SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Selasa, 19 Februari 2013

Jangka Ranggawarsitan

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Mugi seratan punika wonten mumpangatipun dateng diri kula pribadi mandhapipun dhumateng para sedherek sedaya ingkang kersa mampir wonten blog kawula,

Nuwun





JANGKA
RANGGAWARSITAN
.I. JAKA LODANG, II. KALATIDA, III. SABDA TAMA,
IV. SABDA JATI, V. KALITIDA PININGIT,
VI. WEDATAMA PININGIT.



@@@



Ingkang ngimpun lan nyukani
Centangan
B.K.



Cap-capan IV – 1961



Penerbit
KELUARGA BRATAKESAWA
Yogyakarta


supaya pada emut
amawasa mbenjang jroning taun
windu kuning kono ana wewe putih
gagamane tebu wulung
arsa angrabaseng wedhon

(“Sabda_Tama” pada 15)

PRASABEN

ANGGEN KULA ngimpun lan ngedalaken serat “jangka” punika, boten jalaran kula rumaos mangertos dateng suraosipun, utawi boten sumedya ajak-ajak dateng para maos supados anggilut, langkung-langkung ajak-ajak gegan-geganen tanpa panimbang lan panglimbang, punika babar pisan boten. Tancebing sedya kula namung ngrecangi memetri ingkang nama kasusatran Jawi.

Kawuningana, para linangkung ingkang yasa jangka sakawit punika saged ugi asalipun saking tampi “ilham” ingkang dipun-alami salebetipun ….. sagebyaring kilat. Amila tangeh lamun sageda jelas jlentreh, destun titi mangsanipun kemawon terkadang mlesed.

Ingkang anggegelani manah punika, dene katah kemawon “jangka” susulan, ingkang asal-asalipun namung saking pangotak-atik utawi pangajeng-ajenging manahipun, terkadang angewahi utawi mewahi jangka ingkang sampun wonten, dipun-akeni damelanipun piyambak utawi dipun awadaken damelanipun tiyang sanes.

Bab nyuraos ungeling “jangka’ punika pancen angel. Para sarjana sujana anggenipun nyuraos jangka punika asring kapirid saking pipindaning kawontenan, tuwin kapirid saking tetembunganipun ingkang sinandi.

Ingkang kapirid saking pipindaning kawontenan, kados ta ungel-ungelan “begjane ula dahulu, cangkem silite anyaplok” (Sabda Tama 12) punika gampil pambatanganipun, inggih punika : tiyang ingkang mangro tinga. Sareng ungel-ungelan “ana wewe putih” (Sabda Tama 15), punika punapa, kula trima jembit.

Ingkang kapirid saking tetembunganipun ingkang sinandi, kados ta : kala 10 – 1 – 1955 wonten satunggaling priyagung atitel Mr. nglahiraken pamanggih wonten ing madyaning papanggihan : ngalembana kawicaksananipun Ki Pujangga Ranggawarsita, awit wontenipun ungel-ungelan “beda-beda ardane wong sanagara” (Katatida 2) tuwin ungel-ungelan “tyas riwut rawat dahuru, korup sinerung ing goroh” (Sabda Tama 4), punika dipun tegesi P.I.R. (Wangsanagara lan Hazairin) kala samanten, punapa dene ngrebdanipun tindak korupsi punika. Apa tumon? Kula trimah jembit, jer sanes bangsanipun sarjana sujana.

Titi mangsa ingkang kasebut ing “jangka” pinika nuwun inggih boten sadaya gampil dipun tegesi. Kados ta tumrap ungel-ungelan ing Jaka Lodang : “sirna tata estining wong” (1850), “nir sad estining urip” (1860, “wiku sapta ngesti ratu” (1877), “nembah nukswa pujangga ji” (1802) punika sadaya gampil dipuntegesi, awit punika sengkalan limrah. Ananging ungel-ungelan ing Sabda Tama : “taun windu kuning” punika tegesipun ingkang boten gagap-gagap : kados pundi?

Tumrap serat : “jangka” ingkang nama Kalatida Piningit tuwin Wedatama Piningit, atur kula dateng para maos perlu kula ambali malih : sampun ngantos anggega lan kuwatos, amargi :


  1. Jangka wau sampun kliwat, tetela boten wonten punapa-punapa.
  2. Snajan redi Merapi kala-kala bade kurda, nanging Pamarintah tansah anjagi lan damel ririgen saperlunipun.
  3. Mirsanana centangan kula tumrap “jangka” wau ing kaca 34-35-36.

Ingkang ngimpun.

Karangbolotan, akhir Juni 1957.

@@@

I. JAKA LODANG

B E B U K A

Ronggh jleg tumiba | gagaran santosa | wartane meh teka | sikara karoda | tatage tan katon | barang-barang ngerong | saguh tanpa raga | katali katawar | dadal amekasi | tanda murang tata.

G A M B U H


  1. Jaka Lodang gumandhul | praptaning pang ngethengkrang sru muwus | eling-eling pasti karsaning Hyang Widhi | gunung mendhak jurang mbrenjul | ingungsir praja prang kasor.
  2. Nanging awya kliru | sumurupa kanda kang tinamtu | nadyan mendak mendaking gunung wis pasti | maksih katon tabetipun | beda lawan jurang gesong.
  3. Nadyan bisa mbarenjul | tanpa tawing enggal jugrugipun | kalakone karsaning Hyang wus pinasti | yen ngidak sangkalanipun | sirna tata estining wong.


S I N O M


  1. Sasedyane tanpa dadya | sacipta-cipta tanpolih | kang reraton-raton rantas | mrih luhur asor pinanggih | bebendu gung nekani | kongas ing kanistanipun | wong agung nis gungira | sudireng wirang jrih lalis | ingkang cilik tan tolih ring cilikira.
  2. Wong alim-alim pulasan | njaba putih njero kuning | ngulama mangsah maksiat | madat madon minum main | kaji-kaji ambataning | dulban kethu putih mamprung | wadon nir wadorina | prabaweng salaka rukmi | kabeh-kabeh mung marono tingalira.
  3. Para sudagar ingargya | jroning jaman keneng sarik | marmane saisiningrat | sangsarane saya mencit | nir sad estining urip | iku ta sengkalanipun | pantoging nandang sudra | yen wus tobat tanpa mosik | sru nalangsa narima ngandel ing suksma.

MEGATRUH


  1. Mbok parawan sangga wang duhkiteng kalbu | jaka Lodang nabda malih | nanging ana marmanipun | ing weca kang wus pinesthi | estinen murih kelakon.
  2. Sangkalane maksih nunggal jamanipun | neng sajroning madya akir | wiku Sapta ngesthi Ratu | ngadil parimarmeng dasih | ing kono kersaning Manon.
  3. Tinemune wong ngantuk anemu kethuk | malenuk samargi-margi | marmane bungah kang nemu | marga jroning kethuk isi | kencana sesotya abyor.


CENTANGAN
(1). Bubukanipun serat “Jaka Lodang” punika mesi sandi-sama. Wiwitaning garis mangadep mungel “Ranggawarsita basa Kadaton”, dening pungkasaning garis mangandap mungel “Basa Kadaton Ranggawarsita”.

(2). Limprahipun serat “Jaka Lodang” inggih namung dumugi sekar Megatruh pada angka 3 punika. Nanging serat “Jaka Lodang” wedalan “Maha Dewa” tanpa bubuka, sarta wewah sekar Asmaradana kados ing ngandap punika :

ASMARADANA


  1. Ingkang bisa nemu iki | nora saben sok uwanga | kudu ana pilihane | kang weruh jangkaning jaman | eling kanti waspada | tindak tuwajuh lan jujur | ingkang antuk kamurahan.
  2. Aywa sira banjur wedi | samar nora kapanduman | elinga marang kodrate | Pangeran luwih kuwasa |  adil tanpa upama | sapa angestokna dawuh | sayekti antuk nugraha.
  3. Nugrahanira Hyang Widi | tan kena kinira-kira | margane sewu dadalane | Yogja den sebar darana | aywa kasesa-sesa | grusa-grusu narung binuh | ngrusakke tanceping tekad.


WEWAHAN
Wonten serat Jaka Lodang ingkang sanes yasanipun Ki Pujangga R.Ng. Ranggawarsita, isi sekar : (1) Dandanggula, (2) Pangkur, (3) Maskumambang, (4) Kinanthi, (5) Blabak, (6) Pucung, (7) Mijil, (8) Durma, (9) Asmaradana, (1)) Gambuh, (11) Sinom, (12) Megatruh, (13) Pututgelut, sami nigang pada gunggung 39 pada.

Ing wiwitanipun pupuh Gambuh inggih mungel, “Jaka Lodang gumandul, praptaning pang ngetangkrang sru wuwus sami kados Jaka Lodang hiyasan Ranggawarsitan. Nanging inggih namung 2 pada lingsa ing sekar Gambuh punika kemawon ingkang sami kaliyan “Jaka Lodang” Ranggawarsitan. Sanes-sanesipun boten wonten ingkang sami.

Dene isinipun serat wau ringkesipun kados ing ngandap punika :

Ken Limaran ing Dekah Dadapan nyapu, nanging tansah pulih malih larahanipun. Lajeng ngucapaken pasang giri : sinten ingkang saged nulungi damel resik, yen priya dadosa jatu-krama, yen wanita dadosa saderek sinarawedi.

Jleg, wonten wanara nama Jaka Lodang : dateng tanpa sangkan, sage ngleksanani pasang-giri wau. Ken Limaran lajeng dados simahipun Jaka Lodang. Ing wanci dalu, Jaka Lodang meling dateng simahipun, supados enjingipun ngintun dateng sabin, piyambakipun bade anggaru.

Enjingipun, Ken Limaran ngintun sayektos, nanging Jaka Lodang boten woten ing ngriku. Lajeng katungka Raden Putra (Panji Ino Kartapati) kanti punakawan, Ki Jodehsanto, rawuh ing ngriku, nitih kuda. Ken Limaran katantun bade kapundut garwa : purun. Wusana Jaka Lodang jleg dateng.

Raden putra trangginas bade ngayati jemparing, Jaka Lodang lajeng prasaja, yen piyambakipun punika dutaning Dewa, kinen manggihaken Ken Limaran kaliyan Raden Putra. Sampun pinasti jodo, benjing saged nurunaken ratu salebetipun pitung jaman. Jaka Lodang lajeng medaraken “jangka” salebetipun pitung jaman punika.

Pungkasanipun serat punika wau (sekar pututgelut) ungelipun :

Prapteng kono jangkane wus titi | pama gancaring wayang | carangane kang dinapur | neng jroning rat Jawa | tekeng jaman wekasan | trahira tumaruntun.

Punika ngewrat sandi-asmaning pangriptanipun, manggen wonten  ing pungkasaning garis, mungel : “Tiyang Purwasantun” (= Purwasari, Surakarta), inggih punika K.R.T. Tandanagara Bupati Nayaka, pangiketipun nalika taksih asma R.T. Suradipura Buoati Anom.

Panjenenganipun rumiyin asmanipun M.Ng. Reksadipraja inggih Ki Jagawigata.

Serat wau nalika kaecap lan kawedalaken dening pangecapan Mardi Mulya ing Ngayogjakarta (± taun 1922) kanamakaken, serat Jaka Lodang. Sareng kawedalaken dening Toko Buku “Sadu Budi” sarta kaecap ing pangecapan “Marseh” Surakarta, (taun 1940) kanamakaken serat “Jangka Ketek Ogleng”.

Pancen lampahing cariyos ing serat punika wau sairib kaliyan lampahing cariyos tontonan kala jaman alitan kula, ingkang nama tontonan Ketek Ogleng. Bedanipun : Ing tontonan Ketek Ogleng, ingkang dipun kintun punika Raden Putra, ingkang ngintun anama Endang Lara Tompe. Wonten ing margi pun Endang dipun begal dening Ketek Ogleng, salajengipun pun ketek kaprajaya dening Raden Putra.

Wasana nyumanggakake.

@@@

II. K A L A – T I D A

S I N O M


  1. Mangkya dalajating praja | kawuryan wus sunya ruri | rurah pangrehing ukara | karana tanpa palupi |  atilar silastuti |  sujana sarjana kelu |  kalulun kalatida |  tidhem tandhaning dumadi |  ardayeng rat dene karoban rubeda.
  2. Ratune ratu utama |  patihe patih linuwih |  pra nayaka tyas raharja |  panekare becik-becik |  parandene tan dadi |  paliyasing Kala Bendu |  malah sangkin andadra |  rubeda kang ngriribedi |  beda-beda ardane wong sanagara.
  3. Katatangi tangisira |  sira sang parameng kawi |  kawilet ing tyas duhkita |  kataman ing ren wirangi |  dening upaya sandi |  sumaruna anarawung |  pangimur manuara |  met pamrih melik pakolih |  temah suka ing karsa kurang wiweka.
  4. Kasok karoban pawarta |  bebaratan ujar lamis |  pinudya dadya pangarsa |  wekasan malah kawuri |  yen pinikir sayekti |  mundhak apa aneng ngayun |  andhedher kaluputan |  siniraman banyu lali |  lamun tuwuh dadi kekembanging beka.
  5. Ujaring paniti-sastra |  awawarah asung peling |  ing jaman keneng musibat |  wong ambeg jatmika kontit |  mengkono yen niteni |  pedah apa amituhu |  pawarta lalawara |  mundhak angreranta ati |  angurbaya ngiketa cariteng kuna.
  6. Keni kinarya darsana |  panglimbang ala lan becik |  sayekti akeh kewala |  lelakon kang dadi tamsil |  masalahing ngaurip |  wahananira tinemu |  temahan anarima |  mupus pepesthening takdir | puluh-Puluh anglakoni kaelokan.
  7. Amenangi jaman edan |  ewuh aja ing pambudi |  milu edan nora tahan |  yen tan milu anglakoni |  boya kaduman melik |  kaliren wekasanipun |  ndilalah karsa Allah |  begja-begjane kang lali |
  8. luwih begja kang eling lawan waspada.
  9. Semono iku bebasan |  padu-padune kepengin |  enggih mekoten Man Doblang |  bener ingkang angarani |  nanging sajroning batin |  sajatine nyamut-nyamut |  wis tuwa arep apa |
  10. muhung mahas ing asepi | supaya ntuk pangaksamaning Hyang Suksma.
  11. Beda lan kang wus santosa |  kinarilan ing Hyang Widhi |  satiba malanganeya |  tan susah ngupaya kasil |  saking mangunah prapti |  Allahu paring pitulung |  marga samaning titah |  rupa sabarang pakolih |  parandene maksih taberi ikhtiyar.
  12. Sakadare linakonan |  mung tumindak mara ati |  angger tan dadi prakara |  karana riwayat muni |  ikhtiyar iku yekti |  pamilihing reh rahayu |  sinambi budi daya |  kanthi awas lawan eling |  kanti kaesthi antuka parmaning Suksma.
  13. Ya Allah ya Rasulullah |  kang sipat murah lan asih |  mugi-mugi aparinga |  pitulung kang anartani | ing alam awal akhir |  dumunung ing gesang ulun |  mangkya sampun awredha |  ing wekasan kadi pundi | mula mugi wontena pitulung tuwan.
  14. Sageda sabar santosa |  mati sajroning ngaurip |  kalis ing reh aruraha |  murka angkara sumingkir |  tarlen meleng malat sih |
  15. sanityaseng tyas memasuh |  badharing sapu dhendha |  antuk mayar sawetawis |  borong angga sawarga mesi martaya.


CENTANGAN :
(1)     Sasumerep kula serat-serat “Kalatida” cap-capan, ing pada 1 garis 1 punika sami kaserat “Mangkya dreajating praja”, namung “Kalatida” wedalan Pustaka Nasional Surabaya kaliyan serat punika ingkang kaserat “Mangkya dalajatingpraja”. Kinten-kula leres “dalajat”, amargi darajat ateges : ngalamat.

(2)     Woten serat “Kalatida” ingkang ing pada 1 garis 5-6-7 punika mungel : “ponang parameng kawi, kawilet ing tyas malat-kung, kongas kasudranira”.

(3)     Serat “Kalatida” seratan tangan kagunganipun R.Ng. Dwijawiyata, pensiunan Kepala Sinder pamulangan ing Ngayogyakarta, wonten 13 pada. Inggih punika : saderengipun mungel “Mangkya darajating praja” mungel makaten :

Wahyaning arda rubeda | ki pujangga amengeti |  mesu cipta mati raga | medar warananing gaib | ananira sakalir | ruweding sarwa tumuwuh | wiwaling kang warana | dadi badaling Hyang Widi | amedarken pari-bawaning bawana.

Miturut keterangan ingkang kagungan, serat “Kalitida” 13 pada wau ugi sampun nate kaecap ing Surakarta, panjenenganipun asli nurun ingkang sampun cap-capan wau.

(4)     Sadaya serat “Kalitida” ing pada pungkasan garis pungkasan, mungel : borong angga suwarga mesi martaya, punika mesi sandi-asmanipun ingkang mangripta (R.Ng. Ranggawarsita).

WEWAHAN :

Woten serat nama “Kalabrasta” nanging dereng nate kawedalaken warni serat mirungan, nalika ± taun 1910 nate kaewratwoten ing ari-warti “Darma Kanda” Surakarta, ± taun1930 nate kaewrat wonten ing ari warti :Sedya Tama” Ngayogyakarta. Ing jaman merdika punika nate kawedalaken awor serat-aerat jangka sanesipun, dados sabuku. Tuwin nate kaewrat wonten ing kala warti “Panyebar Semangat” Surabaya.

Serat “Kalabrasta” punika sekaripun Sinom kados “Kalatida” katahipun inggih 12 pada kados “Kalatida”. Bokmanawi ingkang ngripta dereng nate mrangguli “Kalatida ingkang 13 pada. Dene suraosipun angosok-wangsul serat Kalatida. Ing pada pungkasan mungel makaten :

Ilang kasmalaning nusa | yen minum tirta martani |  warsitaning Kalabrasta | sirna sagunging prihatin | pan ing mangkya wus wanci | pambudi kamulyan umum | aywa katungkul pada | ambudi ajining diri | kang amangun dwijaning atmaja tama.

Ing garis pungkasan “kang amangun dwijaning atmaja tama” punika mesi sandi asmaning pangarangipun, inggih punika saderek Mangunatmaja, tilas lurah ing Karangwungu, bawah kabupaten Klaten, panuntunipun paguron “Sarekat Abangan”, kasebut ing serat “Falsafah Sitijenar” wedalan Kulawarga Bratakesawa.

Dados pangarangipun serat “Kalabrasta” punika  priyantun jaman sapunika kemawon. Suraosipun : manawi para saderek Jawi sami kersa necep kawruh Sarekat Abangan (+minum tirta martani) bade sirna sadaya prihatos lan bebendu ing tanah Jawi punika. Para necep kawruh wau sinebut atmaja tama. Makaten punika panganggep lan pangajapipun sang dwija ingkang yasa serat “Kalabrasta” kala taun……  ± 1910.

@@@

III. SABDA TAMA

G A M B U H


  1. Rasaning tyas kayungyun | angayomi lukitaning gambuh | nyambi-wara kalawan eninging ati | katenta kudu pitutur | sumingkir ing reh tyas mirong.
  2. Den samya amituhu | ing sajroning jaman Kala-bendu | yogya sami nyunyuda ardaning ati | kang nuntun mring pakewuh | uwohing panggawe awon.
  3. Ngajapa tyas rahayu | ngayomana sasameng tumuwuh | wahanane ngendhak angkara klindhih | ngendhangken pakarti dudu | dinuwa luwar tibeng doh.
  4. Beda kang ngaji mumpung | nir waspada rubedane tutut | akinthilan tan anggop anggung tut-wuri | korup sinerung ing agoroh.
  5. Ilang budayanipun | tanpa bayu weyane ngalumpuk | sakciptaning wardaya ambabayani | ubayane nora payu | kari ketaman pakewoh.
  6. Rong asta wus katekuk |  kari ura-ura kang pakantuk | dandanggula lagu palaran sayekti | ngluluri para leluhur | abot ing sihing swami karo.
  7. Galap gangsuling tembung | Ki Pujangga panggupitanipun | rangu-rangu pamanguning reh harjanti | tinanggap prana tumambuh | katenta nawung prihatos.
  8. Wartine para jamhur | pamawasing warsita tanpa wus | wahanane jaman owah angowahi | yeku sangsaya pakewuh | ewuh-aya kang linakon.
  9. Sidining Kala-bendu | saya ndadra ardaning tyas limut | nora kena sinirep limpating budi | lamun durung mangsanipun | malah sumuke angrandon.
  10. Tatanane tumruntun | panutaning tyas angkara antuk | kala-desa wenganing karsa kaeksi | limut kalimput angawut | mawut sangyaning dumados.
  11. Ing antara sapangu | pangungaking kahanan wus mirut | morat-marit panguripane sesami | sirna katentremanipun | wong udrasa sa-nggon-enggon.
  12. Kemat isarat lebur | bubur tanpa daya kabarubuh | paribasan tidhem tandhaning dumadi | begjane ula dahulu | cangkem silite anyaplok.
  13. nDungkari gunung-gunung | kang geneng-geneng padha jinugrug | parandene tan ana kang nanggulangi | wedi kalamun sinembur | upase lir wedang umob.
  14. Kalonganing kaluwung | prabanira kuning abang biru | sumurupa iku mung soroting warih | wawarahe para Rasul | dudu jatining Hyang Manon.
  15. Supaya pada emut | amawasa benjang jroning taun | windu kuning kono ana wewe putih | gagamane tebu wulung | arsa angrebaseng wedhon.
  16. Rasane wes karasuk | kesuk lawan kala mangsanipun | kawisesa kawasanira Hyang Widhi | wahyaning wahyu tumelung | tulus tan kena tinegor.
  17. Karkating tyas katuju | jibar-jibur adus banyu wayu |yuwanane turun-temurun tan enting | liyan praja samya sayuk |keringan saenggon-enggon.
  18. Tatune kabeh tuntunm | lelarane waluya sadarum | tyas prihatin ginantyan suka mepeki | wong ngantuk anemu kathuk | jro mesi dinar sabokor.
  19. Amung padha tinumpuk | nora ana rusuh colong jupuk | raja kaya cinancangan aneng njawi | tan ana nganggo tinunggu | parandene tan cinolong.
  20. Diraning durta katut | anglakoni ing panggawe runtut | tyase katrem kayoman ayuning budi | budyarja marjayeng limut | amawas pangesthi awon.
  21. Ninggal pakarti dudu | kadarpaning parentah ginugu | mring pakaryan saregep temen nastiti | ngisor dhuwur tyase jumbuh | tan ana waon winaon.
  22. Ngratani sapraja agung | keh sarjana sujana ing kewuh | nora kewran ing wicara agal alit | pulih duk jaman rumuhun | tyase teteg teguh tanggon.


CENTANGAN :
(1)     Serat “Sabda Tama” sekar Gambuh 22 pada ing nginggil punika wau mesi sandi asmanipun ingkang iyasa, manggon wonten ing wiwitaning pada, mungel : “Raden Ngabehi Ranggawarsita ing Kedung Kol Surakarta-Adiningrat”

(2)     Sandi-asma punika pancenipun kenging kangge titikan ingkang permati, nanging emanipun katah sandi asma ingkang gadungan. Boten kirang-kirang serat waosan tembang ingkang wonten sandi asmanipun Ranggawarsitan ananging sanes iyasanipun R.Ng. Ranggawarsita.

Ugi woten “jangka” sekar Gambuh 5 pada mawi sandi asma Ranggawarsitan gadungan, nate kaewrat wonten ing ari warti “Darma Kanda” ing Surakarta taun 1900 langkung welasan, ungelipun makaten :

  1. Rong netra wus tumlakup | merem dipet ngatas mring Hyang Agung | nyuwun uning wahananira ing wuri | byar sumilak katon lugu | bakal ananing lalakon.
  2. Galagate ing pungkur | wahanane jaman saya kisruh | akeh laku kang sungsang bawana balik | wanodya yun ngarah luhur | temah priyane keh asor.
  3. Warnanen tyasing kakung | keh amirib pra wadon satuhu | cupar memet wetuning butuh tinliti | wit samar paparingipun | Hyang Suksma yen tan dumawoh.
  4. Singlaring tyas puniku | nyudakaken tumuruning wahyu | sirna gempang pangandele mring Hyang Widhi | marma jagade barubuh | keh laku ingkang mbesejol.
  5. Tatas katresnanipun | wonge cilik mring bangsa ngaluhur | wit kang ngembat praja yekti kurang adil | akeh raja tinarungku | ngono karsane Hyang Manon.
Makaten ungeling “jangka” wau. Miturt kasumerepan kula, ingkang andamel : salah satunggaling guru Sekolah Rakyat, asli Surakarta.

Wusana nyumanggakaken.

@@@

IV. SABDO JATI

M E G A T R U H


  1. Hawya pegat ngudiya ronging budyayu | margane suka basuki | dimen luwar kang kinayun | kalising panggawe sisip | ingkang taberi prihatos.
  2. Ulatna kang nganti bisane kepangguh | galedehan kang sayekti | talitinen awya kleru | larasen sajroning ati | den tumanggap dimen manggon.
  3. Pamanggone aneng pangesti rahayu | angayomi ing tyas wening | eninging ati kang suwung | nanging sejatining isi | isine cipta kang yektos.
  4. Lakonana klawan sabar ing kalbu | yen obah-obah niniwasi | kasusupan setan gundhul | ambebedung nggawa kandhi | isine rupiah kethon.
  5. Lamun nganti korup mring panggawe dudu | dadi pakuwoning iblis | mlebu ing alam pakewuh | ewuh pananinging ati | temah wuru kabesturon.
  6. Nora kengguh mring pamardi reh budyayu | ayuning tyas sipat kuping | kinepung panggawe rusuh | lali pasihaning Gusti | ginuntingan kaya mranos.
  7. Parandene kabeh kang samya andulu | ulap kalilipen wedhi | akeh wong kang padha sujud | kinira yen Jabarail | kautus dening Hyang Manon.
  8. Yeng kang uning marang sejatining kawruh | kewuhan sajroning ati | yen tan niru nora arus | uripe kaesi-esi | yen niruwa dadi asor.
  9. Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung | anggelar sakalir-kalir | kalamun temen tinemu | kabegjane anekani | kamurahaning Hyang Manon.
  10. Anuhoni kabeh kang duwe panuwun | yen temen-temen sayekti | Allah aparing pitulung | nora kurang sandhang bukti | saciptanira kelakon.
  11. Ki Pujangga nyambi wara weh pitutur | saka mangunahing Widi | ambuka warananipun | aling-aling kang ngalingi |  anglingkap temah katon.
  12. Para jalma sajroning jaman pakewuh | kasudranira andadi | dahurune saya ndarung | keh tyas mirong murang margi | kasetyan wus nora katon.
  13. Katuwane winawas dahat matrenyuh | kenyaming sasmita yekti | sanityaseng tyas malat-kung | kongas welase kepati | sulaking jaman prihatos.
  14. Waluyane mbenjang lamun ana wiku | mumuji ngesthi sawiji | sabuk lebu lir majenun | galibedan tudang tuding | anacahken sakehing wong.
  15. Iku lagi sirep jaman Kala-bendu | kala-suba kang gumanti | wong cilik bisa gumuyu | nora kurang sandhang bukti | sedyane kabeh kelakon.
  16. Pandulune Ki Pujangga durung kemput | mulur lir benang tinarik | nanging kaserang ing umur | andungkap kasidan jati | mulih sajatining enggon.
  17. Amung kurang wolung ari kang kadulu | emating pati patitis | wus katon neng lokil makpul | angumpul ing madya ari | amerengi ri Budha Pon.
  18. Tanggal kaping lima antaraning luhur | sela-ning tahun jimakir | talu uma aryang jagur | sengara winduning pati | netepi ngumpul sak enggon.
  19. Cinitra ri Budha kaping wolulikur | sawal ing tahun jimakir | candraning warsa pinetung | sembah mukswa pejangga ji | Ki Pujangga pamit layon.

CENTANGAN (mirsani kaca 25)
Manawi kula kapareng matur bares, sayaktosipun kula dereng yakin manawi serat “Sabda Jati” punika hiyasanipun swargi R.Ng. Ranggawarsita, amargi miturut pangenyam-kula : beda kaliyan serat-serat sanesipun hiyasanipun swargi wau. Kinten kula “Sabda Jati” punika damelipun saderek ingkang mewahi “Kalatida” dados 13 pada (mirsani kaca 14), sedyanipun ngluhuraken Ki Pujangga, dipun gambar-0gambar anggenipun saged miyak warana tuwin lepas pandulunipun “mulur lir benang tinari”. Punapa inggih tampi ilham punika kados makaten gambaranipun?

Dene titikan ingkang gampil kita raosaken, inggih punika bab pamasanging sandi asma ing pada wiwitan, garis 1,2,4,5, punika boten manut patokan. Ingkang sampun-sampun, manawi Ki Pujangga masang sandi asma sapada boten wonten ing wiwitaning garis punika, amesti dawah pedotaning wirama :

Aywa pegat ngudiya ronging baudyayu, manawi manut patokan umpamnipun : aywa mirong ngudiya marang budyayu;

Marganing suka basuki, manawi patokan umpananipun : den wrin marganing basuki;

Dimen luwar kang kinayun, sampun leres.

Kalis ing panggawe sisip, manawi miturut patokan upamanipun : ulah brata myang prihatos.

Ananging sarehning para sarjana sujana sami kagungan panganggep, bilih “Sabda Jati” punika karanganipun swargi, malah pada 14 punika kadamel rerenggan banciking reca Ranggawarsita ing museum Sriwedari Surakarta, jalaran ungel-ungelan “galibedan tudang-tuding, anacahken sakebhing wong” punika kaangep pralambangipun pemilihan umum, kula inggih namung nyumanggakaken.

@@@

V. KALA-TIDA PININGIT

S I N O M


  1. Sinom susulan wirayat | Kala-tida kang piningit | calon kang gumantya nata | maksih sinengker Hyang Widi | ing ura-uru mbenjing | kang sumela dadya ratu | turune ping sadasa | nutuigaken wibawa mukti | pangarange Dyah Behi Ranggawarsita.
  2. Duk kalanira angarang | wonten Landi sing Ustenril | Wenen nenggih kutanira | mlancong mring nagari Jawai | cekak minggah mring wukir | nyuwun premisi Sang Prabu | ningali kawahira | pucaking ardi Merapi | wangsulira pun tuwan asung carita.
  3. Dateng nJeng Gusti kaping pat | enget kula sangkalani | gusti mbenjing ngesti nata | critane kang ardi mbenjing | kobong wit saking agni | slira catur ngesti ratu | pecahing ardi sigar | Yogya Kedu risak sami | yen ing Sala risake mung sawatara.
  4. Nulya nJeng Gusti kaping pat | pangandikanira aris | dumateng Ranggawarsita | dulunen telenging ati | eningna aja gingsir | samdika umatur nuhun | Radyan Ranggawarsita | panca-driya kang kaesti | sapandurat tan antara ntuk wewengan.
  5. Umatur leres pun tuwan  mbenjing kalamun marengi | bade pecahing kang arga | lindu rambah kaping katri | punika pan sayekti | kapara dados susungut | kirang pitung ri dina | pitulas dinten marengi | pitulikur punika sampun pungkasan.
  6. Derenging ambles kang arga | model sakit kang nganehi | mung sakedap nuli sirna | ing tanah Jawi meh wrdin | Sala Yogya akeni | lamine amung tri tengsu | wirayate wong wignya | nuju Panjengengan Aji | ping sadasa Nata krama ing Ngyogya.
  7. Pra pangreh ing Surakarta | katah sumelang ing galih | wasana ngupaya mayar | angesti angga pribadi | kirang dwi warsa mbenjing | kalawan pecahing gunung | yen wus praptaning jangka | pecahing ardi Merapai | njeblos mawut sumebar ya banjir lahar.
  8. Yogya karatone ilang | pecahing ardi Merapi | tirta ndut Sala lan Yogya | pisan tan anunggali siti | tengahing ardi dadi | kali agung anjogipun | samodra ingkang wetan | kilen Praja risak sami | ing Madura meg gatuk lan Surabaya.
  9. nJeng Gusti malih ngandika | payo pada den-titeni | pinengetan mbok-manawa | anak putu amenangi | sandika Dyan Ngabehi | ing mbenjing sarenginipun | lawan ardi ing Clacap | ambles sareng ardi Merapi | rawa Pening kabeh kaurugan brama.
  10. Risak tanah kilen Praja | katah jalma ingkang mati | antara mung panca dina | kobong ingkang para ardi | Gupermen anulungi | lawan praja liyanipun | durung kobong kang arga | lindu sadina kaping tri | jamanira sapungkure Jayabaya.
  11. Meksih ratu ping sadasa | iku ingkang amandiri | praja di ing Surakarta | yen wirayat saking Jawi | taun Be ing wingking V sangkalanira pinetung V netra ngesti raja V ing Mangkunagaran mbenjing V kasusahan tan suwe antuk ngapura.

CENTANGAN :
Mirsani centanganipun serat “Wedatama Piningit” ing kaca 34-35-36.

@@@

VI. WEDA-TAMA PININGIT

PANGKUR


  1. Sekar Pangkur pari purna | amedaraken weda-tama (kang) piningit | mirib jangkaning pra jamhur | jamane Jayabaya | iku mbenjang kang jumeneng madeg ratu | maksih putra ping sadasa | ingkang ngrenggani praja di.
  2. Ingkang nutugna wibawa | wus ndilallah karsane Kang Luwih | bareng lan jaman dahuru | keh janma nandang susah | wit kawrattan pranatanireng praja | larang boga miwah sandang | katah kang nandang kaswasih.
  3. Ya ta wonten resi Landa | asalira saking praja Ustentrik | Wanen kita krajanipun | mlancong mring tanah Jawa | sapraptanya nyuwun premisi Sang Prabu | sedya minggah mring aldaka | pucaking wukir Merapi.
  4. Arsa amriksani kawah | dupi sampun terang anggenya ningali | wangsul sowan mring Sang Prabu | prelu atur uninga | praja tanah Jawa mbenjang risakipun | jalaran saking aldaka | wukir Mearapi kang mesti.
  5. Dupi ingkang arga sigar | apan dadi kali Tanggung raneki | njog samodra ingkang kidul | Sang Nata dupi wus trang | sasmitaning dwija Landa gya dadawuh | dumateng Ranggawarsita | lan Gusti Mangkunagari.
  6. Lah ta wa Ranggawarsita | apa nyata tuture swija Landi | Ranggawarsita amesu | ngeningaken panca-driya | anunuwun marang Iangkang Maha Luhur | katrima antuk wewengan | wus luwar saking samadi.
  7. Glis munjuk mring Sri Pamasa | nggih leres aturipun resi Landi | mbenjing bade pecahipun | saderenge arga sigar | mawi gara-gara kalangkung gengipun | lindu sadinten ping tiga | kapareng dados miwiti.
  8. Duk samana sami terang | resi Landa gya pamit mring Sang Aji | amundur pan nedya wangsul | mring Wanen kita raja | nanging mampir redi Clacap ciptanipun | kapriksa sawise terang | bareng bres lang gunung Merapi.
  9. Duk samana sinengkalan | esti catur sabdanireng narpati | dene mbenjing pecahipun | Merapi ponang arga | wulan Sura taun Be sengkalanipun | wsti catur asta nata | Sang Nata ngandika aris.
  10. Payo pada tinitenan | mbok-manawa anak putu menangi | Nata ping sanga ngadatun | kondur (nJeng) Mangkunagara | Raden Ranggawarsita nderek tut pungkur | mring dalem Mangkunagaran | anjujug ing ujung puri.
  11. Nutugna wirayatira | lawan Ranggawarsita Dyan Ngabehi | priye dadine ing mbesuk | matur Ranggawarsita | apan sampun pinasti karseng Hyang Agung | risakipun Surakarta | karatin mbenjing ngalih.
  12. Kacarita wetang bengawan | pan ing wana Ketangga dunung-neki | mangsuli wirayat wau | bade pecah kang arga | apan tirta amili campur lan endut | yogya karaton ilang | tuwin Kedu risak sami.
  13. Rawa Pening ing mBarawa | mubal geni katah jalma ngemasi | kilen praja ugi katut | katah jalma pralaya | nanging, jaman punika mbenjing panuju | Si Narendra ping sadasa | ingkang ngrenggani praja di.
  14. Yen wirayat saking Jawa | dupi woten penyakit nganeh-anehi | lamine tri wulan iku | wrata satanah jawa| pra kawula katah susah manahipun | kataman duhkitaning tyas | bareng lan mangsa paceklik.
  15. Tuwin panjenengan Nata | ping sadasa krama putri linuwih | ngupaya lajering wahyu | daup putri Ngayogya | pun punika timbul lajering karatun | ing tanah Jawa wus sirna | surem sunaring praja di.
  16. Sengkalanira ingetang | netra nenem Narendra nitih esti | neng Gusti ngandika arum | lah kang Ranggawarsita | payo pada pinengetan jroning kalbu | wisiking propesor Landa | kalawan wisiking Jawi.
  17. Apa cocog apa ora | nanging ingsun lan sira pasti tan wrin | marma kawrta ing sastra yu | dimen putra wayah | ingkang mesti bisa menangi sastra wruh | jaman ingkang wus kawedar | supaya dadi pepeling.
  18. Ilang kuwunging nagara | ingkang mengku praja ing wuri mbenjing | ugi anandang wulangun | ananging datan lama | antuk supangatira saking Hyang Agung | risakipun babar pisan | ing Surakarta praja di.
  19. nJeng Gusti malih dawuhnya | marang Ranggawarsita Dyan Ngabehi | lah tutugna wirayatmu | kang kaweca ing jangka | Raden Ranggawarsita alon turipun | yen ing praja tanah Jawa | mulyane kalamun mbenjing.
  20. Jumeneng Narendra | kaping kalih welas ingkang mandiri | bilih Nata ping sapuluh | ngalamat praja rengka | wit candrane narendra si Kala-mrecu | patihe Kala-wasesa |Kala-tida jamaneki.
  21. Wong agung remen mbebahak | marang raja brananira wongcilik | ilang labeting budyayu | kisruh adiling Nata | pra kawula katah kang nandang margiyuh | kawrattan kang sapu-denda | kenging pajeg rupi kalih.
  22. Katah gelaring kawula | kumpul-kumpul ting galubrag ting kacemil | pan wis ilang kemilipun | wit kapidih pranatan | ingkang ngasta pangadilan kwasa ngukum | wis pasrah mring seje bangsa | pan wis makaten kang jangji.
  23. Ing tanah Jawa ketaman | ingkang ngasta nyakra (mang)gilingan (ra)neki | rikala kala jaman rumuhun | swarga eyang paduka | tabe-tabe nJeng Sinuwun Sultan Agung | ketaman pranatanira | Juru-taman kang sayekti.
  24. Puniku pinanggihira | ngantos mbenjing dumugi Nata kaping | sawelas Kangjeng Sinuwun | punika sadaya wrat | pra kawula katah susah manahipun | ananging punika jaman | mung sakedap meh ngengkoki.
  25. Wangsule wahyu Nurbuwah | mulih mulya praja ing tanah Jawi | namung wus pindah kadatun | ing Surakarta risak | apan dadya wana tuwin dados dusun | santun praja ing Ketangga | Nata kalih wlas mandiri.
  26. Pulih gemah sarta harja | tata tentrem suka manahe tyang alit | sirna kang samya laku dur | murah sandang lan pangan | wit wong agung asih mring kawulanipun | gung paring dana tan kendat | murah pajegireng siti.
  27. Sajung pajege satengah | tanpa uba-rampe lan biwit-biwit (?)| sirna ingkang raja pundut | tuwin pra luhur Jawa | pisah nggone saudara lan guprenur | kabeh ingkang bangsa sabrang | samya mulih sirna gusis.


CENTANGAN :
Serat “Kala-tida Piningit” punika anggen kula manggih wonten ing lacinipun redaksi ari warti “Sedya Tama” Ngayogya, kala taun 1930, awor naskah warni-warni ingkang dipun pekir. Wujudipun inggih cekak namung 11 pada sekar Sinan punika.

Dene serat “Weda-tama Piningit” punika anggen kula nurun kangunganipun R. Dibyaharjiya ing Ngayogya, kala taun 1951, seratan latin tik-tikan. Panjenganipun nurun saking pundi, kulo boten nyuwun katrangan, ananging kula saged nginten-inten : asal usulipun saking “Wedda-tama Piningit” aksara Jawi cap-capan. Amargi kala taun ± 1940 kula sampun nate sumerep serat wau ingkang cap-capan kadasaraken wonten sangajengipun Hotel Pasar Pon Surakarta, ananging kula boten nyatitekaken sinten Penerbitipun, kaecap ing pundi, taun pinten ngecapipun.

Serat warni kalih punika wau kula katutaken wonten ing serat “Jangka Ranggawarsitan” amargi wonten ing serat-serat ngriku ugi kasebutaken makaten. Ananging sinten kemawon saged mastani bilih serat-serat wau sanes yasanipun swargi Ranggawarsita. Kirang langkungipun wicalan wanda sekar, ingkang kula sukani tanda, saged dipun awadakane bokmanawi saking lepatipun nurun, ananging miturut pangenyam kula wonten titikanipun makaten :

Pangarangipun dereng kulina ngarang, kacihna wadag wadehing damelanipun.
Pangarangipun boten katah kawruhipun, kacihna anggenipun mastani tiyang Ustentrik : Landi, tuwin gadah panginten bilih Clacap utawi Tlacap (Kt.Pin. pada 9, Wt.Pin. pada 8) wonten redinipun latu. Bokmanawi ingkang dipun kajengaken punika redi Krakatau.
Pun pangarang kirang mangretos kraton Sala, kacihna anggenipun nyebut lan ngrumpaka imbal sabdanipun S.D.I.S. Kangjeng Susuhunan, K.G.P.A.A. Mangkunagara, tuwin R.Ng. Ranggawarsita : boten kantenan.
Pun pangarang gesang salebetipun abad 20 Masehi, kacihna ing Kt.Pin. wonten tembungipun : permisi, model, gipermen (pada 2-6-10); ing Wt.Pin. wonten tembungipun premisi, penyakit, propesor, guprenur (pada 3-14-16-27).
Miturut keterangan kula, sumiyaripun “jangka” punika wau anyarengi sumiyaripun pawartos bilih S.D.I.S. Kangjeng Susuhunan PB X bade daup akaliyan putri dalem S.D.I.S. Kangjeng Sultan HB VII. Pun pangarang ngenta-enta sinten ingkang bade jumeneng PB XI benjing, tuwin ngenta-enta lalampahan manawi pikraman wau saestu kalampahan, ingkang sajakipun pun pangarang boten nyuwaweni. Dene daup dalem PB X akaliyan putri dalem HB VII ingkang lajeng kajumenengaken G.K.R. Emas punika saestu kalaksanan nalika 17 Besar Jimawal 1845 (29-10-‘ 15).

Panginten kula Kt. Pin. punika wedalipun ngrumiyini, lajeng dipun monceraken dening pangarangipun Wt. Pin. mawi kaewahan lan kawewahan miturut sakajengipun piyambak, kados ta :

(1). Kt. Pin. “kali agung” (pada 9) = lepen ageng, ing Wt. Pin. ewah dados “kali Tanggung ranireki” (pada 5) = lepen anama Tanggung.

(2). Kt. Pin. “netra nem ngesti raja” (pada 11) = taun Jawi 1862, ing Wt. Pin. Ewah dados “netra nenem narendra nitih esti” (pada 16) = taun …….(?).

(3). Kt. Pin. Nyariyosaken datengipunsarjana Ustenrik punika kala jamanipun P.B. IX, M.N. IV lan Ranggawarsitan, kala taun Jawi “benjing gusti ngesti nata” (pada 3) = taun ……. (?); sarjana wau ameca panjeblugipun redi Merapi ing taun Jawi “slira catur ngesti ratu” (pada 3) = tahun 1848; ananging manawi miturut wirayat Jawi panjeblugipun ing taun Jawi “netra nem ngesti raja” (pada 3) = taun 1862, pinuju krama dalem P.B. X daup putri Ngayogya. Dene ing Wt. Pin. kacariyosaken bilih datengipun sarjana Ustenrik punika ing taun Jawi “esti catur sabdanireng narpati” (pada 9) = taun 1748, panjeblugipun redi Merapi ing taun Jawi “esti catur asta nata” (pada 9) = taun 1848, manawi miturut wirayat Jawi ing taun Jawi “netra nenem narendra nitih esti” (pada 16) = taun …… (?), ugi wekdal krama dalem P.B. X daup putri Ngayogya. Centangan : Kala taun Jawi 1748 punika dereng jaman P.B. IX, M.N. IV lan Ranggawarsitan, inggih punika jaman P.B. V, M.N. II lan Yasadipura I-II.

(4). Taun Ebe (Be) ingkang kasebut ing Kt. Pin. pada 11 punika sampun terang lepat panuruhipun, leresipun Eje (Je). Dene tembung “kilen praja” (Kt. Pin pada 8 , Wt. Pin pada 13) punika bokmanawi rumiyin mungel “kilen Praga”.

Wusana nyumanggakaken.


"Mas Alang Alang Kumitir"