SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Sabtu, 16 November 2013

Ngelmuning Pacul


Salebetipun ngelmu, manungsa kedahipun migunakaken pikiranipun kangge maos lan mangertosi kahanan punapa kemawon ingkang wonten sekelilingipun. Wekdal manungsa meguru ngangsu kawruh dhumateng tiyang ingkang mumpuni ing babagan ngilmu rasa, pramila kiambakipun kedah saget ngolah pikiran supados saget pirsa punapa to werdinipun isen isening alam dunya punika, wosipun dunya saisinipun punika sageta dipun "waos" lan dipun takwilaken kiambak punapa to werdinipun.

Ki Ageng Sela, ingkang kondhang kaloka asmanipun lantaran saget nyepeng gledheg nate meguru ngangsu kawruh dateng Sunan Kali Jaga. Salah satunggal wejangan ingkang dipun paringaken Sunan Kali Jaga dateng Ki Ageng Sela inggih punika babagan PACUL.

Pacul inggih punika satunggaling perabot ingkang dados gamaning para among tani. Sanadyan katingalipun namung sepele jebul salebeting pacul kala wau mengku filosofi ingkang inggil.

Saking wejangan Sunan Kali Jaga dateng Ki Ageng Sela, pacul punika binangun saking tigang bagian ingkang satunggal lan satunggalipun mboten saget dipun agem menawi pinisah pisah.

Tigang perangan kala wau ing antawisipun:


  1. Ingkang pinangka landhepe inggih punika dipun sebat pacul punika kiambak, Pacul punika saking tembang Ngipatake kang Muncul,
    Werdinipun ngipateken utawi nyingkiri sedanten ingkang soca utawi muncul mboten warata, wosipun manungsa punika sageta tumindak warata utawi lurus kados dene ingkang sampun di pun wulangaken salebeting ajaran agami sarta nyingkiri lan ngipataken sedanten tumindak ingkang soca kados to tumindak ingkang adigang adigung adiguna, daksia dateng sepadha padha, tumindak ingkang panasbaran lan tumindak culika sarta ala ingkang nalisir saking bebener lintunipun.

  2. Bawak, inggih punika peranganing pacul ingkang pinangka bungkul lan kangge wadah manjingipun doran. bawak saking tembung Obahing Awak.
    Lir ipun manungsa gesang punika dipun wajibaken ngobahaken badan utawi awak saperlu ngudi rejeki raharjaning gesang saking Gusti kng Murba Kawasa. Obahing Awak ugi mboten namung kawates ing pedamelan ngudi rejeki kewalan ananging ugi obahing awak kangge usaha tansah manembah dateng Ngarsanipun Gusti Kang Murba Dumadi datan kendhat rina kalawan wengi.
  3. Doran, doran punika peranganing pacul ingkang pinangka gegondhelan, Doran saking tembung Donga maring Pangeran, wonten ugi ingkang makwilaken tembung kala wau aja Adoh karo Pangeran.
    Manungsa  sampun ngantos supe nyenyuwun mring Gusti Kang Maha Agung mrih kaleksanan sedanten kang sinedya punika werdinipun donga maring Pangeran. manungsa ugi rinten lan dalu sampun ngantos tebih saking Pangeran sampun ngantos kendhat anggen kita emut nyembah lan manembah. Manembah namung dateng Gusti Allah, Gustining alam sawegung.

Pacul mboten saget dipun agem menawi dipun pisah pisahaken perangan tiga kala wau. semanten ugi werdining pacul, bawak lan doran kedahipun tansah nyawiji sampun ngantos pinisah pisahaken. wosipun miturut pacul, manungsa kedah saget nyingikiri ngiwakaken sedanten tumindak lan sipat ingkang soca nalisir saking bebener, ikhtiar ngobahaken awak kangge ngudi harjanipun gesang ing alam dunya sarana ngudi rejeki saking Ngarsanipun Gusti Allah lan ngobahaken awak ikhtiar kangge ngudi harjanipun gesang ing alam kelanggengan sarana manembah ngibadhah dateng Ngarsanipun Allah, tansah ndedonga rinten kalawan dalu enget salebeting kalbu marang Gusti Kang Murba Ing Dumadi sarta tansah caket cedhak manembah lan ngibadah dateng Ngarsanipun Gusti Kang Maha Murah.

Mekaten kala wau filosofi ingkang inggil ingkang dipun kandhut salebetipun Pacul.

Kirang Langkungipun Nyuwun Pangapunten,
Jaka Lelana