SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Sabtu, 07 September 2013

Syiir Tanpa Waton



Yaa rosulalloh salammun 'alaik
Yaa rofi'asyaani waddaaroji
Atfatayaji rotall 'aalami
Yauhailaljuu diwaalkaromi
Yauhailaljuu diwaalkaromi

Ngawiti ingsun nglaras syi-iran
kalawan muji maring pangeran
kang paring rahmat lan kanikmatan
rina wengine tanpa pitungan rina
wengine tanpa petungan

Dhuh bala kanca  priya wanita,
aja mung ngaji syareat blaka,
gur pinter ndongeng nulis lan maca,
tembe mburine bakal sengsara,
tembe mburine bakal sengsara

akeh kang apal Qur'an kadits-e,
seneng ngafirke marang liyane,
kafire dhewe gak di gatekne,
yen isih kotor ati akale,
yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk napsu angkara,
ing pepaese gebyare dunya,
iri lan meri sugihe tangga,
mula atine peteng lan nistha,
mula atine peteng lan nistha.

Ayo sedulur jo nglalekake,
wajibe ngaji sak pranatane,
nggo ngandelake iman tauhide,
baguse sangu mulya matine,
baguse sangu mulya matine.

Kang aran sholeh bagus atine,
karana mapan sari ngilmune,
laku thorekot lan makrifate,
uga hakekot manjing rasane,
uga hakekot manjing rasane.

Al Qur'an Qodim wahyu minulya
Tanpa tinulis bisa diwaca
Iku wejangan guru waskitha
Den tancepake ing jero dada
Den tancepake ing jero dada

Gumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat Rosul dadi pedoman
Minangka dalan manjinge iman
Minangka dalan manjinge iman

Kelawan Alloh Kang Maha Suci
Kudu rangkulan rina lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumangsa aman
Dununge rasa tandha yen iman
Sabar narima najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran
Kabeh tinakdir saking Pengeran

Kelawan kanca dulur lan tangga
Kang padha rukun aja ndersila
Iku sunahe Rosul kang mulya
Nabi Muhammad panutan kita
Nabi Muhammad panutan kita

Ayo nglakoni sakabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor tata dhohire
Ananging mulyo maqom drajate
Ananging mulyo maqom drajate

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese
Utuh mayite ugo ulese

Tidak ada komentar: