sakawan etanganipun nenggih, awit bale etangipun, omah latar pawuhan, dhawah bale punika ingkang pakantuk, dene yen yasa gedhogan, tuwin kandhang kebo sapi.
  11. Palangipun pinecakan, kajawine pepurus ingkan manjing, kiwa miwah tengenipun, sakawan etangannya, candhi karta rogoh sampoyong puniku, ingkang sae dhawah karta, kalayan dhumawah candhi.
  12. Saka kandhang myang gedhogan, kajawine purus myang pendhemneki, ingukur lan palang wau, dhawah candhi prayoga, ing tebihe saking treping pantinipun, ingukur kalawan pecak, gansal petananireki.
  13. Awit etanipun karta, baya tura samaya angemasi, utami ingkang dhumawuh, ing wewilangan karta, nengna wau titi etangnya ki Buyut, wus anggagat bangun enjang, suwawi waktu Subekti*)
  14. Utami kang radi awal, samya wulu paragating Subekti*), pepujinira nutug, bakdaning pepujian, Gathuk matur alim dalem Kyai Byur, kawula nyuwun wasiat, basanipun tiyang abti**).
  15. Nunutut sadhengah kewan, bokmanawi ing tembe ngingah kambing, amrih cumbu dhaten ulun, ki Buyut angandika, iya kacung pancen ana emelipun, datanpa laku tur cendhak, mangkene basanireki.
  16. Seka leka seka leka, singa buntuk idhepa idhep ing idhepku tut sing saujarku, mung iku ora liya, lamun sira kapareng angelus-elus, marang sadhengahin kewan, kang dadi parenging ati.
  17. Kalawan manthening sedya, uga cendhak mangkene basaneki, singa wulu singa buntut, ingusapan pandhawa, lelima tut saujarku mung punika, lamun pinareng ing mangsa, bokmnawan tutut yekti.
  18. Gahuk nuwun-nuwun nembah, sakalangkung kapundhi sih sing yogi, Ki Buyut nyawan sang bagus, sumunaring kang cahya, ngandikeng tyas cecalone janma luhung, manther cahyaning oliya, wasana matur sang adi.
  19. Ing mangke paran ing karsa, seu sokur yen jenak aneng ngriki, rahadyan alon umatur, kang agun apuranta, mangkya ulun ayun (m)dumegekken kayun, ing saparan tanpa sedya, ngulati ingkan lunga nis.
  20. Amung pangestu paduka, rahayune ing lampah bokmanawi, tembe ulun saged wangsul, kantuna karaharjan, wus salaman ki Buyut ngandika arum, mas putu nestapaningwang, sami apuji-pinuji.
  21. Wus tumurun sangkin Murya, ngidul ngilen wus ngambah ing pasisir, tan winarna lampahipun, prapta ing palabuhan Pakalongan kendel ing tepining laut, anom udhuning juragan, kang sangking liyan nagari.
  22. Menawi ari kalihnya, binekta ing nangkoda, sangking Gresik nunut utawi pinupu, mring pawong-sanakira, dupi mudhun juragan kang sangking laut, tinon kang rayi tan ana, sangsaya angles ing galih.
  23. Aduh yayi kadangingwang, Jayengsari myang Niken Rancangkapti, baya mring endi jantungku, amung ta karuhana, ing dunungmu awet mangkene kabanjur, kadya kinjeng tanpa soca, wau Radyan Jayengresmi.
  24. (n)Dedonga marang Pangeran, rahayune kadangira kekalih, tembe sageda pinangguh, atuse manthenging tyas, gya lumampah tambuh kang sindyeng kalbu, kendelnya dalu kewala, bada Subuh gya lumaris.
  25. Prapti ardi Panegaran, kacarita sang yogi kang palinggih, aneng Panegaran gunung, wasi kawisuwara, wakitheng tyas uning satriya anglangut, kendel ing ngandhaping arga, sang wasi utusan aglis.
  26. Sabatnya aran Waskitha, kinen mudhun marang ngandhapping wukir, ki Waskitha wus tumurun, pinanggih lan rahdyan, mangenjali matur kawula ingutus, mahawiku Panegaran, Kawiswara sang ayogi.
  27. (n)Jeng paduka ingaturan, minggah maring ing dhepok ulunirit, rahadyan ngandika arum, inggih paman prayoga, sampun kerit Gathak Gathuk tansen pungkur, sang wiku mapag wiwara, wus tundhuk rinangkul aglis.
  28. Kulup ingkang nembe prapta, sajarwaa kekasihira kaki, lawan ngendi pinangkamu, sayogene lereppa, aneng kene kurang nadhah kurang turu, darapon bisaa klakyan, kang dadi karsanta kaki.
  29. Rahadyan dahat lenggana, wus alami pruita ing sang yogi, tatakrabatanya lumintu, sang yogi Kawiswara, lon ngandika ana jiliddan linuhung, sayogya sira anggoa, kanthining janma utami.


*)Prayoginipun Subekti = Subuh
**) Prayoginipun apti = arep, karep



37
KINANTHI


  1. Minangka murda satuhu, tanpa angenaki ati, tama liriing panataran, rantara sesalwirning, sarehning ingkang dumadya, wlasa singa nuwa-nuwi
  2. Sreda purai ngasamun, samanning sila nagari, aminta sihing ngamarar, awlas asih ring pagimi, unggyannira ngamatirta, cipta mantep marang Widdhi.
  3. Durung dadi lamun durung, darana ring daruning, sakarsa karseng pamasa, satibane kang tinuding, beda pandumming budaya, dayaning (n)donning dumadi
  4. Kahenengena manengkung, amaladdi samadinning, anegessa karsanging Sang, Amurweng Paningal jati, tingalena maklamullah, malah maluya ywa lali.
  5. Lelakone kang kaluhun, alin-alin denkalilin, lelenga aywa kaalan, ywa lalu atmah lali, kalunta-lunta kalintang, tan wiyang mayanga westhi.
  6. Isthaning anga kagugu, gupita jeg agagappi, aywa gugup ing nalika, nalarrira den alirih, rereh ing pangarah-arah, arahen aywa ngurangi.
  7. Nguranggana ing pangrungu, ing reh aywa nguring-uring, yen miro tmah memirang, amerang amurang niti, titika denkatalika, ywa nunulak tutulan-cik.
  8. Becik rengkuhen pamengku, kumawa ing agal alit, den amulat ing leleta, ywan ingandel dendumeling, (n)dulu ulah karawitan, wittipun tan ana malih.
  9. Sangking kakawin myang kidung, kadi kadang anjarwani, ing sarekaning kalangyan, langening kang milangonni, nglonggana haywan tantara, tariken yen ana luwih.
  10. Miwah ungguhing raras-rum, rumarah murang ing kawi, sesandinig sang kendriya, rekaning kawi kawiddhi, kawiddhi ing widhayaka, ya karana sang siniwi.
  11. Wah tahet babah binarung, ring kasidaning dumadi, dana kariyin denarah, kasantikan wus kawuri, kasudarman tyas mardawa, den manuh manah mamanis.
  12. Manah prenessan ywa kunus, dennira amasang mesi, masalahing sumpet karsa, karsa sineser tan osik, mustika tinon aywa sak, sasat simpen karsa suji.
  13. Ring sojar aja anjujur, kolina kilat ngalingi, tan wring naya ringa mawas, wakitha awangsulanning, yen tan angling den amemma, den amemes ing pangungkih.
  14. Ywa taha berguguk lugu, kaya gopala kapilis, kapelang kapelak-pelak, palenggahe agaligir, wigar agalagar, nganggur tan egaring galih.
  15. Palaning wong ambasengut, ulatte anginggit-inggit, wacana butheking netya, netya ala tan kailir, kelu kalessan ng muka, mengku ala nir pokalih.
  16. Ing wacana yen anuju, pasamuwan srawunganning, dipun sambada ing tembang, manawa katambang balik, denkacakup ing pangucap, titika dipun katitik.
  17. Patitike ywan wus putus, pan wus cinariteng Sruti, sru trep tita ing purwaka, mangka kenging anganggepi, ing cipta ya dyan patutta, ing tembang sambang manawi.
  18. Ana wadi kang sinamun, sinuksa sari-sarining, buhana sabawaning tyas, lair ing tyas kang nampani, nyataning tyas aneng naya, naya netya kang nampani.
  19. Sawadining wardayeku, ing netya pahemanneki, ing wacana (ng)gonning wedhar, sidayaka dayeng wadi, widigda ing ciptamaya, mayana mayaning kapti.
  20. Ati akapti kumudu, asihana ing sesami, witting raga kanasiyan, pan sangking raga pribadi, pribadi asiyeng raga, kadulu dalan dinalit.
  21. Paesan ing sarireku, amberat ingkang kaeksi, nir tasitaning akathah, pangehna ing sarireki, sarira paran bedanya, ambawa ambawani.
  22. Ingkang kadi mangkoneku, endi ulun amurwani, ing paniwi wamangkana, ana pae nupa bumi, dera ngimpun prih sadaya, pan wus jenengin narpati.
  23. Kinasihan ing reh aru, saharja mangakumeki, amiluta ambek ing ngrat, rat karaktettan padha sih, linulut ing lokajana, jeneng kasarjana sami.
  24. Sarat rinaharjeng kayun, mawarah-warah reh aris, tanpa karsa pagehana, kengang murwa angarjani, klitir marang apapa, papa telutuh siningkir.
  25. Mikara kang sikara dur, nimitnya-mitya sajati, juti sajatining mita, siyasat lir sagaragni, genengan kathah isininya, sarira tanpa welang ngling.
  26. Sesumbanging ngrat kasumbung, sesining tapa ing bumi, bumi saja saha jarwa, sojar tekanang binukti, bremara ngusweng kusuma, sumarmaning ganda sari.
  27. Salwir bawaning kang sinung, ing wadi widagdeng kuwi, among jagad jaga-jaga, arjuning ngrat tan kaesthi, saesthining asthagina, ginulang-gulang ing pangling.
  28. Liniling-liling kalangkung, sinelan planu pinalin, sarasa-rasa rinangsang, kang saru-saru siningkir, sikara tan karawatan, kuwat awetta rangkawit.
  29. Wiwitting watara wolu, waluyane wali-wali, wulang lila lan wilalat, ywan linelet temah lali, lalu amilih turida, ruda ruah angrudatin.
  30. Rudating angayun-ayun, wahyu-wahyaning sakalir, kaliliran kalairran, lairing wahyu-winaris, waras ngeniraken maras, marassaken jiwaragi.
  31. Noraga tegeng anurut, anurut rat pinirit, mirit angipat kiparat, puret pepet tan pinipil, papalla sangking sikara, sukura suker singkinkir.
  32. Kertya pakarti katutur, titir pamantara titi, tatas pandining walgita, tan pegat amagut kapti, kaptine ingkang kampita, pitaya den pitayani
  33. Yen ing tyas pan aywa tambuh, bubuhanne wong ngaurip, angarep-areppa karya, karyane sawiji-wiji, wijining puruitaa, ya asthaguna kinawi.
  34. Kawining Hyang Endra laku, ngudannaken wangi-wangi, angresepi sabuwana, kawaratan ing mamanis, menuhi manah madada, moneng manengku ngenani.
  35. Kawining Hyang Yama laku, madhendhakrama tan yukti, ya maluma lwir ya pejah, durjana gelahing bumi, nadyan braya wani ngambah, binubuh pinrih ing pati.
  36. Kawining Hyang Surya laku, ngingsep toya tan katawis, rereh ririh tan rekasa, rasanne tan ngeressi, resik lumintu atata, santyasa ngatiyati.
  37. Kawining Hyang Candra laku, ngasuk ngasepi sang bumi, komala mredu katingal, guya-gutunya mamanis, lir tetessing martotama, resep marang para resi.
  38. Kawining Hyang Bayu laku, anginte sagun pakarti, cuddining rat kinawruhan, sawicara denkawruhi,ya dibya guna kagunan, dinunni saari-ari
  39. Kawining Kuwera laku, anginte sagung pakarti, buddining rat kinawruhan, sawicara denkawruhi, ya dibya guna kagunan, ginunni saari-ari.
  40. Kawining Baruna laku, ngagem sanjata ngapussi, sagung kang olah durjana, jinajahan sinalisik, sinalasah cinepengan, amempeng dennya ninitik.
  41. Kawining Hyang Brama laku, anggesengi ripu tapis, galak ring ripu lwir singa, kang kinangsah sirna gusis, murub warata kataman, tamannira aneng geni.
  42. Nahan ta guna ginunggung, suraku rumekseng bumi, bumi ginora warana, lana gineneng pinusthi, sesthaning butaning ngolah, ulah sesran musran muni
  43. Aywa neher ing paniru, angalappa saraganing, Sruti titikanning kangap, kadhapping kilap ngulati, Islam mapan janma tama, kang kapir prandening sesthi.
  44. Asthabrata kang linaku, kelakon pangolahneki, pundi antuk kalah, lan lakune Buddha nguni, beda budining manungsa, akawih ingkang linewih.
  45. Maluya laya anuntur, linanturaken pakarte, Jayengrana pinandhita, ing palagyan palunggyaning, byuha tarien wekasningka, tapa kaluhuran dadi.
  46. Legaweng pati ring ripu, pratapanning kang prajurit, sor tapaning kang pandhita, tapa tapaking jayanti, antyastya pramukyeng tapa, tapa (ng)graning gunung wesi.
  47. Sinembah ing ngalapa gung, singgih yen sirarsa jurit, den prastawa ing sopana, ing bubuka purba titi, titika denkatalika, tutula tinali-tali.
  48. Agama pan sedya ayu, pagahen padhanging pati, aywa ta kaselan meda, dumadya amangguh westhi, nadyan ana hru sayuta, sedya yu pan denpayungi.
  49. Ing agama payungipun, rineksa tebih ing westhi, dyajan ta anut ancala, bubuka ywa ngaruhunii, ruhanana ywang wus pingsal, asapenet gan yen uwis.
  50. Ana (ng)gyanya tindak-tanduk, ing swara asywa dumeling, aywa liyan kang karengya, munga sang nata pribadi, dennira angadu laga, mawastreng papan makangsi.
  51. Bubuhan kang aneng ngayun, tempuking ayuda pan wis, panarcayan mring sang nata, mangsa kaguha ing jurit, sang nata nata ring wuntat, tan patya keh kang umiring.
  52. Mung kanan kering myang pungkur, sawega prayitneng westhi, manawa na katelayah, raganing turangga mregil, tutulunga teka wangwang, ginantya bala toh pati.
  53. Yeka palayarannipun, ring atapa gunungwesi, tan kacaryan tan kawuryan, ring dadi dadining bumi, sastakasa myang riringa, pan purbawisesa jati.
  54. Tan ana lara myang lampus, urippe sangking Hyang Jati, Karana tan takut ing prang, nistha madya utamaning, mantri lingling kina-kina, kinenan malah ing mangkin.
  55. Nisthaning mantri winuwus, yen kawawas lena dhingin, lena kari wadyanira, madyaning mantri yen mati, bareng lawan wadyanira, utamanireng kang mantri.
  56. Yen ing bala ngarsa gempur, tulung ngadegken jemparing, mangsa mangke dadya warta, yen amungun jareng jurit, nistha madya utamanta, mantri ngmasi rumiyin.
  57. Ing lelakonne keh kantun, kaputungan tyas kang nulis, sepi supene kang bawat, tumanduk lamun udani, telasana sanggamu, ywa, dening tanduk tan nindaki.
  58. Lwir tarbuka rupanipun, cundhining rat anjajagi, tan mangra mantreng sarira, purwaning amenggel kawi, kinayah kayuh bawamba, abuning rat ing saricik.
  59. Ing angga akarem liwung, ing pangiwa angenani, tulaten namung pinampar, tan wrin cacden ing sami, sanepaning pasang sewa, sinawwa tan suwawi.
  60. Wiyangga wuyungan kalbu, buhana tandha saben ri, rumaras ywan tan mangguha, uguhing kidung tinampi, nampingana mangka dadya, dadya dawaning murwani.
  61. Nimpeni dadi sinamun, namun dana tanpa mijil, pinunjal tinujel suka, suka ringa manggel kawi, kawisesa budyadarma malangun dadine bumi




38
ASMARADANA


  1. Rahadyan sanget gung kingkin, miyarsa andikanira, wasi kawiswara kaot, wus lami neng Panegaran, ngentek piwulangira, dhasar lantip sang abagus, sakep atampi piwulang
  2. Saya tebih dhabar guling, Gathak Gathuk eca ing tyas, Kawiswara ngandika lon, kulup ywa dadya tyasira, ingsun tan pisan-pisan, risi kanggenan sireku, amung supaya wuwuha
  3. Kawruh utamining urip, tumekane ing delahan, angidulla bener angger, marang ing Salamet arga, kono ana satriya, atmaja sri Majalangu, nama Seh Sekardelima.
  4. Dhepok ing Salamet wukir, wus manjing agama Islam, Sunan Tembayat gurune, sinepuhan Jeng Suhunan, Adi ing Kalijaga, aran wong bisa ketemu, yen datan lawan nugraha.
  5. Mangkata sedheng kang wanci, rahadyan angaras pada, saha aturira alon, muhung pangestu paduka, kawula darma lumampah sangking pituduh, tuhu tan darbe kuwasa.
  6. Wau mesem sang maharsi, kulup ing pangestuningwang, Gathak Gathuk awotsinom, kawula anyuwun barkah, pinaringana kuwat, (n)dherekken wayah pukulun, angsala idin pandonga.
  7. Iya kenang sun ideni, muga kinuwatna ing Hyang, rahadyan sampun lumengser, linggar sangking Panegaran, lajeng ing lapahira, Gathak Gahtuk tanseng pungkur, wus ngancik sukuning arga.
  8. Sumawuring sari-sari, ganda arum amrik ngambar, gantya ingkang winiraos, ing dhepok Salamet arga, masjid munggul katingal, asri busananing gunung, taru-tarunya tinata.
  9. Sasekaran angubengi, toya wening tinalangan, pating sareweh iline, mangungkan talaga dibya, ngunguwung lirab-lirab, wau panembahan gunung, lenggah tepining talaga.
  10. Ingadhep abdi kakalih, Ki Maklum lawan Ki Sabar, eh Sekar ngandika alon, Sabar Maklum den agepah, ing langgar resikana, bakal ana tamu, utama calon olia.
  11. Sabar Maklum mundur aglis, ing langgar wus ginelaran, Seh Sekar gya kondur alon, ngalela lenggah ing langgar, rahadyan wus katingal, ingawe sang wiku gupuh, radyan anungkemi pada.
  12. Pinangkul keinempit-kempit, arum wijiling kang sabda, slamet satekamu raden, mrelokken mring dhepokingwang, banget sukaning driya, radyan nembah saha matur, pangestu dalem kang mulya.
  13. Seh Sekar ngandika malih, kulup kywa sadaya-daya, ing pangarah dipun sareh, mung ywa pegat ing paminta, lumintu ingkang lampah, yen pinareng wektunipun, bokmanawa katarima.
  14. uhunan ing Bayat nguni, sung carita marang ingwang, eyangmu buyut kalane, kumpulan lan wali sanga, samya (m)babar sesotya, trusing ngaji pan akumpul. aywa ana parebutan.
  15. Kinarya gita ing kawi, ing Giri Gajah enggone, tatkala aguguneman, para wali sasanga, ing Argapura (ng)gennipun kadhaton ratu agama.
  16. Wali sadaya tinari, dennira Prabu Sarmata*), Suhunan Benang tinaros, myang Suhunan Kalijaga, Suhunan Ngampeldenta, Suhunan Kudus tinantun, kalawan Seh Siti Jenar.
  17. Seh Benthong rumut tinari, sarta pangeran Palembang, Panembahan Madurane, aseba mring Giri Liman, angling Prabu Satmata, sukur pepeg anakingsun, sami limuta kaliman.
  18. Sadaya tunggala kapti, sampun wonten kang sulaya, arempega kang wiraos, sami ababar sosotya, sami miyak warana, sampun wongen masang semu, den anglela den tetela.
  19. Jeng Suhunan Benang angling, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, dat sipat apngaling Allah, nyata ing kalbu amba, Datollah kang amurbeku, mesesa ing dhewekira.
  20. Jeng Suhunan adiluwih, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, iya sadar jenengamba, iya jenging purab, iya Alah Sukma Subur, jeneng urip lawan jagad.
  21. Jeng suhunan Giri-westhi, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, imam urip lan nugraha, budi uriping Suksma, urip sara Allah iku, mangkana ing kawruhamba.
  22. Jeng Suhunan Kudus angling, ambabar kang pangawikan, Roh wajib ing imaningong, cahya mancur kadi surya, mijil sangking prabawa, amartani lapahipun, anguripi ing sajagad.
  23. Penembahan Madura ngling, ambabar kang pangawikan, aran kanugrahane, kundhi Allah ta punika, tegese kundhi ika, nabi Allah jatinipun, jinaten ing nama Allah
  24. Pangeran Palembang angling, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, tegese Allah punika, Allah ingkang amurba, angurip Mahaluhur, amisesa purba dhawak.
  25. Prabu Satmata mangkya ngling, ambabar kang pangawikan, sami lan Allah purbane, kang ngawruhi iya Allah, kaping kalih nur badan, kaping tiga rasul iku, kaping pat Datollah ika.
  26. Seh Siti Jenar mangkya ngling, ababar kang pangawikan, asembah ing Allah ingong, sujud rukuk padha Allah, sembah sinembah Allah, ingsun kang amurba iku, kang misesa ingsun uga.
  27. Wali sadaya mangkya ngling, Siti Jenar Kadariyah, katerasan iku linge, Siti Jenar sigra ngucap, adoha yen benera, ingkang perak iku embuh, iku Allah supayaa.
  28. Prabu Satmata mangkya ngling, iku jisin Siti Jenar, Seh Lemah Bang mangkya linge, raga jiwa den micara, padesane dentilar, Allah kang anglela iku, sakarsanipun wisesa.
  29. Wali sadaya samya ngling, salah sira Siti Jenar, dene angaku badanne Allah badan Siti Jenar, tan langgeng aneng dunya, Siti Jenar iku luput, tembe mangke ngaku Suksma.
  30. Pan wonten lakone nguni, sami ambabar sosotya, sampun aling-aling kang wong, sami amiyak warana, aja na salah cipta, kene yen warahen dudu, anging panggah Siti Jenar.
  31. Prabu Satmata mangkya ngling, Seh Lemah Bang kamanungsan, sanak pakenira kabeh, tan beda lan pakenira, nanging sampun anglela, manawi dudi klurung, akeh wong kang anggegampang.
  32. Kathah wong kang tanpa yekti, tanpa yun angguguruwa, akeh kang (ng)gegampang kang wong, dene warta atimbalan, sajatinipun wikan, dadi tan arsa (ng)guguru, awirang yen ta takona.
  33. Seh Molana samya prapti, sakathahe Aji Cempa, pinereg ing masjid gedhe, mapan kantun wali sapta, samya (m)babar sosotya, tan prabeda kang rumuhun, Siti Jenar ingandikan.
  34. Seh Molana mangkya angling, Siti Jenar nama tuwan, Siti Jenar mangkya turre, ingih Allah jenengamba, nora na Allah ika, anging siti Jenar iku, sirna Jenar Allah ana.
  35. Molana Ngaribbi**) angling, kapkir dadi Siti Jenar, Aji Cempa angling alon, kapir dana Siti Jenar, Islamipun indalah, kapir danas wong puniku, punika kapir sampurna.
  36. Molana Mahribi angling, suhunan (n)daweg winejang, masjid dalem suwung kabeh, ana bekti ana ora, temah ngrusak agama, aggegampang temahipun, kang salah (n)daweg pinedhang.
  37. Seh Siti Jenar mangkya ngling, (n)daweg sampun kalayatan, lawan swarga menga kabeh, Siti Jenar sinerampat, dening kaum sakawan, Seh Lemah Bang sampun khukhum***), pinedhang tatas kang jangga.
  38. Titiga sabate sami, apan sedya pinejahan, samya prawira Khukhum***)e, titiga samya anedya, anebut Subkhanallah, wonten rare angon wedhus, sigra amiyarsa warta.
  39. Siti Jenar wani mati, kasusra angaku Allah, punang rare angon age, lumayu asumbar-sumbar, amareg mring ngayunan wonten Allah kari iku, katungkul ya angon menda.
  40. Prabu Satmata mangkya ngling, rare iku kudu pejah, khukhum***)ena aja suwe, sandhingena Siti Jenar, angling Ki Siti Jenar, sandhingena lawan ingsun, aywa adoh ingsun gawa.
  41. Ponan rare angling aris, sampun (n)dika kalayatan, rare cilik sru tangise, age tumuta pralaya, wus menga lawang swarga, pinedhang janggane sampun, mesem rare angen menda.
  42. Jeng Suhunan Ratu Giri, nora kira Siti Jenar, maksih wutuh reragane, tigang dina gilang-gilang, tumulya uluk salam, kantuna andika ratu, Siti Jenar nulya ilang.
  43. Tan kari sabatireki, sadaya wus samya ilang, miwah rare angon mangke, datan kantun melu ilang, sadaya sampun sirna, gawok sakeh kang andulu, dhumateng Seh Siti Jenar.
  44. Tuturku kang wus kawijil, Seh Lemah Bang wus anyata, katon kandel kumandele, nanging pilih kang abisa, kadi Seh Siti Jenar, akeh mandheg aneng catur, pinentog mundur plarasan.


*) Ugi kasebut Prabu Setmata
**) Prayoginipun Mahribi
***) Prayoginipun khukum=kaukum



39
DURMA


  1. Lawan malih raden sira kawruhana, pan ana kawruh malih, crita Wringin-sungsang, wajibe kawruhana, anggiten dipun sayekti, sajroning mana, lan angger ngong jarwani.
  2. Wringin-sungsang wayahira tumaruna, luhur tan ngawruhi, panjere satunggal, tambenipun sekawan, pupusipun mung sawiji, pange sakawan, wohe retno-di luwih
  3. Kulitira kang wringin kancana mulya, daging kumala adi, otote sosotya, babalunge kalpika, sungsume motyara luwih, uwiting wreksa, iman wujud kang pasthi.
  4. Lan malihe kaki tengah kawruhana, lalima kathahneki, ingkang aneng tengah, aran peksi-dewata, anadene kang angapit, peksi sakawan, iku wajib ngawruhi.
  5. Poma-poma angger sira kawruhana, apa asalmu dhingin, iku kawruhana, asal sangking punapa, miwah benjing lamun mati, endi (ng)gonnira, lawan marganing pati.
  6. Lamun malihe raden sira kawruhana, wastane kang waringin, lan pancere pisan, lawan tambining ngepang, pupuse lang wohe ugi, apa arannya, wajib sira kawruhi.
  7. Lamun mati kang nyawa ngendi marganya, apa ta metu kuping, apan suker ika, apa ta metu netra, iku pasthi moler kaki, yen metu sirah, pasthi pecah kang reksi.
  8. Lamun metu ing embun-embunan radyan, kang pasthi bolong kaki, lamun metu grana, yektine jember uga, lamun metu cangkem najis, lan ngendi baya, margane lamun mati.
  9. Lamun metu ing jubur langkung najis ya, yen metu puser ugi, pasti bojot ika, lah ngendi ingkang marga, lamun ing wulu kang margi, lah iku mokal, marga kalangkung rungsit.
  10. Lah ta raden angger sira tetakona, liyane marang mami, kabeh takokena, purwa madya wasana, takokna dipun patitis, asraha badan, ngaturna pati urip.
  11. Lamun mati apa ta ana ngakerat, prenahe kerat ngendi, takokna den angsal, aja angayawara, dipun weruh ing sajati, basa ngakerat, enggon wong agung sisip.
  12. Anadene enggone wong kang sampurna, tan doyan tan ing ngakir, aneng Darussalam, enggon wong agung mulya, iku gurokna sayekti, ing Darussalam, iku suwargi ening.
  13. Tegesipun kang Darussalam punika, wujud mukal kang pasthi, iku gurekena kang aran wujud mukal, yen tan weruha sayekti, angur si kopar, karuwan mati garing.
  14. Lat ta iku raden sira gurokena, lah poma dipun olih, kalamun oleha, ing guru kang wawarah, silema ironing jaladri, upama nira, ywa toleh anak rabi.
  15. Yen pepeka ing wejang guru kang pasal, temahan mati kapir nuli labuhana, sejange gurunira, labuhan kawan prakawis, aywa kawuntar, tapa kawan prakawis.



40
PANGKUR


  1. Dhingin kang ingaran tapa, anarima shing Hyang Suksma jati, apa karsane Hyang Agung, apan anut kewala, anglir sarah aneng satengahing laut, apa karsaning parentah, kawula teka nglakoni.
  2. Ping pindho ingaran tapa, geniara iku dipun lakoni, anadene artinipun, malebu ing dahana, yen kabrangas ing ujar iku den teguh, yen denucap ing tetangga, mapan tan nedya gumingsir.
  3. Kaping tiga banyuara, tegesipun punika tapa ngeli, mapan anut ing pitutur, rembuge pawon sanak, lan nasabi ing wong kawiranganipun, iku laku kang utama, wong awas ing Suksma jati.
  4. Kalawan kaping patira, tapa ngluwat amendhem jroning siti, iya iku tegesipun, aja ngatokken uga, ing becike awake dhewe puniku, miwah lawan lakunira, pendhemen dipun aremi.
  5. Kalamun ta malihira, dipun andhapasor sareh ing budi, den kalah*) ing parapadu, utamakna ing lampah, iya iku wong bekti marang Hyang Agung, iku aranne wong lanang, iya wong menang prang sabil.
  6. Iku ganjarane benjang, cinacadhang manggon ing sawarga-di, ingkang dahat adiluhung, kang aran Darussalam, sarwa muwah adi-adi sakalangkung, pan sampun karsaning Allah, kang duwe wong aprang sabil.
  7. Wong aprang sabil punika nora lawan si kopar lan si kapir, sajroning jajamu iku ana prang Bratayuda, luwih rame ayuda pupuh pinupuh, iya lawan dhewekira iku jatine prang sabil.
  8. Sampune amenang aprang, nuji ngancik ing nagri Maespati, amboyong Kencanawungu, nuli jumeneng nata aparentah**) sakathahe para ratu, datan ana kang amalang supami jumeneng aji.
  9. Iku poma ala poma, aywa mamang manahira sayeksti, poma setyana iku, ujar kang dhingin uga, den prawira anganggit sajroning kalbu, iku laku kang utama, tan ana ingkang nyameni.
  10. Lawan malih atakona, sampurnane ing niyat lawan takbir, miwah sahadat punika, kalawan yen sakarat, poma raden punika tan dipun antuk, lawan sampurnaning pejah, takokna dipun patitis.
  11. Pan lilima kathahira, gurokena iku dipun mangerti, iku sampurnaning kawruh, poma ta dipun angsal, iya iku sira gurokena kulup, yen tan amuruk mangkana, dudu gurumu sayekti.
  12. Yen sira ayun unginga, bumi pitu lah reden sun jarwani, kang dhingi bumi rannipun, ingaran bumi retna, kaping pindho ingarang bumi kalmu, bumi jantung kaping tiga, pan kaping pat bumi budi.
  13. Lawan kaping limanira, ingaran bumi jinem sayekti, lawan kaping nenemipun, ingaran bumi suksma, ping pitune bumi rahsa arannipun, iku wajig kawruhana, tegese sawiji-wiji.
  14. Ingkang aran bumi retna, tegesipun dhadhanira pribadi, bumining manungsa luhung, iku gedhong kang mulaya, ingaran astaning Islam iku, lawan kaping kalihira, bumi kalbu denwastani.
  15. Bumi kabu tegesira, astane ing iman kang sajati, kaping telu bumi jantung, iku ta ingaranan, astane anenggih sakehing kawruh, lan malih kaping patira, ingaran bumi budi.
  16. Bumi budi tegese, astanane ing puji lawan dhikir, lawan kaping pimanipun, bumi jinem tegesnya, ingaran astanane sih satuhu,lawan kaping nemme ika, bumi suksma den arani.
  17. Utawi kang bumi suksma, iya iku astanane ing ngelmi, nenggih kaping pitunipun, ingaran bumi rahsa, bum rahsa apan iya tegesipun, astaning***) ing paningal, asmaradana gumanti.
*) Prayoginipun den ngalah
**) Prayoginipun amarentah
***) Prayoginipun astanane




41
ASMARADANA


  1. Raden kawruhana malih, prakara kang langit sapta, ana ing sira dununge, poma-poma dipunpirsa, langit kang ana sira, mara ngong jarwani kulup, den becik pidhangetira.
  2. Dhingin langit roh-jasmani, dene langit ping kalihnya, langit roh-nabadi ranne, roh-napsani kaping tiga, dene langit kaping pat, roh-rokani wastanipun, dene langit kaping lima.
  3. Ingaran roh-nurani, langit kaping nemme ika, roh-rabani ing wastane, langit kaping pitu ika, roh-kapi wastanira, anenggih ing tegesipun, langit roh satunggal-tunggal.
  4. Tegese langit jasmani, tinitahaken ing Allah, amepeki ing uripe, ana ing jasa sadaya, langit roh-nabati ka, amepeki uripipun, salire badan sadaya.
  5. Ingkang langit roh-napsani, amepeki ingkang karsa, karepe badanne kabeh, langit rho-rokani uga, mepeki ngelunira, sakehe badan sadarum, langit roh-nurani ika.
  6. Amepeki cahyaneki, sakehe badan sadaya, langit roh rabani raden, amepeki adhipira, ingkang badan sadaya, lang langir roh-kapi iku, pan pepak pasrahing badan.


Serat Cenhini (2)

15
DURMA



  1. Lampahira ing ngenu datan winarna, wadya ing Surawesthi, wus ngancik jajahan, ing Giri kagegeran, prajurit kang aneng wuri, lampahnya nyimpang, singitan tan katawis.
  2. Kawarnaa Jeng Susunan ing Prawata, lagya eca tinangkil, lan sang Endrasena, ingadhep para wadya, tan liyan ingkang ginupit, jayaning aprang, jeng sunan ngandika ris.
  3. Endrasena kadiparan mangsuli, apa tan nedya bali, matur Endrasana, pukulun kinten amba, kalajeng dennya malencing, boten kuwagan, nadhahi yuda mami.
  4. Lamun purung wangsul netepi bebasan, lir sulung lebu geni, nadyan kangjeng sultan, Mantaram yen miyarsa, tandan ulun ing ngajurit, kasekten amba sayekti lajeng miris.
  5. Dereng dangu dennira imbal wacana, kasari gegar jawi, alok mungsuh prapta, anganggo mancawarna, tindhihipun nitih joli, munggeng ing wuntat, gugup Susunan Giri.
  6. Kulup payo padha nembange tengara, mungsuh (n)dadak nekani, kaki den prayitna, sun dongakken rahaja, Endrasena mundur aglis, nembang tengara, busekan wadya Giri.
  7. Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang, sangking kitha wus mijil, sangking rananggana, sampun ayun-ayunan, tengara paguting jurit, bedhug tinatab, surak manengker langit.
  8. Sareng tandang wadya Giri Surapringga, caruk asilih ungkih, tambuh mungsuh rowang, sanjata barongongan, wadya Giri ngiak wani, pangamukira, lir bantheng nandhan kanin.
  9. Wadya Surapringga kadya singa krura, manggalak (ng)gegirisi, samyambeg palastra, kang pejang ingidakan, riwut ruket ing ngajurit, tan ana nedya, ngucira ing ngajurit.
  10. Pan karasa paparinge gustinira, sedya amales becik, ngetohaken pejah, wus ruket ing ngayuda, larih-linarih ing keris, tumbak-tinumbak, penthung-pinenthung genti.
  11. ana ingkang prang tangan datanpa gaman, dadya bithi-binithi, japa jinapanan, sebul-sinebul gantya, umet-umet umik-umik, ngapalken japa, pating kareses sami.
  12. Endrasena pangamuke saya nengah, pedhange mobat-mabit, singa kang katrajang, ngisis datan kawawa, nanggulang pangamukneki, kathah kabranan, papati tanpa wilis.
  13. Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira, Jeng Ratu Pangran Pekik, anuding wadya, heh bocah Surabaya, sira ayun marang ngendi, aturing wadya, ngaso ing sawatawis.
  14. Wusnya ngaso sakedhap, nulya tumandang, mring pambaratan malih, risang Endrasena, sawadya sri gambira, satuhu ngebat-ebati, pangamukira, jeng ratu wlas ningali.
  15. Matur maring kang garwa Kangjeng Pangeran, dhuh kangmas adipati, senapati Cina, wus wuru ing ngayuda, sedhenge tiniban mimis, manthuk jeng pangran, jeng ratu ngasta aglis.
  16. Pistulira winawas mimis lumepas, mring Endrasena kanin, tanganira kanan, jumbul pedhange gigal, ngamuk dhuwung tangan kering, pinistul sigra, kabranan tangan kalih.
  17. Maksih pangah ngamuk (m)bijig (n)jejeg (n)dhupak, angemah-ngemah kuping, Ratu Pandhan sigra pistulira winawas, suku Endrasena keni, sakala rebah, prajurit Surawesthi.
  18. Samya mireng ungele pistul ping tiga, sigra angebyuk jurit, saking kering kanan, gugup ingkang tinrajang, wong Giri tan ana uning, yen mengsah wewah, prajurit Surawesthi.
  19. Kiranira kantung kang katon kewala, jroning tyas agun kibir, dadya tan weweku, bujuke wong Mantaram, wadya Cina anadhahi, karoban mengsah, linambung nganan ngering.
  20. Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda, mangkana wadya Giri, myang prajurit Cina, tyase wus samya growah, kemba tandange ngajurit, wong Surabaya, sadaya ambeg pati.
  21. Amangrurah mungsuhe pating salayah, angilr babatan pacing, risang Endrasena, kinrocok tinunbakan, ajur luluh awor siti, wadya tumpesan, sakantune kang lalis
  22. Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gegaman, samya angungsi urip, (ng)galundhung ing jurang, singidan malbeng guwa, ana ingkang (ng)gebyur tasik, minggah ing arga, sinurak saya giris.
  23. Wadya Giri siji tan ana katingal, resik lir den saponi, wadya Surabaya, surak ambal-ambalan, pratanda ungguling jurit, Giri kinepang, tepung kinubeng baris.
  24. Kawarnaa nalika ramening yuda, putranya Sunan Giri, kang saking ampeyan, titiga estri juga, tunggil sayayah sabibi, sru angresing tyas, lir mas timbul ing warih.


16
MASKUMAMBANG

  1. Ingkang sepuh kakasih Dyan Jayengresmi, ramening ngayuda ngupadosi rayi kalih, Jayengsari Rancangpatya.
  2. Karsanira ri kalih binekta ngunsi, nangin jro kadhatyan, ingubres wus tan kapanggih, rahadyan sanget sungkawa.
  3. Lolos saking Giri madosi kang rayi, tambuh kang sinedya, tan ana kang ngudaneni, lepas lambahe rahadyan.
  4. Kawarnaa wau Raden Jayengsari, tan pisah kalawan rinta Niken Rancangkapti, ngupadosi ingkang raka.
  5. Tan kapanggya santri Buras atur uning, dhuh lae bendara, ing Giri apes ing jurit, tan wande daya tatawan.
  6. Pan binoyong maring nagari Mantawis, rakanta Rahdyan Jayengresmi sampun anis, nir dasih kang atut wuntat.
  7. Duh miyarsa aturi ki Buras santri, Raden Jayengsekar, ngandika waspa dres mijil, yayi paran karsanira.
  8. Niken Rancangkapti matur esmu tangis, kakang nora betah, yen pisah lawan sireki, saparan aku tut wuntat
  9. Saya ribet tyasira Dyan Jayengsari, yayi karsaningwang, anglut kangmas Jayengresmi, mati urip aywa pisah
  10. Buras matut kalilana ingkang abdi, tumutur saparan, sumangga nunten lumaris, selak tebah rakapara.
  11. Payo yayi nuli pangkat ing saiki, kang rayi turira, kakang aku dandan dhisik, karo nglumpukke dolanan.
  12. Mengko Buras gawanen dolalan mami, besek temantenan amben cilik rana cilik, bagor isi dhuwit wingka.
  13. Cowek wajan anglo keren kendhil kwali, irus rok-erokan, solet wilah susuk cilik, bagor cilik isi beras.
  14. Tenong cilik isi bumbu aja cicir lan cuwilan bata, kembang jambu ambas krambil, kunir enjet angus wajan.
  15. Buras matur lehe (m)bekto kadi pundi, iya kanthongana, meh bae dhakone lali, kecik klungsu aneng keba.
  16. Mantenaku becik dak gendhong pribadi, aja sira gawa, mengko mundak kok colongi, kateku gawanen pisan
  17. Ko nek kesel aku (n)juk gendhong sireki, buras tobat-tobat, dhuh bendara napa malih, kari peturon bebetan.
  18. Payo Buras ewangana anjupuki, Raden Jayangsekar, myarsa surak (ng)gegeteri, kang rayi nulya cinandhak.
  19. Gya ginendhong santri Buras aneng wuri, kakang udhunena, pasaranku isih keri, nek dak tinggal mundhak ilang.
  20. Buras matur sedaya tan ana keri, wus pinikul berah, endi mantenaku kecik, karo cukike nek ilang.
  21. Sampun lepas lambahe Dyan Jayengsari, umanjing mring wana, tumurun ing jurang trebis, gantya ingkan winursita.
  22. Kangjeng ratu lawan garwa sang dipati, minggah marang Arga, jinajaran pra prajurit, ingurung-urung sentana.
  23. Kawarnaa garwanya sang maha resi, miyos saking pura, lumajeng atawan tangis, miyat baris kang neng ngarsa.
  24. Prapteng ngarsa mendhak-mendhak mangenjali, anungkemi pada, matur mlasasih wor tangis, lae gusti pundhen amba.
  25. Karsa rawuh aneng padhekahan Giri, sewu kanugrahan, pindha kadhawahan sari, wijile nata minulya


17
MIJIL

  1. Datan (n)dimpe musthikaning bumi, rawuh sakarongron, apuranen punika dasihe, abdi dalem pandhita ing Giri, ywa tumekeng lalis, sru panuwun ulun.
  2. Sastunipun putranta ing Giri, katarik wiraos, keni bujuk rum manis tembunge, anglimputi utamaning resi, temah (m)bebayani, tiwas ing tumuwuh
  3. Endrasena eblis angejawi, reraton neng dhepok, teka badhe ngembari dheweke, ing sang ulun kang mengku rat Jawi, satemah ngmasi, (ng)gegawa sang wiku.
  4. Putra tuwan saestune sepi, balela ing katong, lah punapa kang den andelake, dhuh jeng gusti saestu tur mami, den pracayeng galih, Gusti atur ulun.
  5. Pangran Surawesthi ngandika ris, aywa walangatos, lamun mengko wus eling atine, gelem nungkul marang ing Mantawis, atur pati-urip, mring Jeng Sultan Agung.
  6. Yen miturut nora sun pateni, lamun meksa wangkot, kari aran sak bjojo anake, tumpes tapis ing Giri sun radin, papak lawan siti, aja na mandhukul.
  7. Nora nyana nora ngira mami, yen dadi prang popor, sadurunge kalakon mangkene, akeh-akeh manira nuturi, teka tan ginati, minggu datan muwus.
  8. Aturana lakimu den aglis, yen sandeyeng batos, isih kenceng kan dadi karepe, isin mundur nglabuhi si eblis, nora ngman pati, suka tumpes lebur.
  9. Baya namung sagebyaring thathit, ing Giri wus luloh, menek uwus rumangsa lupute, gelem nungkul marang ing Mantawis, nuli konen mijil, aja nganggo dhuwung
  10. Nembah mundur sang dyah prameswari, jeng ratu angantos, aneng jawi kalawan garwane, yata wau prameswari Giri, nung kemi padaning, risang raja wiku.
  11. Aturira dahat mamalatsih, dhuh jawataningong, rama tuwan kalangan garwane, Gusti Kangjeng Ratu Pandhansari, rawuh wus neng jawi, (m)bekta prajurit gung.
  12. Dhawuhipun dhumateng pun patik, gusti wantos, ywa kadaut paduka kasupen, bilih karsa nungkul mring Mantawis, tangel Pangran Pekik, ing rahayunipun.
  13. Slira tuwan sarwa putrabdi, tulus angadahton, aneng Giri saturun-turune, bilih datan makaten wus pasthi, risak prajeng Giri, tumesan sadarung.
  14. Jeng paduka tinimbalan mijil, dangu wus ingantos, yen taledhor bok dados dukane, pan dinalih ngungkebi si eblis, mangga sowan gusti, sampun ngagem dhuwung.
  15. Sunan Giri wenteh angengeti, tyarsa sumedhot, gugup tanggap ngrasuk busanane, datan ngagem curiga wus mijil, atateken ecis, mangsah munduk-mundhuk
  16. Dupi prapta ngarsanya sang Pangeran Pekik, sasalaman gupoh, wusing salam angraup padane, marikelu mepes aneng ngarsi, lir konjem mring siti, ajrihe kalangkung.
  17. Angandika Jeng Pangeran Pekik, pungkasaning lakon, kadiparan karepmu ing mangke, keketogan aywa mindho kardi, endi kok antepi, mati apa nungkul.
  18. Lamun nungkul dak gawa saiki, marang nagrningong, sabojomu myang anakmu kabeh, rajabrana saisining Giri, sawadyanireki, aja na kang kantun.
  19. Sabanjure angidhepa maring, jeng sultan kinaot, ingsun ingkang bakal nyebakake, sang pandhita aturira aris, tan lenggana gusti, andeherk sakayun.
  20. Sampun ingkang dhumateng ing sakit, nayan prapteng layon tan gumingsir sumarah abdine, muhun nyadhong parenging narpati, amba angengeti, waweca ing dangu.
  21. Karsaning Hyang buwana binalik, luhur dadya asor, nanging datan ngicalekn lajere, kang paran (ng)gen amba sumingkir, pangran duk miraysi, angres galihipun.
  22. Ngandika lan hya sumelang kapti, ingsun kang tumanggoh, den pracaya marang Sang Murbeng reh, lah ta mara padandana aglis, lengser Sunan Giri, padandosan sampun.
  23. Wus samekta tan ana kang cicir, jeng pangeran bodhol, ing kang rayi wahana joline, Sunan Giri tinandhu neng ngarsi, lan garwa myang siwi, jinagan wadya gung.
  24. Wadya Suraweshti abibisik, marang sang wiranom, prayogine Sunan Giri mangke, yen sambada ing karsa jeng gusti, reh kaya papati, anggambuh prang pupuh.



18
GAMBUH


  1. Kalkyan aprang pupuh, dados damel kapitunan agung, aminihi kangangsarane tyang alit, (ng)gorekken praja sewagung, abdidalem kathah layon.
  2. Tetele sampun kosus, sinangsaya tumekeng ing lampus, tinumpesa sampun boen milalati, imane sampun tekiyur, ical sumengkem ing Manon.
  3. Mumpuni kajengipun, jawi lebet sadyanya rinangkut, tan rumaos kungkulan, dhampar narpati, wikuning antegan estu, pathaknya jawi kemawon.
  4. Ing mangkya mumpung ngumpul, wonten ngajeng kadral sangking pungkur, Pangran Pekik gumujeng angandika aris, bener kabeh ing aturmu, wus kosus tinumpes mangko.
  5. Angangin saka dhawuh, dalem Gusti Kangjeng Sultan Agung, ingsun nora winenang lamun mateni, pan dudu bubuhan ingsun, luwih karsane sang katong.
  6. Wirayate pra luhung, yen sumengko durung waktunipun, besuk ana kang ngremeg kadhaton Giri, darahe Jeng Sultan Agung, campur lawan darahingong.
  7. Sadaya para wadu, samya (d)dheku langkung cuweng kalbu, mareming tyas tembe kalakon sadyeki, yata lajeng lampahipun, wus prapta ing Surengkewoh.
  8. Pinernah pondhokipun, Sunan Giri sawadya kinumpul. myang jiagang ing prajurit Surengwesthi, kangjeng ratu karsanipun, benjang enjang dennya bodhol.
  9. Cinachahaken sampun, baboyongan jarahan brana gung, sunan Giri matur mring Jeng Pangran Pekik, kauningana pukulun, kirang tiga anak ingong.
  10. Jayengresmi kang sepuh, miwah Jayengsari arinipun, wuragile wasta Niken Rancangkapti, remaning prang sami mirut, lolos sangking ing kadhaton.
  11. Tan wonten sanjang ulun, duka dalem menggah purugipun, tunggil biyan tiga pisan sangkin wingking, jeng pangran nulya dhadhawuh, marang wadya Surengkewoh.
  12. Heh bocah den agupuh, upayanen atmaja sang wiku, Jayengresmi Jayengsari Rancangkapti, kalamun uwus kangguh, rihrihen deng nganti klakon.
  13. Sabekna mring Mantarum, yen ambandakalani tan purun, aywa wangwang (ng)gonira anyantosani, yen abota sangganipun, matura ing jengingong.
  14. Ki Sapanjang wus ngutus, wadya Surengkewuh ingkang ngruruh, pan sinebar ing paran datan anunggil, sigegen dennya angruruh, enjinge denya yun bodhol.
  15. Sowan maring Mantarum, wus amekta punggawa nunganung, myang boyongan jarahan sampun mirangti, tinengeran bendhe ngungkung, gumuruh kanang kendhang gong.
  16. Enjang budhal gumuruh, giyak-giyak tandha jayeng pupuh, kangjeng ratu neng ngarsa anitih joli, jeng pangeran tanseng pungkur, nitih turangga binarong.
  17. Ingayap wadnyanipun jinajaran myang den urung-urung, kang sumambung ing wuri jeng Sunan Giri, sagarwa putra tinandhu, brana jarahan tan adoh.
  18. Jinagan pra mantri nung, jinajaran myang den urung-urung, ginarubyug prajurit ing Surabanggi, samya prayitna ing kewuh, samarga-marga tinonton.
  19. Ing ngenu tan winuwus, sus angancik nagari Mantarum, oreg ingkang samya ayun aningali, kondurira kangjeng ratu, ungguling prang ambaboyong.
  20. Sunan Giri pinikut, sagarwa putra santananipun, jajarahan gusis rajabrana Giri, wong nongon jejel supenuh, samya ngucap ting calemong
  21. Sing endi warnanipun Sunan Giri kang mbaleleng ratu, rowangira nauri atuding-tuding, kae lo lo aneng tandhu, kang wus pikun kempong perot.
  22. Lo dene uwus thuyuk, apa ingkan den andelken iku, ah wong wiku manawa dongane mandi, lan duwe saraya jadhug, Cina mualap sabagor.
  23. Ing mengko wis kinrucuk, ing jeng ratu kagem sambel wandu*), pinakakken maring sakehe wong Giri, satemahe padha mupus, rajane kena binoyong.
  24. Wau ta lampahipun, kangjeng ratu prapta ngalun-alun, Pangeran Pekik sawadya myang Sunan Giri, kendel nang taratag agung, jeng ratu (n)dhandang kadhaton.


Prayaginipun sambel windhu = sambel wayu.



19
DHANDHANGGULA

  1. Kawarnaa jeng Sultan Mantawis, apan sampun ingaturan wikan, Jeng Ratu Pandhan rawuhe,s aha ungguling pupuh, Sunan Giri sampun jiodhi, binekta mring Mantaram, mangkana sang prabu, miyos madyaning pandhapa, ginarebeg sagunging pawongan cethi, sampet pacareng nata.
  2. Tan pantara kang rayi kaeksi, kangjeng sultan gupuh dennya mapak, tundhuk pinengkul janggane, kinanthi lapahipun, wusing lenggah caket sang aji, arum wijiling sabda, adhuh ariningsun, lakumu myang garwanira, ingsun utus ngendhakken pandhita Giri, apa padha raharja.
  3. Lakinira mengko ana ngendi, kangjeng ratu matur saha nembah, kakang prabu pangestune, mundhi dhawuh pukulun, amba miwah kangmas dipati, myang wadya Surabaya, sadaya rahayu, ingutus wus antuk karya, Sunan Giri ing aprang sampun kapilis, ing mangkya kula bekta.
  4. Laki ulun ngentosi neng jawi, cumadhong ing dhawuh sri narendra, jeng sultan utusan age, nimbali ipe prabu, Pangran Pekik sampun akerit, prapta ing palataran, (n)dhadhab mundhuk-mundhuk, lenggah konjen ing pratala, gya ingawe jeng pangran majeng wotsari, mangraup pada nata.
  5. Paha becik satekamu yayi, dene lagi sawatara dina, apa baya antuk gawe, jeng pangran nembah matur, dhuh gustiku kalipah Widdhi, musthikaning bawana, kinasih Hyang Agung, pangestu dalem narendra, kawula miyang abdi dalem Surewesthi, sadaya karaharjan.
  6. Nuwun ampun kawula tinuding, (n)dhawuhaken timbalan narendra, dhateng Sunan Giri Prapen, supadi ywa kadaut, kajengipun ingkang nalisip, tan ayun sumuyuta, ing pada pukulun, skawit patik piyambak, tanpa kanthi pinanggih Sunan Giri, pinuju pakempalan.
  7. Para kaum andher ngarseng resi, lawan wonten tyan china mualap, kalih atus prajurite, sampun Islam sadarum, lurahipun pinendhet siwi, ingaran Enrasena, saestu pinunjul punika ingkan amawa, kadauting tyasira sang maha resi, sinantosan tyang Cina.
  8. Ulun paripih sanganing aris, meh sadalu meksa boten membat, gebes tan wonten ature, pegeling tyas kalangkun, ulun mantuk datanpa pamit, enjinge mapak yuda, meh sadinten muput, wadya dalem Surabaya, pan kaseser giris pangamukireki, Endrasena prawira.
  9. Ing sasaged amba abolehi, meksa mopo miris ananggulang, wadya Giri pangamuke, tyas amba ngres kalangkung, sumpeg pepet kewan ing pikir, rayi dalem duk priksa, bilih amba minggu, tan wonten wenganing manah, ngandika rum dhateng amba ngasih-asih, mundhut lilah ngrarepa.
  10. Karsa mulihaken tyasing abdi, sareng rayi dalem angandika, inggaring tyas amba mangke, nyumanggakken sakayun, mung sdarmi (n)dherek kang abdi, anulya mundhut reyal, cacah wolungatus, busana maneka warna, pinaringken dhateng ing punggawa mantri, pipikul Surabaya.
  11. Samya enggar manahipun sami, prembik-prembik thukul kasuranya, jeng sultan asru gujenge, bacutna ariningsun, nuwun rayi dalem jeng gusti, kathah kang pangandika, nyenyes manis arum, kados majeng ngelmi nyata, agendhagan abdi dalem boten apil, panjang angandhar-andhar
  12. Abdi dalem tyang sa-Surawesthi, sareng mireng ingkan pangandika, samya madeg kasurane, matur asenggruk-senggruk, aprasetya mawanti-wanti, sadaya ambeg pejah, nadyan lebur-luluh, tan gumingsir ing ngayahan, saya suka sang aji ngandika aris, mara yayi banjurna.
  13. Enjing lajeng tengara tinitir, rayidalem madeg senapatya, neng joli mangku pistule, kawula aneng pungkur, numpak kapal datan cumuwit, gelaripun ngayuda, garudha maniyup, kuli binusanan abra, dadya cucuk rayidalem dadya telih, prajurit Surapringga.
  14. Kang miangka gelar nganan-ngering, alimuan datan katingalan, amuk cucuk medheng-medhen, surak mawantu-wantu, wadya Giri lajeng miyosi, nir baya nir wikara, gupuh amanempuh, senapati Endrasena, sawadyanya tyang Cina wira ing jurit, rame campihing yuda.
  15. Pan kapilis wadya Surawesthi, ngungsi (ng)gyaning risang senapatya, rayidalem timbalane, lho kathik padha mlayu, aturipun boten lumaris, angencengi dandosan, Endrasena anglut, tandangnya lir. Radyan Seta, rayidalem mistul tangan tengen keni, pedangipun wus gagal.*)
  16. Maksih ngamuk dhuwung tangan kering, gya pinistul tanganipun kiwa, kabranan tangan kalihe, kantun suku myang gundhul, (n)jejeg (m)bijig lir menda baring, ger ginuyu wong kathah, ping tri ing pamistul, sukunipun kang kataman, lajeng dhawah sareng kerbeting**) suwiwi, wadya ing Surabaya.
  17. Angebyuki sangking kanan kering, waringuten wadya Surabaya, kadugen ing punagine, angidak ambeg purun, datan odhil wadya ing Giri, pepejah tan petungan, leseh sungsun timbun, kanthun kedhik ingkang gesang, mawut-mawut samya ngungsi jurang trebis, weneh minggah prawata.
  18. Endrasena luluh awor siti, wadya Cina tumesan sadaya, rayidalem minggah age, dhumateng ing kadhatun, prapteng jawi garwa sang yogi, umareg ngraup pada, asru tangisipun, nyuwunaken pangkasama, gesangipun lakinya pandhita Giri, sampun pasrah bongkokan.
  19. Tan suwala sakarsa sang aji, rajabrana saisining pura, sadaya deaturake, myang anak rabinipun, amung anak kang sangking selir, titiga estri juga, Jengresmi kang sepuh, ambeg mawiku sudibya, nuli Jayengsari taruna apekik, Rancangkapti wanudya.
  20. Tiga pisan ramening ngajurit, samya lolos amba wus kengkenan, ngupadosi katigane, ing samangke pukulun, Sunan Giri saha nak-rabi, myang sagung jajarahan, wus neng alun-alun, kawula nuwun sumangga, kangjeng sultan suka amarwatasiwi, aris wijiling sabda.
  21. Iya banget ing panrima mami, wiku Giri patut ingapura, ing samengko pangwasane, ing Giri sadaeku, sun paringken maring sireki, sagunge jajarahan, dadia darbekmu, jeng panran matur manembah, sakalangkun kapundhi sih paduka ji, kang dhumateng patikbra.
  22. Kangjeng sunan angandika malih, seje waktu ingsun yun apanggya, lan wiku Giri Parapen, ing mengko jekken manthuk, kang miruda si Jayengresmi, karepe ayun nandha, marang jenenghingsun, amung salamet tekadnya, tembe asung patilasan ing nagari, mumpuni ing kasidan.
  23. Jeng pangeran (n)dheku atur pamit, saha garwa mring Kasurabayan, wus linilan nulya lengser,s ang prabu angadhatun, kangjeng ratu kundur kinanthi, wus prapteng Surabayan, tan pisah sang wiku, sagarwa-putra pinarnah, pondhokira nglempak dadya wawiji, pan datan kawoworan.
  24. Paringdalem sungata lumintir, pinisalin sakehe boyongan, samya sukarena tyase, lir jagong amamantu, dadya bawan datan pinikir, ngluhurken asma sultan, satuhu pinunjul, jeng ratu amage brana, jajarahan dhumateng wadya gung alit, kasmaran tampi kucah.

*)Prayoginipun gigal=dhawah
**) Prayoginipun kebeting suwiwi



20
ASMARADANA




  1. Nengena nagri Mantawis, tamat ing Giri bedhahnya, gantya ingkan winiraos, Dyan Jayengesmi wnarna, prapteng madya ning wana, santrinya kakasih nusul, Gathak Gahtuk namanira.
  2. Cirebon wutahrahneki, nembah matur rawat waspa, tan saged pisah dasihe, ulun-tumuntur saparan, rahadyan lon ngandika, ingsun mangayu-bagyestu, (ng)gonira mantep sih tresna.
  3. Nahan lampahira prapti, patilasaning kadhatyan, Majapait duk kinane, anon rengganing gapura, banon abrit kinarya, rapet ing pamasangipun, atose wus kadya sela.
  4. Pamasang datanpa gamping, tigas ginosok kewala, lawan banon sami banon,s angking mathasing pamasang, suluhan tan katingal, lir sarimbag banon wutuh, ingukir pinatra sekar.
  5. Ing sanginggilira kori, sinungsun tinumpang-tumpang, mancut remit pangukire, ing sapucaking gapura, kathukulan mandira, rompyoh-rompyoh angrambuyung, kiwa tengening gapura.
  6. Binanon nglajur ngubengi, campurinira kadhatyan, radyan miyang kalih santrine, kemput dennira umiyat, nulya manjing jro pura, (n)ujug ing balumbang agung, toya wening gilar-gilar.
  7. Binotrawi sela abrit, kemput tepining balumbang, tinepi sasekarane, andong anggrek argolubang, noja lan sekar nala, nagari cepaka rum, claket myang sekar rejasa.
  8. Rukem ragaina tuwin, klurak kalak kanigara, kemuning kananga kaot, dlima wantah dilem ngambar, taluki sruni wungyan, wratsari landep sumusup, pacarcina pudhak ngambar.
  9. Kathah winarna ing tulis kumenyut tyasira radyan, enget mring ari sang sinom, Rancangkapti kadangingwang, nguni karemenanta, wanci bangun ngundhuh santun, kakaring ing patamanan.
  10. Marang ngendi sira yayi, rahadyan sabil ing nala, tyas pinupus nulya ngaler, umiyat kanang kuburan, rahadyan uluk salam, karengeng wansulanipun, ya raden ngalekumsalam.
  11. Jengresmi lan abdi kalih, guyub samya rarantiban, bakdanya ratib gya lengser, tan patya tebih gya miyat, reca amuka sona, Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul bilih ingong sengguh janma.
  12. Tibane watu si anging , radyan (n)jajah jroning pura, sunya tan ana tabete, gya wangsul maring balumbang, angambil toya kadas, Gathak adan kamat Gahuk, samya prelu waktu Ngasar.
  13. Wus bada anulya mijil, rarywan ngajenging gapura, nulya ana janma rawoh, nyaketi lenggahnya radyan, alon ing aturira, angger ingkang nembe rawuh, sami katuran raharja.
  14. Sinten sinambating wangi, paran kang sinedyeng karsa, radyan angandika alon, paman asung kang pambagya, sanget panrimaningwang, tanpa wisma raganingsun, moyang ngupadosi kadang.
  15. Nama karan Bagus Santri, paman ulun atetanya, andika sinten kasihe, nun kula nama Ki Purwa, ingkang kajibah tengga, patilasan kadhaton gung, Majapait ranning praja.
  16. Yen kapareng bagus kampir, dhumateng sudhunge paman, radyan manis andika, banget ing panrimaningwang, aneng ngriki kewala, ngiras netepi katengsun, ngalap barkahing minulya.
  17. Nunginggih langkung prayogi, dhasar panepen punika, lamun malem (ng)Garakaseh, kathah para manca prapta, mawarna kang sinedya, angunjung astanipun, jenengdalem Putri Cempa.
  18. Panupi sampun ningali, dhaten lebeting kadhatyan, paman wus salesih ingong, kakaring aneng jro pura, umiyati pakuburan, reca miwah blumbang agung, paran gotekipun kuna.
  19. Ki Purwa turira aris, punika ingkang gapura, Waringin-lawang wastane, balumbang kang kalangenan, Sang Prabu Brawijaya, putri Cempa kang kinubur, wus maning agama Islam.
  20. Reca pindha narpati, Balambangan Minakjingga, dadya tirakatan gedhe, punika goteking kuna, dene sanggar pamujan, winastanan Candhi Brau, tan tebih sangking kadhatyan.
  21. Punapa dereng ningali, ing mangke dalu kewala, ulun ingkang (n)dherekake, wektu Mahrib wus andungkap, Gathak Gathuk gya adan, paragat dennira wektu, Mahrib atanapi Ngisa.
  22. Sedhenge prunama-siddhi, padhang bulan kakencaran, rahadyan alon lampahe, Ki Prwa lumakyeng ngarsa, Gathak Gathuk tan tebah, prapta Candhi Brau sampun, pamujan Sri Brawijaya
  23. Wanguning candi lir masjit, payon banon tatumpangan, dadya lincip pungkasane, ngandhap sinungan wiwara, Ki Purwa aturira, sumangga bagus umangsuk, maring plenggahan pamujan.
  24. RAdyan myang santri kakalih, wus manjing jruning pamujan, langkung kacaryan driyane, miyat rarenggan srawendah, myang awuning kang dupa, ngandhukur lir pendah gumuk, wus tamat anulya medal.
  25. Ki Purwa umatur malih, wonten malih candhi endah, Bajang ratu (ng)gih namane, anaging klebet sirikan, yen wonten kang umiyat, tan kadugen kajengipun, miwah apes kang pinanggya.
  26. Prayogi boten ningali, radyan angling paman nedha, kendel ing ngriki kemawon, ulun apamitan pisan, ing ari benjang-enjang, ayun (n)dumugekken laku, ngupaya kesahing kadang.
  27. Ki Purwa umatur inggih, sumangga sakarsa tuwan, dalu datan winiraos, wanci pajar gidib nulya, angambil toya kadas, para gading waktu Subuh, rahadyan aris ngandika.
  28. paman kantuna basuki, Ki Purwa aris turira, rahadyan lajeng lampahe, wamarga arawat waspa, nanedha ing pangeran rahayuning aranipun, rama miwah kaluwarga.
  29. Lepas lampahnya dumugi candi Panataran Blitar, nengardi Kelut sukune, sela cemeng kang kinarya, ageng ingkang sajuga, wit ngandap tumekeng pucuk, ingukir ginambar wayang.
  30. Radyan gya minggah ing candhi, tundha pitu prapteng pucak, udhunira along-alon, Gathak Gathuk barangkangan, tyas agung tarataban, tekeng ngandhap Gathuk muwus, Gathak mau gambar apa.
  31. Kang ingukir pinggir candhi, lunglungan ceplok kembangan, memper wayang buta kehtek, Gathuk ing pangiraningwang, gambare Ramba tambak, katara ketheke brengkut, candi alit tininggalan.
  32. Lir cungkup wanguaneki, ing sanginggiling wiwara, sinerat sastra Budane, Gathak matur inggih radyan, punika kadiparan, kajenge sastra puniku, pating penthalit tan cetha.
  33. Rahadyan ngandika aris, sastra Buda papengetan, sewu rongatus etung, sangang uluh siji warsa, nalikane akarya, ing sanggar pamujan iku, manthuk-manthuk Gathuk Gathak.
  34. Tapis dennira mirsani, mentar sangking Panataran, awirandhungan lampahe, ngancik pandhekahan Gaprang, miyat kang reca sela, kakalih estri myang jalu, aneng sapinggiring marga.
  35. Sekar konyong amenuhi, dupanira datan kendhat, tinengga palawangane, Gathak Gathuk lon tatanya, kiyai niku napa, jurukunci lon sumaur, bagus niki panyandranan.
  36. kang jaler nama Kiyai, estri nama Nyai Gaprang, pan dadya pakaulane, kang samya aminta barkah, nyunyuwun ge susuta, sarat lenggah kalihipun, ngungkrake kyai reca.


21
PANGKUR


  1. Lah punika palanangan, ingkang ngadep sipat grananya kyai, ingkang samya anunuwun, sawusing adudupa, nulya matur punapa sakajatinipun, lamun nyuwun ge susuta, kalihe samnya nglinggihi.
  2. Ing pucuking palanangan, kang wus klakyan tumunten darbe sisi, Gathak Gahtuk angacemut, i tobat nora nyana, ingkang jejer ngater iku dadi pelus, radyan lajeng lampahira, manjing Lodhaya wanadri.
  3. Miyat wisma lit gedhegan, payon atep ing salebeting panti, egong sajuga gumandhul, nulya kampir rahadyan, tan adangu jarukuncinira rawuh, tatanya punapa karsa, Gathak Gathuk lon nyauri.
  4. Kulo mung kampir kewala, kapundi dene gong neng wanandri, jurukunci sauripun, sampun kina makina, pan dumadya pupundhene tyang sadhusun, naminipun Kyai Pradhah, sinten ingkang darbe kardi.
  5. Mawi anabuh gamelan, tamtu ngangge egon Pradha Kiyai, yen tan makaten saestu, bilai kasusahan,s aben dinten mila dinupan kumelun, sinekaran binorahan, dadya warni nganti kuning.
  6. Rahadyan wusing miyarsa, cariyosnya kiyai jurukunci, nulya lajeng lampahipun, lumebet padhekahan, aningali wisma alit dhapur tajug, ngandika mring Gathak Gathuk, payo ngaso maring masjit
  7. Tumindak anom belikan, toya wening rahadyan miwah abgdi, samya ngambil toya wulu*), wus malbeng jroning langgar, Gathak Gathuk adan naging datan seru, tyasira tansah trataban, wusing sunat perlu Mahrib
  8. Linajengken wektu Ngisa, pragating sembahyang amiyarsi, swaraning janma gumrumung, Gathuk enggar tyarsira, ririh angling Gathak payo padha methu, nemoni janma kang nywara, baya iku ingkang kemit.
  9. Kaliye medal lon-lonan, prapteng jawi sru kagyatireng ati, anom sami samya turu, ngubengi ponang langgar, angalemprak adu pathak adu bathuk, ngorok (ng)gereng sasenggoran, Gathak Gathuk wansul aglis.
  10. Wel-welan matur ing radyan, dhuh bendara kawula tur udani, suwara janma gumrumung, dupi kawula medal, yun manggihi sun sengguh sanma satuhu, kang samya yun maring langgar, jebul sima kathah guling.
  11. Cacahipun tan kantenan, leseh anjrah kadya babadan pacing, mangke menek samya wungu, tan wurung anembah byat, (m)barokati angemah-ngemah mring ulun, rahadyan mesen ngandika, sira ywa padha kuwatir.
  12. Luwih karsane Pengeran, yen wis pasthi tan kena owah gingsir, tan kena kalamun luput, tan luput lamun kena, balik padha pasrah sumarah Hyang Agung, kawula amung sadarma, lir sarah aneng jaladri.
  13. Wis Gathak Gathuk turua, ingsun ingkang ngeleki tekang enjing, rarywa kalih nulya turu, ngaringkel datan obah, datan segu radyan munajat sadalu, miminta ing karaharjan, dupi wusing bangun enjing.
  14. Sembahyang Subuh pribadya, wusing bakda akaring pajar sidik, ginugah kang samya turu, tangi aremrem-ayam, miyarsakken swara sepi tandya lungguh, meh raina masemu bang, Hyang haruna ayun mijil.
  15. Ningtip-intip Gathuk Gathak, anom janma titiga samya linggih, kadi mentas samya turu, dupi miyat jro langgar, ana tamu katri eca dennya lungguh, tri umentar gagancangan, tur uning mring lurahneki.
  16. Dupi prapteng ngarsa lurah, atur uning ing langgar ana janmi, titiga juga binagus, respati mawa cahya, winatara sadalu munggen neng ngriku, ki lurah gawok ing driya, wus anarka yen wong luwih.
  17. Parentah mring rabinira, heh Rubiyah sadhiyaa den aglis, bucu kang apik ananjung, iwak dhendheng manjangan, bayem ati gudhang pan-empon myang timun, siwalan ingkang dawegan, miwah legena hya lali.
  18. Rubiyah matur sandika, wus samekta ki lurah mirah rabi, lajeng marang sanggar gupuh, umarek mring rahadyan, prapteng ngarsa matur marang sang linuhung, angger kula niakrama, sinten sinambating wingking.
  19. Paman kula santri moyang, angulati kadang ingkang luna nis, saparan kawelasayun, balik ta sinten paman, lurah matur kang sotah mastani ulun, Ki Carita dadya lurah, ing dhusun Pakel punika.
  20. Mila kula gupuh sowan, de rumiyin tumeka ing samangkin, tan ana janma kang purun, lumebet maring sanggar, mung paduka saestu lamun linuhung, baya trahing maratapa, wijiling andana warih.
  21. kampipurun abdipara, atur dhahar lumayan ing kalantih, angsala barkah pukulun, kasawaban nugraha, wus tinata sang luhun ngcani kalbu, dhahar watara sak kluwak, dhendheng manjangan sacuwil.
  22. Abtobbe ambal-ambalan, wus dumugi rampadan gya cinarik, dhaharan lumadyen ngayun, siwalan myang dresan, Raden dhahar siwalan tanapi nginum, deresaning kang siwalan, nikmat seger sarireki.
  23. Gathak Gathuk ingacaran, lah suwaci (ng)ger aywa isan-isin, (n)dika nedha kang pakantuk, (ng)gih wakne ywa sumelang, Gathak Gathuk (ng)gennya nedha angathekul, kalihe wus tuwuk samya, angendhoni sabukneki.
  24. Radyan ri tanya Ki Crita, kadiparan cariyosira nguni, griya myang kepek gumandhul, Ki Carita turira, inggih sangking gotekipun tiyang sepuh, griya winastanan sanggar pamujan kala rumiyin.
  25. Kepek kakalih punika, kang satunggal pan isi sinjak lurik, warna-warni corekipun, miwah sinjang praosan, dhesthar tepen myang praosanipun, dene kepek satunggilnya, isi kampuh gadhungmlathi.
  26. Mawi kaparaos jenar, kacariyos kagungan dalem Gusthi, Kangjeng Nyai Rara Kidul. saben taun sapisan, kulabekta dhumateng ing wismaulun, marika jangkeping cacah, sarto ngiras angsisi.
  27. Sampuning jangkep kan cacah, lajeng wangsul marang ing sanggar malih, nalika pamendhetulun, tuwin wangsuling barang, sampun tamtu wonten sima kang tut pungkur, nangngin sangking katebihan, punika sima kang jagi.
  28. Saben dalu tiga-tiga, blih siyang sami awarni janmi, wit pakel sangajengipun, ign sanggar kalih pisan, miwah uwit duren kakalih puniku, aneng kiwa tengan langgar, tanemanipun Jeng Gusti.
  29. Panembahan Senapatya, mila saben woh katur mring mantawis, Gahtak Gathuk ririh muwus, wakane napa ingkang, den arani sima-gadhungan punika, de tyang datan mawi tungkak, (ng)gih makaten gotekneki.
  30. Rahadyan manis ngandika, man Carita banget panrimamami, buja kramanta mring ulun, Allah kang malesane, reh wus siyang ulun (m)dumugekken laku, Ki Carita aturira, sumangga karsa sang pekik.
  31. Kapungkur ing Pakel desa, lampahira ngaler ngetan lestari, kendel kalanireng waktu, prapta ing tanah Tuban, aso aneng ngandhap randhu-wana agung, Gathak Gathuk gawot mulat, agenging wit anglangkungi.
  32. Kubenge gya pinecakan, kupengira pitung dasa kakalih, radyan utusan mring Gathuk, kinen ngupaya toya, gya umentar tan pantara tebihipun, anom sumur sela kresna, toya lebet langkung wening.
  33. Wangsul matur ing rahadyan, pinurugan lawan santri kakalih, sumur watu kebak banyu, malah kongsi (m)baludag, nulya ngambil toyastuti.
  34. Rampung dennya samya kadas, toya mendhak pulih lir nguni-uni, wangsul wektu ngandhap randhu, bakdane salat Ngasar, gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu, enget mring kakalih kadang, sira yayi marang ngendi.
  35. Anon sumber binalumbang, toya wening winastanan ing Bekti, Rancangkapti ariningsun, nguni karemenanta, adus marang balumbang ingkang binatur, radyan kendel sawatara, anulya lumampah malih.
  36. Ngidul ngilen prapteng wana, langkung werit andungkap wektu Mahrib, kendel ngandhap mandera gung, aneng tepining sendang, binotrawi pinageran sela pingul, sawusing tetoya kadas, ngrarasati wektu Mahrib.


*)Prayoginipun wudhu




22
MIJIL



  1. Paragating Ngisa lawan Mahrib, pitekur sang anom, ngluhuraken asmane Sang Angreh, Gathak Gathuk wus dangu agulingna, swara kapyarsi, lir mriyem jumegur.
  2. Lir kalindhon bumi gonjang-ganjing, Gathak Gathuk mbengok, gurawalan ngarukert rahadyan, saya rame swara kapiyarsi, sireping swareki, Gathak Gathuk ngantuk
  3. Tan pantara rahadyan udani, wanodya kinaot, makidhupuh lingguh ing ngarsane, mangenjali matur nora krami, dhuh risang linuwih, ruwaten pukulun.
  4. Ing munajat satuhu karya gring, marang wadyaningong, radyan mesem aris ngandikane, bbo rara sapa kang wawangi, lan wismanta ngende, de prapta ngarsengsun.
  5. Kawruhana sang luhun wakmami, nguni putri katong, Brawijaya pungkasan pamase, kang mandhireng kraton Majapait, rusaking nagari, salin srengat Rosul.
  6. Ulun datan kaduga nglakoni, ing agama kaot, banjur maring wana Bagor kene, atatruka karsaning Hyang Widdhi, kinen angratoni, sagungin lelembut.
  7. Ingkang manggen neng Bagor wanadri, de kekasih ingong, Jeng Ratu Mas Trangganawulane, sendhang iki apan sunarani, Sugihwaras nenggih pasiramaningsun.
  8. Amung saben ari Sukra Manis, (ng)goningsun lalangon, sapa wonge kang mantep atine, yun kateme marang jeneng mami, saranane mawi, tirakat sadalu.
  9. Ing maleme ari Sukra Manis, pasthi ingsun rawoh, sarta asung apa sasedyane, ing samurwat sarta bener becik, mriyem ingkang muni, saben ratri iku.
  10. Pratandhane karaton arja-di, mupus ing tyasingong, bawa uwus ginaris papasthen, takdiring Hyang tan kena wah gingsir, rasengsun sdarmi, sumarah sakayun.
  11. Paran karsa sira prapteng ngriki, jarwaa sayektos, Jayengresmi alon andikane, angulati kadangong kang anis, jalu lawan estri, wus lawas tan pangguh.
  12. Jeng Ratu Mas aturira aris, babo sang kinaot, den-narima pandurung mangsane, tembe panggih yen rahaden uwis, kaukum ing nagri, linabuh ing laut.
  13. Neng Tunjungbang kono (ng)gonne dadi, banjur atatemon aywa kemba lakunira raden, nyanyaloni dadining ngaluwih, raden Jayengresmi, ana maremipun.
  14. Lah Ratu Mas buron apa iki, kang padha mathangkrong, aneng epan tan kato raine, kaya munyuk buntute tak keksi, Ratu Mas lingnya ris, tukang arannipun
  15. Heh Ratu Mas sapa kang sung uning, ing satekaningong, Sri Trengganawulan lon ature, peksi dhandhang sung ngalamat muni, kena dentiteni, kandhane wong sepuh.
  16. Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.
  17. Yeku becik ing alamatneki, barang karya dados, lamun ana dhandhang munya mangke, saka kidul bener prenahneki, ngalamate rejeki, ingkang karsa rawuh.
  18. Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.
  19. Ngalamate apan arsa rabi, yen sangking lor kulon, dhandhang muni ala ngalamate, apan arsa kageringan ati, den angati-ati, awas lawan emut.
  20. Atobata maring ing Hyang Widdhi, poma dikalakon, dhandhang muni lor bener sangkane, yeku ala ngalamatireki, yekti arsa manggih, kawirangan agung.
  21. Yen amuni ing lor wetan sangking, ngalamate tan awon, yun katemu ing prasanakane, miwah kadang ingkang wisma tebih, lamun dhandhang muni, mencok wuwungipun.
  22. Ing wismane kang nginggil pribadi, swaranira alot, yun katekan susah ngalamate, tamat ngalamate dhandhang muni, gurune wismeki, ngendi sangkanipun.
  23. Wangsiting Hyang lamun prenjak muni, iku den waspaos, kang ngalami becik lan alane, wus pinasthi carita ing nguni, semune kang peksi, prenjak uninipun.
  24. Lamun ana peksi prenjak muni, sareng sakaloron, aneng kidul ing wisma prenahe, ngantya dangu pan ngalamatneki, tamuwan priyayi, becik sedyanipun.
  25. Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah neng kulon, pantinira ala ngalamate, guru prapta karsane sung wangsit, sadhiyaa nuli, kang suci kang patut.
  26. Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah aneng lor, pantinira becik ngalamate, arep ana tetamu kang prapti, sedyanya tan becik, ngajak tukar padu.
  27. Lamun ana peksi prenjak muni, wetan panti mangko, mencok payon kandhang gedhogane, nglamat ala yun kabesmen yekti, den angati-ati, ywa lena ing kalbu.
  28. Peksi prenjak munya angideri, wisma tepung golong, pan prayoga iku ngalamate, bakal antuk donya ingkang suci. myang arta kalali, mujia Hyang Agung.
  29. Titi tamat ngalamating peksi, kang becik kang awon, iku ingkang ingsunestokake, bener luput karsanging Hyang Widdhi, ingsung darma manggih, ing kaol rumuhun.
  30. Raden Jayengresmi ngandika ris, sang ratu kinaot, buron apa kang na paedahe, jeng Ratu aturira aris, sato tukang adi, mengko ingsun tutur.
  31. Murweng satu muka kang linuwih, tukang winiraos, iku akung sawabe adene, wus mutamat para nabi wali, miwah para mukmin, poma denlestantun.
  32. Den agemi aywa ge denwadi, yen tan tunggal batos, tukang iku pinetta serahe, salehena bun-embunanneki, panganggone nenggih, lamun ana mungsuh.
  33. Datan tedhas ing sanjata dening, uteke denuwor, barang lenga dene panganggone, ana gawe cinampur ing dhiri, watek teguh nenggih, luput senjateku.
  34. Lambe ilat den (ng)ngo jimat nenggih, kalis gelap reko, apan siung kalawan kukune, pan kinarya ngukur janma guling, insa Allah mati, nenggih wong puniku.
  35. Utawa denkosokaken janmi, dadi kaku kang wong, den (ng)go sipat nenggih gegetiye, barang ingkang aningali asih, lamun denwor warih, nenggih banyu susu.
  36. Nuli denusapaken ing kendhil, ujare pawartos,d atan mateng nenggih liwatane, wulunipun densebar ing panti, paedhake malih, durjana tan weruh.
  37. Anadene wewudelireki, den (nggo)g tampa kang wong, lara busung kang tengen matane, denwor lawan getih serut nengih lan luke wong nangis, den (ng)go sipat iku.
  38. Insa Allah wong liyan ningali, pasthi datan weroh, lamun lungan pan denusapake, daka omah paedahe nenggih, tan keneng denambil, duweke wong iku.
  39. Mata kiwa denwor lan kasturi, miwah kapur-baros, apan den (ng)go nenggih sa Allahe, denkasihi wong lanan wong estri, wus titi nikmati, sato muka lutung.
  40. Ana maning sarah ingkang paksi, platukbawang kaot, luwih akeh tinimbang tukange, wulu daging galungneki, kabeh mupangating, kanthi pedah luhung.


23
KINANTHI


  1. Lah pirengna radyan ulun, amama sarahing peksi, saking Jeng Nabi Suleman, nenggih ingkang anjarwani, kang peksi pelatukbawan, keh manpangatnya winilis.
  2. Yen kang rumiyin dinunung, susukipun ingkan nginggil, karya sepuhing gagaman, gagaman sakalir-kalir, sawabipun datan ana, wong teguh tan pasah titis.
  3. Yen tan pasah kang tinanduk, dadya sakti geng (n)dhatengi, tan waras prapta ing pejah, ilating peksi winarni, dhinahar ingkang paedah, ing pamicara patitis.
  4. Netranira kang ginantung, munggeng saluhuring kori, tebih saking duratmaka, wuluning murda kinardi, sumping rarywa lit sawabnya atebih saking panyakit.
  5. Polo pan kinarya pupuh, ing netra pan datan keni, ing lalamur sawabira, jajantungipun binukti, sawabira sarwa gampang, sabarang ingkan kinapti.
  6. Lan kabuka ngelmunipun, aperuninpun upami, winor lan minum-minuman, miwah winor lawan jampi, sawabe rikat lumajar, pringsilanipun binukti.
  7. Kinasiyan sawabipun, mring wanodya lawan malih, kinasiyan mring pandhita, miwah maring para wali, dhandhaning peksi dhinahar sawabipun lamun sakit.
  8. Enggal ing waluyanipun, brotol binukti pawestri, sawabipun kinasiyan, dyah ika maring ing laki, buntut winor lan gulunya, binasmi nulya binukti.
  9. Ing pawestri sawabipun, linuwih samining estri, laripun kenarya gelang, elingan sabarang kardi, lawan malih ingkang elar, winor ing sabuk prayogi.
  10. Kinasiyan sawabipun, lamun suwiteng narpati, yen sineleh sorring bantal, patileman sawabneki, titingalan sarwa endah, tur rineksa ing Hyang Widdhi.
  11. Sawabe ingkang babalung, akuwat yen densimpeni, myang balung suwiwinira, sinelehaken ngisoring, pasareyan datan liyang, sawabe akuwat malih.
  12. Atinipun pan ginantung, luhure dennira guling, sawabipun betah sahwat, yen winor lisah kalentik, myang waedhak ingkang sahwat, sirna sagunging sasakit.
  13. Suku kalih sawabipun, lamun pinendhem ing sabin, myang sakehing tataneman, tulus wohipun andadi, lamun malih ingkan manah, ginelangaken ngasteki.
  14. Wisa tawa sawabipun, isining wisma sakalir, tebih sangking ing lalara, nenggih atinipun malih, ingusapaken ing dakar, betah sahwat sawabneki.
  15. Ingkang ilat kinaryeku, jimat sawabe tan kengin, ing luwe betah alapa, lawan kulitipun malih, tinalekaken padharan, yeku betah luwe malih.
  16. Kapalanira kang manuk, kinarya jimat ngajurit, kinajriyan marang mengsah, yen wonten wisma upami, panas tan kena kanggonan, pinendhemen elarneki.
  17. Panjawat kang tengenipun, wolung lembar aja luwih, pepadonipun lor wetan, dadya tawa panasneki, getih denakingken ika, winor lawan bawang abrit.
  18. Lawan adas nulya kinum, ing toya neng pinggan putih, karya jampi lare netra, pinupuhaken tumuli, insa Allah dadya waras, yen wonten sasakit kuping.
  19. Pinupukaken pan mantun, lamun arsa denkasihi, lan wong akeh myang yen arsa, sugih lan yen arsa dadi, barang ingkang tinaneman, puwasaa tigang ari.
  20. Den Kadya puwasa agung, winateka donganeki, punika melekang donga, Allahuma barkat saking, Gusti Bagendha Suleman, mung iku tan ana malih.
  21. Kang pingan atinipun, ingolah sakalir-kalir, yen wus dennira puwasa, matek donga sarwi bukti, yen adagang myang ngawula, den tetep hya walanggalih.
  22. Kalamun arsa sireku, siniyan wong katha malih, tyas lan ilat winor barang, olah-olahan binukti, lamun arsa matenana, ing wong durjana mamaling.
  23. Ingkang kiwa tapakipun, dinundep ing cucuk nenggih, insa Allah pesthi pejah, lamun arsa sugih ngelmi, tyas binukti lawan uyah, goreng wus titi kang paksi.
  24. Rahadyan ngandika arum, Ratu Mas Trengganasasi, banget ing panrimaningwang, sira sun pitutur jati, ngalamateng paksi dhandhang, miwah peksi prenjak muni.
  25. Sarahing tukang linuhung, myang palatubawang paksi, apa kang dak walesena, Ratu Mas turira aris, luwih karsaning Hyang Suksma, ingsun iku mung sadarmi.
  26. Kabeh kang wus ingsunwuwus, iku darbekmu pribadi, amung kang medharken ingwang, sarehne wus lingsir akir, sun pamitan tan lilanana, mantuk mring kahyangan mami.
  27. Wus tan katon kangjeng ratu, Gathak Gathuk nuli tangi, sarya matur mring rahadyan, kawula satengah ngimpi, mireng swara tanpa rupa, amung ganda mamrik minging.
  28. Lir tindhien raosipun, sruwing-sruwing kapiyarsi, tukang platuk lunjak-lunjak, sarah-sarah denadhangi, punika ginem punapa, sinten rencang paduka ngling.
  29. Rahadyan ngandika arum, kawruhanamu kang prapti, anemoni jengingwang, iku ratuning dhedhemit, ngadaton ing Bagor wana, ing nguni putri narpati.
  30. Sang Aprabu Majalangu, Brawijaya kang sisiwi, anggentur amatiraga, tan sarju salin agami, katrima panedhanira, bisa jumeneng narpati.
  31. ngratoni sagung lelembut, sajroning Bagor wanadri, saben bengi mariyeman, Gathak Gathuk duk miyarsi, marinding githok mangkarag, wus awanci pajar sidik.
  32. Samya wulu wektu Subuh, paragat dennya ngabekti, linggar sangking Sugihwaras, ngancik suku Pandhan wukir, manjar manginggil wus prapta, ing dhusun Kadhaton nami.
  33. Nyabrang lepen mili ngidul, toyanya nyarong awening, miyat balung langkung kathah, ageng-agenge nglangkungi, lajeng lapahira radyan, wus prapteng sukuning ardi.
  34. Ing Gambiralaya gunung, nulya umanjat manginggil, prapteng pucak non prapatan, tanggul siti angubengi, tinaneman sasekaran, argulo gandanya amrik.
  35. Pinecakan kubengipun, tigang dasa langkung kalih, (n)jawi tanggul kidul witan, wonten reca sela langking, patrape lir janma priya, mangku palanaganneki.
  36. Wus pisah lan badanipun, mung sapucan agengneki, Gathak Gathuk latah-latah, ana maneh angungkuli, duwke reca ki Gaprang, kalah dawa gedhe iki.
  37. Rahadyan nulya tumurun, ngaler ngerem-erem wukir, anon balung ageng panjang, tikel pat lan kang rumiyin, prapteng ngare angandika, lir mas tumimbul ing warih.



24
MASKUMAMBANG


  1. Lah ta Gathak sira umentara aglis, maring padhusunan, katemua kanca bumi, angilenena dawegan.
  2. Wus umentar (n)jujug wismane patinggi, gupuh ingacaran, lah panten karsa punapi, kula yun ngileni degan.
  3. Anak kula kalantih neng suku wukir, ki patinggi lingnya, boten susah angileni, nulya ngambil kang dawegan.
  4. Patang iji sampun pinarasan sami, lah panten sumangga, kula bektane pribadi, kerit lapahira Gathak.
  5. Prapteng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi, Jengresmi ngandika, kaki sun tanya sirek, wisma miwah kang sinambat.
  6. Nama karan dhusun kang kula enggeni, punika padhangan, katelah sami mastani, dhateng kula kaki Padhang.
  7. Sumapala kamipurun, ingkang abdi, ngaturi sugata, lumayan jampi kelantih, saceret wening dawegan.
  8. Iya kaki banget panarimamami, pasihanta mring wang, Allah ingkang ngudaneni, ing sakaletheking manah.
  9. Radyan ngunjuk ing wening nyu sawatawis, telesing gorokan, karaos nikmat ing dhiri, ngandika alkamdulillah.
  10. Linorotken marang santrinya kakalih, we-nyu papat bebas, dawegan gya den klothoki, ngalih sewang samya telas.
  11. Radyan angling kaki ingsun minta uning, mau ingsun ngambah, padhukuhan suku ardi, myat balung keh ageng panjang.
  12. Nulya manjat malih mring pucaking wukir, anon patilasan, kidul ana reca siji, mangku kadya palanangan.
  13. Mudhun maring ngereng-ereng uning malih, balung gedhe dawa, ngungkuli kang mau kaki, kadiparan critanira.
  14. Kaki Padhang tumenga matur sang pekik, dongenipun kina sukunipun Pandhan wukir, dusun Kadhaton namanya.
  15. Kala jaman purwa kadhaton raseksi, Sang Prabu Arimba, rikala amangun jurit, mengsah panenggak pandhawa.
  16. Arya sena ingkang unggul ing ngajurit, raksasa keh pejah punika bablungneki, Sang Prabu yaksa Arimba.
  17. Pejahipun aneng ngereng-ereng wukir, ing Gabiralaya, ingkang paduka tingali, anglangkung ageng panjang.
  18. Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi, lepen alit ingkang ngidul ilinireki, winastan lepen Jeroang*).
  19. Sri Arimba sasampune angemasi, pancanak mangsah, ing wadhuk Jeroan mijil, binucal lepen punika.
  20. Pan katelah namane prapta ing mangkin, ing lepen Jeroan, pratapan sapucak wukir, ingaran Gambiralaya.
  21. Duk rumiyin wonten putri amartapi, warna ayu endah, nami Dewi Gendrasari, wus medal istijratira.
  22. Wonten tiyang jaler asru mangunteki, anama Ki Drepa yun mangangkah mring sang putri, duk ayun mangkat prasetya.
  23. Yen tinampik amalipun denicali, wasana sang retna, lumuh dhateng Drepa kaki, planangan gya pinagas.
  24. Bali lenggah ki Drepa nulya ngmasi, nanging dados sela, lestantun ngantos sapriki, dora lerese sumangga.
  25. Gathak (n)jawil lah Ki Drepa iku sigit, netepi prasetya boten kaya wong sakiniki, setyane lamis kewala.
  26. Raden Jayengremsi angandika angandika aris, kaki pasihanta, sanget panarima mami, kaki kantuna raharja.
  27. Ingsun nutugake tumindaking sikil, (n)dheku Kaki Padhang, rahadyan tandya lumaris, tan pisah ki Gathuk Gathak.
  28. Ngaler ngilen prapta ing Bojanagari, myat kukus magnampak, rahadyan nyulya nyelaki, kang murub warni balumbang.
  29. Pinecakan kawan likur wiyarneki, dene panjangira, tigang dasa langkung kalih, elbete sahasta wrata.
  30. Tanpa toya dangu dennira ningali, nahan tan pantara, murub lir wisma kabesmi, latu sumundhul ing mega.
  31. Isthanira kadya ngurmati kang prapti, Gathuk Gathak waswas, giris maras miris tistis, tyas lir tatas anaratas.
  32. Kepalane dhusun Dhandher gupuh prapti, mariksa pawaka, kagyat anon janma katri, pinarak tepi balumbang.
  33. Nglocciteng tyas aneh teman uwong iki, yen dudu trah tama, mangsa waniya nyelaki, ing balumbang Pakayangan.
  34. Ki patinggi anyaketi ing sang pekik, rahadyan tetanya, baya sireku kang (n)jagi, balumbang isi dahana.
  35. Palang matur leres timbalan sang pekik, mila gupuh amba, mariksa balumbang api, awit dadya panengeran.
  36. Lamun murub delajat kathah sesakit, dhusun ingkang celak, kang uning urubing agni, apes lir mendem pocungan.


*) Prayoginipun Jeroan kadosdene ing pada 19 lan 20




25
PUCUNG

  1. Murub agung tan wonten tiyang andulu, mung amba priyangga, kang wikan urubing agni, sampun tambu kadhatengan janma tama.
  2. Isthanipun lir tur urmat asusugun, punika winastan, Pakayangan latu nenggih, criyosipun prapene empu duk kina.
  3. Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh, baya kang Kepalang, tedhaking empu rumiyin, ingkang darbe petilasan Pakayangan.
  4. Apesipun saged pandhe damel dhuwung, Ki Kapalang mojar, o (ng)ger dede tedhakneki, nanging yektos pancen pandhe damel kula.
  5. Gathuk muwus lah apa bener bethekku, yen damel curiga, punapi (ng)gih denukiri, panjangipun punapa sakarsa-karsa.
  6. Myang landheyan waos punapa ingukur, napa manut bakal, Ki Kapalang anauri, dhawuh miwah landheyan wonten ukurnya.
  7. Wotanipun kalamun adamel dhuwung, panjangipun ganja ingkang kaukur rumiyin, lajeng kangge ngukur panjangang curiga.
  8. Awit bongkot kajawine pesinipun, dumugi pucuknya, nenem wewilanganeki, kang rumiyin cakra kapindho gundhala.
  9. Tiga gunung ping sakawanipun guntur, ping gansal sagara, kaping nenem madu nenggih, ingkan sae tekeng pucuk dhawah arga.
  10. Tuwin dhawah sagara utawi madu, titiga prayoga, utawi dhawah jaladri, gya winalik sangking pucuk pangukurnya.
  11. Tekeng bongkot kajawining pasinipun, kang langkung utama ing pungkasan dhawah ardi, lah punika ingkang pantes pinilala.
  12. Lamun damel landheyan waos ingukur, kepelnya priyangga sakawan etanganeki, sangga runggi sarah watang kang prayoga.
  13. Den dhawahna sangga ing pungkasanipun, Gathuk (n)dheku lingnya, paringe kakang kapundhi, Ki Kapalang noraga matur rahadyan.
  14. Dhuh sang luhung bilih marengi ing kalbu, kampir wisma-amba, ing Dhandher tan pati tebih, dhusun ingkang katingal ngajeng punika.
  15. Apuntenta paman ingsun arsa laju, (n)dumugekken lampah, (m)bungkuk Kapalang tur inggih, boten langkung kula (n)dherekken raharja.
  16. Pakayangan latu Dhandher wus kapungkur, lajeng lampahira ngambah ara-ara wradin, tanah Dhandher ngilen nulya anon toya.
  17. Medal sangking sumber ngalirab dinulu, Gathuk tan saranta, ngokop toya ingkang mili, prapteng tenggok wangsul mutah bulakeran.
  18. Gathak tanya lho kepriwe iku Gathuk, teka mutah-mutah, Gathuk angling mbrebesmili, dudu banyu iku lenga latung blaka.
  19. O ya Gathuk aku krungu critanipun, iku banyu kena, kanggo didiyanan sami, wong padesan mung kkuse ngubudilah.
  20. Radyan mesem angandika marang Gathuk, iku kang pinanggya, janma tan sareh ing budi, kaya-kaya mesthi manggih kasangsaya.
  21. Ya ta wau rahdyan ing lampahipun, nalasah galagah, ketel rumput mendhong wlingi, nabrak lepen ngantya rambah kaping gangsal.
  22. anon dhukuh aneng tengahing wana gung, rahadyan ngandika, payo Gathak Gathuk mampir, yun tatanya tanah ngendi iki baya.
  23. Gya kapangguh suanma amikul bumbung, isi legen klapa, santri kalih anyelaki, nedha ngileni legen kalapa.
  24. Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk, ngileni tan susah, (n)dika badhe dhateng pundi, kamayangan teka maring dhekahingwang.
  25. Kula (n)dherek janma luhung ingkang nglangut, sukanira mahas, panggenan kang sepi-sepi, amurugi kang singit tan kambah janma.
  26. Nika ingkang neng ngandhape pandhan arum, bagus yen sembada, pareng kampir wisma mami, kula mantuk (ng)gelar-(ng)gelari ing wisma.
  27. Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun, kyai ingkang ngrembat, paduka katuran mampir, mring wismane rehning sampun ngangger lampah.
  28. Tan pantara dangu ki wisma amethuk, wus kerit rahadyan, Gathak angupaya warih, ki wisma ngling anak ngupados punapa.
  29. Kulo pados toya badhe kagem wulu, o anak tan ana, ing ngriki toya kang sukci, meh sadaya pakungkumangin wahara.
  30. (n)Dawek kulo padosken tirta kang luhung, ki wisma gya mancas, pang wet jembul toya mijil, lir pancuran wening asrepe sedhengan.
  31. Gahtak matur punika toyaning jembul, manther lir pancuran, kaagem wulu prayogi, radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas.
  32. Wusing rampung pampet ingkang toya jembul, Gathak eram ing tyas, wakne iki nyata luwih, nora nyana yang metu kramatira.
  33. Prapteng wisma Gathak adan tumalawung, nulya samya sunar bakda sunak kimati, waktu mahrib myang ngisa sampun paragat.
  34. Lenggah salu sunggata lumadyeng ngayun, kang legen kalapa tela gamblok mateng ing wit, aturira manis wedaling wicara.
  35. Dhuh sang bagus kumedahe atur-atur, sunggata tan mandra, sawontene tiyang langip, aneng wana tanpa rowang data pakra.
  36. (ng)Gih kiraka sanget ing panrimaningsun, langkung resep ing tyas, radyan dhahar tlas salining, ngunjuk legen watara tigang cegokan.
  37. Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur, Gathuk Gathak nadhah, miwah ngombe legen krambil, sakatoke tan ana tinaha-taha.
  38. Wacana rum rahaden mring ki wisma rum, kiraka sun tanya ngriki niki tanah pundi, lawan sinten sinambutik kiraka.
  39. Aturipun kula pun Jatipitutur, asli saking Sela, ing Kasanga jurukunci, pan ing ngriki talatah siti Grobogan.
  40. Ing Kasanga kathah panunggilanipun, Bledhuk Kuwu miwah Crewek kalawan Mandhikil, myang ing Sendhang Ramesan toya mawarna.
  41. Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh, paran mulanira, yen wonten cariyosneki, kang jinarwa kiraka niku sadaya.
  42. Alon matur kula enget boten urut, lumayan kinarya, sasamben cagaking arip, kala kina wonten panjenengan nata.
  43. Prabu Jaka punika jujulukipun, ing Mendhangkamulan, karemeng-ameng wanadri, anunumpu bantheng sangsam kancil kidang.
  44. Tanpa wadu amung sabat kang tumutur, nuju ri sajuga, uning sarpa mangunteki, langkung ageng sisikira mancawarna.
  45. Prabu bendu bantering tyas sakalangkung, ula apa karsa, de banget amatiragi, mengko sira tan wurung rampung dening wang.
  46. Sang aprabu nulya menthang langkapipun, jemparing lumepas, cumundhuk sawer ngemasi, wonten swara kapiyarsa ing sang nata.
  47. Eh sang prabu tuhu sikara sireku, yekti bakal tanpa, paukumaning Hyang Widdhi, datan bisa mujadahi hawanira.
  48. Nenging swara sawer musna tan kadalu, gara-gara prpta, jawah lesus kilat thathit, aliweran baledheg dhar-dher tan pegat.


26
MEGATRUH

  1. Tranging jawah lagya mangkya sang aprabu, angraos sanget kalantih, thedak mring karandhan ngaub, tuwin karsa anuweni, duk nguni sri nata anom
  2. Anakipun nyi randha Kasiyan dhukuh, ing Sangkeh tuhu linuwih, rarasati maksih timur, reh sampun antawis lami, kakinten wus jonggrong jongrong
  3. Prapteng dhukuh nganti neng dhadhah sang ulun, wedaling dray Rarasati, nyai randha lagya nuju, nenggani (ng)gentang pra estri, gagendhingan dhumprong-dhumprong.
  4. Rarasati mijil sangking wismanipun, asinjang pathola abrit, konyoh jenar slendhang kawung, tinepi parada kuning, wimbuh ayu melok-melok.
  5. Tangseng pungkur kalangenanya sang ayu, juga babon kate adi, pethak mulus cnggeripun, sanggardalima respati, sapraptanira sang sinom.
  6. Panggentangan nulya tumut (ng)gentang pantun, sukunira kang sasisih, angidak sirahing pantun, angikis sinjangireki, kakempol katon mancorong.
  7. Gebyar-gebyar anglir pendah thathit barung, dupi miyat sri bupati, gandrung-gandrung amangun kung, ngandika jroning panggalih, pantes dadya garwaningong.
  8. Sigra tedhak nyaketi kang samya nutu, matek asmaragama di, para dyah kang samya nutu, tan ana ingang praduli, katungkul dennira gerong.
  9. Sruning cipta korut nutpahira prabu, datan prabeda sang dewi, ugi korut nutpahipun, samya tumetes ing siti, tandya kate pethak gupoh.
  10. Anucuki nutpah kalih-kalihpun, wus nunggil dadya satunggil, Prabu Jaka dahat ngungun, sanget lingseming panggalih, nulya kondur angadhaton.
  11. Gathak Gathuk samya gumujeng anguguk, radyan mesem ngandika ris, kiraka jatipitutur, nedha kalajengna maning, cariyosipun kang babon.
  12. Kyai Jatipitutur nglajengken atur, dupi wus antara ari, amanigan kate pingul, nyi randha dupi udani, antigan pinendhet gupoh.
  13. Gya dinekek aneng padaringanipun, tinunggilken tigan katri, winor uwos kang lumintu, saben ari denedangi, nanging boten katon kalong.
  14. Malah wuwuh nyi randha graiteng kalbu, baya iki kang marahi, atigan geng pedahipun, beras dakdang saben ari, nora kalong malah wuwoh.
  15. Gya pinendhet ingelih maring ing lumbung, dupi uwosira enting, nyai randha mendhet pantun, mring lumbung ambuka kori, mendhet sabelah ginendhong.
  16. Tigan ingkang dipun dekekakan lumbung, sampun netes nanging warni, taksaka ageng kalangkung, ngaleker pinuju guling, kagyat nulya tatanya lon.
  17. Paran karsa nini sira marang lumbung, nyai randha nulya nolih, anon sarpa nulya gugup, gya dhawah bali anjelih, lumajeng aketol-ketol.
  18. Arsa lapur dhumateng sing sang nindya nung, taksaka suka ningali, wus medal saking ing lumbung, mring grannya dyah Rarasati, sarwi ngling dhuh ibuningong.
  19. Dewi Rarasati gumuling akantu, wungu nututi bok nyai, sakaliyan prapta sampun, ngarsanira kyana patih, naga wus neng wuri (n)jongok.
  20. Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu), samya gumuling ing siti, kya patih arsa lumayu, naga gumujeng sarya ngling, kaki aja jrih maring ngong.
  21. Kene payo padha lungguh kang pakantuk, kyai patih ngoplok lingnya ris, lah ula apa sireku, tanpa sangkan (ng)gonmu prapta, sang naga sauriro lon.
  22. Kaki ingsun unjukna mring rama prabu, kyana patih anauri mung manthuk lumaris gupuh, risang naga aneng wingking dupi prapta ngarsa katong.
  23. Kyana patih dereng munjuk sang aprabu, naga wus neng wurineki, Prabu Jaka gya angangu, eh ula apa sireki, de bisa clathu lir uwong.
  24. Naga matur ngaken putranya sang prabu kalangkung dennira runtik, eh ula kawruhanamu, ingsun iki durung rabi sira teka anyalemong.
  25. Lah lungaa yen kasuwen tekan lampus, naga karuna lurnya ris, (ng)gelarken nalikanipun, sri papara ing wanadri tumekeng kundur ngadhaton.
  26. Lan umatur sakawiting babon pingul, nigan tekeng netesneki, sang prabu miyarsa atur, dahat ing linseming galih, nulya jengkar angadhaton.
  27. Kyana patih tinimbalan mring kadhatun, dhawuh timbalan narpati, ponang sawer kinen nantun, madosi pacangan aji, lan mejahi satru katong.
  28. Baya putih telening sagara kidul, punika yen antuk kardi, ingaken putra satuhu, patih wus (n)dhawuken maring, sarpa matur arawat loh.
  29. Sru praseca*) yen tan kalakyan satuhu, karsane sri narpati, suka tumekeng ing lampus, kya patih welas ningali, punang sarpa mesat gupoh.
  30. Ngidul terus singa kang katrajang gempur, amrih aglisira prapti, ambles bantala jumedhul, telenging kanang jaladri, susumbar anguwuh mungsoh.
  31. Angungasken armaja Sri Jaka Prabu ing Mendhangkamulan adi, Sang Dewatacengkar Prabu, kang awarna baya putih miyos sangkinging kadhaton.
  32. Mpag yuda remaning prang tan cinatur, ngantya pirang pirang ari. sri dyah lami laut kidurl, nama Prabu Anginangin, sukaning tyas dennira nom.
  33. amiminta sirnani sang baya pingul, jaladri akocak-kacik, toya benter kalangkung, mina kathah angemasi, baya pethak yudanya sor.
  34. Kabuncang mring dharatan tepining laut, sirnaning angga pan dadi, Argalima wastanipun, sarpa sukane angenting, wus pasthi inganggep katong.
  35. Kacariyos Prabu anginangin wau, suka amarwata siwi, satru nira baya pinggul, mangkya wus tumekeng lalis, naga tinimbalan gupoh.
  36. Malbeng pura prapta ngarsane sang prabu, natadesi ngandika ris, eh sarpa kang jayeng pupuh, ingsun nguni pasanggiri, sapa kang agambuh pupoh.


*)Prayoginipun prasetya



27
GAMBUH

  1. SIng sapa unggul pupuh, amateni mring si baya-pingul, gentenana sadhela jumeng aji, luwarana punagiku, sarpogung turira alon.
  2. Tan lengganeng ragengsun, anglampahi pasang giri prabu, nanging lampah amba punika tinuding, wusing nyirnakaken satru, ngulati pacangan katong.
  3. Rehning dereng kapangguh, Prabu Rara angandika arum, pacangane ramanta pan ingsun iku, sira munjuka sang prabu, ngulati pacanganingong.
  4. Yawa krama liyaningsun, nanging andadekna kawruhamu, ramanira tan widada madeg aji, namung tigang warsa puput, ginantyang kang darbe kraton.
  5. Ing ari Budha besuk,lek purnama Galungan kang wuku, dak aturi tedhak mring kadhatuon mami, sira sun rabekken kulup, oleh Balorong yu anom.
  6. Dhaubnya tan cinatur, langkung rame ing wahawipun, ing dharatan pageblug ageng (n)dhatengi, wusing dhaub madeg ratu, sapta ri gya pamit gupoh.
  7. Linilan pamitipun, myang winisik kang badhe tinemu, ing sarira miwah jangkaning nagari, purwa madya wusaneku, welingira wantos-wantos.
  8. Sri putri malih muwuh, Linglung Tunggulwulung jujulukmu, tembe sira karsaning Hyang angratoni, lelembut ing gunung-gunung, mring sira angangep katong.
  9. Kala patembenipun, sira dadya ngalamat satuhu, dauruning jaman myang kertaning nagri, wis mangkala sira kulup, garwamu rara Balorong.
  10. Menek ngrebeti laku, lah tinggalen neng kene rumuhun, sira aja metu marganira lami, teleng saodra kapungkur, ambles ing pratala gupoh.
  11. Neng Pasundhan anjebus, ambles malih (n)jebus wonten Kuwu, ing Carewek Mandhikil jebusnya malih, sampun celak nagrinipun mlampah dharatan nalosor.
  12. Dumugi praja (n)ujug, kapatiyan wus kerit lumebu, dupi prapta ngarsa nata mangenjali, kyana patih makidhupun Tunggulwulung analosor.
  13. Lampahiro ingutus, sampun katur purwa wasaneku, Prabu Jaka langkung trusthanireng galih, wus inganggep putra prabu, ginanjar makutha kaot.
  14. Agemira sang prabu, buntut untu atanapi siyung, binrongsong mas tinaretes sosotyadi, sisik linapis mas murub, kalung sosotya mancorong.
  15. Myang pinaringan cupu, asthagina isi lisah kayun, kuwasanya yen wonten sarpa ngemasi, tinetesan lisah cupu, gisan malih lenggak-lenggok.
  16. Sinimpen wonten buntut, myang musthika naga kwasanipun, sinuyutan sakehe sarpa sabumi, dumunung ing cehtak murub, dhawuh dalem sang akatong.
  17. Eh sakeh wadyaningsun, piyarsakna samengku si Linglung, ingsun junjung pangkat pangran adipati, manggon ana Tunggulwulung, wus kulup mundura gupoh.
  18. Aywa kusiweng laku, lah araken lakumu si Linglung, lan reksanen sacara-caraning janmi, pangran dipati wus mundur, ing marga tan winiraos.
  19. Mandhireng Tunggulwulung, dupi antuk sawarsa sang Linglung, anelasken iwen wus katur sang aji, gya ingelih dalemipun, myang winulang rama katong.
  20. Ing ngelmi agal-lembut, wus kacekap tan ana kalimput, Tunggulwulung tapa mangap neng wanadri, awit sangking laminipun, badan kathukulan bondhot.
  21. Nglenggirik kadya gumuk, ical sipatira taksaka gung, tutuk kadya wiwaraning guwa wingit, wus mateng int tapanipun, manungsa tan ana weroh.
  22. Karsane jawata gung, nuju deres jawah gumarubuh, wonten rare angon sasanga kehneki, kajawahan samnya ngaub, neng tutuk sang naga kinaout.
  23. Kang wolu wus umangsuk, kang satunggal sinikang tan antuk, gya minggah ring kleres gigir ngangking kudhi. memrang siti marengkul, guwa mingkem kadya angob.
  24. Rare wolu kang ngaub, sareng samya pejah tanpa muwus, kang satunggal wonten jawi merang gigir, ingal lumajeng umantuk, mring sudarma awawartos.
  25. Tandya kunjuk sang prabu, sri narendra sakalangkung bendu, gya adhawuh kinen mantek wesi gilig, angkemira Jaka Linglung, supadi pejag ing ngenggon.
  26. Wus pinantek kang tutuk, Jaka Linglung tumeka ing lampus, lah punika cariyosipun muni, atatanya Gathak Gathuk, athik ula kaya uwong.
  27. Le nyembah niku prehpun*), Rara Blorong kacariyos ayu, pinaesan saya wimbuh amrakati, Jaka Linglung sigit bagus sinewahan mawi topong.
  28. Wong gepeng sirahipun, kados pundi kekahe punika, ah wong criyos wikana nyatane nguni, tamating cariyos bangun, Gathak Gathuk adan Suboh.
  29. Wus samya wektu Subuh, sabakdanya Subuh ngandika rum, lah kiraka wawi ulun ayun uning, patilasan Tunggulwulung, inggih sumangga sang anom.
  30. Kula gadhah panyuwun, mrih lestantun tan sansayeng laku, kaparenga miturut sacaraneki, kiraka hywa walang kalbu, datan nhyuwalani ingong.
  31. Wus kerit lampahipun, praptaing Kasanga tepinipun, sisi lebu kadi awu warnaneki, tan wonten taru kang thukul, ngilak-ilak lir sinapon.
  32. Ambanon ingkang wangun, nangin mawi malengkong mangidul, kathal bolong kadya lenge yuyu nenggih, katutub ing lebu lembut, tiniyub maruta katon.
  33. Sadaya sami ngempus, lir tutuban dene telengipun, wonten eleng sadandang wirarireki, akumrangsang ungelipun, tinindakan alon-alon.
  34. Wus celak mendhak sampun, lambah bocong ngambah krikil alus, warna abrit pethak jene anelasih, kendel sila dennya lungguh, rahadyan anulya jongkok.
  35. Mariksa lebetipun, kileng-kileng kinclong warnanipun, kadya lingsah ingkang sakalangkung wening, swara kumrangsang saya sru, wusing anom ngandika lon.
  36. Punapi marmanipun, lampah bocong Ki Jatipitutur, matur kurmat reh wus celak dunungneki, Prabu Anom Tunggulwulung, kadinanan ngelmi kaot.


*)Prayoginipun pripun




28
ASMARANDANA


  1. Kang keling-keling kaeksi, gih punika netranira, lebu lir awu warnane, tilas Linglung duk samana, pinantek tukukira, badan polah siti (m)bledug, nanging boten saget kesah.
  2. Krikil warangan punika, kinarya nyemeng gegaman, toyane jram pecel winor, paedah ambuhe mindhak, rahadyan sampun linggar, tan pati doh nulya (n)dulu, sumber alit isi toya.
  3. Nyemek-nyemek raos asin, kidul teleng kawistara, wonten gumuk mujur ngilen, kilen gumuk datan tebah, rawa lit kebak toya, ugi asin raosipun, ler kilen teleng Kasanga.
  4. Ara-ara tinon asri, sitinipun bulak pethak, barenjul samya inggili, turut pinggir pupundhungan, dumugi ing ler wetan, mathuthuk lir wisma pinggul, benggan ajeg lir tinata.
  5. Wetan teleng tinon asri, waradin penuh thukulan, rumput merakan myang mendhong, tekeng kidul totok arga, tinon asri kawuryan, nglilipur ing tyas margiyuh, Ki Jati malih turira.
  6. Ingriki bilih marengi, mangsa katiga akathah sima sawer samnya manggon, asring-asring ing Kasanga, sawiyaring telengnya, (m)bledhos swara kadya gludhug, inggilnya ngungkuli arga.
  7. Tinon yektos (ng)gigirisi, gih punika kruranira, Tunggulwulung ingkang manggen, ing sangadhaping Kasanga, ri wusnya mangun krura, kula gya mariksa gupuh, punapa kawontanannya.
  8. Yen katinggl sanepaning, maryem badhe wonten perang, yen katingal kados layon, badhe kathah tiyang pejah, sampuning amariksa, nunten lapur lurah ulun, dhateng Methakan ing Sela.
  9. Kang nglajengken mring Mantawis, dene lepen cacah gangsal, kalamun rendheng mangsane, punika dados satunggal, tinon wus kadya rawa, ila-ilane rumuhun, para priyantun ing praja.
  10. Saestu yen boten kenging, anon telenge Kasanga, kilap panika wadose, yen tinrajang kadrawasan, linungsur kang darajat, apes nandhang ing papa gung, kinebat kang sandhan pangan.
  11. Wus tapis dennya ningali, Ki Jatipitutur lingnya, suwasi angaler ngilen, punika tilas kadhatyan, nagri Mendhangkamulan ing Kasanga wus kapungkur, praja tilasing kadhatyan.
  12. Wujud kantun siti mengir*), wus dumadya wanawasa, linajengken ing lampahe, prapta ing sendhang Ramesan, wawengkoning Kradenan, caket satepining ranu, tan patya lebet kang toya.
  13. Kalangkung gowaking galih, de toya sadendhang wrata, kadidene wedang umob, lir umbul modal ing toya, gumledheg kang suwara, mancawarni toyyanipun, pindha kukuwung wang kawa.
  14. Ijen jene wungu abrit, dadu jambon cemeng pethak, inginum anta raouse, semune kaworan lirang, bentere sawatara, tan nailen-ilenipun, pindhane kadnya balumbang.
  15. Ki Jati turira aris, punika sendhang Ramesan, lajeng tindak mring Carewek, aningali gumuk karang, sanginggil gumung ingkan, eler miwah kilenipun, wonten sumberipun samya.
  16. Asin raosing kang warih, punika kenging kinarya, sarem alembut warnine, semu abrit asing kirang, wus terang pinariksan, lajeng mangaler sang luhung, ing Mendhikil kang sinedya.
  17. Prapteng gumuk datan inggil, nulya samya inginggahan, sampun rawuh ing tepine, lir sumur bunder apapak, nanging tan isi toya, endhut cuwer ngantya penuh, papak lambe ambaludag.
  18. Lir pendhah umob swareki, benter namun sawatara, wonten ilen-ilenane, mili we asin raosnya, gya anon sumur tiga, lir wedang panas wenipun, kang kadya sumur lit kathah.
  19. Toyanipun ugi asin, sadaya kenging kinarya, sarem kadi ing Carewek, kawratan wus pinariksan, ing Bledhug tinindkan, saking mandrawa kadulu, anon ara-ara wiyar.
  20. Ki Jati turira aris, punika kang katingalan, ing Bledhug Kuwu wastane, kalangkung ageng tinimbang, lawan kang kathah-kathah, mawi suwara jumegur, tan kendhat dalu raina.
  21. Kiraka suwawi kampir, nedha andika aterna, Ki Jati sandika ture, saking Mandhikil wus linggar, tan dangu lampahira, prapteng talatahing Kuwu, katon trang umbuling lahar.
  22. Ra-ara wangun pasagi. kandeg ing tep rahadyan, milih siti ingkang atos, kang empuk tan kenging kambah. rahadyan kagawokan, miyat ing tengahin Bledhug, malembung kadi plembungan.
  23. Palendhungnya langkung inggil, dupi wus katon gya pecah, jumegur asru swarane, kadya maryem kapiyarsa, medal kumukus pethak, wusing (m)bledos ngandhap mlendung, kadya ing suwaunira.
  24. Lumintu datan sarentil, swaranira nora kendhat, ki Jati umatur alon, malendhung tuwin nyuwara, tan lereh dalu rina, katiga rendheng keh jawuh, tansah makaten kewala.
  25. Punika kang alit-alit, ungelipun datan sora, ugi makaten patrape, upami wonten kang ngambah, lajeng ambles kewala, sangking lebete kalangkung, sampun estu lajeng sirna.
  26. Ki Jati ngupados deling, tinalorongken manengah, deling ambles datan katon, lah punika deling ical, tri ari yen kleresan, deling mumbul katut lumpur, malesat dhawahnya tebah.
  27. Kadhang kalajeng tan mijil, sadaya kang kauningan, punika patilasani, Tunggulwulung Linglung Jaka, pramila ingaranan, Kuwu nalika menthungul, wonten ngriki kantos**) lama.
  28. Siniweng naga sabumi, kacariyos ngantos krama, ugi angsal putri Blorong, rahadyan kasengsem miyat, kaelokaning Sukma, sru nalangsa mring Hyang Agung, dene sipate kang ula.
  29. Maweh tilasing nagari, kalimput ngulati kadang, dadya gandrung ing Hyang Manon, katongton murah asihnya, aris wijiling sabda, kiraka Jatipitutur, punapa sun walesane.
  30. Tanduk tanggaping kang esih, dhumateng badan kawula, datan mantra lagya nembe, de arsa asung carita, nedahken kanyataan, patilasaning ngalung, lalakyan jaman kadewan.
  31. Mila sru panuwun mami, winantu ing suka rena, myang den agung aksamane, ing mangkya ulun paliman, andumugekken lampah, kantun manggiya rahayu, jinurunga ing sakarsa.
  32. Tur wangsulan sami-sami, kula sakalangkung bingah, de paduka karsa nyruwe, mugi raharja ing lampah, anulya sasalaman, Ki Jatipitutur mantuk, radyan lajeng lapahira.
  33. Kadalon anulya mampir, dhumateng ing dhusun sela, (n)ujug ing pajurukuncen, ki jurukunci atanggap, manggih kang dhatengan, alon wijiling kang wuwus, rehning wus ciklu manira.
  34. Aywa dadi tyasireki, manira datan akrama, marang sariranta angger, mangkya ingsun nilakrama, ing endi kang pinangka, lawan sapa kakasihmu, mring ngendi kang sira sedya.
  35. Rahadyan umatur aris, jeng kyai dhawuh paduka, saestu sampun lenggahe, ngasepuh maring ngamudha, ngoko tan mawi krama, de lamun adangu ulun, pun santri mg dhukuh wetan.
  36. Kula mangkya nyuwung uning, ingriki namaning dhekah, jeng kyai lon andikane, eh kulup kawruhanira, ing kene krajan Sela, kabawah marang Mantarum, ya ingsun ingkang rumeksa.
  37. Luluhurira narpati, paparab Kiageng Sela, ingkang sumare ing kene, aranku Ki Pariwara, kaprenah buyut lawan, Kyageng Getaspandhaweku, mamanising tanah Jawa.


*)Mengir, saking menger = katingal ageng inggil kados redi.
Kadadosaken mengirsupada wanda pungkasanipun i kangge netepi guru lagunipun tembang Asmaradana.
**)Prayoginipun ngantos




29
DHANDHANGGULA


  1. Lah ta kulup sira ywa kuwatir, sayektine ingsun nora samar, marang lalakonmu angger, reh ginadhan sireki, cacalone janma luwih, kang jenjem manahira, aneng wismaningsun, upama sira babakal, karya wisma ingsun amunjurung tali, rahadyan duk miyarsa.
  2. Asrep ing tyas aturira aris, dhuh pukulung ragengsun sumangga datan lenggana dasihe, mangkana sang abagus, ngantya lami neng Sela kampir, anujwari sajuga, sabakdaning Subuh Kyai Ageng Pariwara, lenggah srambi rahadyan tan kenging tebih, jeng kyai angandika.
  3. Eh ta kulup den kaparang ngarsi, kawruhanmu nora endah-endah, ngelmu kan sun imanake, amung piwulangipun, eyang Kyageng Sela linuwih, nyatane wus anyata, cihnane linuhung, kang mengkoni tanah Jawa, datan liya tedhake Jeng Sela Kyai, lan iki piyarsakna.
  4. Papali ki ajinem (m)berkahi, tur salamet seger kawarasan, pepali iki mangkene, aja agawe angkuh, aja ladak aja ajail, aja manah surakah, lan aja calimut, lan aja guru-aleman, aja jail wong jail pan gelis mati, aja amanah ngiwa.
  5. aja saen den wedi ing ngisin, ya wong urip hya ngegungken awak, wong urip pinet baguse, aja lali abaguse, bagus iku dudu mas picis, pan dudu sesandhangan, dudu rupa iku, wong bagus pan ewuh pisan, sapapadha wong urip pan padha asih, perak ati warnanya.
  6. Aja mangeran ing emas picis, aja mangeran ing busanaendah, ja mangera kabisane, aja mangeran ngelmu, aja mangerah teguhreki, aja mangeran japa, aja (ng)gunggun laku, kabeh iku siya-siya, aja sira (ng)gugoni kawruhireki, lah iku mundhak apa.
  7. Angkuh kang jujur arahen kaki, aja sira angarah keringan, saidhep-idhepe dhewe, ewuha wong tumuwuh, dipun bisa ngenaki ati, atine sapepadha, nepsumu ja turut, iya nepsuning manungsa, kudu kedhep iya sapadhaning janmi, iku sira sirika.
  8. Aja sira padhakaken jalmi, aparentah marang sato kewan, kebo sali lan ayame, aja sira prih weruh, kaya uwong pan nora bangkit, aja kaya Samerta, kebone pinupuh, kinen sinau memaca, wus pasthine kebo sapi nora bangkit, mulane awuwuda.
  9. Ayam giusah munggah ing panti, atanapi yen amangan beras, kebat ingadhangan bae, iku wong ngolah semu, yen tetangga sarate kaki, yen layak ingaruhan aruhana iku, yen tak layak enengena, apan iku mangan segane pribadi, pan dudu rayatira.
  10. Yen mungguha rayate pribadi, kapenakna ya rayate ingkang, nglarakena ing atine, aja sira mumuruk, tuduhena yen dereng sisip, yen usiw katiwasan, aja sira tutuh, kelangan wuwuh duraka, aja sira ngumpah-umpah iku kaki, lah iku mundhak apa.
  11. Den aolah mungguh ing ngaurip, aja nganggo ing sadaya-daya, wong urip pan akeh lire, dipun ngidhep pakewuh, weuh iku tgang prakawis, pakewuh ing pangucap, ewuh ing pandulu, ana ewuh jroning nala, yan katara alane sajroning ati, pan dadi pangraita.
  12. Dipun wuruk lan idhep ing ngisin, isin iku pan kalih prakara, dhingin isin Pangerane, dene ping kalihipun, dipunisin padhaning janmi, en kalakona wirang, isin temahipun, dipun atu akakadang, pawong sanak aja pegat ngati-ati, yen cala dadi ala.
  13. Aja sira wani-wani, maring sanak pawong kandangira, aja sira watak dahwen, aja watak akmingsun, aja watak ngaruh-aruhi, aja awatak ngiwa, ala kang tinemu, sing sapa atine ala, nora wande ing benjing ing nemahi, wong ala nemu ala.
  14. Sing sapa andhasaraken becik, nora wurung benjing manggih arja, miwah saturun-turune, yen turune dadya gung, amarentah wong cilik, aja sadaya-daya, dadi nora tulus, saenggone dadi cacat, aja nacah parentah marang wong cilik, aja sawiyah-wiyah.
  15. Aja sira watak wani-wani, aja sira watak ngajak tukar, aja ngandelken ngelmune, aja sira anguthuh, aja ladak aja ajali, aja doyan sembranan, dadi wong katutuh, niniwasi dadenira, lamun ana wong patrap dipun awedi, malati iku uga.
  16. Balik iku lah tirunen kaki, janma patrap sira kasihana, sira arahe sawabe, amberkati wong iku, nora kena yen dipun aji, tirunen lagi wenang, pambekane alus, yang angucap ngarah-arah, yen alungguh nora pegat ngati-ati, nora sawiyah-wiyah.
  17. Aja sira watak suka singgih, aja sira kapengin kedhotan, kukuwasan*) apadene, aja sira madhukun, aja (n)dhalang aja agrami, aja budi sudagar, aja budi kaum, janjine jakat lan pitrah, dipun suda padune cukeng abengis, iku kaum kang nyata
  18. Kumbah surahkah cukil adulit, iya jajal melanten amerna, iku nora dadi gedhe, siriken ujar iku, iku wong urip dipun taberi, mapan katemu basa, pan katemu semu, mapan katemning ulat, atining wong kang ala lawan kang becik, kang jujur anteng cahya.
  19. Kawruhana janma kang kakiki, iya iku guruning pandhita, nora katara lakune, tan cegah tan asaum, nora tapa nora amutih, sangkig prayitnanira, ing ngawake iku, prayitna ing ngawakira, mung sanake punika kan denwedeni, sanake iku jagat.
  20. Banyu bumi agin lawan langit, srengengene kalawan rembulan, punika sanake kabeh, janma kang salah iku, iya iku strune nenggih, mulane ana lara, walat kang tinemu, janma kang jujur punika, lanang wadon punika sanake nggih, mulane ana sawab.
  21. Kang satengah kang durung sayekti, dennya amrih budi kapandhitan, pijer wayang-wuyung bae, tansah ngalor angidul, mendhak-mendhak saba wong sugih, ngelmu ginawa kasab, angucap (ng)gadebus, angincih darbeking liyan, nora weruh awake kalebon eblis, dadi wong ngayawara.
  22. Apan cegah jenengi ing ngelmi, kang asaba omahe nangkoda, miwah matri apadene, lumuh kena ing siku, dennya amrih budi lestari, budi marang kararjan, ing beka tan keguh, bekane ing wong ngulama, pan kapencut marang ingkang melik-melik, dadine ngandhap-andhap.
  23. Yen ngantiya kasor ingkang ngelmi, pan duraka jenenenge ngulama, wus awak buta ragane, wus linglung kadalurung, nora weruh kena pirangi, tansah karya paekan, dennya anjejaluk, datan etang jewa raga, (m)bagentusi dennera amrih, pakolih sumrenuh lakonira.
  24. Anglakoni karyane kang den prih, iku sing wong tan welas ing badan, tan asih maring jisine, dadi banjur kalurung, nora antuk wahyuning ngelmi, lakune lalawora, tansah wayang-wuyung, mung melik ingkang denancab, durung weruh ing laku sikuning ngemi, polah sadaya-daya.
  25. Pangrasane wus bener kang ngelmu, tan angrasa lamun ingeseman, marang sujanma kang luweh, iku wong kumprung pengung, nora wikan kena piranti, sabab wus ati setan, lakune wus liwung, pangrahe tan riringa, wus kalulun atine kalebun eblis, wus tan wruh isin wirang.
  26. Apan katah pan bekaning urip, dennya amrih pakolihing badan, amrih kuncara,ngelmune, meleke saben dalu, tansah agung acegah bukti, andhap-asor kalintang, eseme lir dhuyung, ulat manis ati sabar, dadi gendam eseme guna piranti, enenge salah cipta.
  27. Tan mangkana ingkang sampun yekti, badan iku ingkang kadi sarah, aneng lautan pamane, apa umbaking banyu, sarah anut umbaking warih, iku jeneng kawula, tan darbe kersaku, angin purbaning Pangeran, tanpa karsa kalimput marang sawiji, wus kerem ing sagara.
  28. Nora nana denparani ati, pan wus liwung tan darbe Pangeran, pan suwung jati kawruhe,d atan dulu-dinulu, tan tumekeng suwung, sasolahe pan asamar, nora nana kang kaduga anampani, liwung kadya wong edan.
  29. Wusing tamat radyan anungkemi, paadanira Kyageng Pariwara, waspa dres alon ature, dhuh babo sang awiku, karsa paring pituduh jati, asru panuwun amba, kapundhi ing ngembun, amung pangestu paduka, kasawaban ing sabda ri sang linuwih, tumancepe ing nala.
  30. Kyai agen angandika malih, patilasani dibyane Jeng Sela, teka ing samengku iseh, deongenge dung ing dangu, panamare laku tatanin, sasawah nanem gaga, ing sawiji wektu sabadane salah ngasar, marang sawah papculira cinangkung, praptaning pasabinan.
  31. Gya tumandang wus adatireki, lajeng mendhung riwis-riwis jawah, kagyat gebyaring caleret, kiyageng maos gupuh, subganalah nulya kaeksi, kaki-kaki lumarap, jeng kyai tan keguh, tan samar marang kang prapta, pinurugan pandhapan dennya lumaris, si kaki wus cinandhak.
  32. Wus kaasta jumegur swareki, ingkang pindha kaki-kaki ika, apan gelap satuhune, ingerut gandri gupuh, kyai sangsul anambut kardi, si gelap gedabigan, datan bisa ucul, sabanjure katur sultan, ing Bintara bajur kinunjara wesi, tan lami ana prapta.
  33. Nini nyangking beruk isi warih, amurugi maring pakunjaran, toya gya siniratake, wus sirna kalihipun, tinggal swara anggegetari, kuncara wesi rusak, mawut anggalepung, dadya kondang sanagara, Kyageng Sela sanyata lamun linuwih, bisa anyekel gelap.
  34. Uwit gandri kang kaanggo (ng)godhi, suwisa gelap katur nata, dadya murub menter-menter, kiyaging adhadhawuh, marang putra wayah myang abdi, padha sira (n)jupa, geni gelap iku, anggonen dadamar omah, insa Allah kinajrihan gelap yekti, marma ywa pejah-pejah.
  35. Ing saiki geni gelap maksih, ingkan durung katular-tumular, aneng pasareyan (ng)gone, apan ta saben taun, manira tur tularan api, kuncuk jeng sri pamasa, maring ing Mantarum, sawah kang ginarap swarga, mung sabau catur kedhok den arani, si Mendhun mula aran.
  36. Awit saben (ng)garap kangjeng kyai, banjur mendhung orng kedhokan aran, Subganalah katelune, Pandhapan arannipun, pate kedhok ing Gelap nami, katelah tekeng mangkya, gandri kant katanu, sirna namun lemahira, ngilak-ilak tan thukul katang myang teki, iku caritanira.
  37. Anjabane ngolah tegal sabin, marang kulawangsa amumulang, agawe bleng myang uyahe, gawe nila nanandru, kembang pulu kalawan maning, anandur kang jujutan, marna benang alus, sutra kang bakal kinarya, cindhe gedhog ngadani yasa dhapuring, omah joglo limasan.
  38. Nganggit-angit coreke kang lurik, tuwuhsela telu lema lawan, badra sapanunggalane, abah-abah pinatut, winuwuhan wangunaneki, anguripken petungan, sing pasiten iku, nguni kang miwiti etang, sri Manuhun nanging tan ana pradali, dadi wite kalakyan.
  39. Eyang Sela tumeka saiki, lemah dadi sanggane wong juga, ingaran sabau kae, gawene wong ro iku, diarani cacah cakikil, gawene uwong patap, ngaran cacah sak-jung, piridan petungan jagal, sampil siji sabau swi sampil kikil, sampil pat sak-jung rannya.
  40. Dhasar sugih kawigyanyan myang lantip, ya Ki ngadurakhman Kyageng Sela, prayoga predinen jebeng, grendanen tyasireku, sukur bage bisa nyeplesi, orane mung mirida, lalabuhanipun, kajabeku patilasan, angratani dadi wasiyat narpati, sri nata Ngeksiganda.


*)Kukuwasan, bokmanawi sami kaliyan kumawasa