SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 10 Februari 2013

Werdining Lanang lan Wadon, Priya lan Wanita, Jaler lan Estri, Kakung lan Putri.



السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Mugi seratan punika wonten mumpangatipun dateng diri kula pribadi mandhapipun dhumateng para sedhereh sedaya ingkang kersa mampir wonten blog kawula,

Nuwun



Sinebat LANANG punika lantan wewenang, 
Dene WADON punika wadu wadu punika kawula, 
Sampun dados kewajiban sipating lanang kedah ngayomi dhateng para kawulanipun, sampun dados kewajibanipun kawula kedah ngabegti dateng gustinipun.

Wondene PRIYA ngemu werdi mamardi dateng karahayon, 
Dene WANITA wani dipun tata tumuju dhateng kautamaning wanita.

Wondene JALER kalian ESTRI
Jaler mengku suraos jalaran tuwuhing wiji, 
Dene estri punika adeg adeg, sipating pawestri punika adeg adeging keluwarga.

Ingkang pungkasan KAKUNG kalawan PUTRI, 
Kakung punika karep ingkang linangkung menawi saget nuhoni dhateng darmaning lanang, priya, kalian jaler punika kasembadan ingkang dados kakung karep ingkang linangkung, 
Saha malih menawi saget nindakaken darmaning wadon,wanita kalian estri nembe sinebat putri, putri punika putus tri perkawis darmaning wadon wanita kalian estri