SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Minggu, 17 November 2013

Filsafat Luku

Kalawan Nyebut Ing Asmane Allah Kang Maha Welas Tur Asih,

Awid pentingipun Ilmu pramila manungsa gesang ing ngalam ndunya dipun prentahaken ngudi ilmu ingkang sak kathah kathahipun sanadyan ngantos dumugi ing nagari seberang, prentahipun Gusti ugi nyebutaken bilih Gusti Allah badhe ngangkat drajadtipun tiyang tiyang ingkang kagungan Ilmu ngantos pinten pinten derajad inggilipun, wonten malih parentah ingkang nyebutaken Ngudia Ilmu Sira kabeh saka nalika sira ana ing embanan nganti tumeka sira kabeh bakal dikubur, punika sedanten awit pentingipun ilmu kala wau.

Manungsa ingkang anggit mboten namung ngudi ngilmu wonten ing pawiyatan pawiyatan ingkang formal, ananging kiyambakipun tansah ngudi ilmuning panggesangan sanadyan wonten ing sadhengah panggenan.

Kados dene ingkang dipun ajaraken Kanjeng Sunan Kalijaga dhumateng para among tani duk nalika jaman kina lumantar praboting tetanen inggih punika LUKU, sanadyan katingal remeh anaging yektosipun salebeting luku ngandhut filsafat ingkang inggil tumrapipun titah ingkang gesang ing ngalam ndunya.

Kados ingkang dipun ngandikaaken Kanjeng Sunan Kalijaga, Luku kaperang dados pinten pinten perangan ingkang sedanten kala wau kedah nyawiji supados saget dipun ginakaken kangge lantaran pangolahing tegal lan saben mrih harjaning para among tani. 

Peranganing Luku kala wau ingiih punika:


  1. Cekelan, cekelaning tiyang gesang wonten ing ngalam ndunya inggih punika agama pramila manungsa ing ngalam ndunya kedah ngregem siset cekelan kala wau sampun ngantos uwal lan nalisir saking peprenah agama ingkang sampun kawedhar lumantar Kitabullah lan Hadits-ipun Nabiullah.
  2. Pancadan, pancadaning gesang ingkang dipun sanepakaken ing luku inggih punika manungsa kedah ngamalaken punapa ingkang dados cekelan kala wau, manungsa kedah nindakaken prentahing Gusti ingkang saha ngajaraken punapa ingkang wonten salebetipun agami,
  3. Tandhing, tandhing mengku werdi manungsa kedah saget nandhing nandhingaken sedanten tindak tanduk, leres lepat, ala lan sae, dosa lan ganjaran ingkang linampahan. saha manungsa kedah saget nandhing nandhingaken dirinipun ing babagan kadunyan dipun tandhingaken kalian ingkang sangandhapipun supados tansah saget syukur lan babagan akherat dipuntandhingaken kalian lintu ingkang langkung sae ngamalipun mrih saget dados panjurunging diri dateng tumindak ingkang langkung sae.
  4. Singkal, Singkal saking tembung Sing Sugih Akal. manungsa gesang kedah saget ngembangaken akal lan budinipun sampun ngantos pasrah dateng kawontenan, nyerah dateng takdir, manungasa kedah kersa nyambut damel awrat kangge nggayuh karaharjan ing ndunya lan akherat.
  5. Kejen, Kejen saking tembung Ke-ijen, Ke tegesipun marang Ijen punika siji, manungsa gesang kedah kagungan tujuan ingkang nyawiji kados dene tujuaning gesang ing ndunya nggayuh tata raharja lan tujuanipun gesang akherat inggeh punika sekeca ingkang langgeng inggih punika Syurga, saha manungsa kedah tansah ngupadi ridanipun ingkang Maha Tunggal.
  6. Olang Aling, Olang aling utawi Aling Aling, manungsa gesang ing ngalam ndunya mesthi badhe manggihi alangan reribet, pramila manungsa kedah pinter pinten anggenipun nyilak lan nyingkiraken reribet ingkang nyrimpeti.
  7. Racuk, racuk saking tembung arah pucuk, pucuk punika umumipun wonten nginggil lan ingkang paling ngarep, pramila manungsa kedah madhep mantep ningali ngajeng ( ingkang dados kekarepan) sanadyan reribet tansah dados pepalang mboten badhe owah gingsir saking arah ingkang badhe tinuju, dipun lampahi sarana ikhtiar, sabar lan tawakkal, mboten supe kalian ingkang Inggil inggih punika Gusti Ingkang Murba Kawasa.

Mekaten Filsafat ingkang dipun kadhut salebeting Luku,
Kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Jaka Lelana

Sabtu, 16 November 2013

Ngelmuning Pacul


Salebetipun ngelmu, manungsa kedahipun migunakaken pikiranipun kangge maos lan mangertosi kahanan punapa kemawon ingkang wonten sekelilingipun. Wekdal manungsa meguru ngangsu kawruh dhumateng tiyang ingkang mumpuni ing babagan ngilmu rasa, pramila kiambakipun kedah saget ngolah pikiran supados saget pirsa punapa to werdinipun isen isening alam dunya punika, wosipun dunya saisinipun punika sageta dipun "waos" lan dipun takwilaken kiambak punapa to werdinipun.

Ki Ageng Sela, ingkang kondhang kaloka asmanipun lantaran saget nyepeng gledheg nate meguru ngangsu kawruh dateng Sunan Kali Jaga. Salah satunggal wejangan ingkang dipun paringaken Sunan Kali Jaga dateng Ki Ageng Sela inggih punika babagan PACUL.

Pacul inggih punika satunggaling perabot ingkang dados gamaning para among tani. Sanadyan katingalipun namung sepele jebul salebeting pacul kala wau mengku filosofi ingkang inggil.

Saking wejangan Sunan Kali Jaga dateng Ki Ageng Sela, pacul punika binangun saking tigang bagian ingkang satunggal lan satunggalipun mboten saget dipun agem menawi pinisah pisah.

Tigang perangan kala wau ing antawisipun:


  1. Ingkang pinangka landhepe inggih punika dipun sebat pacul punika kiambak, Pacul punika saking tembang Ngipatake kang Muncul,
    Werdinipun ngipateken utawi nyingkiri sedanten ingkang soca utawi muncul mboten warata, wosipun manungsa punika sageta tumindak warata utawi lurus kados dene ingkang sampun di pun wulangaken salebeting ajaran agami sarta nyingkiri lan ngipataken sedanten tumindak ingkang soca kados to tumindak ingkang adigang adigung adiguna, daksia dateng sepadha padha, tumindak ingkang panasbaran lan tumindak culika sarta ala ingkang nalisir saking bebener lintunipun.

  2. Bawak, inggih punika peranganing pacul ingkang pinangka bungkul lan kangge wadah manjingipun doran. bawak saking tembung Obahing Awak.
    Lir ipun manungsa gesang punika dipun wajibaken ngobahaken badan utawi awak saperlu ngudi rejeki raharjaning gesang saking Gusti kng Murba Kawasa. Obahing Awak ugi mboten namung kawates ing pedamelan ngudi rejeki kewalan ananging ugi obahing awak kangge usaha tansah manembah dateng Ngarsanipun Gusti Kang Murba Dumadi datan kendhat rina kalawan wengi.
  3. Doran, doran punika peranganing pacul ingkang pinangka gegondhelan, Doran saking tembung Donga maring Pangeran, wonten ugi ingkang makwilaken tembung kala wau aja Adoh karo Pangeran.
    Manungsa  sampun ngantos supe nyenyuwun mring Gusti Kang Maha Agung mrih kaleksanan sedanten kang sinedya punika werdinipun donga maring Pangeran. manungsa ugi rinten lan dalu sampun ngantos tebih saking Pangeran sampun ngantos kendhat anggen kita emut nyembah lan manembah. Manembah namung dateng Gusti Allah, Gustining alam sawegung.

Pacul mboten saget dipun agem menawi dipun pisah pisahaken perangan tiga kala wau. semanten ugi werdining pacul, bawak lan doran kedahipun tansah nyawiji sampun ngantos pinisah pisahaken. wosipun miturut pacul, manungsa kedah saget nyingikiri ngiwakaken sedanten tumindak lan sipat ingkang soca nalisir saking bebener, ikhtiar ngobahaken awak kangge ngudi harjanipun gesang ing alam dunya sarana ngudi rejeki saking Ngarsanipun Gusti Allah lan ngobahaken awak ikhtiar kangge ngudi harjanipun gesang ing alam kelanggengan sarana manembah ngibadhah dateng Ngarsanipun Allah, tansah ndedonga rinten kalawan dalu enget salebeting kalbu marang Gusti Kang Murba Ing Dumadi sarta tansah caket cedhak manembah lan ngibadah dateng Ngarsanipun Gusti Kang Maha Murah.

Mekaten kala wau filosofi ingkang inggil ingkang dipun kandhut salebetipun Pacul.

Kirang Langkungipun Nyuwun Pangapunten,
Jaka Lelana


Kamis, 17 Oktober 2013

Suluk Seh Hamongraga

Anggitanipun abdi-dalem Mas Ronggasutrasna,
Seh Mongraga : mulang mring Ragasmara; sekar Dhangdhang-gendhis : 2 pada; nyandhak sekar Mijil : 104 pada; nyandhak sekar Gambuh : 15 pada; nyandhak sekar Kinanthi : 10 pada. 
DHANDHANGGULA

  1. Seh Mongraga angandika aris, kae wasi ngong tanya mring rika, mungguh panglepasaning reh, kang muhung mring mahagung, wasisthane / pratistheng westhi, astha-gina ginagap, panganggep ing kalbu, budi wadine wong buda, kabudayan kang patitis ing panitis, tusthaning kawaskithan.
  2. Kang kinontha kanthining ngaurip, ayun sumurup ing kadadeyan, jarwaa kajatehane, gineng-gineng ing gunung, dunungena ywan nuskma jati, ki wasi Ragasmara, tyasira katuju, ing semu pan wus karasa, medhar jarwa ki ajar ing Pringgadani, mijilken sabda tama.
M I J I L

  1. Datan wangwang denira anjarwi, tatasing wiraos, wasu Ragasmara lon delinge, yen paduka tanya ngudi-udi, pakem ing maharsi, kang sampun linuhung.
  2. Kang ginulang jatining aguling, anggagregrit totor, kang pinusthi angusti papasthen, kamulyane ing dalem sawiji, neng sajroning pati, patitising kalbu.
  3. Kang tan nilib ngariloka benjing, wor jawata manggon, tunggal laku tunggal panuksmane, tunggal paribawa lan dewadi, kang dadya cakraning, gilingan lumintu.
  4. Ing dlahan ing marcapadeki, pamilih ing enggon, ing bantala ngakasa tan pae, ingkang boten inang panuksmaning, Hyang Suman manja/nmi, manitis ing ratu.
  5. Mila ratu puniku linuwih, punjul sakyeh ing wong, lawan jiwa jawata wentehe, jawata pan atmaning maharsi, wiwinih baresih, sukere wus tunu.
  6. Suksmaning resi dadya badan ing, ratu kang kinaot, suksmaning ratu Hyang Soman mene, Narayana ya Hyang Wisnumurti, janarjana nitis, sup mapulung-pulung.
  7. Maring ratu dadya nugrahaning, jawata winongwong, Hyang Manon mring ratu panjanmane, ratu ingkang wus badan suksmarsi, langgeng salamining, saturut kadyeku.
  8. Wus lir satu lan rimbagan neki, resi lan Hyang Manon, tan lyan maring ratu panuksmane, mila maharsi anggentur tapi, mumuja semadi, benjang mukswanipun.
  9. Supaya tan nilib ing panitis, tegese mring katong, andhingini dwija panusupe, jawata-di anitik maharsi, maharsi anitis, panuksmaning ratu.
  10. Yen resi tan waged neng narpati, luputing panggayoh, Hyang Manon tan arsa nuksma dhewe, yen tan lawan lambaran maharsi, kaliye tan dadi, nuksmane mring ratu.
  11. Marma gentur asemadi ening, pan tan kenging bingkong, ing panekung jinungkung pujane, datan bunar angener narpati, ing pati patitis, pani/tising ratu.
  12. Dadya tan kena ing-aran mati, kewala ngalih gon, mila aran kedhaton swamine, lawan wana wulusan kang wingit, tan kenging ginampil, janma mring kedhatun.
  13. Iya kang wus winenang nerpati, ngambah ing kadhaton, sami lan ngambah wana wukire, katone maharsi ing wukir, wukir sup anitis, kadhatoning ratu.
  14. Dening panitis isining wukir, angkane kimawon, ingkang nuksma mring kadhaton rajeng, saisining nagri sining wukir, tan ana anilib, sadaya mariku.
  15. Kerut marang panuksmaning resi, tan talangke mawor, manon manoning lebak pundhunge, mangsuk dadya kagungan narpati, ayawaning maharsi, dadya badan ratu.
  16. Sapunika gegethekan neki, kang pra gentur totor, tan telangke nalimpang pahume, Seh Mongraga mesem ngandika ris, yen mengkono ugi, kawruhe wong gunung.
  17. Lewih dening rekasa binudi, wekasane dhompo, tan maoni ingsun saking kehe, kawulaning Hyang kang maha suci, asnapun mawarni, titah ing Hyang Agung.
  18. Nora kaya agama Jeng Nabi, dutaning Hyang Manon, nucekake rahmating kapaten, Nabi Mukkamad Rasullulahi, tan mawi mimilah, / wus papancen sinung.
  19. Ing ganjaran nut ahli tinapsir, kang entheng kang abot, nora kena selak nampik nileh, ingkang kedhik akeh aneng ngadil, kang akeh doseki, ageng siksanipun.
  20. Kang abecik geng ganjaraneki, aneng swarga manggon, tanpa kira-kira tanpa tondhe, nugrahaning pitung dunya iki, maksih lewih ngakir, kang sinung swarga gung.
  21. Nikmat bae langgeng ing kamuktin, tan kacangkol-cangkol, tan rekasa salawas-lawase, luput suker luput ing sak-serik, barang kang kaeksi, tan ana kang saru.
  22. Kang kapyarsa alirih dumeling, tan balebeg rungon, kang binukti tan ana pahite, kang ginonda tan ana mis bacin, keh rasa tan risi, tan kapalang kayun.
  23. Wareg bae salaminireki, nir tan walang-atos, yen wus luhung amal jariyahe, kaote lan wong ahli ing ardi, menggilingan nitis, susah nusup-nusup.
  24. Yen mungguha ngilmu sarak nabi, ambek kang mengkono, lewih dening sasar pangidhepe, owel tapanira ingkang uwis, mungguha kaywaking, mung kari anunu.
  25. Iba-iba wruha pangeran ing, kang amurbeng tuwoh, baya-baya lewih utamane, kawruhira iku ki wawasi, lamu/n sisip sembir, mati kaping pitu.
  26. Krana ngilmu ajar sun kawruhi, kamuksan prapteng don, kaya nora kalempit ngong reke, ingkang dadi ugering kadadin, duk lagi angikis, ing panggenturipun.
  27. Cabar tiwas bener lawan sisip, aneng gentur kono, nora kena bengkung salilabe, jroning gentur amusthi sawiji, lir uler upami, lagya ambubuntu.
  28. Ungkerira pinepet apipit, angin tan marojol, sangking sanget si uler sedyane, bosen dadi uler ambek pati, kepati kapengin, salin dadya kupu.
  29. Pan anyuthel manganyuthel budi, anyuthel lelakon, dadya mungker si uler nalare, nora mingser ngenirken sakalir, lagya madya sasi, gotra dadya enthung.
  30. Prapteng ing satengah sasi malih, pendhak sasi dados, uler mijil saking panganthunge, pepek busana sungut lar neki, ambabar wus dadi, kukupu abagus.
  31. Yen tan rapet pamepetireki, ungkere sumrowong, tanpa dadi uler pangenthunge, sabab maksih kapanjingan angin, temah kanin posit, nora dadi kupu.
  32. Kaya mengkono uga reswardi, tan beda la/n gendhon, yen ta luput iku panggenture, yen tan sura legawa ing pati, athuk uler becik, bisa dadi kupu.
  33. Lamun ijeh jajar anjejerih, nora wani obong, ajar nora manjing ajur ajer, tan mituhu ujaring kajatin, jatining panitis, netesing panggayuh.
  34. Ingkang lumrah pra ajar ing ardi, dennya samya obong, sauwise pandhem pangobonge, amemekas duk maksiye urip, yen benjang sun mati, tununen ragengsun.
  35. Sapatining geni awuneki, titikening kono, yen awu iku ana tapake, tapak bayi karepe mring ngendi, yeku pesthi mami, manitis ing ratu.
  36. Lamun tapak janma iku mami, ing panitis ing ngong, maring patih mantri ber-abere, dene liya tapak janmi, tapak sato peksi, tununen den-gupuh.
  37. Lamun meksihnya tununen malih, ping pitu angobong, yen tan ilang ya uwis pesthine, ulatana yen sira sedyapti, nut tapak kang keksi, tondha panuksmengsun.
  38. Ya mengkono punapi tan sisip, kang kadya linging ngong, lya wasi Ragasmara sumeh, matur inggih swestu / yen kadyeki, sarywa ngling jro ngati, aedi wong iku.
  39. Surup tapa sabasaning ardi, anjantur lelakon, sasuwene sajor tan aceweng, Ragasmara owah dennya linggih, marepeh semu jrih, pagutan pandulu.
  40. Nundha atur mring Seh Amongragi, kang mugi sang anom, kula nuwun lajengipun maleh, supaya trang tyas kawula myarsi, Seh Mongraga angling, ujar kang puniku.
  41. Pratingkahe kang samya ambesmi, kaliru le obong, tuna dungkap jenggan panitise, nora antuk pangubaya yekti, karahayon pesthi, tuwas dadi awu.
  42. Atma sasar wiwinih anisir, sire tiba asor, apan luput saking pangobonge, atma dadi wuta nora titis, tapak malah malih, tan kena binestu.
  43. Pratandhane tan bener kaeksi, yektine kablosok, kekanhangan iku ing tiwase, nandhang mati kaping pitu pasthi, rekasaning pati, temah bliwar-bliwur.
  44. Yen wus mati kaping pitu nuli, nitismaring nguwong, wong ing gunung tapa maneh, anggegentur pratingkah ing nguni, dene sun angling, pati kae amu.
  45. Rupaning pati pipitu iki, dadi kewan sato, peksi anuli dadi sakehe, laler rupa yen myang resresing bumi, salin rupa yen wis, jangkep kaping pitu.
  46. Yeku cakraning gilingan pati, pati kang mangkono, kongsi prapteng salawas-lawase, lamun tan kabeneran ing pati, mubeng bola-bali, kadya ika mau.
  47. Ana ingkang manggilingan becik, manggilingan awon, nora kena binestu becike, krana sangking abote cinangking, wekas anglakoni, ras -arasen nyangkul.
  48. Wus mangkono prabawaning becik, sru saguhe linyok, kaya iya-iyaa niyate, nuli mangkene bae ya uwis, arang kang nuhoni, mila sasar susur.
  49. Beda lan kang maharsi linewih, tan ana pakewoh, ambek sura legaweng patine, pangugere anggentur pangeksi, waskitha ring pesthi, tan inang sarambut.
  50. Yen wus mathuk ing dina sawiji, tahen gya tinotor, pa/maoman gentha myang kekeleng, puthut manguyu gocara cantrik, endhang endhang angendhangi, rabuk ratus arum.
  51. Wus rinukti sakeh cantrik cantrik, parantine obong, sarta samya angastuti kabeh, ramya santi thiri-thiri gutthi, hong ilaheng ahing, hem hem pahum pahum.
  52. Sedheng andadi urubing geni, akantar kang totor, nir kang kukus urube anungge, sang maharsi nulya marepeki, mring agni semadi, ngeningken pandulu.
  53. Tan antara ana kang kaeksi, neng sajroning totor, janma cahya amor lan urube, kawistara narpati madhiri, neng sajroning geni, sakaprabonipun.
  54. Keksi wantah lir prabu tinangkil, maharsi duk anon, ingkang dadya delinge ciptane, tan talangke lumakseneng agni, murub anguladi, angganya maha puywa.
  55. Iku gyaning panuksmani maring, ratu kang kinaot, wus pancaka tan ana labete, nora nganggo tapak kang tinitis, sanalika wus nir, sampurna ing ngriku.
  56. Nora kumalendhang wus anunggil, panuksmaning / katong, nora samar panitise, maring ratu kang minulyeng bumi, maniking rat yakti, panjenengan ratu.
  57. Kang mangkono maharsi sejati, wasis mring tumuwoh, wasi Ragasmara nalikane, myarsa sabdane Seh Amongragi, gigal tyasireki, kaluhuran wuwus.
  58. Ngunadika jroning tyas ki wasi, sayekti kinaot, kaya trahe maharsi kang gedhe, tatas maring sabda geneng nenggih, sun durung miarsi, kawruh kang linuhung.
  59. Sira wasi Ragasmara aglis, linggihye malorot, tunggil lungguh lan Jamal Jamile, saha sembah atur pati urip, panggusthining kapti, mring Seh Amongluhung.
  60. Aturira sarwi ngasih-asih, dhuhgiyungan ing ngong, mulyakena jiwangga ing mangke, sumanggeng karsa tuwan asung sih, ing wong kawlas-asih, tumutur sakayun.
  61. Kawula nut reh paduka yekti, sumarah kemawon, anetepna amecap ta dene, pan kawula darmi anglampahi, ingkang mugi-mugi, sungana pituduh.
  62. Seh Mongraga me/sem lingira ris, mring ki wasi alon, yen mengkono karepira kuwe, asalina ing agama suci, sarengat ing nabi, duta kang linuhung.
  63. Anebuta ya kalimah kalih, ki wasi wus sagoh, gya winuruk agama Islame, wus mangkana Islam ki wawasi, sang Seh Amongragi, langkung wlas andulu.
  64. Dangu aneng prabakesa linggih, akaroron raos, Ragasmara aris ing ature, mring sang adi mudha Amongragi, masalah ing ngilmi, tur sembah sumungku.
  65. Ya tuwan-ku sung ngutameng lir ning, tulunga sih mring ngong, kang pun endi marga sajatine, mangke nguni panggawe kang lewih, aywa tanpa gati, amba nuwun sinung.
  66. Tuduhena ingkang sajati-jati, ring pangulah ing don, supaya tan kongsi tanpa gawe, lampah kang u[ta]ma tameng ngurip, kranane pun endi, sampurna eng tuwuh.
  67. Dan lingira ki Seh Mongraga ris, yen sira yun mangko, uninga eng marga sajatine, patekena sariranireki, yekti manggih urip, lamun bisa lampus.
  68. De kang / aran pati iku yayi, anor ing Hyang Manon, anoring kang samekta samine, kang nor bukti kang nor maring jati, kang noring sasami, kang nor nginum turu.
  69. Kang nor maring rajah tamah tuwin, noring luba mumoh, yeku pati jroning ngurip reke, badan budi mring ngawak den-lani, muhung Hyang Suksma-di, dinulu linuru.
  70. Dudu luru mider angulingling, aminta sih ing wong, yen antuk den reraga solahe, yen tan oleh mangke anguriring, ing panggawe den prih, sagone kadulu.
  71. Mapan reke kang ing-aran pati, pan dudu mangkono, de kang aran pati sajatine, angawruhi ya raga pribadi, den tekeng ayekti, wruh ing marga ruhur.
  72. Kang wus nyateng sajatining dhiri, penggawe kang kaot, marga iku apa pandungkape, wau mintar wus prapteng nagari, durung aningali, sang ratu katemu.
  73. Anging iku pan panggawe luwih, kang teka ing kono, anirnaken saliring panggawe, kang aran sarira kang wus tokit, / aywa tan kalingling, punika marga yu.
  74. Iya iku kang ing-aran pati, patining wong kaot, kang wus awas tan uwas anggane, yeku pati patitising urip, wus prasanak pati, uripe linuhung.
  75. Yogya tatakinen kang sayekti, aywa amirangrong, nyatakena sapa lelekane, apan sarira iki kekalih, karo den kalingling, ajana kang kantun.
  76. Roh lan jasat iku tunggal dhiri, dhirining Hyang Manon, pan jumeneng kalawan dheweke, ananira eneng ingkang ening, rampung ing pangeksi, pameksaning laku.
  77. Laku lakonan ataki-taki, kalanggengan jumboh, wus tan ana kakange adhine, langgeng maha sucinireng Widdhi, tan kacampur dening, karsa ingkang huru.
  78. Namung karsa kewala pribadi, pandulu dinulon, lir andulu paesan ing carmen, mapan tan lyan kang tumingal sami, mung dhawakireki, tan salayeng kahyun.
  79. Bukak larangan kang wus linempi/t, ngitan ginedhong, ing kinunci ing ngilmu papake, ing datira sajatining saksi, pan anekseni, ing pribadinipun.
  80. Pribadining panunggal ing puji, puji kang sajatos, jatining Hyang iku panunggale, tunggal ajal tunggal abat neki, using sasa diki, tan ana sisiku.
  81. Tegesing ajal puniku wingit, wiwitan kawaon, tanpa krana mungguh ing kranane, mring abad tan ana ngareni, tan wit tan mekasi, ananira iku.
  82. Samya tan ana ingkang dhingini, tan angareni pon, anging ananira juga dhewe, tunggal kahananira Hyang Widdhi, mulyeng jasat jati, mring Hyang kang Maha Gung.
  83. Ingkang saksi kalawan pribadi, tan ana wujud ro, anging ananira purba dhewe, angarani arane pribadi, purba araneki, purba wujudipun.
  84. Purba rupa purba ing pakarti, purba ajal reko, purba abad purba ajatene, purba tunggal purbaning sih jati, jatine wus siji, mung ongga kiteku.
  85. Angganira yeku / jasad jati, jatining tan anon, jatining saksi rupanta kuwe, anekseni namaning pribadi, basa jeneng yayi, dating Hyang Maha Gung.
  86. Kang tan kontha warnambu raseki, tan arah tan enggon, datan kena dinuga wujude, kinayapa jrone tekang ati, sabab iku napi, tan kena winujud.
  87. Dening isbating Hyang iki yayi, kang dat sipat reko, lan apengal telu iku lire, edat ing Hyang ananira teki, sipating Hyang Widdhi, ahlinireng ngilmu.
  88. Apengal ing Hyang uripireki, samya isbat manggon, iku ingkang pasthi ing anane, asmaning Hyang jenenging kang lantip, kang sayakti napi, ing-aken Hyang Agung.
  89. Sabab kita amrat isbat napi, ing patemon jumboh, paekane tan ana paene, asmaning Hyang napi ingkang pasthi, nakirah ing Widdhi, mungguh ing Hyang Agung.
  90. Aran kita iki napi jinis, prabedaning roro, napi jinis mungguh kita kiye, napi nakirah munggh eng Widdhi, yeku tan sarenti, suhu/lling Hyang Agung.
  91. Ingkang guwa garba wewah wening, tan samar sumrowong, ngilminira akathah unggahe, saha sembah matur ki wawasi, nuhun kang pun endi, ing akeratipun.
  92. Akekating dunya kang utami, Seh Mudha lingnya lon, akekate dunya  sajatine, apan patang prakara kang dhihin, pan muwus kang manis, aywa kongsi saru.
  93. Kapindhone netepi agami, Islam lanang wadon, kaping telu kang banget wedine, maring Al[l]ah kang aMaha Suci, kaping pat kang becik, ngamale kang sokur.
  94. Ngamal puwasaning badan yayi, acegah wiraos, pangucap kang siya-siya kuwe, lan puwasaning nepsu den-kesthi, cegah sumngah kibir, myang suka gumuyu.
  95. Cegah wareg nginum turu bukti, de puwasaning roh, cegah cipta kang ala nelempeng, lawan malih puwasaning budi, cegah nepsu serik, bongsa kewanipun.
  96. Bongsa setan jajal [l]anat i/blis, cegah kang mengkon[o], puwasanira apan mangkene, pan acegah tingal kang anilib, kang tan patut keksi, sirik lawan suwung.
  97. Ragasmara tyasira mawerdi, anut ing sapakon, tan kumelab salilab kalbune, matur mugi tuwan lajeng neki, tepangipun nguni, wuwulang kang wau.
  98. Seh Mongraga angandika aris, kawruhana mangko, pamusthine sembah puji reke, panunggale lan nabiyolahi, tunggal dat sipat ing, asma apngalipun.
  99. Ananira rupanira iki, aranira reko, panggawenira obah osike, apan nabi Al[l]ah kang kakiki, muntalek ing Widdhi, sembah pujinipun.
  100. Yeku pamusthine kang sejati, aywa doh Hyang Manon, paningalira ingkang ngawenteh, sira lan kang murba miseseki, tana antareki, anunggal ing wujud.
  101. Tunggal solahbawa mana muni, apan wis mengkono, kang tan weruh adol pangidhepe, saking kadohan kewala wingwrin, aweraning iblis, anduduga dulu.
  102. Tan wruh yen suksmanira neng / dhiri, nira kang wong-winong, Hyang aRuhur tan kena wiyange, karsanira roro roning asiji, sejatining puji, muji dhawakipun.
  103. Basa dhawakira iku jati, jatining Hyang Manon, cipta kang tan kaselan riptane, ripta kang tan ing budi, budi tan kaselan ing, angen-angenipun.
  104. Angen-angen tan kaselan cipteki, patiku wus jumboh, suhul tetep-tinetepan kangsen, kang mangkono paworing sajati, tan dumeh wus bangkit, akeh ngilminipun.
  105. Tan dumeh wus tapa wus angaji, sembayang linakon, tapaa den-kongsi kadi golek, ngaji den-kadi jalak gulathik, sembayang den-kongsi, angambuh ping catur.

G A M B U H
  1. Ragasmara umatur, mring Amongraga tembungira rum, ngong nunuwun badhe taken kang sayekti, kang pundi wujuding ngilmu, tanpa papan tulis reko.
  2. Ulun lamineng gunung, dereng manggih murat kang gumathuk, ngilmu kathong tanpa papan tanpa tulis, mugi paduka sung tuduh, wujudipun kang samengko.
  3. Mongraga mesem muwus, yayi den aneh temen puni/ku, kang tinakokaken sawujuding ngilmi, tanpa papan tulis iku, kang kothong ingkang tinakon.
  4. Padha akekatipun, ngilmu buda lan agama rasul, Ragasmara umatur sumongga mugi, paduka asunga tuduh, badan sumanggeng sapakon.
  5. Inggih supayanipun, padhang nerawanga ing tyas ulun, pan punika kawula dereng kadugi, salami dereng amangguh, mila ulun amirangrong.
  6. Mongraga lingira rum, lewih utama ngilmu puniku, yen tan geseh ing rasa tanggap ing kalbu, yen kapelantrang kepahung, lir kinjeng tanpa soca non.
  7. Dene sajatenipun, ngilmu tanpa papan tulis iku, iya Kur’an lan kitab kitab sayekti, semune tanpa sedarum, pan iku pinurih coplok.
  8. Sangking jilidanipun, yen bisa coplok ngalih ing kalbu, saunining Kur’an wus apil ing galih, myang kitab apil kacakup, campleng coplok wus ngalih gon.
  9. Kewala aneng kalbu, kalbu wus wujud ngilmu kang agung, tan kena sat tyas wus pangawak jeladri, mring papan tulis tan ngingus, tanpa ga/we wus tan kanggo.
  10. Iya yayi kang iku, ngilmu tanpa papan tulis iku, dene ingkang wong salang surup ing tampi, amengeran dhewekipun, dheweke awake bobrok.
  11. Mung ngengel-engel wuwus, wuwuse ngaku-[aku] amengku, kang mengkana kapelantrang kawruh neki, mila kedah mrih sumurub, yen kacocol dadi gecol.
  12. Ragasmara tumungkul, tyasira kakandhangan ing kawruh, grahitane puthes tan thukul samenir, yen nedya mawali kawruh, malah tyas mundhak cumeplong.
  13. Panarimane kantun, watesan ing kawruh kang luhung, Ragasmara ngerpepeh umatur aris, datan anyana salugut, coploking ngilmu ngalih gon.
  14. Manggon aneng ing kalbu, inggih sanget kasinggiyanipun, dereng wonten para pandhita kang ngalim, ingkang nampurnaken kawruh, kang anjarwani mengkono.
  15. Ingkang sampun tertantu, tan kenging nalimpang saking ngriku, inggih wonten tiyang ahli raos angling, tunggil kang paduka wuwus, mengku angaku Hyang Manon.
  16. Sanget kalesikipun, nging kaot basa ajar pu/kulun, duk kawula tamiyan ki Tatasjati, ing pangraos kula sampun, ginondheng temahan cebol.

KINANTHI

  1. Amongraga ngandika rum, maksih celak kang puniki, tan nganggo tebeng satuma, galetheke kang sayekti, nyata nyataning anyata, ki wasi den bibisiki.
  2. Athuk gathuk adu bathuk, tumungkul ki Ragaresmi, tyas kadya cadhang andhangdhang, lir cintaka minta riris, ris rerasan ngilmu rasa, wus tan arasani ngelmi.
  3. Liring bibisik puniku, pamedharing ngilmu gaib, kang linarangan ing sarak, tan kena kawijiling ling, kang wus pupul ngalih titah, lah kang iki ki wawasi.
  4. Yayi mung eneng manekung, antara ing pitung sasi, meneng budi meneng solah, meneng nendra meneng bukti, meneng ngucap meneng gonda, meneng myarsa meneng mosik.
  5. Datan ika iki iku, bleg pleng gemplung bleng uwus nir, lowong buntu tan pinongku, sajroning bleng amung siji, wiji wijiling kasidan, sida aku iya urip.
  6. Wiji-wijining puniku, tumanem ing pitung sasi, wijining nukat wilayat, duryat martabat san kamil, wijining kang dade/yan, asenet neng pitung sasi.
  7. Sajroning pitung sasi wus, kamurahaning Hyang Widdhi, pan ing dalem satus dina, palal ing Hyang martandhani, thikil wijiling oliya, nur buwat waliyolahi.
  8. Ywa kandhek pratandhing ngiku, lajuning dadi ngadadi, ing dalem wuk pitung wulan, utama kang sangang sasi, jatining wisik tri kecap, amung ngaku iya urip.
  9. Aku tan roro tetelu, iya prasejen dumadi, urip tan kena ing pejah, lah iku ya ingkang pesthi, wekas-wekasing kasidan, sida-sidaning kadadin.
  10. Kang wang-uwung lan kang ngilmu, tanpa papan tanpa tulis, wus pupul rampung sampurna, kang buntu ing pitung sasi, pan iku mulyaning tekat, tuwin kamulyaning ngilmi.
  11. Pupul palestaning kawruh, wus sampurna thel kinunci, tutup wus datan kabuka, kang mantep dennya akunci, iya wasi Ragasmara, sareng myarsa merbes mili.

Kagungan-dalem serat Susuluk nomer satunggal, jaman Karaton-dalem ing Surakarta.

Nyandhak kagungan-dalem serat Susuluk ingkang nomer kalih, anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping Sanga ingkang jumeneng punika.

Utawi abdi-dalem ing Surakarta.

Seratanipun abdi-dalem Kadipaten Anom, pun Ngabehi Awikrama.

Nomer kalih wau anyandhak nomer satunggal punika.  [Lihat hal. no. 166 atas]

Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura Posliyun.

PANGKUR

  1. Wanci tengane ywa ringkang, marua ris risang Mudha Mong-brangti, lumampah amurang ngenu, tejanya kethap-kethap, ya Mongbrongta Tejaswara kang jujuluk, Makmunuradi lampahnya, sabat kalih datan kari.
  2. Tejaswara murang marga, kapirangu kaesthi kang among sih, maruta lon ririsnya rum, Tejaswara rambek brongta, Iman Tokit gumeder awawan padu, masalahe cacangkriman, malah asalang tampi ling.
  3. Ki Tokit asru angucap, payo salin cangkriman kang abecik, alah apa pak boletus, mara badhenen enggal, siga kalah mulir lambe lawan irung, Ki Iman nulya ambatang, bekatul punika yayi.
  4. Ki Tokit alatah-latah, nora badhe lambe-mu ingsun pulir, Ki Iman anulya nebus, puret badhenen apa, pan Ki Tokit ambatang manggar kang bagus, Ki Iman asru tan rena, pan kedah irung pinulir.
  5. Cangkriman durung kabatang, pan gumerjeg irung pulir-pinulir, kaparat badhe-mu luput, sira ya luput uga, Dyan Seh Mudha Tejaswara /mesem muwus, iku kang pinadu apa, sawengi tumekeng enjing.
  6. Ki Tokit matur wotsekar, cangkrim puret binadhe manggar gusti, Tejaswara lon amuwus, lah Tokit sira apa, pak boletus angger binadhe bakatul, Seh Mongbrongta angandika, padha beneripun kalih.
  7. Padha batangen priyongga, jer durung wruh karepe siji-siji, Iman badhenen karuhun, sandika nulya batang, pan bekatul bebakane beras wuluh, beras pan gabah binebak, gabah asal saking pari.
  8. Pari asal saking sawah, sawahipun ing-olah kebo kalih, alah dene bener iku, puret kabadhe manggar, lah badhenen pribadi dipun-gupuh, Ki Tokit suka ambatang, manggar biluluk tumuli.
  9. Pan cengkir dadi dawegan, degan nulya dadi kendho tumuli, kendho dadi kiring iku, kinlentik dadi lenga, lisahipun ing wadhahan ing cucupu, saenggen-enggen dokokna, punika pan leres gusti.
  10. Iman Tokit latah-latah, dene padha bener sipta sebdeki, Tejaswara ngandika rum, Iman Tokit karseng wang, angaliya jujuluk si Marga-Ewuh, kesantren jeneng-/mu lama, yen sinehat pra maharsi.
  11. Marga Ewuh apa sira, wus nampani ing karsaning sun iki, Marga Ewuh latah matur, inggih sampun kadhadha, tanpa damel lamun tan batang wak ingsun, rahaden mesem ngandika, lah babaren karsa mami.
  12. Marga Ewuh aturira, datan ngalih ing batin iman tokit, lahir sanes maknanipun, pan marga imanira, ing lumampah dene artine kang ewuh, yen sampun tokid ing driya, datan wonten marga sungil.
  13. Sang Brongta mesem ngandika, nyata wasis cangkriman lahir batin, yata lampahe andarung, risang Mudha Mong-brongta, apan tansah kapirangu amangun kung, kaetang purbaning suksma, kang asih sakweh dumadi.
  14. Wanci nunggang ing ngancala, maruta lon sumirir angekesi, Tejaswara lampahipun, tejanya kethap-kethap, prapteng dhukuh Sidarengga kang amangun, tapa wasta Ajidarma, janma nom brangti ing Widdhi.
  15. Munajat tengah ing wana, pun alasing dukuh Sidarenggeki, umeneng ngalul paneku, tan samar ing paningal, pan dumeling jro pana teja lelaku, tan samar yen ingkang prapta, sujanma winong ing Widdhi.
  16. Ajidarma ris nambrama, te/ja suleksana sarawuh neki, ing wingking pundi wismeku, paran sinedyeng ngarsa, lawan sinten kang sinambating jujuluk, kawula tembe tumingal, Tejaswara ris nauri.
  17. Sun yayi wong tanpa wisma, pan ideran saenggone ywan kampir, kang sotah mastani mring sun, Tejaswara raning wang, ing-ancaran suwawi lenggah pukulun, karsa ngong yun mawong sanak, dhumateng kang lagya prapti.
  18. Kawula pan tanpa wisma, angandika Seh Mudha Among-brangti, yayi tan beda lan ingsun, Tejaswara anyipta, mandhapa gung pamucangan lan sesipun, dahana munggeng padupan, panidon kasah miranti.
  19. Saking gaib ananeka, lawan cipta dinulur sasedyeki, janma winong ing Hyang Agung, dadi sakarsanira, Ajidarma pupungun mangu mangun kung, moneng andulu wismendah, ing netya sinamun wingit.
  20. Kalingling purbaning suksma, Tejaswara tuhu janma linuwih, nyata abadan suksmeku, Seh Mudha Among-brongta, angandika yayi linggiha sireku, ing wisma yayi lan para, awon sirnane neng siti.
  21. Anulya linggih saksana, Among-brongta resep myat Darma-aji, Ki Darmaji apitutur, mila ulun pilenggah, aneng Sidarengga nglampah/i pituduh, ujaring swara paduka, kang kesthi swara dumeling.
  22. Antenana Sidarengga, Tejaswara janma winong ing Widdhi, kang badhe mulyaken iku, paran sasedyanira, Among-brongta mesem ing pamuwusipun, anglengkara awaking wang, lumakyan tuk sihing Widdhi.
  23. Sun iki ambeg birawa, anglalana tanpa eninging kapti, tan pandon ing tingali liwung, tan wrin ing subasita, pindha punggung tar wruh wekasing awuwus, lir sarah aneng samodra, kombak kentir nut ing warih.


 "Alang Alang Kumitir"

 Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta. 

Jumat, 13 September 2013

Serat Wedhatama

Serat wedhatama punika salah satunggaling serat anggitan KGPH Mangkunegara IV, 
Wedha inggih punika ajaran dene tama werdinipun utama, isining serat inggih punika ajaran kesaenan, budi pekerti lan akhlak ingkang ngantos sapunika taksih saget dipun trapaken salebetipun sesrawungan.

 PUPUH I
PANGKUR
  1. Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.

    Meredam nafsu angkara dalam diri, Hendak berkenan mendidik putra-putri, Tersirat dalam indahnya tembang, dihias penuh variasi, agar menjiwai hakekat  ilmu luhur, yang berlangsung di tanah Jawa (nusantara), agama sebagai “pakaian” kehidupan.
  2. Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.

    Disajikan dalam serat Wedhatama, agar jangan miskin pengetahuan, walaupun sudah tua pikun, jika tidak memahami rasa sejati (batin), niscaya kosong tiada berguna, bagai ampas, percuma sia-sia, di dalam setiap pertemuan, sering bertindak ceroboh memalukan.
  3. Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis .

    Mengikuti kemauan sendiri, Bila berkata tanpa dipertimbangkan  (asal bunyi), Namun tak mau dianggap bodoh, Selalu berharap  dipuji-puji. (sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami  (ilmu sejati) tak bisa ditebak, berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik,
  4. Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.

    Si dungu tidak menyadari, Bualannya semakin menjadi jadi, ngelantur bicara yang tidak-tidak, Bicaranya tidak masuk akal, makin aneh tak ada jedanya. Si Pandai cermat dan mengalah, Menutupi aib si bodoh.
  5. Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.

    Demikianlah ilmu yang nyata, Senyatanya memberikan ketentraman hati,  Tidak merana dibilang bodoh, Tetap gembira jika dihina, Tidak seperti si dungu yang selalu sombong, Ingin dipuji setiap hari,Janganlah begitu caranya orang hidup.
  6. Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung,  sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki.

    Hidup sekali berantakan, Tidak berkembang pola pikirnya carut marut. Umpama goa gelap menyeramkan, Dihembus angin, Suaranya gemuruh menggeram berdengung, Seperti halnya watak anak muda, masih pula berlagak congkak.
  7. Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon-anggon agama suci.

    Tujuan hidupnya begitu rendah, Maunya mengandalkan orang tuanya, Yang terpandang serta bangsawan, Itu kan ayahmu, Sedangkan kamu kenal saja belum, akan hakikatnya tata krama, dalam ajaran yang suci.
  8. Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki.

    Cerminan dari dalam jiwa raga mu, Nampak jelas walau tutur kata halus, Sifat pantang kalah maunya  menang sendiri, Sombong besar mulut, Bila demikian itu disebut orang yang terlena, Puas diri berlagak tinggi, Tidak baik itu nak.
  9. Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,ubayane mbalenjani.

    Di dalam ilmu yang dikarang-karang (sihir/rekayasa), Rekayasa dari hal-hal gaib, Itu umpama bedak, Tidak meresap ke dalam jasad, Hanya ada di kulitnya saja nak, Bila terbentur marabahaya, bisanya menghindari.
  10. Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping angganira, Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing siang ratri.

    Karena itu sebisa-bisanya, Upayakan selalu berhati baik, Bergurulah secara tepat, Yang sesuai dengan dirimu, Ada juga peraturan dan pedoman bernegara, Menjadi syarat bagi yang berbakti, yang berlaku siang malam.
  11. Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin muda sudra kaki.

    Itulah nak tanyakan, Kepada para sarjana (orang yang pandai) yang menimba ilmu, Kepada jejak hidup para suri tauladan yang benar, dapat menahan hawa nafsu, Pengetahuanmu adalah senyatanya ilmu, Yang tidak harus dikuasai orang tua, Bisa juga bagi yang muda atau miskin nak.
  12. Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa, awas roroning ngatunggil.

    Siapapun yang menerima wahyu Tuhan, Dengan cermat mencerna ilmu tinggi, Mampu menguasai ilmu kasampurnan, Kesempurnaan jiwa raga, Bila demikian pantas disebut “orang tua”. Arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu, Paham akan dwi tunggal (menyatunya sukma dengan Tuhan)
  13. Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.

    Tidak lah samar sukma menyatu, meresap terpatri dalam keheningan  semedi, Diendapkan dalam lubuk hati, menjadi pembuka tabir, berawal dari keadaan antara sadar dan tiada, Seperti terlepasnya mimpi, Merasuknya rasa yang sejati.
  14. Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.

    Sebenarnya ke-ada-an itu, merupakan anugrah Tuhan, Kembali ke alam yang mengosongkan, tidak mengumbar nafsu duniawi, yang bersifat kuasa menguasai. Kembali ke asal muasalmu, Oleh karena itu, wahai anak muda sekalian.
PUPUH II
SINOM


  1. Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.

    Contohlah perilaku utama, bagi kalangan orang Jawa (Nusantara), orang besar dari Ngeksiganda (Mataram), Panembahan Senopati, yang tekun, mengurangi hawa nafsu, dengan jalan prihatin (bertapa),serta siang malam, selalu berkarya membuat hati tenteram bagi sesama (kasih sayang)
  2. Samangsane pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.

    Dalam setiap pergaulan, membangun sikap tahu diri. Setiap ada kesempatan, Di saat waktu longgar, mengembara untuk bertapa, menggapai cita-cita hati, hanyut dalam keheningan kalbu. Senantiasa menjaga hati, selalu untuk prihatin (menahan hawa nafsu), dengan tekad kuat membatasi  makan dan tidur.
  3. Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman, neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.

    Setiap mengembara meninggalkan rumah (istana), berkelana ke tempat yang sunyi (dari hawa nafsu), menghirup  tingginya ilmu, agar jelas apa yang menjadi tujuan (hidup) sejati. Hati bertekad selalu berusaha dengan tekun, memperdayakan akal budi,menghayati cinta kasih, ditepinya samudra. Kuatnya bertapa diterimalah wahyu dyatmika (hidup yang sejati).
  4. Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.

    Memahami kekuasaan di dalam samodra, seluruhnya sudah dijelajahi, “kesaktian” melimputi indera, Ibaratnya cukup satu genggaman saja sudah jadi, berhasil berkuasa, Kangjeng Ratu Kidul, Naik menggapai awang-awang, (kemudian) datang menghadap dengan penuh hormat, kepada Wong Agung Ngeksigondo.
  5. Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan,  ing pasaban saben sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta, supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.

    Memohon dengan sangat lah beliau, agar diakui sebagai sahabat setia, di dalam alam gaib, tempatnya berkelana setiap sepi. Bersedialah menyanggupi, kehendak yang sudah digariskan. Harapannya hanyalah meminta, restu dalam bertapa, Meski dengan susah payah.
  6. Prajanjine abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.

    Perjanjian sangat mulia, untuk seluruh keturunannya di kelak kemudian hari, Begitulah seluruh keturunan orang luhur, bila mau mengasah akal budi, akan cepat berhasil, seperti apa yang diharapkan, orang besar Ngeksigondo, anugerahnya hingga kelak, dapat mengalir di seluruh darah keturunannya dapat memiliki wibawa.
  7. Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahingSenapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.

    Menguasai tanah Jawa (Nusantara), yang menjadi raja (pemimpin), satria sakti tertermasyhur, tak lain keturunan Senopati, hal ini pantas pula, sebagai tauladan budi  pekertinya, Sebisa bisa,  terapkanlah di zaman nanti, Walaupun sebenarnya tidak bisa, persis sama seperti di masa silam.
  8. Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.

    Mending bila dibandingkan, orang hidup tanpa prihatin, namun di masa yang akan datang (masa kini), yang digemari anak muda, meniru-niru nabi, rasul utusan Tuhan, yang hanya dipakai untuk menyombongkan diri, setiap bepergian singgah dulu di masjid, Mengharap mukjizat agar mendapat derajat (naik pangkat).
  9. Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.

    Hanya memahami sariat (kulitnya) saja, sedangkan hakekatnya tidak dikuasai, Dalil sumbernya ijmak, Kiyas pun tidah memahami, Mereka lupa diri (tidak sadar), bersikap berlebih-lebihan di masjid besar, Bila membaca khotbah, berirama gaya dandanggula (menghanyutkan hati), suara merdu bergema gaya palaran (lantang  bertubi-tubi).
  10. Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah, wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.

    Jika kamu memaksa meniru, tingkah laku `Kanjeng Nabi, Oh, nak terlalu naif, Biasanya tak akan betah nak, Karena kamu itu orang Jawa, sedikit saja sudah cukup. Janganlah sekedar mencari sanjungan, Mencontoh-contoh mengikuti fiqih, apabila mampu memang ada harapan mendapat rahmat.
  11. Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami, Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.

    Tetapi seyogyanya mencari nafkah, Karena diciptakan sebagai makhluk lemah, Apakah mau mengabdi kepada raja, Bercocok tanam atau berdagang, Begitulah menurut pemahamanku, Sebagai orang yang sangat bodoh, Belum paham cara Arab, Tata cara Jawa saja tidak mengerti, Namun memaksa diri mendidik anak.
  12. Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.

    Dikarenakan waktu masih muda, sebentar sudah menjalankan (agama), Keburu menempuh belajar pada agama, Berguru menimba ilmu pada yang haji, maka yang terpendam dalam hatiku, sangat takut akan hari kemudian, Keadaan di akhir zaman, Tidak tuntas keburu “mengabdi”, Tidak sempat sembahyang terlanjur dipanggil.
  13. Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita, rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.

    Kepada yang memberi makan, Jika kelamaan dimarahi, Menjadi kacau balau perasaanku, Seperti kiyamat saban hari, Berat “Allah” atau “Gusti”, Bimbanglah sikapku, Lama-lama berfikir, Karena anak turun priyayi, Bila ingin jadi juru doa (kaum) dapatlah nista,
  14. Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.

    begitu pula jika aku menjadi pengurus dan juru dakwah agama, Karena aku bukanlah keturunannya, Lebih baik memegang teguh, aturan dan kewajiban hidup, Menjalankan pedoman dan mengikuti, warisan leluhur dari zaman dahulu kala, hingga kelak kemudian hari, Ujungnya tidak lain hanyalah mencari nafkah.
  15. Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara,  wirya, arta, tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara.

    Salahnya sendiri yang tidak mengerti, Paugeran orang hidup itu demikian seyogyanya, hidup dengan tiga perkara, Keluhuran (kekuasaan) harta (kemakmuran) ketiga ilmu pengetahuan, Bila tak satu pun dapat diraih dari ketiga perkara itu, habis lah harga diri manusia. Lebih berharga daun jati kering, akhirnya mendapatlah derita jadi pengemis dan terlunta.
  16. Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.

    Yang sudah paham tata caranya, Menghayati ajaran utama, Jika berhasil merasuk ke dalam jiwa, akan melihat tanpa penghalang, Yang menghalangi tersingkir, Terbukalah rasa sayup menggema, Tampaklah seluruh cakrawala, Sepi tiada bertepi, Yakni disebut  “tapa tapaking Hyang Sukma”.
  17. Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah amemasuhbudi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama.

    Demikianlah manusia utama, Gemar terbenam dalam sepi (meredam nafsu), Di saat-saat tertentu, Mempertajam dan membersihkan budi, lahirnya selalu di tetapkan, Bermaksud memenuhi tugasnya sebagai satria, berbuat susila rendah hati, pandai menyejukkan hati pada sesama, itulah sebenarnya yang disebut menghayati agama.
  18. Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.

    Di zaman kelak tiada demikian, sikap anak muda, bila mendapat petunjuk nyata, tidak pernah dijalani, Lalu hanya menuruti kehendaknya, Kakeknya akan diajari, dengan mengandalkan gurunya, yang dianggap pandita negara yang pandai, serta sudah menguasai tempat yang tinggi yaitu makrifat.


PUPUH III
PUCUNG


  1. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara.

    Ilmu (hakekat) itu, diraih dengan cara menghayati dalam setiap perbuatan, dimulai dengan kemauan. Artinya kemauan membangun kesejahteraan terhadap sesama, Teguh membudi daya, Menaklukkan semua angkara
  2. Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.

    Nafsu angkara yang besar, ada di dalam diri bergulung gulung, kuat menggumpal, menjangkau hingga tiga zaman, jika dibiarkan berkembang akan berubah menjadi gangguan.
  3. Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi marto tama.

    Berbeda dengan yang sudah menyukai dan menjiwai, Watak dan perilaku memaafkan, memaafkan sesama, sesamanya yang bersalah, selalu sabar berusaha, menyejukkan suasana.
  4. Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing Sukma ngreda sahardi gengira.

    Dalam kegelapan. Angkara dalam hati yang menghalangi, Larut dalam kesakralan hidup, Karena temggelam dalam samodra kasih sayang, kasih sayang sukma (sejati) tumbuh berkembang sebesar gunung
  5. Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna.

    Itulah yang pantas ditiru, contoh yang patut diikuti, seperti semua nasehat. Jangan seperti zaman nanti, Banyak anak muda yang menyombongkan diri, dengan hafalan ayat
  6. Durung pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.

    Belum mumpuni sudah berlagak pintar. Menerangkan ayat, seperti sayid dari Mesir, Setiap saat meremehkan, kemampuan orang lain.
  7. Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.

    Yang seperti itu, termasuk orang mengaku-aku, Kemampuan akalnya dangkal, Keindahan ilmu Jawa malah ditolak. memaksa diri mengejar, ilmu di Mekah,
  8. Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kana-kene kaanane nora beda.

    tidak memahami, hakekat ilmu yang dicari, sebenarnya ada di dalam diri. Asal mau berusaha, sana sini (ilmunya) tidak berbeda,
  9. Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kang wus winahyeng sekar srinata.

    Asal tidak banyak tingkah, agar supaya merasuk ke dalam sanubari. Bila berhasil, terbuka derajat kemuliaan hidup yang sebenarnya. Seperti yang telah tersirat dalam tembang sinom (di atas).
  10. Basa ngelmu, mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut triprakara.

    Yang namanya ilmu, dapat berjalan bila sesuai dengan cara pandang kita. Dapat dicapai dengan usaha yang gigih. Bagi satria tanah Jawa, dahulu yang menjadi pegangan adalah tiga perkara;
  11. Lila lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa nalangsa srahing Batara.

    Ikhlas bila kehilangan tanpa menyesal, Sabar jika hati disakiti sesama, tidak membenci sesama, Ketiga lapang dada sambil berserah diri pada Tuhan.
  12. Batara gung, inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora kaya si mudha mudhar angkara.

    Tuhan Maha Agung, diletakkan dalam setiap hela nafas, Menyatu dengan Yang Mahakuasa, Teguh mensucikan diri, Tidak seperti yang muda mengumbar nafsu angkara.
  13. Nora uwus, kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta-buteng betah nganiaya.

    Tidak henti hentinya, gemar mencaci maki. Tanpa ada isinya, yang penting marah-marah,seperti raksasa bodoh, mudah marah dan menganiaya.
  14. Sakeh luput,  ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala ardane ginawe gada.

    Semua kesalahan, dalam diri selalu ditutupi, ditutup dengan kata-kata, mengira tak ada yang mengetahui, bilangnya enggan berbuat jahat, padahal tabiat buruknya membawa kehancuran.
  15. Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

    Belum cakap ilmu, Buru-buru ingin dianggap pandai. Tercemar nafsu selalu merasa kurang, dan tertutup oleh pamrih, sulit untuk manunggal, pada Yang Mahakuasa.   


PUPUH IV
GAMBUH


  1. Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.

    Kelak saya bertutur, Empat macam sembah supaya dilestarikan, Pertama sembah raga cipta jiwa rasa anakku, Di situlah akan bertemu,pertanda anugrah Tuhan.
  2. Sembah raga puniku,pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.

    Sembah raga adalah, Perbuatan orang yang lagi magang “olah batin”, Menyucikan diri dengan sarana air, Yang sudah lumrah misalnya lima waktu, Sebagai watak yang dasar.
  3. Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit, mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.

    Zaman dahulu belum, pernah dikenal ajaran yang penuh tabir, Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan, memamerkan ke-bisa-an nya, amalannya aneh aneh.
  4. Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.

    Kadang seperti santri “Dul”  (gundul), Bila tak salah seperti santri wilayah selatan, Sepanjang Pacitan tepi pantai, Ribuan orang yang percaya. Asal-asalan dalam berucap
  5. Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi, Tan wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.

    Keburu ingin tahu, cahaya Tuhan dikira dapat ditemukan, Menanti-nanti besar keinginan (mendapatkan anugrah) namun gelap mata, Orang tidak paham yang demikian itu, Nalarnya sudah salah kaprah.
  6. Yen ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku batin, dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.

    Bila zaman dahulu, Tertib teratur runtut harmonis, sariat tidak dicampur aduk dengan olah batin, jadi tidak membuat bingung, bagi yang menyembah Tuhan.
  7. Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot.

    Sesungguhnya sariat itu, dapat disebut olah, yang bersifat ajeg dan tekun, Anakku hasil sariat adalah, dapat menyegarkan badan agar lebih baik,
  8. Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.

    badan, otot daging kulit dan tulang sungsumnya menjadi segar, Mempengaruhi darah, membuat tenang di hati. Ketenangan hati membantu, Membersihkan kekusutan batin.
  9. Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.

    Begitulah menurut ku, Tetapi karena orang itu berbeda-beda, Beda pula garis nasib dari Tuhan. Sebenarnya tidak cocok, tekad yang pada dijalankan itu.
  10. Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.

    Namun terpaksa memberi nasehat, Karena sudah tua kewajibannya hanya memberi petuah, Siapa tahu dapat lestari menjadi pedoman tingkah laku utama, Barang siapa bersungguh-sungguh akan mendapatkan, anugrah kemuliaan dan kehormatan.
  11. Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.

    Nantinya sembah kalbu itu, jika berkesinambungan juga menjadi olah spiritual, Olah (spiritual) tingkat tinggi yang dimiliki Raja.Tujuan ajaran ilmu ini, untuk memahami yang mengasuh diri (guru sejati/pancer)
  12. Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati, atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos.

    Bersucinya tidak menggunakan air, Hanya menahan nafsu di hati, Dimulai dari perilaku yang tertata teliti dan hati-hati (eling dan waspada),Teguh sabar dan tekun, Teladan bagi sikap waspada.
  13. Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi, lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.

    Dalam penglihatan yang sejati, Menggapai sasaran dengan tata cara yang benar, Biarpun sederhana tatalakunya dibutuhkan konsentrasi, Sampai terbiasa mendengar suara sayup-sayup dalam keheningan, Itulah terbukanya “alam lain”
  14. Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling,  Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.

    Bila telah mencapai seperti itu, Saratnya sabar segala tingkah laku, Berhasilnya dengan cara kesadaran hening  ingat, Dengan hilangnya rasa sayup-sayup, di situlah keadilan Tuhan terjadi. (jiwa  memasuki alam gaib rahasia Tuhan)
  15. Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.

    Gugurnya jika menuruti kemauan jasad (nafsu), Tidak suka dengan indahnya kehendak rasa sejati, Jika merasakan keinginan yang tidak-tidak akan gagal. Maka awas dan ingat lah, dengan yang membuat gagal tujuan.
  16. Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.

    Nanti yang diajarkan, Sembah ketiga yang sebenarnya  diperuntukkan, kepada Hyang sukma (jiwa) hayati setiap hari, tujulah supaya tercapai, sembah jiwa ini anakku !
  17. Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.

    Sungguh lebih penting, disebut sebagai ujung jalan spiritual, Tingkah laku olah batin, menjaga kesucian dengan awas dan selalu ingat, akan alam nan abadi kelak.
  18. Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik, Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.

    Cara menjaganya dengan menguasai, mengambil mengikat merangkul erat tiga jagad dikuasai, Jagad besar tergulung oleh jagad kecil, Pertebal keyakinanmu anakku, Akan kilaunya alam tersebut.
  19. Keleme mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa awor.

    Tenggelamnya rasa melalui suasana “remang berkabut”, Mendapat firasat dalam alam yang menghanyutkan, Sebenarnya hal itu kenyataan, anakku ! Sejatinya jika tidak ingat, Sungguh tak bisa “larut”
  20. Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.

    Jalan keluarnya dari luyut (batas antara lahir dan batin), Tetap sabar mengikuti “alam  yang menghanyutkan”, Asal hati-hati dan waspada yang menuntaskan, tidak lain hanyalah diri pribadinya, yang tampak terlihat di situ,
  21. Nging aywa salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi, sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.

    Tetapi jangan salah mengerti, Di situ ada cahaya sejati, Ialah cahaya pembimbing, energi penghidup akal budi. Bersinar lebih terang dan cemerlang, tampak bagaikan bintang
  22. Yeku wenganing kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku neng sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.

    Yaitu terbukanya pintu hati, Terbukanya yang kuasa-menguasai (antara cahaya/nur dengan jiwa/roh), Cahaya itu sudah kau (roh)  kuasai, Tapi kau (roh) juga dikuasai, oleh cahaya yang seperti bintang cemerlang.
  23. Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.

    Nanti ingsun ajarkan, Beralih sembah yang ke empat, Sembah rasa terasalah hakekat kehidupan.Terjadinya sudah tanpa petunjuk, hanya dengan kesentosaan batin.
  24. Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.

    Apabila belum bisa membawa diri, Jangan sekali-kali berani mengaku-aku, mendapat laknat yang demikian itu anakku, Artinya seseorang berhak berkata, apabila sudah mengetahui dengan nyata.
  25. Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel mring takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.

    Sesungguhnya pelajaran itu, Bila sudah hilang keragu-raguan hati.Hanya percaya dengan sungguh-sungguh kepada takdir itu harap diwaspadai diingat, dicermati bila ingin menguasai seluruhnya.
  26. Pamoring ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila ambeh sadu, weruh wekasing dumados.

    Melaksanakan petuah itu, Harus kokoh budipekertinya, Teguh serta sabar, tawakal lapang dada, Menerima dan ikhlas apa adanya sikapnya dapat dipercaya, Mengerti “sangkan paraning dumadi”.
  27. Sabarang tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami, sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.

    Segala tindak tanduk, dilakukan ala kadarnya, memberi maaf atas kesalahan sesama, menghindari perbuatan tercela, (dan) watak angkara yang besar.
  28. Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah agaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.

    Sehingga tahu baik dan buruk, Demikian itu sebagai ketetapan hati, Yang membuka penghalang/tabir  antara insan dan Tuhan, Tersimpan dalam rahasia, Terletak di dalam batin.
  29. Rasaning urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam sakalir, lir manis kalawan madu, endi arane ing kono.

    Rasa hidup itu, dengan cara manunggal dalam satu wujud, Wujud Tuhan meliputi alam semesta, bagaikan rasa manis dengan madu. Begitulah ungkapannya.
  30. Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang Maha Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.

    Mana manis mana madu, apabila sudah bisa menghayati gambaran itu, Bagaimana pengertian sabda Tuhan, Hendaklah digenggam di dalam hati, sudah jelas dipahami secara lahir dan batin.
  31. Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widi, widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.

    Dalam batin tak keliru, Segala cahaya indah dicermati dalam hati, Yang menjadi petunjuk dalam memahami hakekat Tuhan, Selamatnya karena budi (bebuden)  yang jujur (hilang nafsu), Agar dapat merasuk beralih “tempat”.
  32. Nggonira mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.

    Agar usahamu berhasil, Dapat menemukan apa yang dicari, upayamu agar dapat melepas penghalang kegaiban, Apabila kamu tidak paham, lihatlah tentang bagaimana terjadinya telur.
  33. Putih lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair, bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono.

    Putih dan kuningnya, bila akan mewujud (menetas), wujud datang berganti, tak disangka-sangka bila kelahirannya, dapat berganti wujud, Kejadiannya di situ !
  34. Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi, raksana kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.

    Dipastikan tidak keluar, juga tidak masuk, Kenyataannya yang di dalam akhirnya menjadi di luar, Rasakan sunguh-sungguh, Jangan sampai terlanjur tak bisa memahami.
  35. Karana yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh

    Sebab apabila sudah terlanjur, akan tak tenang sepanjang hidup, tidak ada gunanya bila kelak mati, Menjadi orang hina yang bodoh, dirinya sendiri malah dianggap tamu.



PUPUH V
K I N A N T H I


  1. Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.

    Padahal bekal hidup, selamanya waspada dan ingat, Ingat akan pertanda yang ada di alam ini, Menjadi kekuatannya asal-usul, supaya lepas dari sengsara.Begitulah memelihara hidup
  2. Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

    Maka rajinlah anak-anakku, Belajar menajamkan hati, Siang malam berusaha, merasuk ke dalam sanubari, melenyapkan nafsu pribadi, Agar menjadi (manusia) utama.
  3. Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.

    Mengasahnya di alam sepi (semedi), Jangan berhenti selamanya, Apabila sudah kelihatan, tajamnya luar biasa, mampu mengiris gunung penghalang, Lenyap semua penghalang budi.

  4. Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.

    Awas itu artinya, tahu penghalang kehidupan, serta kekuasaan yang tunggal, yang bersatu siang malam, Yang mengabulkan segala kehendak, terhampar alam semesta.
  5. Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.

    Hati jangan lengah, Waspadailah kata-katamu, Di situ tentu terasa, bukan ucapan pribadi, Maka tanggungjawablah,  perhatikan semuanya sampai  tuntas.
  6. Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.

    Sirnakan keraguan hati, waspadalah terhadap pandanganmu, Itulah caranya berhasil, Kurangilah sedikit demi sedikit godaan hawa nafsu, Latihlah agar terlatih.
  7. Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.

    Jangan terbiasa berbuat aib, Tiada guna tiada hasil, terjerat oleh aral, Maka berhati-hatilah, Hidup ini banyak rintangan, Godaan harus dicermati
  8. Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.

    Seumpama orang berjalan, Jalan berbahaya dilalui, Apabila kurang perhitungan, Tentulah tertusuk duri, celakanya terantuk batu, Akhirnya penuh luka.
  9. Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.

    Lumrahnya jika seperti itu, Berobat setelah terluka, Biarpun punya ilmu segudang, bila tak sesuai tujuannya, ilmunya hanya dipakai mencari nafkah dan pamrih
  10. Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.

    Baru kelihatan jika keinginannya muluk-muluk, Muluk-muluk bicaranya seperti wali, Berkali-kali tak terbukti, merasa diri pandita istimewa, Kelebihannya tak ada, Semua bukti sepi.
  11. Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.

    Ilmunya sebatas mulut, Kata-katanya di gaib-gaibkan, Dibantah sedikit saja tidak mau, mata membelalak alisnya menjadi satu, Apakah  itu  pandita palsu, yang seperti itu anakku.
  12. Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.

    Padahal yang disebut “laku”, sarat menjalankan ilmu sejati, tidak suka omong kosong dan tidak suka memanfaatkan hal-hal sepele yang bukan haknya, Tidak iri hati dan jail, Tidak melampiaskan hawa nafsu. Sebaliknya, bersikap tenang agar menggapai keheningan jiwa
  13. Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.

    Luhurnya budipekerti, pandai beradaptasi, anakku, Demikian itulah awal mula, tumbuhnya benih keutamaan, Walaupun benar ilmumu, bila ada yang mempersoalkan..
  14. Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.

    Walau orang yang mempersoalkan itu, sudah diketahui ilmunya dangkal, tetapi secara lahir kita mengalah, berkesanlah persuasif, sekedar menggembirakan hati orang lain. Jangan sakit hati dan dendam
  15. Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.

    Begitulah sarat turunnya wahyu, Bila teguh selamanya, dapat bertambah anugrahnya, dari sabda Tuhan Mahasuci, terikat di ujung cipta, tiada terlepas-lepas anakku.
  16. Mangkono ingkang tinamtu,tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.

    Begitulah yang digariskan, Untuk mendapat anugrah Tuhan. Maka dari itu anakku bisalah, kalian pura-pura menjadi orang bodoh terhadap perkataan orang lain, nyaman lahir batinnya, yakni budi yang baik.
  17. Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.

    Pantas menjadi suri tauladan yang ditiru, Wahana agar hidup utama, utama yang akan berbunga kemuliaan, kemuliaan jiwa raga. Walaupun tidak persis, seperti nenek moyang dahulu.
  18. Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.

    Tetapi harus giat berupaya, sesuai kemampuan diri, Jangan melupakan suri tauladan, Bila tak berbuat demikian itu anakku, pasti merugi sebagai manusia. Maka lakukanlah anakku !


~~~~.oo0O0oo.~~~~