SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Jumat, 10 Mei 2013

Sempalaning Bratayuda Jayabinangun

Pupuh Nggendhing pitu
Lakon Gatutkaca Gugur






Minangka sambeting carita, wonten makuwon dumadi saking mutha ingkang binangun limasan, sakanan keringing makuwon winager candra sawiger, nginggil mutha katingal gendera kanthi lambang peksi garudha hanyengkrem taksaka,kateraking angin kumlebet pindhane kaya bangangin suh, lebeting mutha katingal wonten dilah murup liyep liyep awit dayaning risang kaloka, anenggih punika ta  pasanggrahaning narendra saking negari nggendhing pitu, jejuluk Prabu garudha winata, nyata prabu garudha winata sudarmane dewi kuntul wianteng kang duking wuni wus ginarwa batin dening prabu punta dewa wiwit tumapak barata yuda jayabinangun sang prabu wus kepareng ngeritaken wadya bala nggendhing pitu, wigatos sabyantu dhateng para pandhawa, wanci tabuh sanga dalu katingal sang prabu taksih lelengahan ing ngadhep para putra, nenggih raden gagak baka, raden dhandhang winaksi, raden jangep dinakula tuwin raden podhang ginulyang, teka mangkono rereh ririh ruruh hangarah sabdane prabu garudha winata dhumateng para putra,,,, 


Heeeeng.....


bayangan bayem mbayeyet 

agung ngrembuyung 
Rawe rawering rawan 
Oooong....
kara..... taru turi.. 
ka.... ran.... dhang gondhang, 
dhondhong asandhing
Dhundhungan gudhe, 
bengok benguk maguk maguk
ooooong....
ooooong....

Ooooong.....



Garudha Winata: "he mangko to kulup putraku ngger gagak baka,"

Gagak Baka: "kula wonten timbalan ingkang adhawuh kanjeng rama, animbali keng putra pun gagak baka kanjeng rama,?"


Garudha Winata: "mulane kowe lan adhimu kabeh adoh ndak gawe cedhak lan ingsun rapetake, ora ana kang ingsun penggalih amung kajaba gustimu ing madukara raden janaka ngger, pancene kurang prayetna apa kepiye raden janaka kuwi, ewadene nalika semana gampang di bujuk alus dening prabu wersaya, dheweke di tantang perang prabu wersaya ana ing pesisir lor banjur raden werkodara di tantang perang dening prabu garudha pati ana ing gisiking segara kidul kang sepreneraden bratasena durung bali,olehe nantang raden janaka lan raden werkodara ana ing gisiking samura lor lan samudra kidul mau jebul mengku karep nyingkirake raden permadi lan raden bratasena saka madyaning tegal kuru, kuwi mau kabeh ya saka prentahing begawan druna, pancen begawan druna kae wasis maca karingkihane gelaring baris supit urang kang winangun dening raden tresna jumena.supit kanan raden werkodara supit kering raden janaka, supit sakarone di pedhot dening druna di lungakake, marang segara lor lan segara kidul, utamane druna nyingkirake raden janaka, sabab druna ngerti manawa gelaring baris cakra buha kang binangun dening senopati begawan druna mau, ora ana kang bisa mecah kajaba amung raden janaka,"


Gagak baka: "Lajeng mawi dhasar punapa, dene sinuwun prabu kresna dhawuh dhumateng raden abimanyu suwargi kinen magut ing palagan dewaji?"


Garudha Winata: "mulane sinuwun prabu kresna dhawuh marang raden angkawijaya jalaran, kang bisa nuruni ngilmu mecah barisan cakra biuha kuwi raden abimanyu, pranyata ora kleru prabu kresna dhawuh marang raden abimanyu magut ing ramanggana, kasyunyatan barisan kang awangun cakrabiuha mau bisa di pedhot lan di pecah dening raden angkawijaya, sanalika balane druna bubar mawut dening kridhane raden angkawijaya, puluhan ewon prajurit bulupitu ingkeng mati ing paperangan malah nalika semana meh wae Prabu duryudana klakon di pateni dening raden abimanyu, mung emane kok kedhisikan panahe jayajatra kang cumlarat ngenani dhadhane raden angkawijaya,coba to ing ngatase abimanyu bocah lagi umur nembelas taun teka trajange ing paperangan kridhane yayah singa nerak kidangkadigdayane  ora nyimpang kaya keng ramane ngger,


Gagak baka: "Nuninggih lakar kaluhuran dhawuhipun kanjeng rama, namung kula kula sanget welas dhateng abimanyu, awit sedanipun cinidra dening kurawa, ingkang nerak dateng wewatoning bratayuda, dipun pandhegani kalian jayajatra raden abimanyu dipun kroyok, kurawa sami nglepasaken jemparing mranjat dateng raden angkawijaya, ngantos raden abimanyu ical sipating manungsa ngantos kados landhak sabab kathahing jemparing ingkang tumancep ing sariranipun mila mboten mokal menawi arang kranjang tatunipun satemah gugur ing tegal kuru dados kusumaning bangsa rama"


Garudha Winata: "ewodene arep seda wae raden abimanyu iseh bisa mateni lesmana anake duryudana ngger, "


Gagak baka: "inggih kasinggihan dhawuh paduka kanjeng rama, "


Garudha Winata: "nadyan iseh timur nanging ing reh kaprawiran raden abimanyu pantes sira tulad ngger, ing ngatase di kroyok kurawa maksih kawimbuh wadyabala ewon padha mranjak gaman raden abimanyu ora mundur sajangkah sing padha weruh jare polatane malah padhang, iseh sinungging esem ing lathi kang kang memalarsih tanpa keprungu sambate raden abimanyu, apa ra hebat kuwi heh gagak baka?"


Gagak baka: "nuninggih,"


Garudha Winata: " babar pisan aja kok tiru budine kurawa kae, dheweke menang nanging menange nestha menange ngawur, kurawa ora isin nrajang pranatan, kudu eling bratayuda kuwi dudu perang ampyak awur awur nanging mawa tatanan, aku isin yen nganti anakku menang merga saka olehe tumindak nistha ngger gagak baka,


Gagak baka: "Nuninggih ngestokaken dhawuh, sampun dados patembaya kula sak sedherek pejah wonten palagan kula temahi jer kula sakadang kala wau ngrungkepi dateng bebener kanjeng rama,"


Garudha Winata: "sokor bage sewu manawa anak anakku kabeh darbe prasetya kang kaya mangkono, pun bapa semono uga, jiwa ragaku ndak totohke kanggo tombok jayane para pandhawa, kajaba prabu puntadewa iku mantuku, saknyatane para pandhawa kuwi mapan baris kang bener ngger gagak baka, mula aja tidha tidha olehmu nglabuhi para pandhawa kulup gagak baka, "


Sigra kang bala tumingal,,

acampuh samya medali,,,
lir thathit wileting ganda,,
dhanghyang gung manguncang niti

Ooooong,,,

oooong,,,,

kadangmu padha warahen den becik 

besuk amandhema baris 

heeeeng.....



Garudha Winata: "ana apa kulup tambak ganggeng, wanci bengi mlayu mlayu gawe kaget?"


Tambak Ganggeng: "adhuh ketiwasan sinuwun, nedhengipun para prajurit sami tilem jebul kurawa dalu punika ugi ngedali senopati prabu Basu Karno, dhuh kanjeng rama, kula sanget welas dhateng kathahing kurban para wadya bala saking gupalawia sinuwun,


Dhadha muntap lir kinetap,,

Jaja bang mawinga wengis,,
Kumejot padoning lathi,,
Heeeengg...

Garudha Winata: "Yo jagad dewa bathara, manungsa kang pengawak setan para kurawa, lagi wae meneng anggonku ngrembug menawa kurawa kuwi wani tumindak nistha jebul iki di baleni meneh parat,,, He,,, gagk baka, apa dene sira podhang ginulyan, aja wedi kangelan kirapna wadyabala saka nggendhing pitu, sing turu padha gugahen, ingsun pandhegani ayo mapagne basukarno sak balane kang murang tata kae gagak baka..."


Jumangkah anggro sru sesumbar

Lindu bumi gonjing
Oooong...
Gumaludhug guntur ke tug. 
Umub kang jaladri 
lumembak penyu kumampang
Ooong...
heeeng....

Oooong.....


Gagak baka: "Hayoh wadyabala kabeh pahda budhal,,,, Wheh,, heheh...."



Ridhu mawur mangawur-awur wurahan

tengaraning ngajurit
gong maguru gangsa
teteg kaya butula
mor panjriting turanggesthi
rekatak ingkang
dwaja lalayu sebit

Prawira Sandi: "Weh parat,, maju ana ing madyaning tegal kuru, ana manungsa ireng geseng,, wah,, wernane werna werna kahanane, ngakua kowe sapa?"


Podang ginuryang: "Wadya bala ora tatanan, wanci bengi ngajak ngajoni pupuh, ngakua kowe sapa,?"


Prawira Sandi: "Yoh, wadya bala saka ngawangga, pangkatku tumenggung, aranku tumenggung prawira sandi, sapa kowe..?"


Podang ginuryang: "Podang ginuryang, kandha-a karo sing jeneng basu karno, ratu tanpa tatanan ngerti pranatan perang barata yuda apa ora?"


Prawira Sandi: "mbuh ora idhep, bakune sing ana kene sing ana mung aku karo kowe,  kowe sing mati apa aku sing mati,


Podang ginuryang: "yen pancen ora kena tak eman majua rena ndak tungkak ndasmu,,"


Prawira Sandi: "Whet lah dalah, tinjung kirab parat,,,"



nusup kang jroning kewuh,
mandhe gada ngunclang pedangipun,
kang kataman braja temah prapteng lalis
Heeeeeng,,,,

Kala Lembusa: "Wheh,,, lha dalah,, iki ana satriya maju palagan, sapa iki hem..?"

Gagak Baka: "Iki putra Nggendhing Pitu,, Gagak Baka aranku,, bali takon,  kowe sapa?"


Kala Lembusa: "Iki Kala Lembusa, hayoh aja mung wadya cilik cilik sing kok tandhingi,, iki banthongane ayonono..!!"


Gagak Baka: "Whehe,,,ora kena tak eman sigar mrapat parat..."


Kala Lembusa: "Whaha,,, kokop getihmu..."




Kala Lembusa: "Whaha,,, ora sepiraa kekuwatanmu gagak baka,,, endi tunggale majua rene...."



Kala Lembana: " Sapa iki?"

Podhang ginuryang: "Podhang ginuryang, balik takon sapa iki?"

Kala Lembana: "Aku kala lembana"

Podhang ginuryang: "kala lembana?"

Kala Lembana: "Yoh,"

Podhang ginuryang: "Belakna patine dulurku,, iki podhang ginuryang ayonono"



Kala Lembana: " Modar kowe heh,,, ndi tunggale..??"



Dhandhang Winaksi: "hawas,,,,"

Kala Lembana: Whoeh,,,,"



Kala Lembana: "Whaaa, hayoh..."



Whooh,, anakku.... anakku Gagak Baka, sak sedulur padha mati yoh,,, ee,, aja girang gumuyu,, ndi senapatine iki ayonono prabu Garudha Winata"


~~~~~~
 Garudha Winata: "Karno.. kowe manungsa ora ngerti tata Nadyan ratu ning jebul elek bebudenmu, nerak pranatan ngajoni pupuh ing wanci wengi, "

Basu karno: "Mbuh ora idhep, ayoh, ndi para pandhawa kon maju rene,,,aja mung kowe,,"

Garudha Winata:"Ora sah nymbari pandhawa, bisa mateni aku sembah dlamakanmu,,"

Basu karno:  "Tugel gulumu parat,,,,"


Basu Karno: "Iki curiga kyayi Jalak tampanana,,,"

Garudha Winata: "Eh iyo Gus,, ngudang siunge bethara kala,,, hayo sing mati kowe po aku parat"




Basu Karno: " Urung sepiraa,, ora sembada karo sumbarmu prabu garudha Winata, Heh para pandhawa majua rene Basu Karno ayonono..!!"

~~~~~



Tambak ganggeng: "Yo Jagad dewa bathara, wis marambah makaping kaping para kurawa olehe nerak pranatan bratayuda jayabinangun kang wus disarujuki pandhawa lan kurawa, wanci bengi wancine kanggo leren ora kena kanggo perang,  jebul ratu ngawangga Prabu Basu Karno nyolong laku ngajoni perang ing wanci bengi, sinuwun Prabu garudha Winata sak putrane kawimnuh para prajurit saka nggendhing pitu padha gugur ana ing paperangan,, jalaran tekane mungsuh ndadak, Dhuh Gusti kula sinuwun Prabu Punta dewa, nyuwun pangapunten, paripaksa kula sowan paduka ing wanci dalu punika sinuwun, ,,"



Nembang tengara mundur,,,
Oooong....
Oooong....
Sawadyane nedya kundur
marang jroning puraya...
oooong....
ooooong......
samiya hanarmi...
ooooong......
sang palaining bala..
oooong..
kadya rebut pucung 
tan sampun apedi
prapteng jroning pura..
heeeeeng....
sagunging pra wadya
oooongggg.....
heeeengggg....
Hoooong.....
Hooong.....

wahuta kaya mangkana...telas kantun teles tilasing palagan, labet kaguyur ludira kang ngganda arus, prabu gawudha winata gugur ing palagan awit kaperjaya dening prabu basukarno, wondene para putra nggendhing pitu nenggih radyan gagak baka lan pra rayi sami kapagut ing pupuh dening adi pati kala lembusa sakadang, nadyan sangsaya dalu wancine, ewodene taksih kapiyarsa gumerah swarane para wadya ingkang sami bandayuda ing madyaning ramanggana, amung kukusing sembara ingkang kentir ing maruta, datan kentun kuwangganing kuda njrebabah wonten ing bantala, lasah hambelasah bathang gajah rinajah panah, tuwin kehing wadya ingkang kanduwan kingkin, kawimbuh layon gilang gilang datan rinupti labet petenging ratri, anyarkara kawuryan kang paranggana, kaya datan nggrahita dhateng wadya kang palastra sambat kalawan panandang dhuhkita, sang hywang candra sumunar anrangi, aweh pepadhang kang nandhang roga, temah dados kraos lamun ndalu wus ngancik madya ratri,,



Sangsaya dalu araras ,, 
abyor kang lintang kumedhap ,

tistis sonya tengah wengi ,
lumrang gandhane puspita ,
ooooooong,,
karenghyan ing pudyanira ,
oooooooooong,, ooooong,,,,
sang dwijawara mbrengengeng ,
ooooooooong,,,,
lir swaraning madubrangta ,
manungsung sarining kembang.....

Lir ilir Tandure Wus Sumilir,,,,,,
,,,,,,,,,,,




Dhedhep tidhem ing wanci dalu, sasangka wus kumenyar dumadiking maranggana, katon mega lumaksana hangemuli sudama, lawataga ngambar subing sote rebut praba lawan soroting kartika cinandra yayah nila pakoja, manjing tengahing dalu dereng wonten sambeting kandha, amung saking madya desa kapiyarsa kidung nganyarkara muji riptaning Kang Maha Kawasa, lakuning wengi wus ndherekaken sang hwang sutresmi kang hamadhangi bumi,kekejer lintang rina ngrantu dumugining surya kang rasa siniwaka, tan prabeda repat panakawan ingkang ngrengga lipuring panggalih radyan janaka kang muwus nawung sungkawa, mila kapiyarsa kilurah petruk hanyekar ,,, 





Dhedhep tidhem prabawaning ratri ,

sasadhara wus manjer kawuryan ,

tan kuciwa memanise ,
menggyep sri nateng dalu ,
siniwaka sanggya pradasih ,
aglar ning cakrawala ,
winulat anglangut ,
prandene paksa kebekan ,
saking kehe tranggana kang sumiwi ,
wirata tanpa sela




~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


Wonten Candhakipun


Rabu, 08 Mei 2013

Sempalaning Bratayuda Jayabinangun

Basu Karno Magut Yuda
Lakon Gatutkaca Gugur


Gandane kang sekar gadhung.... 
tuwin kembang-kembang menur kang esmu arum...
winor lan oyot-oyotan.. kadi kusuma mangambar-ambar... wor kukusing dupa kang
kumelun...
kelun awor mega kang memba bathara

tan samar pamoring sukma, 
sinuksmaya winahya ing asepi,
sinimpen telenging kalbu, 
pambukaning warana,
tarlen saking liyep alaping ngaluyup,
pindha pesating supeno, sumusuping rahsa jati

heeeng.....


Wahuta kaya mangkono,,, miyosing Narpati ngawangga, saking jeroning pesanggerahan,, ngnthi sanggya para kadang narpati,,dalah para prajurit amber hamblabar yayah soting jalanidhi,,,,


Sigra kang bala tumingal,
acampuh samya medali,
lir thathit wileding gada,
dhanghyang gung manguncang niti,
benjang Sangaji mijil,
lathinya medali wuwus,
trustha sura wilaga,
kaya buta singa wregil


Heeeenggg..

Lembusa: "Punika sinuwun prabu Basu Karno ingkang miyos saking pasanggerahan, Wonten dhawuh punapa sinuwun wanci dalu kados ngaten kepareng hanimbali abdi paduka kula pun  kala lembusa?"
Lembana: "Nadyan kula semanten ugi, kula inggih nyadhong dhawuh sinuwun, wonten wigatos ingkang pundi dene wancinipun sami tilem handika nata hanimbali kula pun Lembana sawadyabala?"

Lembusana: "Nadyan kula mboten kantun, kulapun lembusana inggih cumadhong dhawuh,, "

Jathasura: "Semanten ugi kula keng abdi pun jathasura, ugi cumadhong dhawuh sinuwun, "

Basu Karno: "Yayi adipati kala lembusa,  lembana apa dene yayi adipati kala lembusana lan kowe jathasura, marmane jeneng sira ingsun timbali sawadyabalamu, wruhanana, menawa bengi iki uga ingsun wus winisudha dadi senapati mbulupitu dening yayi Duryudana, lan bengi iki uga jenengingsun  magut perang marang palagan tegal kuru, "

Lembusa: "Sinuwun basu Karno, "
Basu Karno: "kepiye?"
Lembusa: "manut pranatan ingkang kula mangertosi bilih bratayuda jayabinangun punika lumadosipun lak ing wanci injing dumugining sonten? surya manjing ancala kedah dipun pungkasi anggenipun sami peperangan, tur wiwitipun kedah ngentosi tengara, namung kenging punapa dene paduka sinuwun Basu Karno ngersakaken magut palagan ing wanci dalu nedhengipun sadaya sami tilem ?"
Lembana: "Inggih sinuwun punapa paduka mboten lingsem dipun arani nyolong lampah,,"
Basu Karno: "Basu Karno wis ngerti marang pranatan mau,,, ning apa to sababe dene jenengingsun ngersakake bengi iki uga? jalaran panas atiku krungu ucape Krepa kang maido marang kesaguhanku, dikira bisaku ki mung ngumbar janji, dikira aku ki jirih getih wedi mati, mula aku kepingin nuduhake marang resi Krepa, yen Basu karno dudu wong kang amung pinter sumbar,, bakal ndak buktekake manawa Basu Karno bisa mungkasi uripe pandhawa, kanthi mangkono uripku ora mung dadi poyokane wong gerang gerang mau heh lembusa..."
Lembusa: "Ooo.. ngaten kersa paduka sinuwun,,"

Basu Karno: "Lembusa hiya,,,,"

Lembusa: "Gojleng gojleng iblis laknat padha jegjegan,,, Wehee,, lha kok teka kebangeten resi kerpa olehe ngina marang ratu gustiku,, napa resi Krepa kula pejahi langkung rumiyin sinuwun?

Basu karno: "Wis ora perlu, yen kok pateni disik dheweke mengko mundhak ora meruhi nggonku magut marang palagan merjaya para pandhawa, kepara sinurak ing mungsuh dikiratunggal sak barissan wae ora rukun, aku emoh ngrungokake kabar kaya mangkono kuwi heh Lembusa,,,"
Lembusa: "Menawi ngaten kula sakadang yaksa namung cumadhong kepareng paduka Sinuwun  ngawangga kados pundi.."
Basu karno: "yayi Lembusa, lembana, lembusana apa dene kowe jathasura, jejengingsun printah marang sira kabeh, pilihana wadyabalamu kang wasis prang ing wanci bengi, dhawuhana ngebyuki bathang sayuta pesanggerahane para pandhawa ing, sapa kang cilik bisa mateni anake pandhawa gedhene bisa nyangking sirahe pandhawa aja kuwatir, negara ngawangga duweke ratu gustimu Prabu Karno Mandra, ingsun paringake bali marang sira kabeh,"

Lembusa: "E,, Lha dalah,,, Ngaturaken gunging panuwun dene semanten pangebang bang paduka dateng kula sakadang sinuwun,"

Lembana: "Sinuwun Basu karno?.."

Basu Karno: "Ana apa Lembana?"

Lembana: "Bilih punika ingkang paduka kersakaken. kula suwun paduka lenggah sakeca wonten ing mutha pasanggerahan, kula sak sedherek ingkang sagah ngaturakan gembungipun para pandhawa kunjuk paduka kakang narpati Ngawangga."

basu Karno: "Mongkok tyasingsun jenengingsun miyarsa apa kang dadi  kesaguhanmu Lembana,"

Lembusa: "lajeng kepareng paduka sinuwun ngawangga, angsalipun perang pra wadyabala mangke mawi gelar punapa sinuwun?"

Basu Karno: "Rehne iki perang ing wanci bengi, padha nganggoa gelar emprit neba wae,,, bakune prajurit siji lan sijine kudu waspada,, aja nganti kedadean padha rowang malah paten patenan Lembusa."

Lembusa: "Inggih ngestokaken dhawuh sinuwun"

Jathasura: "Sinuwun ngawangga mboten perlu  nguwatiraken para wadyabala sinuwun,,, sedanten sami prigel perang ing wanci dalu panggandanipun saget mbentenaken pundi mengsah lan pundi rowang sinuwun."

Basu Karno: "Sokor yen to penggandane padha luwih landhep" nanging nadyan mangkonoa, tetep ingsun parentahake kabeh wadyabala ngawangga saben prajurit kudu nggawa obor jathasura,,,"

Jathasura: "noknon nuninggih ngestokaken Dhawuh,,"

Basu Karno: "Aja ndadak kesuwen tumuli dhawuhna marang wadyabalamu budhalna dina iki uga..

Jathasura: "Sendika ngestokaken dhawuh "
"E tumenggung Yuda manggala,"

Yuda Manggala: "Nuwun wonten timbalan ingkangadhawuh raden?"

jathasura: "mara kowe metua njaba ngundang wadya..!"

Yuda Manggala: "Ngestokaken Dhawuh."

Mundur sang yuda manggala
Ngundang pra wadyabala samya sawega
Umyung swaraning bendhe beri


Bubar boning kalawan.
Pok sur tambur myang suling
Pepandhen daludak
Bandera miwah kakandha mawarna-warna
Pindha jalanidhi 
Oooong.. Hooongg..

Yuda Manggala: "Nuwun kepareng matur Sinuwun Ngawangga,, para wadyabala sampun samekta ing gati sawega ing diri kabidhalaken sawanci wanci mboten badhe nguciwani,,

Basu Karno: "Sokor bage sewu, jumurung marang sira dadiya pandhega"

Yuda Manggala: "Kepareng madal pasowanan sinuwun"

gumrah kang bala lumaris 
budhaling kang para yaksa
kinon nasri gegamane
sakeng kang para wadya
mubyar busananira
pranyata edi dinulu
pindha hanjrahing puspita

Kapiyarsa suwaranipun.....
Lir umbaking samudra......


gumnyung swarane wadya kang lumampah
kumpul sajara jara atata tancarum

ooonngg,,,
danira mat paramat
ooong...
twaja ngiwang bendhe ngungkung
risang jathasura 
kang minangka
cucuking pra wadya bala

heeeeng...

sampun bidhal para wadya, bala bacingah betan saking ngawangga, meh seprapat tegal kuru kathahing wadya bala yaksa saking ngawangga,  pathing glereng pathing glero suarane wadya solahe pindha singa binasahan saben prajurit sami mbeta abor satemah tegal kuru pathing gumebyar yayah walataga kembul mangsa, aneh aneh tumpakane para wadya yaksa, kaya alap alap singa barong sardula lan sak pinunggalane, nggereng kang numpak nggero kang tinumpakan padha dene karem mangsa manungsa, wadya bala yaksa lan bacingah den pandhegani dening  dening yaksa catur, nenggih adipati kala lembusa, adipati kala lembana, adipati kala lembusana tuwin adipati jathasura, yaksa catur racak sekti madraguna, prawira jayeng palugon, dhasare wasis perang ing wanci dalu, ing wurining barisan katingal ngaglah kreta titihaning prabu Basu Karno, nama kyayi jati surya, kreta peparinging bathara surya, ora mokal pirantining kreta dudu saklamaking wesi nanging wesi pepethingan, rata ngangun pagedhongan kanan kering tinarapan cendhela mawi kaca gedhah kang ginuwang rasane,  
ineping pintu mawi lis kencana mulya kinathiking mutiarasiraping kreta sisiking mina jaladri yen kasorot basanta yayah surya kembar sewu, pancatan wesi mangambal  paku janur wesi pulasrani indhen wesi balitung wengkuning roda wesi mangangkang, rodaning kreta ginawe saking kayu cendhana, dhasar kayune tuwa madeg serate tur cetha dorenge, yen lumaku melek melek gandane pindha peri prayangan, tinarik kuda kalih padha jake padha rosane tur padha sektine, wus samekta kusir  tumenggung rata mejaya denya nyandhak cambuk, Prabu Basu Karno parentah dhateng kusir kinen nglampahaken ponang kreta, sigra sang kusir ngobahaken cambuk mobat mabit kaya kluwung ngobar abir, pucuk cumethi nyenggol pok gantanging kuda, ndadak sakala mbrabat kang turangga lampahing kreta sasat tan ngambah bantala,,,,,,,,,

Oooong...


Ooong......
leng lenging driya mangu mangu 
mangungkung kanduhan riman 
heeengg...
lir lena tanpa kanin
heeeng,,, 
yen tan purusa mengku sang dyah utama 
heeeengg...
hooonggg,,,
hooonggg,,,

~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


Wonten Candhakipun





Minggu, 05 Mei 2013

Sempalaning Bratayuda Jayabinangun


Jejer Bulupitu
Lakon Gatutkaca Gugur



Dok... Dok... Dok... dok dok dok..

Dok....



(sinambi njenjeraken Duryudana saha patih sangkuni ing sisih tengening pakeliran wondene ing sisih kiwa Prabu Salya, Prabu Karna Lan Resi Kerpa)




Leng-leng ramyaning kang oongg... 
sasangka kumenyar oooong..
Mangrengga ruming puri oooooooonnggg..
mangkin tanpa siring oooongg.
halep nikang umah...
mas lir murubing langit.
tekwan sarwa manik ooooongg,
heeeeeenggg....
ooooonngg....

Suwuh rep data pitana suwuh iku werdine sirna rep nenggih suwasana tentrem data yaiku hangesti pitana yaiku luhur,, sirna kang memala mahanani jagad tentrem lamunta hangesti marang luhuring budaya,, tuhu punika sesanti sang widi pamayang,, amiwiti hanggelar wayang purwa,

minangka purwakaning carita katingal bagaskara tunggang ancala, prabane kepalang mega malang nratas nggayuh ing ngangkasa, ing kiblat pracina katon obor markata, candrane antariksa kang kasongan langit biru, kadenetra uga rapuh ingkang ngrempu kabyatan kingkin.. kathah jodhog pating jenggunuk urut cakrawala, asungaran soroting arka cinandra kadi yaksa kang sami jejagongan, angrantan lampah ing pundi uruding ngalap memangsan.
Anenggih ing tegal kuru inggih ing kurukasutra ana papan boera winarbin minangka pasanggrahan, kekayon kang hangrembuyung katingal angayomi mutha pasanggrahan, pakuwon Boero sinung pethetan pendhapi jinajaran bangsal hadhapur jamur marupi, kinayu sirap cendhana sari pinetha sisiking mina jaladri, Saka guru galih wali kukun cinakep ukup salaka pinetha sekar kecubung, jrambah jejobinan sinarasah sela tinata cinawi denta ginambar cakrik kukila pinulas prada, banon ban tinundha tundha anjog palataran, tepining palataran tinemu pethetan sekar jingga sinela kembang biru kalawan wungu, lamun wanci dalu katingal abyor urubing obor yayah pamor, katingal gendera kumlebet ginambaran gada tuhu punika asramaning nalendra ngastina Prabu Duryudana, wondene Gendera ingkang ginambaran sardula nenggih asramaning ratu pager alun jejuluk Prabu Lembusa suwitaning sang Basukarno, Pasanggerahaning sang Basukarno tinengeran gendera gambar surya, pakuwoning patih sangkuni ginambaran kertu balok endhol. Ratu Mandaraka Prabu Salya pakuwonira ginambaran trisula.
Hywang arko kasabut surup, sandya kala gegancangan ngrangu retuning dalu, para ingkang makempal ing pakuwoning prabu Kurupati sami kendel tanpa sabawa labet kaprebawan sang nata kang nembe nandhang sungkawa, sasedaning raden lesmana mandrakumara, burisrawa tuwin sang jayadrata satemah gawe tintriming pasenggrahan bulupitu ,
Dereng dangu sang arka nguncati angkasa ing palagan sepi nyenyet tanpa sabawa labet para pangarsane baratayuda sami kabyatan kingkin,
Kacarita tempuking baratayuda jayabinangun wus kasembadan gangsal welas ari, salebeting kalih welas ari barisaning ngastina dipun senopateni sang prabata resi Wara Bisma, dene ingkang tri ari taksih begawan druna ingkang madeg senapati engga samangke, ndungkap sontening dina ingkang kaping lima las kajawi telasing para nalendra brayaning wadya bala ingkang tanpa petangan para kurawa ingkang cacah satus namung kantun sangalas kalebet Prabu Duryudana, nadyan mangkono, pambayuning kurawa nenggih Prabu Kurupati ingkang tetela atos atine dhasar  wus kajiwa sukmaning ditya pari paksa dereng purun ngunduri sedyane denya kedah numpes marang para pandhawa, Nalika semanangunduri Prabu Kuru pati saking paprangan kanthi kabayang labet kamtaka nguningani sedane keng putra raden Lesmana Mandra Kumara, Nadyan samangke sampun enget ing purwa duksina parandene polatan taksih katingal kaduhkitan, langkung langkung nata Mandaraka Prabu Salya,katingal njegreg yayah tugu sinukarta dangu dereng kersa angunandika, Teka mangkono aturing Prabu Duryudana marang Prabu Salya mecah marang sepining kang swasana,,

Ooonngg....

Heeeeeeeeeeeengg...
Oooooooooong...


Leng-leng ramyaning kang ooooooooooongg... 
sasangka kumenyar oooooooooong..
Mangrengga ruming puri ooooooooooonnggg..
mangkin tanpa siring oooongg.....
halep nikang umah oooooooooooooong.....
mas lir,,, murubing langit.. 
tekwan sarwa manik ooooooooongg,
tawingnya sinawung oooooong
sasat sekar sinuji 
unggyan Banuwati lan nata Duryudana heeeeeenggg....


Rem rem surem soroting kang hywang arko kaeksi... Ooooooooooong....

Heeeeng....
Pucaking aldaka murup oooooooooonnnggg......
Yen janmawa kadi
Asung sasmiteng dasih
Ing...
Sal.... wiring laku....
Lampahing dumadi..
Yen tumanti duka sukaning ndriya...
Yekti kadangan pangesaking diri..... 
Titah....
ing hywang Widi....
Ooooooong....

Yata wau prabu suyudana...

Ngandika winaraking semu...
gampil mbinjang gih hulun panamung...
hamundhi sabda njeng rama....
Mung kewala rinembag rumuhun..
Mring kadang sata kurawa
Mring kadang sata kurawa
Kadi...
paran....
Oooooonnngg.....
Met marga kang prayoga...
Kang pinangya jiwanggama....
hywa...

Duryudana: "Kula nuwun njeng rama Prabu Salya pepundhen kula, dewaji Mandaraka sesembahan kula, wiwit kala ingsleping surya engga sapunika kanjeng rama katingal dhahat nawung sungkawa, seklimah kemawon dereng kepareng medar sabda, punapa kanjeng rama taksih menggalihaken guguripun adhimas burisrawa saking tanganipun setiyaki? kanjeng rama, kula kinten mboten namung kanjeng rama ingkang gempal penggalihipun nadyankeng putra Duryudana ugi ndherek ngraosaken panandang punika, langkung awrat ingkang kula sandhang jalaran kajawi menggalih guguripun yayi burisrawa tuwin adikula jayadrata kula inggih gawang gawang kemutan dhumateng guguripun anak kula Lesmana mandra kumara, abimanyu ingkang sampun wutah ludira tatu arang kranjang kantun pejah kemawon ndadak taksih kober mejahi anak kula Lesmana, Ingga sepriki manah kula mboten pitados menawi anak kula lesmana sampun pejah ,pikiran kula taksih angel ngipataken lelampahan ingkang sumandhang suwargi anak kula lesmana, napa malih kawimbuh adi kula burisrawa ingkang kula tresnani gugur ing palagan sedayadamel pepes raosing manah kula kanjeng rama,, 


Kaleme mawa limut

kalamatan jroning alam kanyut
Oooonng...
saknyataniku kang nyatane kaki
sejatine yen tan emut
ooooooonngg....
sayekti tan bisa amor.
oooong...
heeeeng...
Oooooonggg....
Oooooonggg...

Salya: "Kulup anak prabu Kurupati"


Duryudana: "Punten dalem dhawuh kanjeng rama" 



 
Salya: "Pun bapa ngaturaken gunging panuwun dene paduka anak prabun kepareng nelakaken dhuhkitaning penggalih awit guguripun anak kula burisrawa, paduka anak prabu ugi ngendikakaken menggah kados punapa awrating penandang sabab pisah salaminipun kalian anak ingkang dinama dama inggih punika wayah kula pun Lesmana Mandra Kumara,  Anak Prabu,, raos kula mboten benten kalian paduka kok ngger,,, calonipun sejarah mandaraka badhe cunthel, sabab punapa,,,?? anak prabu pirsa piyambak, hanggen kula palakrama kaliyan yayi dewi setyawati, dening Gusti Kang Hanyepta Jagad paring momongan sedanten wonten gangsal, engkang estri tiga ingkang jaler kalih, Pembajeng anak kula Erowati kagarwa anak prabu Baladewa ing mandura, Angka kalih Surtikanti kagarwa ratu ngawongga, angka tiga anak kula banowati kagarwa paduka anak prabu Duryudana, angka sekawan anak kula burisrawa sampun pejah dereng ngantos pala krama dene ingkang wuragil anak kula rukmarata ugi sampun pejah, mesthinipun anak kula jaler kalih wau kula gadhang gadhang salah satunggal nggantosaken kawula sawanci wanci lengser keprabon, namung jebul mrucut saking gendhuongan lepas saking kudangan ngger, jalaran anak kula kula kekalih sampun ngrumiyini kula sowan ngarsaning Hywang manon,  samigugur ing tegal kuru labet nglabuhi handika anak prabu kurupati, semanten ngger wengising perang bratayuda jaya binangun, nanging badhe punapa malih sedaya kala wau sampun paduka temoni, Ngger,, sekawit manah kula inggih susah sabab dipun tilar anak, namung sareng kula inggahaken saha kawula andhapaken pikiran kula, pinanggihipun jebul kula kedah iklas dateng pejahipun anak kula kekalih kala wau kok ngger,, sabab punapa,,?? sepisan, burisrawa rukmarata punika sanes gadhahan kula, ing tata gelar kula punika bapakipun nanging estunipun punika titipanipun Pangeran supados kula puruna nggula wenthah dhumateng wiji titipanipun ingkang Murbeng Gesang kala wau kok ngger,,  Ingkang kaping kalih, tiyang gesang punika menawi sampun titi wanci katimbalan kalian ingkang murba Gesangwarni warni ingkang dados jalaranipun kok ngger, sinung begja kemayangan pun bapa mandaraka, dene pejahipun anak kula kekalih wau mboten pejah sia, nanging pejah ngrungkepi kesaguhan anggenipun sagah labuh sabyantu anak prabu kurupati,,tegesipun anak kula burisrawa rukmarata punika saget dipun waetani ucap kaliyan patrap sampun jumbuh, utawi lathi kalian lan pakarti sampun nyawiji, ing mangka jaman sapunika angel lho ngger, angel pados tiyang ingkang saget nyawiji lathi kaliyan pakartinipun, kathah kathahipun rak namung janji janji kemawon to ngger,,?? menawi nembe nggayuh palenggahan wah jan,, janjinipun sasat sundhul langit, sedaya dipun suwuni pangestu, namung sarengsampun kalampahan lenggah jebul kesupen kaliyan janjinipun sekawit,  punika wonten lho ngger, wonten punika..." 


Duryudana: "mangke menawi kula mimpang mugi mugi mbotenkesupen dateng sedanten ingkang sampun sabyantu kalian kula kanjeng rama,"


Salya: "nggih kula nyekseni"

Duryudana:" nanging"

Salya: "Nanging dospundi?"

Duryudana: "Gumun kula, salebetipun ngayahi bratayuda ngantos dinten punika, sampun kathah satriya ing bulupitu ingkang pagut ing ramanggana mangka pandhawa taksih wetah, punika tetela bilih ingkang nggelar jagad mboten adil,

Resi Kerpa: " Kula nuwun sewu Sinuwun, keparenga kawula munjuk atur.,"

Duryudana: "Inggih paman Kerpa dos pundi?"

Resi Kerpa: "sesambetan kaliyan dhawuh paduka ing semu nglepataken dhumateng Pangeran, kula sanget mboten sarujuk,  mawantu wantu panyuwun kula nadyan paduka manggih pepeteng ingkang sakelangkung ndhedhet sampun pisan pisan wani nutuh dhumateng ingkang Nggelar Jagad, mangke mindhak paduka mboten pikantuk pepajar, kapara kula suwun paduka ngagungaken panalangsa dhumateng ingkang Maha Kuwaos, supados tinuntun gesang paduka nggih ngger,, kajawi saking punika kula suwun anak prabu keparenga menggalih kanthi wening sebabipun punapa dene kathah korban saking barisan paduka tinimbang saking barisaning para pandhawa, ?"

Duryudana: "Paman Kerpa sing iseh wening pikirane, miturut pamanggih sampeyan sabab punapa teka kathah kurban saking wadyaning Kurupati paman.?

Resi Kerpa: "Sinuwun mila kathah satriya paduka ingkang gugur ing palagan saking pamawas kula jalaran barisan paduka kenging kula upamekaken kadi dene jati ingkang katusupan ruyung,, lir ipun wonten pengawak pandhawa ingkang tumut ing pasanggerahan bulu pitu mriki ngger,,

Duryudana: " Sinten tiyangipun?"

Resi Kerpa: "mboten perlu kula nyebat asma nanging wonten titikanipun kok ngger,  titikanipun tiyang kala wau seneng ngumbar kesagahan tur seneng sesumbar, tiyang ingkang sesumbar kala wau jebul babar pisan mboten tuwuk kewanenipun.mila mboten mokal sauger, janji mbotenwonten kasunyatanipun, sinuwun, menawi tiyang wau sekti mandraguna saestu mestinipun lajeng magut ing palagan nranggulangi mengsah, nanging gandheng tiyang wau pengawak pandhawa mila mboten aneh bilih piyambakipun mentala nyumerepi kathahing layon saking barisan paduka anak prabu duryudana, kaliyan malih sinuwun, menawi tiyang ingkang ngaku sekti mandraguna kala wau lumawan tanding mengsah pendhawa, kenging kula upamekaken wedus prucul mengsah singa barong, kok ngger, singa barongipun pendhawa wondene wedus pruculipun inggih tiyang ingkang remen sesumbar kala wau. mugi kawuningan sinuwun, wiwit mbiyen mila wedus prucul punika mboten nate mimpang mengsah singa barong,kapara malah dados tedhanipun singa barong sinuwun."

Dhadha muntap lir kinetap,,
Jaja bang mawinga wengis,,
Sumedhot katoning lathi,,
Ooong..
netrane ngodar andir,,
soring janggamalathu lathu
senabut marang sakabeng bel murup metu dahanane
Oooong...

Basukarno: "Yo jagad dewa bathara, iblis kang pengawak manungsa kowe heh Kerpa, menungsa tuwek yen clathu tanpa ditata mung waton bisa ngucap lambene heh,, nadyan kowe ora nyebut jenengku nanging aku tanggap marang pangucapmu kuwi heh iblis lanat, cetha kowe pendhita tuwek ra ngerti tata krama, bratayuda iki perang mawa tatanan, ora perang ampyak awur awur heh iblis, mulane aku orea madeg senopati merga aku durung antuk dhawuh, aja ndadak nganggo mlipir tembungmu heh setan Kerpa, kowe ngina ratu ngawongga aku to anggep wedus prucul,, nadyan mung sak wujuding wedus nanging tanganku iki nyampluk ndhasmu ora pecah ndak sembah dlamakanmu heh parat..." 

Salya: " He,,, He,,, he,,,...... he,,,,"

Wiyata laruta saking dosa sang kuru kula,,
yo mutusa sang sri bisma,,
Heeeeeeng...

Salya: "He Karno, kebangeten temen olehmu ora weruh menyang tata krama heh,, nadyan dadimu ratu biyen ki mung merga ganjaran ning kowe ki rak ratu to?. kudune nyawang, iki ana ngendi le? ora perwira Gus, kowe menang karo pendhita kang wus tuwek, yen kowe wong sing lantip panggrahitamu lantip pikiramu kudune kowe matur nuwun marang kerpa kowe, sabab apa.? pedhesing wicara saka kerpa mau satemenenggugah rasamu mecut gregedmu saupaya kowe eling marang kesaguhanmu heh Karno, yen pancen wong perwira aja nunggu dhawuh , ning jaluken dhapuken senopati mau Gus,

Kagyat risang kapirangu,,,
rinangkul kinempit kempit,,
Dhuh sang retnaning bawana
Ooooonngg...

Ya kitu kang walang ati
Ya kitu kang ngenes ing tyas
Ya kitu tang kudu gering...
Ooooonngg..

Basukarno: " yayi Prabu Duryudana"

Duryudana: "Wonten dhawuh kakang Basukarno"

Basukarno: "Nadyan kanthi awrating  penggalih, nyuwun pangapunten pari paksa kula nerak pranataning bratayuda yayi"

Duryudana: "Keparengipun?"

Basukarno: "Ingkang sepisan kula nyuwun dipun dhapuk dados senapati sapunika ugi yayi, kaping kalih ing dalu punika ugi kula nuyun idi palilah magut ing palagan tegal kuru nimpes para pandhawa sak wadya balanipun yayi. menawi panyuwun kula mboten dipun sarujuki punten dalem sewu kula nyuwun pamit medal saking bulupitu punika Yayi prabu,,"

leng lenging ndriya mangu mangu
mangungkung kan dhuhan riman
Oooonggg...

Duryudana: "Piye paman Sengkuni"

Sangkuni: "Kula nuwun sewu ngger, gandheng punika tuwuh saking manah sucinipun ingkeng raka ing Ngawangga, langkung prayogi dipun lulusaken kemawon. panyuwunipun sinuwun ngawangga punika kala wau ngger,"

Duryudana: "Paman,"

Sangkuni: "Wonten dhawuh"

Duryudana: "Pranatan Bahrata yuda kang di sarujuki pandhawa kalawan kurawa, perange wanci awan, wanci bengi kanggo leren, yen nganti jenengingsun nglilani kakang ngawangga maju perang ing bengi iki padha karo Duryudana nglanggar pernatan paman, "

Sangkuni: "Sinuwun, "

Duryudana: "Pripun"

Sangkuni: "Tiyang perang punika bakenipun mimpang kok ngger, mawi cara punapa kemawon dipun lampahi waton menang, anak prabu mboten perlu metang iki nglanggar pranatan ,mboten perlu di penggalih,, anak prabu kedah enget pranatan punapa ingkang mboten dipun langgar ngger,,sedaya sami nglanggarperaturan kok ngger,,, tiyang perang niku mboten perlu ngetokne kajujuran, dadia paduka dipun alem jujur dipun alem resik namung menawi kawon napa mboten malah kapitunan kiyambak anak prabu,," 

Dadi atur tur miturut
manut sumarah mring Gusti
dene sidi dyah utama
Oooong...

Duryudana: "kakang Ngawangga

Basukarno: "Wontendhawuh Yayi,"

Duryudana: "Menawi kersanipun kakang Ngawangga mekaten, inggih kula lilani paduka madeg senapati tuwin kula lilani paduka magut palagan ing wanci dalu punika ugi kakang prabu"

Dahat subeng kayun, 
kayungyun niat sang nata 
jinurung hywnang suksma

Basukarno: "Wadhuh yayi prabu,,ngaturaken gunging panuwun dene paduka sampun nglulusaken panyuwun kula yayi. ingkang punika kepareng keng raka nyuwun pamit, hanganthi para wadyabala sacekapipun saking ngawangga bidhal magut palagan ing dalu punika Yayi, mugi mugi dereng ngantos pletheking surya, kula sampun wangsul kanthi nghaturaken mestakaning para pandhawa yayi, "

Duryudana: "Inggih, matur sembah nuwun kakang prabu, pamuji kula mugi mugi paduka jaya ing palagan sembada ingkang dados sedya kakang prabu ngawangga.

Basukarno: "Matur sembah nuwun, namung sakedhik kula atur weling dhumateng Yayi prabu Kurupati, "

Duryudana: "Dos pundi?

Basukarno: "Salebetipun kawula magut ing palagan kula nyuwun para pini sepuh ingkang lenggah punika dipun aturana lenggah sakeca tuwin dhahar ingkang eco kersanipun inggal lemoh yayi prabu."

Miyat langening kalangywang aglar pandham muncar,, 
kinon lir kekonang surem sorot wetan padhang..
Oooong....
Ooooooong...
Ooooonnggggg..... 
Heeeeeeengg...
Ooooongg.......


Heeeeengg.......

Duryudana: "Kanjeng rama Mandaraka

Salya: "kados pundi anak prabu?"

Duryudana: "Bingah manah kula dene kakang Ngawangga sampun ngetingalaken ing reh tanggel jawabipun, Ngudi pejahing para pandhawa saha ngudi jayaning para kurawa kanjeng rama.

Salya: "Inngih ngger, kula inggih remen, remening manah kula dene Basukarno sagah magut ing yuda badhe merjaya ingkang kaanggep mengsah, namungbabar pisan manah kula dhumateng basukarno ngger,, sabab punapa, jalaran piyambakipun sampun wani nerak pranatan ingkang wonten salebeting bratayuda,, punika sampun cetha bilih basukarno manungsa ingkang mboten wanuh dhateng tata krami ngger, umpamia mangke mimpang nanging gandane kemenangankala wau banger bacin anak prabu."

Sangkuni: "Ning rak menang. dipun wastani banger bacin kersanipun ingkang baken rak menang, anak prabu Kurupati mboten sisah menggalih suwanten ingkang mboten seneng ngger,,,"

Resi Kerpa: "Langkung langkung rumaos nggumunaken malih raosing manah kula, ing atasipun sinuwun mandaraka punika mara sepuh  kok inggih mboten dipun pamiti, mboten dipun suwuni pangestu,, dados sampun cetha ingkang mantu satuanggal kala wau sampun nyingkur dateng tata krami,, "

Salya: "kabeh kabeh mau mung kari kumpulane kok resi Kerpa,, nonton kumpulane, lha wong saben ndina kumpul sengkuni kok kon ngerti tata krama ki piye heh? ora bisa, ora bisa.. sengkuni ki ambak patih ning wis kelangan kiblat mula kabeh cara di kalalake.mangan bandha reged barang yo kepenak wae kuwi sengkuni ,"

Resi Kerpa: "kala wau Basukarno sampun meling dateng anak prabu Duryudana, salaminipun basukarna magut ing palagan para pinisepuh punika dipun aturi lenggah sakeca tuwin dhahar eca kersanipun inggal lemoh, kok ngaten sinuwun,,?"

Salya: "Kuwi yen ora manungsa pikiran wedus, mokal ngomong kaya ngono kuwi mau hem,,, padha karo aku lan kowe ki dikira wong sing kemalan badhogan." 
"Anak Prabu,"

Duryudana: "Dalem wonten dhawuh kanjeng rama"

Salya: "dalu punika kula mboten tumut dhateng palagan ngger.  pun bapa mboten kepingin nguningani tingkahing senapati ingkang mboten anut ing pranatan,  paduka mboten kenging meksa raosing manah kula lho ngger,."

Duryudana: "nggih sumangga rama kawula aturi ingkang mardika kemawon.."

Salya: "Inggih,,"

Duryudana: "paman resi Kerpa,"

Resi Kerpa: "Wonten dhawuh sinuwun?"

Duryudana: "keparenga paman resi Kerpa madosi menggah wonten pundi dunungipun paman Durna, awit sasampunipun abimanyu pejah bapa druna lajeng mboten katingan wonten ing pasanggerahan paman," 

Resi Kerpa: "Nuninggih ngestokaken dhawuh sinuwun kaparenga kula nyuwun pamit badhe ngupadi wonten pundi dunungipun kakang resi Druna,, "

Duryudana: "Inggih namung ndherek ndedonga mugi raharja paman Kerpa,"
"Paman Sengkuni"

Sangkuni: "nuwun wonten dhawuh anak prabu?"

Duryudana: "Sira aja keri paman,, inggal iriten para wadya bala kinen ngetutake tindake kakang Ngawangga kang saguh magut ing prang pupuh wanci ratri bakal mbabadi para pandhawa, dene jenengingsun arsa manjing sanggar pamujan nyuwun ngarsane Hywang manon paman, muga unggula ing jurit kakang prabu Ngawangga,,"

Sangkuni: "nok noninggih 

Resi Kerpa: "menawi makaten anak prabu kepareng madal pasowanan kanjeng sinuwun.."

Duryudana: "Duga duga digawa aja nganti ana sing keri,, "

Sangkuni: "Nok noninggih"

Oooong...
ooonggg................

~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Wonten Candhakipun.....