SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Senin, 18 Februari 2013

Serat Paras



السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Mugi seratan punika wonten mumpangatipun dateng diri kula pribadi mandhapipun dhumateng para sedherek sedaya ingkang kersa mampir wonten blog kawula,

Nuwun




Naskah Serat Paras punika anggitanipun Kanjeng Sunan Kalijaga.

Serat paras menika cariyos ingkang nggambaraken pasuryan utawi tindak-tanduk ingkang endah lan patut dipun tuladhani saking Nabi Muhammad. Ananging menawi dipun tinggali inggih namung nyariyosaken Kangjeng Nabi Muhammad nalikanipun cukur rema.


° PUPUH I °
ASMARADANA

//Ingsun amimiti[1] amuji / anebutna maning sukma, / kang murah ing dunya mengko / tur kang asih ing ngahirat / kang pinuji tan pegat / angganjar kawelas ayun / angapura ing dong dusa//

//Wonten carita winarni / caritaniya[2] para ngulama / murmane ginurit mengko / carita sinungan tembang / anembang[3] asmaradana / kasmaran ingsun ngrungu / bagindha Ali winarna//


//Kang sinisiyan ing nyuwang[4] Widi / bagindha Ali miharsa / saking Nabi Rasul mengko / kang sinungraha dengan Yang / ing dunya ing ngahirat / Nabi Rasul mangke muwus / ing sapa kawulaning nyuwang//


//Kawulane nyuwang[5] kang mu’min / anulisa sipat ing Yang / lamon wis katulis mengko / simpenen ing numah hiro / sawabipun akathah / angedhohaken setan iku / luputa libaning raja//


//Lawan luput bilahi malih / adoh saking panyakitan / tan kena cilaka mengko / tan kena drengkine jalma / luput teluh tetreganyana / lawan ngedohaken satru / tan kena sesuker ika//


//Miwah datan kena lali / lawan oleh kabecikan / salawase urip mengko / lan tekan tanggane pisan / lan sing sapa amacaha[6] / gawanen jimat puniku / padha lan wong haji//


//Lawan malih sami neki / mardikaaken wong satunggal / den dohaken bilahine / lan dosane kang kaliwat / angendika[7] Rasulullah / lamon winacakaken wong iku / ing wong lara agelis[8] waras//


//Aparanen dosa neki / dening Nyuwang Agung Kang Maha Mulya / saking berkahe[9] rosul mengko / lan anak putu Muhamad / Hasan Husen puniku / kinentujan[10] dening Yang Agung / saking mu’bal mu’tal ika//


//Lan saking Seh Mahpul puniki / Seh Mahpul ika miharsa / saking Abu Rohoiroh[11] mengko / kang sinung rohmad dening Yang / Abu Roiroh puniku / amiharsa carita puniku / saking Gusti Ali ika//


//Angendika[12] Bagendha Ali / kang sinung rohmad dening Yang / kang kawikanan to mengko / dening satuhune[13] utusan / Nyuwang[14] Agung Kang Maha Mulya / Nabi Muhamad puniku / kekasihira Nyuwang[15] sukma//


//Panutan sakehe Nabi / pangulune[16] Nabi sadaya / pangulune Nabi kabeh / kedadiyane[17] Nabi Adam / antarane kang toya / kelawan lebu punika / Nabi Rasul ta mangkono//


//Anderbeni[18] andika Nabi / ing telaga kalkahosar / kahananira Nyuwang[19] sekabeh / amuji pinuji ika / tan pegat pamujinya / aweh mupangat ing bisuk / ing tembe hari kiyamat//


//Panutan kang bangsa Hasim / lan bangsa Qures ika / lan kang bangsa Ngarab mengko / lan ihrom punika Mekah / kelawan ing Medinah / lan bangsa Ngarab puniku / kelawan bangsa Istitamah//


//Lawan malih anderbeni / ing toya air janjam punika / lawan padhukuane[20] mengko / ing Ihjar namine ika / qolbune Nabi hiya / kelawan bangsa rohani puniku / nyawane rohmane ika//


//Kang ibu namine singgih / Aminah nami ika[21] / kang rama ika westanya / abdulah asal wong Ngarab / anak puntune Nabi Adam / saturu turune iku / saking Nabi Ibrohim ika//



° PUPUH II °
S  I  N  O  M

//Kang bangsa Nabi utusan / kelawan Nabi Ismail / bangsanira Ngarab / punika wuwuse malih / sabda ngandika Nabi / panjenenganira dinulu / apan nurapati andhap / yen jumeneng lan wong kathah luhur dhewe//

//Cahyanipun kang wedana / melak melak anglir sasi / rema lemes ketelaten / irenge yayah manangsi / saben riyaya haji aparas jenggasti rasul / gumawang cahyanira / pamulunira akuning / yen dinulu kadiya mas tanpa huna//


//Alise angrerunge ngimba / idepe tumungging ngawit / netrane jahitan raras / aminis yen den tingali / semu belut ya lindri / yen mesem lir pindah curut / madu wus pinesti ika / kang lathi anurut adri / wajanipun gumubyar kadiya mutiyara//


//Miwah bebrengose ika / sumrebeng tur jularit / miwah jejenggote ika / patang nyari panjang neki / irunge kerana neki / tenggaknya anglunge gadung / bahunya anglir wijang / tengahe amatrem kenges / yen asare kang jaja muji sumbawa//


//Suwara pan kadiya kumbang / tan pegat pamuji neki / sawungunira anendra / tumulya agelis ngabekti / Nabi Muhamad suci / tan kelawan toya wudhu / Nabi mangke angendika / sare netraning sun iki / nora sare ing jerone atining sun ika//


//Astane kadya gendhewa / alemes yen den tingali / tulise walikat kanan / lailahailallah iki / walikat ingkang keri keri / tulise mangke puniku / Muhammad Rosulullah / Nabi Muhammad iki / utusane Nyuwang[22] Agung Kang Maha Mulya//



//Nabi Muhammad punika / apan ika anderbeni / wulu kalih lembar ika / gandane mrabu awengi / mapan kadya kasturi / gandanipun amperi arum / astane kalih pisan / rajahe teka angrawit / jarijine judhun melathi indah//


//Cahyane kang pusere ika / angebeki ing sabumi / wangkonge lir mas gumawang / asingset yen den tingali / pupunira puniki / lir pudhak sinumpet iku / karone kang delamakan / gamparan pepede singgig / sampeyane medal toya kalis ika//


//Mowah mangke yen lumampah / agancang utusan singgih / dening Nyuwang[23] Agung Kang Maha Mulya / marang manusa lan jin / lamun kinen amerangi / sakehe kapir puniku / derepun padha Islam / anuta agama suci / yen aperang sekedang kung puruna ika//


//Den iring iring ing wewayangan / pinayungan mega esri / yen udan ora kodanan / lamun lumampah ing warih / datan teles puniki / sekedhik guyune iku / lamun katekanan sakit / dadi bekti pan serta wuwuh ganjaran//

//Burok tetunggangan nira / jemparing senjata neki / kucing kekasihira / nanging asu alas nenggih / cecek kasakitaneki / susure waja puniku / bebalunge menyawak / amenging wong susur singgih / yen uluk salam datan kena kadinginan//

//Adil yen andum jarahan / ing rena kencana rukmin / sesutya lan inten mulya / sekehe wong Islam iki / sabda andika Nabi / anak yatim datan kantun / Kanjeng Nabi punika / datan arsa anggadhuhi / ing sadirham datan arsa anggadhuhana//


//Kang manah nora kangungan / gandanipun amrit wangi / anerus gandane kalembak / karingetepun awangi / abecik pakertineki / wuwusipun beber alus / wijiling pangendika / arumanis tur anglungit / pangulune mukmin anuntun wong kesasar//


//Asih ing tetemu ika / anderbeni sarengat singgih / lan amijiaken ing toya / saking selaning jariji / Nabi Muhammad iki / sekelangkung mujijatipun / watu bisa rerasan / wulan aningarsa neki / angelokaken ing gunung hud punika//


//Awirang ing pangeranira / Nabi Muhammad iki / agung penangisira / ing siyang kalawan latri / angkung sholating wengi / tan pegat pamujinipun / puwasa yen rahina / isnen kemis bel puniki / siyang ndalu datan pegat pamujinira//


//Kekasihe jeng Nabi ika / tetiga kabehe singgih / ingkang rumiyin ika / wewangi kang suci / kaping kalih pawestri / nenggih kaping tiganipun / kang tansah ing wedaya / tan nana pamada neki / amung sholat kang dadi telenging nala//


//Kang umur nabi panutan / sewidak tahun puniki / punjul tigang tahun ika / anulya ngandika nabi / mapan pan Kangjeng Nabi / garwa putra samiya muhun / ing wulan rabingul awal / ing tahun dal puniki / ing dina Isnen tanggalipun kalih welas//


//Putra nabi panutan / wewolu cacahe singgih / ingkang pembayute ika / Dewi fatimah puniki / panggulune ta singgih / Dewi Hafsah Jenab iku / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang kekasih awesta Dewi Rukiyah//


//Putra ingkang jalu ika / anama Rahaden Qosim / sumandene puniki / Raden Berahim nama neki / lan malih sumande neki / Raden Toyib namanipun / putra ingkang taruna / Raden Tohir nama neki / garwanipun Jeng Nabi ika sesanga//


//Garwane kang sepuh dewe / Dewi Khatijah nenggih / panggulune Dewi Hangisah / kang panengah nama neki / Umi Habibah iki / Dewi Hafsah jengeng ika / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang pamekas awesta Umi Selamah//


//Anenuhun ingkang wewenang / umat tuwan ingkang anulis / angrumpaka sipat tuwan / ing kirang langkunge singgih / amung tuwan puniki / yen wonten salahe tanduk / tuwan ingkang ngapuntena / marang tuwan ingkang anulis / muga-muga angsal supangat tuwan//


//Panedhane ingkang anurat / tetepana ing iman neki / ing donya rawuh ngahirat / antuka sihe nyuwang[24] widi / lan malih supangat nabi / punika panedhanipun / den dohaken ing marga sasar / bidengah wilalat singgih / muga-muga antuka sihe nyuwang[25] sukma//


//Luputa ing ila-ila / liputa lan sarik / amba nedha pangapura / marang nyuwang[26] kang maha suci / kaping kalih jeng nabi / rosulullah kang linuhung / nedha berkah supangat / ing dunya tekan ngahirat / muga-muga angsal sih pangapura//


//Allah tangala ngandika / dateng nabi kang sinelir / duk kalanira aparas / ana perapta wong sawiji / atakan mara jeng nabi / Abu Bakar delingipun / tuwan kadiya punapa / tetkala paras jeng nabi / aparas ambatangan dateng tuwan//


//Sapa siten kang amaras / dateng tuwan kangjeng nabi / jeng nabi ngandika alon / lah iya kekasih mami / kang aran Jabarail / serta ndikane nyuwang[27] agung / iku kang amaras / angendika Jabarail / Allah tuwan rosulullah jumenenga//


//Nabi sinten ingkang uninga / ten kala[28] paras jeng nabi / sinten ingkang maras ika / kekuluke saking pundi / miwah dintene singgih / lan punapa tahunipun / lawan pinten tanggalnya / sasine sasi kang pundi / lawan pinten umure tetkala paras//


//Lah tuwan carita kena / bagindha Abu Bakar angling / du’ kala nira aparas / Muhamad ingkang linuwih / kala andika nabi / kala perang wulanipun / amungsuh lan Raja Lahad / ing bumi Mekah go neki / malem Isnen wektune Mekah punika//


//Nabi kala maca qur’an / mangke prapta Jabarail / ambekta ayate ika / mangkono unine singgih / iki andikane nyuwang[29] widi / pinesthi andika rosul / nabi nulya angendika / ataken ing Jabarail / nulya matur Jabarail marang Muhamad//


//Eh nabi yuwang[30] kang mulya / iki andikane nyuwang[31] widi / ingkang aning qur’an ika / amesthi ing tuwan singgih / tuwan kinen paras ugi / Nabi Muhamad amuwus / dateng Jabarail alon / Jabarail sanak mami / mangsa apa duk ingsun manke pinaras//



° PUPUH III °
K I N A N T H I

//Jabarail mangke amuwus[32] /mangke sun matur yang widi / tan na suwe nulya prapta / ing ngarsane nyuwang[33] widi / Jabarail matur inggal / dateng wahu ing nyuwang[34] widi//

//Lan punapa sasinipun / angendika nira nywang[35] widi / ing wulan ramedhon ika / kekasih ingsun paras nenggih / Jabarail wangsul inggal / perapta[36] ngarsane jeng nabi//


//Jabarail nulya matur / dateng nabi kang sinelir / andikanira nyuwang[37] sukma / tuwan kinen paras nenggih / ing wulan romedhon ika / matur aris kangekjng nabi//


//Dateng Jabarail wahu / tetkala paras jeng nabi / ing ngarsane sapa hiya / Jabarail kesah gipih / matur marang Allah tangala / sesangat anulya bali//


//Kang weruh namane[38] nywang[39] agung / Jabarail mangkat agelis / patera kastuba salembar / awilis ing werna neki / wernane tuhune indah / pan tan ana ing dunya iki//


//Awerna kadiya[40] puniki / agelis binekta tumuli / tan na dangu nulya perapta[41] / ing ngarsane jeng nabi / Jabarail aris amujur / dateng wahu kangjeng nabi//


//Ngambil kastuba iku / kinen denira yang widi / angangge yaiku iya / kekuluke dateng tuwan singgih / yen sampun paras tuwan / kinen nganggiya puniki//


//Godhonge kastuba iku / ing dunya dereng amanggih / ing werna kadiya punika / angendika jeng nabi kang sinelir / dateng Jabarail ika / sinten kang maras iki//


//Jabarail mangke amuwus / wus matur ing nyuwang[42] widi / kawula kang kinen maras / dateng tuwan kangjeng nabi / atan perentahe nyuwang[43] sukma / angendika kanjeng nabi//


//Inggih punapa kasraha nyuwang agung / kasraha ing nyuwang widi / inggih punapa kasraha nyuwang sukma / Jabarail muwus aris / kawula ingkang amaras / nabi kekasih nyuwang widi//


//Manira kang maras iku / pangendika nira nyuwang widi / kawula kang kinen maras / dateng tuwan kanjeng nabi / tetkala nabi pinaras ika / jeng nabi ing Jabarail//



° PUPUH IV °
S  I  N  O  M

//Tetkala nabi pinaras / dateng wahu Jabarail / ing tanggal sawelas ika / ing wulan romadhon singgih / ing dina Isnen nenggih / sedaya sahabatipun / mangu sakehe tumingal / tetkala paras jeng nabi / pan sedaya pepek aning ngarsa//

//Rema kapupu sedaya / tan nana tumibing siti / malah sami rerebutan / sekathahe widadari / jeng nabi alon ngendika aris / pira kehe remaning sun / Jabarail aris mujur[44] / kehe rema tuwan singgih / pan sakethi tigang laksa tigang nambang//


//Tigang atus tigang dasa / tiga welas punjul neki / kelawan langkung tetiga / punika cacahe singgih / sekathahe widadari / sedaya sami ngrebut / uman salembar-lembar sewang / sekathahe widadari / angendika nyuwang agung kang maha mulya//


//Allah tangala angandika / mangke dateng widadari / padha mangkata sira den inggal / maringa kekasih mami / kebeh sira puniki / padha mupuha rambet / padha gawenen jimat / remane kekasih mami / talekena marang jariji nira//


//Supaya nira sadaya / sun luputaken ing benjing / ing sakehe dusa nira / miwah ingkang animpeni / ing carita puniki / kekasih ingsun acukur / saking enggon punika / perapta[45] anggone kang suci / sekathahe kang miharsa angetokena//


//Sekathahe umat sedaya / para soleh para mukmin / sedaya sun wehi rahmat / umat ingsun kang nimpuni / ing carita puniki / kakasih ingsun acukur / ingsun lebaraken ika / sekathahe dosa neki / sun apura ing tembe hari kiyamat//



° PUPUH V °
ASMARADANA

//Sun luputaken ing benjing / ing nalikane sekarat / lagi den ambil nyawane / benjing sun wehi rahmat / lan sing sapa amacaha / miwah sekehe kang angrungu / sipat nabi caritanya//

//Miwah ta ingkang anulis / atwa simpena ika / senejan nyiliha bahe / miwah ingkang anggawaha / atawa muru kapisan / miwah sekehe kang angrungu / caritane jeng nabi paras//


//Ingsung wehi selamet[46] benjing / ing dunya tekan ngahirat / sun dohaken bilahine / ing benjing hari kiyamah / kerun wana kerun ika / sekathahe siksa kubur / miwah ing dina kiyamah//


//Lan tan pegat sun tingali / tan pegat sun wehi rohmat / lan sun reksa rencanane / jim lawan iblis laknat / lan ora simpena ika / caritane jeng nabi rosul / miwah yen ora macaha//


//Wiwah yen ora ngajeni / lan sing ora arsa maca / sanak-sanak ingsun sakabeh / amung aja wong satunggal / wong munapek punika / aja den kon maca iku / miwah lamon andelenga//


//Aja den kon maca tulis / aja den wehi miharsa / kerana ta mangkene / sejatine nora arsa / lamun yen angrungu / aja den wehi pitutur / tuwa mahido ing saatar//


//Utawi carita iki / simpenen ing umahira / ingsun reksa sak isine / ing umahira sedaya / adoh ing bilahinya / ing dunya ngahirat iku / miwah kang panggawe ala//


//Caritane kanjeng nabi / lamun den gawe lampahan / marang pekir upamane / iku lamon den gawaha / yen arep anganggawe / anenedha mangke iku / pesthi kathah ingkang welas//


//Upami arta sademik / den ileni pitung dosa / ingkang aweh iku mangko / saking momane nyuwang[47] sukma / marang wong Islam ika / pesthine iku rahayu / kang siji mulih sedasa//


//Lan antuk supangat nabi / lan sinung kanugrahan / saking brekahe nyuwang manon / pan sekehe umat ing wang / lan sing sapa arep begja / amacaha ta ping pitu / saweni aja nendra//


//Dateng carita puniki / tetkala nabi pinaras / katurunan iku mangko / rohmating wong tunggal dina / lan rijenike perapta[48] / esuk sore ora surud-surud / peraptane[49] teka ya gampang//



° PUPUH VI °
K I N A N T H I

//Nabi Muhamad mangke amuwus / ataken ing Jabarail / Jabarail aturira / paduka sampelen gusti / kala dhohir paduka tuwan / ingkang mongmong kawula gusti//

//Angendika kanjeng rasul / ataken ing Jabarail / ingkang ana iku apa / matur malaikat Jabarail / bumi langit durung ana / loh kalam sampun dadi//


//Ngaras kursi dereng andulu / suwarga naraka pan sampun dadi / dhindhing jalal pan sampun dumadi / Nabi Muhamad angendika / ingsun taken kang seyekti//


//Anegendika kanjeng rosul / ataken ing Jabarail / ingkang aran lintang johar / iku ngendi surupe sayekti / Jabarail aturira / amba nan dereng ningali//


//Inggih leres tuwan ingkang sepuh / angendika kanjeng nabi / Jabarail aturira / sumungkem ing kanjeng nabi / Nabi Muhamad angendika / Jabarail sanak mami//



° PUPUH VII °
DHANDHANGGULA

//Wonten kidung rumeksa ing wengi / teguh rahayu[50] luputa ing lara / luputa bilahi kabeh / jim setan datan purun / paneluhan tan nana wani / miwah panggawe ala / gunane wong ngaluput[51] / geni temahe[52] tirta / maling adoh datan[53] ana ngarahing kami / guna tutupan sirna//

Sekathahe[54] lara padha bali / sekehe ngama pan saminya[55] miruda / kawelas asih pandulune / sekehe braja luput / kadiya kapuk tibane reki / sekehe wisa tawa / satru galak samiya tutu / kayu agung lemah sangar / siyunge landhak guwaning wang silemah[56] miring / miwah pangipone merak//


//Paguyangane warak sekalir / den winaca ing segara asat / pan bisa ngambah telenge / mapan sari rahayu / ingiderane widadari / rineksa ing malaikat / sekathahe rasul / nabi temahe tunggal / ati Adam uteke Bagendha Esis / pangucapku Nabi Musa//


//Napasku Nabi Isa kang linuwih / Nabi Yakub pamirsaning wong / Yusup rupaku mangke / Nabi Dawud suwaraku / miwah Sulaiman kasekten mami / Ibrahim nyawaning wang / Idris ing rambutku / Bagindha Ngali kuliting wang / Abu Bakar getih daging Umar singgih / bebalung Begendha Usman//


//Ya sungsumku Fatimah kang linuwih / kang minangka rahayuning badan / Ayub minangka ususe / sekehe wudhu tuhu / mapan tunggal kelawan nabi / netraku ya Muhamad / pangulune rasul / pinayungan adam sarap / sampun pepek sekathahe para nabi / pan dadi sarira tunggal//


//Wonten wiji sawiji / mulane pan dadi pan pinencar dadi saisine jagad / kesembadan dening date / sekathahe kang angrungu / kang amaca kang nimpeni iku / iku dadi rahayuning segara / pan ginariya sesembur / lamun winacakaken ing tuya / kinariya aduse rare tuwa pan gelis laki / kinariya tambane wong edan waras//


//Lamun sira arep nandur pari / puwasaha sawengi sadina / iderana galengane / wacanen kidung iku / pesthi adoh ama bilahine iki / lamun sira arep lunga perang / wacanen ing sekul / antuka tigang pulukan / mungsuhira rep sirep tan nana wani / andulu marang sira//


//Lamun sira ayun teguh sekti / lakonono pateng puluh dina / pati geni wekasane / amutiha karuhun / yen wus tutugira ngelampahi / mutih patang puluh dina / iku wus jangjine yang agung / yen udan ora kodanan / datan lara katibanan pukul wesi / miwah wesining gorenda//




[1]  amiwiti
[2]  carita
[3]  nembang
[4]  ywang
[5]  ywang
[6]  macaha
[7]  ngendika
[8]  gelis
[9]  berkah
[10]  pinentu
[11]  roiroh
[12]  ngendika
[13]  satuhu
[14]  ywang
[15]  ywang
[16]  pangulu
[17]  kedadiyan
[18]  ndarbeni
[19]  ywang
[20]  padhukuan
[21]  punika
[22]  ywang
[23]  ywang
[24]  ywang
[25]  ywang
[26]  ywang
[27]  ywang
[28]  tetkala
[29]  ywang
[30]  ywang
[31]  ywang
[32]  muwus
[33]  ywang
[34]  ywang
[35]  ywang
[36]  prapta
[37]  ywang
[38]  nama
[39]  ywang
[40]  kadya
[41]  prapta
[42]  ywang
[43]  ywang
[44]  matur
[45]  prapta
[46]  slamet
[47]  ywang
[48]  prapta
[49]  praptane
[50]  ayu
[51]  luput
[52]  atemagan
[53]  tan
[54]  sakehe
[55]  samya
[56]  lemah


"Mas Alang Alang Kumitir"

Tidak ada komentar: