SUGENG RAWUH PARA SEDHEREK, MUGI SAGET DAMEL RENANING PANGGALIH PANJENENGAN Kanthi Nyebut Ing Asmaning Gusti, Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, Maha Asih Sejatine, Puja Lan Puji Iku, Amung Allah Ingkang Ndarbeni, Gustining Jagad Raya, Yo Alam Sawegung, Maha Asih Cetha, Kang Ngratoni Dinaning Akherah Yekti, Kukuding Alam Ndunya, Hamung Dhumateng Paduka Gusti, Hamba Nyembah Saha Kumawula, Hangrerepa Dhepe Dhepe, Hamba Nyuwun Pitulung, Tinadahna Margi Kang Yekti, Margining Tiyang Kathah, Ingkang Begja Tuhu, Paduka Paringi Nikmat, Sanes Margi Bebendu Lan Sasar Sami, Amin Tutuping Donga

Selasa, 26 Maret 2013

Pranata Acara Kirab Temanten


Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,

Alkhamdulillahirobbil ‘Alamin, Assholatu wassalamu ‘ala Rosulillahi Ajma’in, Ashadu Anla ilaha Illalloh Wa Ash-hadu anal Muhammadarrasululloh, Wa Qola Rosulullohi SAW, Annikahu ‘an Sunnati Famarrokiba ‘an sunnati falaisa minni..Amma ba’du.

Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT ingkang Maha Asih, mugi tansah kasajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.

Nuwun.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.

Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma. Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Illahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.

Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun ingkang hamengku gati sagotrah, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka  pinangka jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa wonten ing pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun  Bp …………. ( Ingkang hamengku gati ) netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing ri kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning tata upacara. Nun inggih Bp…….. ( Pamengku gati ) sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bp…….., ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bp……. ingkang lenggah wonten ing …….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA utawi ing dalem).

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :

Binuka kanthi sowaning putra temanten putri saking sasana busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban ...,...,... (Dukuh, kelurahan,Kecamatan,Kabupaten)
Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan minangka titi laksana Kalajengaken sowaning putra temanten kakung saking sasana busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga adi lan adicara upacara panggihing penganten sawetahipun, adicara ingkang angka tiga.  
Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bp…….. mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
 Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.

 Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu …….  ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji.

Penganten putri sampun purna ngadi busana, karigenaaken dening ibu…………. Kakanthi ibu…….. lan ibu……… kadherekaken sawetawis para, penganten putri tumunten badhe miyos lenggah ing palenggahan penganten,

Jengkaring temanten saking sasana busana binarung ungeling gendhing ingkang sampun cinandhi ing pita swara dening kadang kawula panata pita swara, dhumateng para – para ingkang piniji hambok bilih sampun samapta ing gati murih rahayuning sedya, kasumanggakaken.

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar  ketawang puspa warna, ana gandha arum amgambar katiyuping samirana mandha, kawistara jengkaring sri atmaja penganten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku wredhi papan ingkang wangi wus hangarani, ateges milil saking panthi busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para ingkang kunurmatan, rawuh manjing salebeting sasana riningga kinanthen panjenenganipun………..

Sri panganten putri hangagem busana ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating nggalebyar pating pancurat kalamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasesilih prenah.

Hangagem puspita rinonce ing ukelira sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kangsa gandane hangebeki wisma pawiwahan.

Endah edining busana, bamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamun to cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah bathari suwarga loka ingkang tumurun.

Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindha singa lapa, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijil ing lesan, hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.

Wus handungkap prapta ugyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga, hanggrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
~~~~~~~~~~~~~~~~

 Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata upacara sowaning penanganten putri , katitik sri penganten putri sampun lenggah kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana menika mracihnani bilih  laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah dhedhepe wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula dherekaken.

……..Bismillaahirrahmaanirrahiim……
~~~~~~~~~~~~~~~~

 Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah, ingkang badhe kasarirani denening sedherek …………………… Anamung keparenga sak derengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sak dereng lan sak sampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi kasumanggaaken dhumateng sedherek ……………. Sumangga.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~

 Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan ayeming suwasana prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.

Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bp …… ( Pamengku gati )  sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bp……( Pamengku gati ) sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bp……….. Dhumateng Bp………..kula sumanggaaken, saha mugi kepareng Bp………( pamengku gati )  sekaliyan, kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bp……….. Sumangga.
~~~~~~~~~~~~~~~

 Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa ... sekaliyan ingkang lumantar Bp………… Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bp……. ( Pamengku gati )  sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para putra badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.

( Wirungan Sakwetawis Menawi wonten hiburan saged pun isi hiburan )
~~~~~~~~~~~~~~~~

Nuwun para tamu kakung putri, penganten kakung sapendherek sampun kepareng rawuh,

Para tamu kakung putri, pengantin kakung sapendherekipun sampun tata rakit ing wiwaraning pasamuwan, ingkang punika paraga ingkang kajibah sumangga tumunten keparenga hangacarani rawuhipun penganten ing pasamuwan,

Para rawuh sekaliyan ingkang winantu pakurmatan, langkung langkung dateng priyagung lan para sepuh ingkang mahambeg dharma, pana ing pamawas, miwah lebda ing pitutur,

Prasasat linobong  ing manah ingkang dahat suta amarwata suka, dupi anggenipun anguningani yen ta sajroning sasana pawiwahan, kawuryan  kebak luber ambelabar sagunging pra tamu kakung putri, lenggah satata pepak sinaroja.

Binarung pradangga munya angrangin, ana gandha angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulya, kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, gebyar gebyar mawa teja anelahi, sumambirat pindha soroting baskara ingkang  mijil ing wayah gagad rahina, kumenyar mawa prabawa kentar kentar winar  gondhowidho, sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, pranyata punika candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wisma palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.

Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimba busananing narendra, lamun kadulu saking mandrawa katon agung mrabu hamrabawa, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung, dene mrabu apindha jejering narendra kang kawiwaha nucwring sajuga, mrabawa tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.

Dampyak dampyak ingkang samya lumaksana, mbinayangkara temantene kakung ingkang ngemba busananing narpati, pinayungan songsong agung ingkang kawastanan songsong agung tunggul asmara.

Ingkang samya nginarebeg pinaragan dening para kadang sentana, sutresna, sumitra miwah warga wandawa, ingkang sampun rila dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkari.

Tindakira lengkeh lengkeh anyardula lapa, lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amrabata nenggih hangringin sungsang,

Sembada ing driya, tan mengkoh ing pakewuh, yekti yen tamtama, sumbada wiratama prawira jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Mila lamun kacandra kasasra, kadi senapatining narendro ingkang arsa tedak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.

Prapteng dwiwaraning pawiwahan, nalika semana temanten kakung dahan ngunguni werdaya, dupi nguningani rerengganing pawiwaha. Kang dumadi saking pradapa manca warna

 Kandeg lankahnya putra temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinata titi tataning gati, sigra jumangkah winang sraya pametuking sekar cepaka, amurweng kandha dumateng kang sampun kapiji.

Para tamu kakung putri, tumunten badhe katindakaken adicara panggihing penganten , para ingkang tinanggenah keparenga nyawisaken pirantos sacekapipun, panggihing penganten karigenakaken dening ibu…… ……… awit saking punika ibu……………. Keparenga nganti pengantin putrid tumuju dhateng papaning panggih para tamu kasuwun paringipun puji pangestu dhumateng penganten kekalih, panggihing penganten kabiwadha ungeling gendhing monggang kalajengaken ketawang larasmaya pelog barang. Sumangga.

Panggih

Wus dumugi wahyaning mangsa kala dumawahing kodrat, saking panguaosing Gustu ingkang Maha Wikan, Welas, Tresna lan Asih, nalika semana ana titahing Gusti kang asipat jalu lan wanita, ingkang sumedya netepi jejering agesang ngancik ing alam bebrayan, amestuti ila-ila ujaring para kina ingkang dahat pinundhi pundhi, sarta angleluri laksita harja nulad edi endahing budaya, nuladha budaya kang sarwa sarwi adi luhung, tumuju dateng kautamen.

Dhampyak – dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayap tindakipun putra temanten kakung , kandeg sawetawis sareng dumugi dwiwaraning pawiwahan.

Gantya kang winursita…

Ingkang jengkar saking sasana rinengga, anenggih punika warnanipun temanten putri , kinarebeg sagunging para – para ingkang samya humiring, kinanti myang para-para kang wis pinanci.

Dene kang munggeng tut wuri hanenggih warnariro jejaka kenya tumaruna kalih ingkang ngasta kembar mayang kawasta, kalpataru, dewandaru, jayadaru ingkang kinarya sarana dauping temanten sarimbit. Tindakira lengkeh – lengkeh kadya sarjula lapa riyak anggajah nggaling, lambean amblarak sempal yayah merak kasimpir,

` Gendhing laras maya…

Minggah ungeling ketawang laras maya, tumapaking pada nut wirama swaraning pradangga kang munya hangrangin, rinambang ungeling munggang kang kapiyarsa ing akasa.

Kadya saur manuk anglur selur asung pepuji pangestu marang penganten kekalih, mrih kasembadan sedya anggenipun bebrayan ngantas dumugi kaki nini, tebih ing rubeda celak ing kanugrahan lan kabagyan

Saya caket saya caket anggenipun lumaksana, risang temanten putri dupi wus dumugi papan kang wus sinedya, sigra kandeg sawetawis, temanten sami apagut tingal, tempuking paningal catur netra, catur wus ngarani papat netra mripat, padha sakala wonten daya pangribawa ingkang ambabar karsa dadyo sarana pambukaning rasa ginaib ingkang tumenem ing sanubari, tempuking pandulu satemah mbabar  raos geter ing telenging nala

Gantalan :

Datan saranta risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netra risang pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punapa to menggah darunanipun gantal ingkang dados bebalanganing putra tinemanten,,?

Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minangka sarana ambuntel sarananing ganten, suruh tinangsulan ing lawe seta satuhu ngemu pralmpita,



Suruh, jarwa dhosokipun kesusu kepingin weruh, suruh lamun to pradapa beda lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajuga jejer priya satunggal mijil wanita, kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal rasa cipta miwah karsane, temu ing raos, tinangsulan ing raos tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.

Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri panganten kakung darbe raos asih mrih garwo, tumuju ing jengku, penganten putri tansah ngajeng – ajeng ing pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodyo dados pangayomaning brayat.

Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing palaraban ngemu wasita panyuwun mrih wanodya mulur ing cipta, dene ing jaja amrih mekaring rasa, satemah penganten puri saget menggalih kanthi weninging rasa, saniskaraning tumindak miwah wicara mung  karenak tyasing sasama.

Purna ambalang gantalan kanthi bombonging manah…..kebak raos ingkang tumenem ing sanubari, kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang raja, pasemone nyata lamun daupira wus pinesthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendratama.

Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gya marepeki antiga cinaket ing bokor kencana, minangka wadahing sekar setaman, sakala panang antiga tinapak ing pada,,Pyar,,,pecah sanaliko,,pramila daya-daya penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung, purna denira sumembah gya amijiki samparaning ingkang raka kang winastan ranupada, ranu wus ngarani toya, pada teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang raka kanthi sedya ngatonaken darma bekti mring garwa, amberat sawarnaning sukerta, satemah anggenira lumebet ing alam madya gesang bebrayan, saged lulus raharja manggih kamulyan.

Taya perwito kang minangka sarana pambasuhing pada, manunggal mring sekar triwarna, nunninggih mawar , mlati miwah kenanga, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncara asmane, bisa dadi tepa palupining brayat mudha.

Paripurna winijikan samparanira jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos tresna asih, pralampitane, risang pinanganten minangka jejering priya, kasdu ngangkat drajating wanodya, amrih saget jajar kaliyan drajating priya.

Singep sindur :

Paripurnaning gati kang titi laksana adicara panggih, lajeng jumeneng jajar putra tinemanten kekalih sandhing kekanten asta, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanadya datan nyingkur kadrating wanita minangka garwa, risang pinanganten asra lumampah tumuju ing sasana rinengga , alake kang samya humyat….

Gandheng renteng – renteng kekanthen asta risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinara sasra, sarwi singep sindur ingkang awarni rekta miwah seta deneng rama ibu, kanthi pangajab bebrayaning putra sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiya ing budi rahayu linambar raos tresna, rhosa, tepa, sembada lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kaduragan lan kanistan,

Kadya raja myang prameswari arsa tedhak siniwaka lenggah ing dhampar denta, sapungkurnya risang penganten inggih bapak-ibu………..suka rena ing wardaya bapak – ibu…………dupi wus bisa ngentasi wajibing wredho malakrama aken putra pinanganten sarimbit nun inggih kang ahayu rara………kaliyan sang abagus ………priya kang mijil saking tlatah………satuhu putra kekudanganipun bapak-ibu……, wus widagda nambut guna talining akrami risang pinanganten, kanthi nopokhasmoni pustaka pikukuhing palakrama tumapaking adicara ijab ing dinten…….surya kaping mapan ing ………..ing wanci menika mestuti tatacara adiluhung kanthi nindaaken adicara panggih.

Para kadang samya tutwuri mring tindakira risang pinanganten, jumurung mring karsanira risang pinanganten, anggenira darbe karsa mangun bale wisma, mangun kulawarga, mugi ing tembe enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadya mimi lan mintuna, saking dunya dumugya delahan.

Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinengga , gunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun suka pakurmatan tumapaking adicara panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit,

Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasana mulya , suka ing driya risang pinangantyan putri, ginantha ing wardaya, kadya puspa warnane.



~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Para tamu kakung putri, adicara panggihing pengantin sampun tumakap kanthi prayogi, wilujeng nir ing sangsaya, salajengipun kunjuk ngarsanipun ibu……………. Keparenga nglajengaken adicara kacar-kucur tanpa kaya tuwin adicara adat saperlunipun…sumangga.

................................................

Sampun sawetawis anggenya jumeneng ing wiwaraning sasana wiwaha panjenenganipun bapak – ibu…………, tumuli salajengipun bapak – ibu……….badhe mapak ingkang beksan, kalamun pinanggya age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagyo kawilujengan,

Wus jengkar saking plenggahaniro bapak-ibu,,,,,,,,arsa mapak ingkang beksan bapak-ibu………sampun antu-antu praptaning kang besan, arso mbage kabagyan awit dhauping putra temanten, nalika samana lumaksana bapak-ibu……..tansah suka ing galih, kacihna esem tansah sinunggih ing lathi, satindak tumuleh manganan, sapecak tumuleh mengering, lamun rinumpaka kadya asung pambagya mring para tamu ingkang minulya.

Sampun pinanggya ingkang bebesanan ing wiwaraning sasana wiwaha, ingkang bebesanan samya ajejawat asta, bapak – ibu………ngaturaken kawilujengan.

Sugeng rawuh dhumateng ingkang beksan bapak-ibu…………ingkang rawuh saking tlatah……..

Anggenira lumaksana para ibu wanten ing ngarsa, para bapak  wanten ing pungkur, menika dados pratandha, kalamun para priya suka pangayaman marang para wanita, para priya suka panjurung tumindaking para wanadya kang datan nalisir saking paugeraning kautamen.

Wus gambuh penggalihira ingkang bebesanan, suka rena ing driya dupi uninga ingkang lenggah jajar ing sasana mulya, langkung – langkung para tamu ingkang sampun lenggah pepak sinaroja, paring pangestu dhumateng risang pinanganten, den gegadahang amrih ingkang putra kang lenggah ing sasana mulya, satuhu bakal mulya uripe, nemu kagabyan lang karaharjan, kepareng ingkang besan kadereaken lenggah ing sisih keringiro risang pinanganten, paripurna ngaturaken palenggahan pakurmatan dhumateng ingkang beksan, bapak – ibu ……wangsul ing sasana sakawit.

..........................................................

Para rawuh kakung putri miwah saguning para sepuh ingkang mahambeg dharma, dupi sampun paripurna titi laksana adicara panggih miwah tanpa kaya, kaparenga ngrumpaka dhumateng adicara sungkeman. Dhuwung kalolos dening panjenenganipun bapak…………awit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh mila datan prayogi lamun asikep gegaman. Arih tindakira sri pinanganten sarimbit  lumarap marak sowan ing ngarsanipun rama saha ibu, kekelihipun kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak – ibu….

“ Hung wilaheng ngawi genam emas punama sidhem,,

Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinengga, anganti ingkang garwa lumarap ngabyantara myang kang para pinundhi, nenggih rama dalasan ingkang ibu, lampah jengku bebasan sata matarangan, esthining penggalih amung sumedya sumungkem dhateng padanipun ingkang  rama ibu, sigra tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane temanten sarimbit,

Tangkepeng asta sarwa sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipta rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudya hastawa saking rama miwah ibu, mring esthining driya denira bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Maha Welas lan Asih.

Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan bisa ngunandhika, kadya sinendhal mayang bathine, sumedhot ing galih, dhene putra sing linairake saiki wus dewasa arep mangun bale wisma, datan karasa trenyuhing nala akarya tumetesing waspa lamun kacandra kadya mutyara rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putra, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresna asih.

Punapa to menggah darunane…..?

Jro sumungkem anguswa pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikala linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang kinudhang kudhang wiwit alit sahingga dewasa,

Enget marang rama ingkang wus sembada angukir jiwa ragane miwah dadya lantaraning tumuwuh.

Enget marang ibu ingkang wus kuwawa dadya papaning yuga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta anglelinthing anggulawenthah wiwit kalane ing ngguwa garba nganti tumekeng akhir  dewasa, rumaos menawi ageng sanget anggenipun katah dwusanipun dateng rama ibu lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.

Eling – eling risang panganten wiwit timur mula anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amila namung sakedhep netra wus bangkit angusadani onenging nala, nadyan anandhang sungkawa cekap ing samudana.

Waspada ing semu dupi anguningani bilih ingkang putra denira karantang galih, kadya kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasita adi, makaten tha umpamiya kawijil ing lesan . :

“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….

“ Duk kalane isih cilik sira dak kekudang yen to dewasamu bisa winengku dening satriya tama , ingkang sembada hangayami jiwa raganira ing mengko tumekeng delahan, ing kalungguhan iki, sepira to lega bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Maha Agung, Pangestune rama ibu marang sira sakloron bebasan tansah anglur selur pindha ilineng narmada, muga nggenira palakrama bisa tuwuh hangrembaka, nganthi tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning rasa tresna kang hangrembaka, binarung lan pangestune rama ibu kang wus satruju dumurungi marang palakramamu , bisa atut saruntut kadi mimi lan mintuna, mugya tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerta lan godha rencana, sarta dak sesuwun ing rina pantaran ratri, mugi enggal antuk talining brayat , yoiku wujuding pratima ingkang bangkit bisa tata jalma, ingkang datan liya momongan minangka rengganing bale wisma lan talining bebrayan “.

Dupi wus paripurna anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun rama-ibu, temanten lajeng kanthi kebak tata lan kasusilan, subasitaning putra dateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arsa nglenggahi dhampar rinengga ingkang kasasra sarwa sarwi edipeni.

apa to rerengganing dhampar…..?

Rerenggan tarub kajawi janur kuning ingkang karengga adi, ugi kawistara sawenehing tetuwuhan miwah puspa rinonce , kadi to tetuwuhan wulung cengkir gadhing dwegan wilis, gedang mas sarakit, sinangga pisang raja ron kemuning, pari wulen sak angkan pinara kalih, jagung otek, godhong maya, godhong apa-apa, miwah sekar kenongo, mawar melati ingkang ajrah jroning babut permadani, kongas ngambar arum gandane ginanda ganda jebat kasturi, punapa to werdining tebu kang kadayang saking antebing kalbu, tiyang sepuhipun kekalih, sampun sumedya agolong agulung, sumedya bebesanan ingkang sinambet kaliyan raos kencenging pikir,

Ingkang pangajab panganten tuwuh tumuwuh, tumangkar gampil anggenipun nguladi guna kaya, manggiya kalanggengan ing sugengipun, satemah ngambar arum ing asmo pindha sekar kemuning, lan saged dados pangayomaning para sanak sederek, kadang pawong sumitra, raharja kalis ing sapara-para, tebih ing sesuker talak panyendhu.

Yayah surya kembar candrane, penganten sarimbit mila cingaking para-para ingkang samya humiyat, pindha bathara kamajaya ngejawantah ingkang sarimbit kaliyang ingkang garwa bathari kumaratih, gesang reruntungan  wiwit saking madya pada  ngantos dumugyoa alam janaloka, rukun sayuk pindha gesangipun mimi lan mintuna, menawi kacandra ing jaman purwa, kadya brayanipun risang pamadyaning pandawa risang harjuna kaliyan putri dewi wara ireng yo wara sembadra, kasanepa ing jaman madya kadya dhaupipun risang panji asmara bangun kaliyan dewi sekar taji, putri ing bebaya ing kediri

Kacandra ing jaman majapahit, kacandra kadya prastyanipun raden damarwulan lan ingkang garwa dewi anjasmara,
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bp……… ( Besan ) sekaliyan ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bp……… minangka talanging pangandika Bp……. ( Besan ) sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bp…….. kula sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bp …….. ( Besan ) sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bp……. sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.

......
.....
...
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

 Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bp…….. minangka talanging basa Bp…….. ( Besan ) sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp………..  minangka sulih sarira panjenenganipun Bp …. ( Pamengku gati ) sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.

......
....
...
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp …………. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.

................
......
....
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bp………. ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising pinanganten sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, sehengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi sak lami-laminipun. Amin.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

*Sakderengipun nyekar prayogi dipun rumiyini pathetan rumiyin ingkang jumbuh kaliyan laras lan patheting gendhing ingkang kangge ngrenggani kirab*

Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumeneaken sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Anyarkara kinarya ngrenggani
Mamrih regu regenging pahargyan

Karya umiring lampahe
Nenggih cucuking laku
Dera arsa manjing ing panti
Penganten wus samapta
Kinirapaken tuhu
Minta lunturing haksama
Tresna asih puja puji pangastuti
Hayuning palarama



Anteng tajem jatmika kaeksi
Ngegungaken susila nuraga

Tan kuciwa prayitnane
Siyaga sureng kewuh
Ubayane tan mbalenjani
Tegen, tanggon, tangguh
Pan alon tanggah jumangkah
Hanyaketi unggyane penganten kalih
Mangsah lumampah kirab



Mudha kalih siyaga umiring
Lampahira risang adimuka

Putri dhomas sawurine
Sulistya warna punjul
Rinengga ing busana adi
Karya gawok kang miyat
Temah cipta ngungun
Mangkana lampahe prapta
Ing ngarsane risang penganten serimbit
Gya tinabuh tenggara
Sebet byar kang cinarito…

Lah puniko minangka bebukaning kandha Ing ari kalenggahan punika, ndungkap titi laksana kirabing panganten, Kawuryan ana sesetya kalih kang coplok saking embanan, lah apa to sebabe kawastanan mangkono..?

Wonten jejaka tumaruna dhaup kaliyan warara, ingkang sahabe  pepraya arsa lelumban ing madyaning bebrayan , wusnya samapta gatining kang titi laksana upacara kirabing temanten, samana sang suba manggala ingkang mangarsani lampah sigra hanganti para paraganing kirab ingkang sampun sawega ing gati.

Sinten to ingkang kapiji ing karya…?

Mboten sanes sang manggala yudha, kang asipat satriya kalih sakembaran, dhasar kekalihipun sami sami taksih mudha tumaruna, pekik ing warna, ngagem busana endah kang sarwi padha, mila lamun cinandhra satriya warujuning dyan pinten lan tangsen, utawi nakula lan sadewa.

Kanti antebing manah nyawego ing gati, hangiring panganten jengkar saking sasana wiwaha tumuju ing sasana busono, gyo hambrastho sakehing pepalang ing samargo margo, mrih yuwananing pinanganten sarimbit , kanthi asesanti rawe rawe rantas malang malang putung.

Ing pungkuran, para putri dhomas wilangan…ngagem busana sarwi…..Dhasar sedaya maksih sami kenya, sami sulistya ing warni, Pramila lamun kacandra, pepindhane puspita panca warna kang mekar ing taman sari, pramila datan mokal lamun bisa gawe cingaking para taruna kang hamong karya, Sinambet para kadang kadayan saha pamong sumitraning panganten kang samya gemregut rebat ngajeng, nedhahaken sih sutrinanipun dhumateng penganten kekalih.

Pungkasaning kirab, bapak – ibu………tindak lon lonan semu mesem ing wardaya, mratandhani suka bagyaning manah nampi nugraha saking Gusti ingkang akaryo jagad.

Rikala samana iring-iringaning kirab wus dumugi sangajenging dhampar rinengga, sang suba manggala sigra hangaturi penganten sarimbit jengkar saking dhampar rinengga, astha kadhereaken gantas busana, Dupi priksa isarating sandi sang suba manggala, sri pinanganten kekalih jengkar saking palenggahan sami jumeneng gegandengan asta.

Kebak ing kasusilan ngacarani risang temanten jengkar saking palenggahan, pinandhengan cucuk lampah ingkang ngarsa nyarirani dadya suba manggala, gigut gemregut  rebut ngarsa pars para ingkang ngirabaken temanten,

 Jengkaring penganten kekalih lamun cinandra pindha sang sri narendra kang arsa langen suka.

Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan sekar-sekar saking kadang kawula …………… ( Group Hiburan )…..Sumangga.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


 Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.

Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.

Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu Juru rias saha para ingkang piniji, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem.

Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri  kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bp……….. ( Pamengku gati ) sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang waruh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh tuwin wonten suguh ingkang kirang lawuh,  mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Lan lumantar kawula ugi, panjenenganipun risan juru paes putra temanten ibu juru rias nun ninggih ibu……….. saking keluarga ageng…………… ( Nama salon/Sanggar rias ), ugi sedoyo kru ingkang samya ngayahi jejibahan wonten ing mriki papan, juru pita swara, juru dokumentasi foto miwah video lan sedaya wadya balanipun sabregada, kepareng matur wonten ngarso Bp………… ( pamengku gati ) hangaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit saking sampun mitadosaken dhumateng panjenenganipun anggenipun paring pepaes putra temanten lan papan pahargyan tuwin samudayanipun, lan mestinipun kathah kekirangan wonten ing babagan punapa kemawon, pramila lumantar kawula panjenenganipun ibu…….. ( juru rias ) saha sedaya para-para ingkang samya hangayahi karyo minongko jangkeping adicara pawiwahan meniko, samudayanipun nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama.

Mliginipun tumprap jasad kawula pranata adicara, mestinipun katah anggen kawula matur klenta klentu, saru siku temah tan bangkit andamel renaming penggalih paduka para tamu,  miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.

Ing wusana ngaturaken sugeng kondur, sugeng pepanggihan malih wonten ing papan ingkang langkung prayogi..

Nuwun…nuwun…nuwun..

Akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah..

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.












Lepat kawula Nyuwun Pangaksami Awit Sedanten Kekirangan Lan Kalepatan Wonten Ing Seratan Punika
Pamrayogi ingkang arupi kritik lan saran tansah kawula suwun murih sae lan leresipun seratan ing nginngil.
Kirang Langkungipun Nyuwun Pangaksami
Nuwun
Matur Sembah Nuwun


Jaka Lelana




Rabu, 20 Maret 2013

Asal Usul Aksara Jawa

Nalika semana ing Medhang Kamulan di printah dening sawijining raja kang tumindake tansah mimpang saka ing bebener, anane mung daksia, adigang, adigung, adiguna, lan kang luwih gawe mirise warga sanegara yaiku sang nata kang saben dinane njaluk tumbal awujud manungsa kanggo dipangan. Prabu Dewata Cengkar mangkono arane Raja iku mau.

Kabar kang kaya mangkono wus keprungu nganti sanjabane rangkah praja Medhang Kamulan, Sawijine wektu ana satria bagus gagah pideksa, Aji Saka asmane. ora amung rupa lan dedeg piadege kang becik, ananging Aji Saka uga satria kang tansah lumaku ing bebener, dhasare sekti mandraguna.

Aji Saka kang mireng kabar patrape prabu Dewata Cengkar ing Medang Kamulan daya daya sabyantu marang warga ing kono,  Sawise prapteng Medhang kamulan, Aji Saka kepingin inggal di sowanake menyang ngarsane Prabu Dewata Cengkar supaya inggal rampung dahuru kang gawe geges lan mirising warga. Niate Aji Saka kang kaya mangkono ora di keparengake karo Patih ing Medhang Kamulan, Patih rumangsa mesakake marang Aji Saka yen nganti dadi tumbaling Dewata Cengkar kang ora duwe sipat kamanungsan. Ananging niate Aji Saka ora bisa di palangi maneh. Ngendikane Aji Saka," Paman Patih mboten sisah kwatir, mugi mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring keslametan dateng kawula Paman. Langkung langkung ngantos siang punika Paman Patih dereng ngaturaken tumbal kangge patedhanipun Dewata Cengkar to Paman?"

Sedih lan kuwatir nggudha atine Patih mau, ananging kepiye maneh, Patih datan bisa mbendung karepe Aji Saka kang nyuwun di sowanake ngersane Prabu Dewata Cengkar, patih kanthi rasa abot nyowanake Aji Saka. Satekane Aji Saka, Prabu Dewata Cengkar gumuyu lakak lakak seneng atine sabab mangerteni kang di sowanake nom noman kang bagus gagah pideksa. Wus kaya kaya datan sabar Prabu Dewata Cengkar arsa ngadeg lan nedha Aji Saka, ananging sadurunge Dewata Cengkar ngadeg, Aji Saka matur," Mangke rumiyin Sang Prabu, kawula aturi sabar sawetawis, mboten mboten yen kula badhe mlajar,"
"Aku wis ora sabar kepingin mbadhog kowe hem bocah bagus,, hahahahahahaha,,,"  Ucape Dewata Cengkar di barengi guyu nganti kaya gledheg swarane.
"Saderengipun kula panjenengan tedha, keparengna kula gadhah panyuwunan ingkang pungkasan, kula badhe nyuwun tanah ing nagri punika," Panyuwune Aji Saka.
" Hemmm,,, wong arep modar kok njaluk lemah arep kok nggo apa,,,??" Dewata Cengkar nggumun karo penjaluke Aji Saka.
"Samangke sasampunikun kula pejah badhe wonten sedhrek kawula ingkang badhe manggeni tanah kala wau Sang Prabu." Aji Saka wangsulan.
" banjur sepira ambane? apa sak alun alun cukup? mara gage wansulana bakal ingsun turuti penjalukmu,, hemm ora sabar aku selak kepingin mbadhog kowe"
Aji Saka paring wangsulan" Mboten sang prabu, kula namung nyuwun tanah ing sisih kidul saking Praja Medhang Kamulan punika, wondene ambanipun namung sak ambanipun iket sirah kula punika"
"Hhahahahaha..... mung sak mono iku?? " Dewata Cengkar gumuyu.
" Leres, anamung kawula nyuwun prabu Dewata Cengkar kiambak ingkang ngukuraken tanah kala wau kangge kawula"

Dewata Cengkar nyarujuki apa panyuwune Aji Saka, dina iku uga sakarone kairing wadya lan saperangan warga tumuju papan kang di karepake Aji Saka.
" Mangga, kawula aturi nyepeng pucuking iket kula punika Sang Prabu, Mangke Sang Prabu mlampah mundur ngantos sapanjanging iket kula punika" Aji Saka nglepas iket sirah nuli nyuwun maramg Dewata Cengkar miwiti ngukur.

Dewata Cengkar nyekel pucuking iket sirah wondene Aji Saka uga nyekel ing pucuk sejene, mundur sangsaya mundur Prabu Dewata Cengkar, ananging sangsaya mundur sangsaya amba uga ikete Aji Saka, nganti Dewata Cengkar tumeka gisiking segara kidul daya daya Aji Saka ngebutake ikete mau,, eling eling Aji Saka manungsa limpat satria kang sekti mandra guna, kumlebete sorban nganti bisa gawe Dewata Cengkar ambruk, njegur kelem ing segara kidul, ora wetara suwe kang jumedhul dudu Dewata Cengkar, ananging wujuding Baya kang putih memplak warnane.

Sawise kadadeyan iku, Praja dadi tata titi tentrem awit reretune praja wus sirna lan nunggal wujud karo baya putih mau, Aji Saka pinilih dadi raja ing Medhang Kamulan,

Wetara suwe anggenya madeg raja, Aji Saka kemutan lelakon kang wus kapungkur nalika paring dhawuh marang muridte kang aran Sembada supaya njaga pusaka kang awujud keris ana lengkehing Gunung Kendheng, Nalika semana Aji Saka paring dhawuh marang murid sakarone kang aran Dora lan Sembada," Muridku, aku bakal tumuju ing praja Medhang Kamulan. salah sawiji saka sira yaiku Dora dherekna lakuku, lan kanggone sliramu Sembada, Ingsun nedya nitip pusakaningsun kang awujud keris iki jaganen aja pisan pisan diwenehake sapa wae kalamun dudu jenengingsun kang mundhut"

Aji Saka datan enget manawa wus dhawuh  lamun dudu Aji Saka dhewe kang mundhut ora kena di wenehake mula banjur utusan murid kang aran Dora kanggo mboyong pusaka lan mrintah supaya Sembada sowan ngadhep ngarsane Aji Saka. Mula satekane Dora ana lengkehing Gunung kendheng yo papan panggonane Sembada banjur padha padudon, sabab sakarone padha padha nampa dhawuh lan kudu tansah ngestokake dhawuh sanadyan nyawa totohane.

"Sembada, aku iki utusane ratu, apa kang tak ngomongake iku dhawuhe ratu, mula keris pusaka ndak suwun bakal ndak sowanake menyang Medhang Kamulan, semono uga sliramu di jaluk bisa sowan ngarsane Prabu Aji Saka," Dora meksa marang Sembada.
Sembada wangsulan" Sedulurku tunggal guru, apa sliramu ora eling nalika semana Guru ngendika aja pisan pisan menehake pusaka yen dudu Guru Dhewe kang mundhut? Aku iki yo abdine Guru Aji Saka, aku kudu tansah nindakake dhawuh."

Sakarone padha teteg ing pendhiriane dhewe dhewe, temah wusanane dadi perang gedhe ing antarane sakarone, adu kasekten, kadigdayan saha kaprawiran, eling eling sakarone tunggal guru mula ya padha sektine. Suwe anggone padha ngadu tandhing wusanane datan ana sing mimpang malah sakarone sirna temahing lampus mbarengi tekane utusane Aji Saka kang sumusul yaiku Duga lan Prayoga sabab suwe anggone nunggu baline murid sakarone. Duga lan Prayoga sabanjure bali nggawa warta menyang Medhang Kamulan.

Tumetes luhira Sang Aji Saka ngawuningani abdi sakarone kang wus tanpa nyawa, Aji Saka rumangsa luput datan enget dhawuhe menyang Sembada nalika semana. banjur tuwuh pangandikane," Muridku kang tansah tuhu dhawuhku Dora lan Sembada, iki kabeh wus kinersakake Gusti Kang Murba Kawasa, sira sakarone wong kang tuhu bekti ngestokake dhawuhe gurumu, sanadyan nyawa kang dadi pitukone, mula jenengmu bakal di eling wong sak tanah Jawa lumantar simbul aksara,
Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya Nya
Ma Ga Ba Tha Nga.
hanacaraka, ana utusan. 
datasawala, padha kerangan ngedu tandhing. 
padha jayanya, padha sektine. 
magabathanga, bareng tumeka ing lampus."

Ngendikane Sang Aji Saka sineksenan bumi langit saisine mula banjur nemahi anane Aksara Jawa, kanggo ngeling eling lan tuladha sepira tuhu begtine Dora lan Sembada kang tansah ngestokake dhawuh guru lan ratu gustine, ngetohake pati kanggo njaga amanat kang sinangga.

Panulisane Aksara Jawa 


 

Cunthel


~~.o0o.~~




Prayogi panjenengan waos 


Sejarah Jawa tentu tidak akan mengabaikan cerita Aji Saka yang banyak disebutkan dalam kesusastraan Jawa. Cerita ini memang masih menjadi misteri antara ada dan tiada mengingat nama Aji Saka tidak ada dalam silsilah raja-raja tanah Jawa. Namun demikian cerita Aji Saka ini dianggap sebagai landasan mitologis-historis dari keberadaan aksara Jawa.

Dalam mitologi Aji Saka, Jawa dikatakan masih “kosong” sebelum kedatangan Aji Saka atau yang juga dikenal sebagai Empu Sengkala. Ki Ranggawarsita dalam Serat Paramayoga menuliskan bahwa mulanya Aji Saka adalah seorang raja dari negeri Surati di Hindustan pada masa Pancamakala. Setelah madeg pandita beliau bergelar Empu Sengkala (Berg, 1974).

Empu Sengkala mempunyai 2 orang murid yang bernama Dora dan Sembada. Dalam banyak tulisan tentang Jawa, Dora disebutkan sebagai murid yang suka berbohong, sedangkan Sembada dikenal sebagai murid yang setia dan jujur. Setelah mendapat petunjuk dari para dewa agar melaksanakan dharmayatra ke Jawa, Sang Empu pun berangkat bersama muridnya yang bernama Dora demi tugas suci tersebut. Namun, sebelum berangkat ia memberikan mandat kepada Sembada untuk menjaga keris pusakanya. Ia berpesan agar keris itu jangan diberikan kepada orang lain selain dirinya sendiri. 

Ketika Empu Sengkala melaksanakan perjalanan suci tersebut, Pulau Jawa kala itu dikuasai oleh raja berwatak raksasa yang kejam dan suka makan manusia. Raja ini dikenal dengan nama Dewatacengkar. Sesampainya di Jawa Empu Sengkala tergerak untuk membebaskan tanah Jawa dari hegemoni kekuasaan raja tersebut. Singkat cerita, Empu Sengkala berhasil mengalahkan Dewatacengkar berkat destar-nya.

Setelah berhasil mengalahkan Dewatacengkar, Empu Sengkala pun naik tahta menjadi raja tanah Jawa dan bergelar Prabu Aji Saka. Dalam waktu yang tidak lama Prabu Aji Saka berhasil menata perikehidupan di tanah Jawa. Selanjutnya, karena kesibukannya sebagai raja, maka Sang Aji Saka mengutus Dora untuk mengambil keris pusakanya pada Sembada. Tetapi ia lupa akan pesannya pada Sembada agar keris itu tidak diberikan kepada orang lain selain dirinya sendiri.

Sembada tidak mau menyerahkan keris pusaka dengan alasan untuk menjaga mandat sang Guru. Akhirnya, terjadilah peperangan sengit antara Dora dan Sembada yang sama-sama mendapat tugas dari Aji Saka. Peperangan ini berlangsung selama berhari-hari dan berakhir dengan kematian kedua utusan itu.

Merasa khawatir setelah sekian lama tak ada kabar dari kedua muridnya maka Aji Saka mengutus dua orang punggawanya, Duga dan Prayoga untuk membawa Dora dan Sembada menghadap Aji Saka. Duga dan Prayoga pun berangkat untuk menemui Dora dan Sembada. Namun mereka menemukan keduanya sudah meninggal. Lalu mereka pulang dan menyampaikannya kabar kematian kedua murid Aji Saka itu. Mendengar kabar itu, Aji Saka pun kaget dan merasa bersalah. Dalam suasana kesedihannya itu Sang Aji Saka menandai kematian kedua muridnya itu dengan carakan aksara Denta Wyañjana yang kini dikenal sebagai Aksara Jawa.

Carakan aksara Jawa tersebut terdiri atas 20 buah aksara yakni HaNaCaRaKa, DaTaSaWaLa, PaDHaJaYaNYa, MaGaBaTHaNGa. Jika diartikan, maka carakan aksara Jawa tersebut akan menggambarkan cerita tentang Dora dan Sembada sebagai- mana telah diungkap sebelumnya. Kata hanacaraka berarti ada utusan; datasawala berarti terus-menerus (berkelahi); padhajayanya artinya sama-sama kuat; dan magabathanga berarti sama-sama menemui ajalnya.

Jika dikaji lebih lanjut dengan pendekatan Othak Athik Matuk  Jawa yang merupakan metode dalam epistemologi Jawa, maka cerita Aji Saka ini mempunyai kaitan yang sangat erat dengan Otak Etik Jawa itu sendiri. Karena sebelum kedatangan Aji Saka, Jawa dikatakan masih ”kosong” dalam artian peradabannya. Dan Aji Saka-lah yang menjadi otak lahirnya peradaban Jawa itu sendiri.

Secara etimologis, kata aji sebenarnya merupakan manifestasi dari ilmu pengetahuan. Kata ini dapat diartikan sebagai ”kitab suci/Weda”. Hal ini sebagaimana disebutkan dalam cuplikan- cuplikan pada sastra dan susastra Hindu yang sering menuliskan kata ”ling ning aji” untuk menyatakan ”kata atau sabda Weda”. Lalu kata ”saka” berasal dari akar kata ”sak” yang berarti ”membawa”. Kata ”saka” sendiri dapat diartikan sebagai ”tonggak atau tiang”. Pada perumahan Jawa tempo dulu dan juga rumah adat Bali, saka adalah tiang yang digunakan sebagai penyangga rumah. Dengan demikian maka kata ”aji saka” dapat dimaknai sebagai ”orang yang membawa, mengemban dan memegang teguh kitab suci atau ilmu pengetahuan sebagai tiang penyangga kehidupannya”. Hindu memandang orang yang demikian dikatakan sebagai orang yang selalu bertongkatkan sastra (ateken ring sastra).

Di samping itu, dalam cerita Aji Saka ini terdapat beberapa nama tokoh, setting dan instrumen yang mempunyai makna filosofis. Adapun nama-nama yang dimaksud adalah Medang Kamulan, Dewata Cengkar, destar pandita atau brahmana, Dora Sembada, Duga Prayoga dan Aksara. Berikut penjelasan dari masing-masing nama tersebut.

Medang Kemulan, berasal dari kata ”meda” yang berarti ”kebutaan atau nafsu” dan ”mula” yang berarti ”asal”. Artinya pada mulanya negara ini adalah negara yang penuh dengan kebutaan atau kegelapan (awidya) sebelum kedatangan Aji Saka.

Dewata Cengkar melambangkan orang yang telah memisahkan diri atau melakukan perbuatan makar terhadap dewata (Tuhan). Hal ini sebagaimana arti asal kata ”cengkar” berarti ”cerai-berai, makar ” dan kata ”dewata” yang berarti ”Tuhan beserta manifestasi- Nya”.

Destar dari brahmana yang bernama Aji Saka ini mengisyaratkan pada buddhi atau kecerdasan itu sendiri. Dengan buddhi maka Dewata Cengkar dapat dikalahkan. Kemudian kata ”brahmana” mengandung maksud orang yang selalu mencari pengetahuan untuk mencapai jiwa tertinggi. 
Dora oleh masyarakat Jawa sudah divonis sebagai orang yang jahat dan suka menipu. Penafsiran semacam ini perlu diluruskan karena tidak mungkin brahmana sekaliber Aji Saka mau menerima murid seperti Dora. Dan tidak ada tradisi Parampara di India yang menerima murid tanpa melihat dedikasi mereka terlebih dahulu .

Kata ”dora” ini bertalian secara filologis dengan kata Sanskerta ”dora” yang berarti ”sebuah tali”. Sementara itu kata ”sembada” berkaitan erat sengan kata Sanskerta ”sambadha” yang berarti ”tekanan, sukar” dan kata ”sambodha” yang artinya ”kesenangan”. Jadi sesungguhnya tali yang mengikat manusia dalam kehidupan itu berupa kesenangan duniawi yang sukar untuk dihilangkan. Namun setelah Dora dan Sembada tewas dalam pertempuran timbulah aksara Jawa. Ini merupakan pralambang bahwa untuk mencapai kehidupan yang kekal atau abadi maka seseorang perlu meninggalkan ikatan yang berupa kesenangan indriawi. 


Kata duga prayoga dalam pemahaman masyarakat Jawa saat ini mempunyai makna sopan santun. Akan tetapi terkait dengan makna filosofis matinya Dora Sembada dan penciptaan aksara Jawa, secara harfiah kata ”duga” dapat diartikan ”hasil akhir” (dari kata Sanskerta ”dugha”). Sedangkan kata prayoga berasal dari dua kata para dan yoga. Kata ”para” dapat diartikan ”jauh atau paling tinggi”. Sementara kata ”yoga” dapat diartikan sebagai ”penyatuan, hubungan atau kontak.” Dengan demikian kata prayoga di sini bisa diartikan sebagai penyatuan atau hubungan mistis yang tertinggi (manunggaling kawula lan gusti). 

Secara filosofis Duga dan Prayoga tersebut mengisyaratkan hasil akhir (sesuai dengan makna yang terkandung pada namanya) dari pencarian ilmu pengetahuan bagi seorang brahmana yang bernama Aji Saka. Buktinya pada cerita Aji Saka tersebut, mereka hanya disebut-sebut pada akhir cerita setelah kematian Dora dan Sembada yang dimaknai sebagai lenyapnya kesenangan indrawi pada orang yang selalu menggunakan pengetahuan suci sebagai tongkat atau tiangnya (Aji Saka). 

Instrumen yang terakhir adalah aksara. Kata ini berasal dari kata Sanskerta ”aksara” yang berarti ”abadi, kekal atau kebahagiaan”. Aksara adalah suatu kebahagiaan dalam kehidupan di alam maya ini. Ia juga lambang kehidupan yang abadi. 

Jika dirangkaikan dari awal hingga akhir maka cerita Aji Saka tersebut melambangkan pendakian puncak keabadian (aksara) oleh seorang pencari ilmu pengetahuan (brahmana) yang selalu berpedoman pada sastra suci (Weda) sebagai pegangan hidupnya (aji saka). Pendakian ini diawali dengan melenyapkan ketidakpercayaan terhadap Tuhan (Dewata Cengkar) atau atheisme dan selalu mengendalikan kebutaan nafsu (medang kamulan). Kemudian yang terakhir adalah dengan melenyapkan kesenangan indrawi sebagai ikatan duniawi (dora – sembada). Barulah ia dapat mencapai hasil akhir yang berupa penyatuan mistis atau manunggal dengan Gusti atau Tuhannya (duga –prayoga). Jika semua itu sudah dijalani dan dialami maka ia pun akan mencapai puncak kesempurnaan (moksa) atau kehidupan yang kekal dan abadi selamanya (aksara). Kesemuanya itu pada dasarnya merupakan otak atik jawa dimana menjadi sumber pemikiran (otak) bagi orang-orang Jawa agar lebih beradab dan beretika.






By: Jaka Lelana


Senin, 18 Maret 2013

Kumpulaning Donga


1.Donga Sapu Jagad

رَبَّنَااَتِنَافِ الدُّنْيَا حَسَنَةًوَفِ اْلاَحِرَةِحَسَنَةًوَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Raabbanaa aatina fid-dunyaa hasanatan wa fil-aakhirati hasanatan wa qinaa 'adzaaban-naar

Dhuh Gusti Allah, sesembahan kawula, Mugi Gusti maringi dateng kawula keasenan ing ngalam ndunya lan alam akherat, Ugi mugi Gusti njagi kawula saking geni neraka.

2.Donga Wekdal Nandang Susah


اَللَّهُمَّ رَحْمَتَكَ أَرْجُوْفَلَنْ تَكِلَنِيْ اِلَى نَفْسِىْطَرْفَةَعَيْنٍ

                     وَأَصْلِحْ لِىْشَأْنِيْ كُلَّهُ لاَاِلَهَ اِلاَّاَنْتَ

Allaahumma rahmataka arjuu falan takilnii ilaa nafsii tharfata 'ainin wa ashlih lii sya'nii kullahu laa ilaaha illaa Anta

Dhuh Gusti Allah, namung rahmat panjenengan ingkang kawula suwun, Pramila Ya Allah, sampun ngantos panjenengan lirwakaken kawula nadyan namung sakedheping netra lan kawula nyuwun Panjenengan leresaken sedanten kahanan kawula, Estu mboten wonten Illah salintunipun Panjenengan (Allah). 

3.Donga Nyuwun Tambahing Ngilmu


 رَبِّ زِدْنِىْ عِلْمًا.  طه:١١٤


Rabbi zidnii 'ilman.

Dhuh Gusti, Panjenengan tambahaken ilmu dateng kawula (Thaha: 114)

4.Donga Wekdal Ningali Kawontenan Ingkang Mboten Dipun Remeni


اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِ يْ بِنِعْمَتِهِ تُتِمُّ الصَّالِحَاتُ


Alhamdu lillahi-ladzii bini'mathihii tutimmush-shaalihaatu

Sedanten pamuji namung dhateng Panjenengan Ya Allah kalian ni'mat Panjenengan, Panjenengan sempurnakaken sedanten kesaenan.

5.Donga Kagem Tiyang Sepuh


 اَللَّهُمَّ اغْفِرَلِيْ وَلِوَالِدَىَّ وَٰرْحَمْهُمَا كَمَارَبَّيَانِيْ صَغِيْرًا


Allahummaghfir lii wa liwaalidayya warhamhuma kamaa rabbayanii shaghiraa

Ya Allah, Panjenengan apura sedanten dosa tiyang sepuh kula kekalih, lan kawula nyuwun panjenengan tresnani kekalihipun kados dene tiyang sepuh kula tresna lan asih dateng kawula wekdal kawula taksih alit.

6.Donga Nyuwun Kesabaran


رَبَّنَا`اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًٰ وَشَبِّتْ أَقْدَٰمَنَاوَٰنْصُرْنَاعَلَىٰ ْلقَوْمِ اْلكَافِرِيْنَ


Rabbana afrigh 'alainaa shabran wa tsabbit aqdaamanaa wanshurna 'alal-qaumil-kaafiriin

Ya Allah, Gusti sesembahan kawula, limpahaken dateng kawula kesabaran, Panjenengan tetepaken kekalih telapak sikil kawula, saha panjenengan slametaken kawula saking tiyang- tiyang ingkang kafir.


7.Donga Saderengipun Dhahar


اَللَّهُمَّ بَرِكْ لَنَ فِيْمَ رَزَقْتَنَ وَاَطْعِمَناَ خَيْرًامِنْهُ وَقِنَا عَذَابَ إلنَّا رِ. بِسْمِ اللَّهِ


Allahuma baarik lanaa fiimaa razaqtanaa wa ath'imnaa khairaan minhu wa qinaa 'adzaaban-naar. Bismillaah

Ya Allah, Panjenengan paringi berkah dhateng sedanten rizki ingkang sampun Panjenengan paringaken dateng kawula, Panjenengan paringi dhaharan dhateng kawula ingkang sae, lan mugi Panjenengan tansah njagi kawula saking geni neraka. Kalian Asma panjenengan Ya Allah.

8.Donga Saderengipun Sare


بِاسْمِكَ اللَّهُمَّ أَمُوْتُ وَأَحْيَا.


BISMIKA ALLOHUMMA AMUUTU WA A_HYAA.
Kalian Asma Panjenengan Ya Allah, kawula mati, lan kawula gesang.

9.Donga Wungu Sare


   بَعْدَ مَا أَمَاتَنَا وَإِلَيْهِ النُّشُوْر اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى أَحْيَانا 


 Al_hamdulillahil ladzii ahyaanaa ba'damaa amaatanaa wa ilaihin nusyuur.
Sedanten Puji namung dateng Allah ingkang sampun nangekaken kawula sasampunipun nilemaken lan matekaken kawula, lan namung dateng Allah mbenjang kawula badhe wangsul.

10.Donga Medal saking dalem


    ,بِسْمِ اللَّهِ تَوَكَّلْتُ عَلَى اللَّهِ لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللَّهِ


Bismillahi tawakkaltu 'alalloohi laa haula walaa quwwata illaa billaah.

Kalian asma panjenengan Ya Allah, sedanten urusan kawula serahaken Dateng Panjenengan, mboten wonten daya lan kekiyatan salintunipun namung pitulungan saling Panjenengan (Allah)

11.Donga Mlebet Dateng Dalem

   
اَللَّهُمَّ إِنِّى أَسْأَلُكَ خَيْرَ اْلمَوْلَجِ وَخَيْرَ اْلمَخْرَجِ 
بِسْمِ اللَّهِ وَلَجْنَا, وَبِسْمِ اللَّهِ خَرَجْنَا وَعَلَى اللَّهِ رَبَّنَا تَوَكَّلْنَا

Allohumma inni as'aluka khoirol maulaji wa khoirol makhroj Bismillahi walajnaa, wa bismillahi khorojnaa  wa 'alallohi robbinaa tawakkalnaa
Ya Allah kawula nyuwun dateng Panjenengan lawang mlebet inglkang paling sae, lan lawang kangge medal ingkang paling sae, kalian Asma panjenengan kawula mlebet lan kawula medal, kawula pasrahaken sedanten urusan dateng Panjenengan.

12.Donga Nampi Musibah


إِنَّا لِلّهِ وَإِنَّـا إِلَيْهِ رَاجِعونَ


"Innaa lillaahi wa innaaa ilaihi rooji`uun"

Estu kawula kagunganipun Allah lan saestunipun namung dateng Allah kawula badhe wangsul.

13.Donga Syukur Nampi Ni'mat


# Donga Sujud Syukur


         اللهُمَّ لَكَ الْحَمْدُ شُكْرًا وَلَكَ الْمَنُّ فَضْلاً


Allohumma lakal hamdu syukron walakalmannu fadl lan
Ya Allah namung dateng panjenengan sedanten puji dalem munjuk sarana saestu estu syukur, Lan namung  dateng Panjenengan sedanten Anugrah lan kautaman.


# Donga Syukur ni'mat lan Donga Kangge Tiyang Sepuh Kekalih


رَبِّ أَوْزِعْنِيْ أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَى وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحاً      تَرْضَاهُوَأَدْخِلْنِيْ بِرَحْمَتِكَ فِيْ عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ وَأَصْلِحْ لِيْ فِيْ ذُرِّيَّتِيْ

                                    إِنِّيْ تُبْتُ إِلَيْكَ وَإِنِّيْ مِنَ الْمُسْلِمِينَ



Robbi auzi'ni an asykuro ni'matakallatii an'amta 'alayya wa 'ala waa lidayya wa an a'mala shoolihan tardhoohu wa adkhilnii birohmatika fii 'ibaadakashshoolihiin wa ashlihlii fi dzurriyyatii inni tubtu ilaika wa inni  minal muslimiin.
Dhuh Gusti, Panjenengan paringi ilham dateng kawula supados kawula tansah syukur dateng sedanten ni'mat ingkang sampun Panjenengan paringaken dateng kawula, lan dateng tiyang sepuh kula kekalih lan supados tansah nindakaken amal sholih ingkang Panjenengan Ridhoi, Lan lebetaken kawula kalian rahmat Panjenengan dateng golonganipun hamba panjenengan ingkang Sholih, Lan Panjenengan paringi kesaenan dhateng kawula kalian anak putu kawula, Estu kawula tobat dateng Panjenengan, lan Lan estu kawula pasrah dateng Panjenengan.

14. Donga Wekdal Jawah

أَللَّهُمَّ صَيِّباً نَافِعاً
(رواه البخاري)

Allohumma Shoyyiban naafi'aan
Ya Allah, dadosaken jawah ingkang nembe mandhap punika jawah ingkang dees lan mbegta manfaat.
(HR.Al-Bukhory)

15. Donga Menawi Jawah 


اللهم اجعلها رحمة ولا تجعلها عذابا, اللهم اجعلها رياحا ولا تجعلها ريحا
رواه الشافعى

Allohummaj'alha rohmatan walaa  taj'alha 'adzaabaa,  Allohummaj'alha riyaahan  walaa  taj'alha riihan
Ya Allah dadosaken jawah punika minangka rohmat kangge kawula, lan sampun Panjenengan dadosaken jawah punika minangka adzab kangge kawula, Ya Allah, dadosaken angin punika sae kangge kawula, lan sampun Panjenengan dadosaken ala kangge kawula.
HR. Asy-Syafii,
(lihat kitab Al-Adzkaar An-Nawawy halaman 163)

16. Donganipun menawi  ngimpi

#Impen Ingkang Sae


اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ

Alhamdulillahi robbil 'aalamiin
Sedanten Puji namung kagem Allah Gustining Alam sawegung.

# Impen ingkang ala

أَللَّهُمَّ إِنِّى أَعُوْذُ بِكَ مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ وَسَيِّئاَتِ اْلأَحْلاَمِ

Allohumma inni a'udzubika min 'amalisysyaithoon wasayyanaatil ahlaam.
Ya Allah kawula nyuwun pangayoman dateng Panjenengan saking tumindakipun syaithon lan saking ngimpi ingkang ala.

 (Lajeng mbucal idu dateng sisih kiwa kaping tiga.)

17.Donga Menawi Mboten Saget Sare

أَللَّهُمَّ غَارَتُ النُّجُوْمِ وَهَدَأَتِ اْلعُيُوْنِ وَأَنْتَ حَيٌّ قَيُّوْمٌ لاَ تَأْخُذُكَ سِنَةٌ وَلاَ نَوْمٌ يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ أَهْدِئْ لَيْلِى وَأَ نِمْ عَيْنِى

Allohumma ghoorotunnujuum wa hadatil 'uyuun wa anta hayyun qoyyuun laa takhudzuka sinatuwwala nauum yaa hayyu yaa qoyyuum ahdi' laily wa anim 'ainii.
Ya Allah, Lintang lintang sami kemerlapan, sedanten netra saget tenang, namung Panjenengan ingkang kekal gesang lan Maha Tunggal, mboten ngantuk lan mboten nate sare. Ya Allah tenangaken dalu puniki lan tilemaken mripat kawula.

18. Donga Wekdal Nandang Kasusahan

يَاحَيُّ يَا قَيُّوْمُ بِرَحْمَتِكَ أَسْتَغِيْثُ.

Yaa Hayyu yaa qoyyuum, birohmatika astaghiistu
Dhuh Dzat ingkang Maha Kekal, lan ingkang tansah ngurus makhlukipun, kalian ahmat Panjenengan kawula nyuwun pitulungan.


Taksih kathah donga donga lintunipun ingkang dereng saget kawula aturaken dhateng panjenengan sedaya pramila dalem nyuwun agunging pangaksami, Hambok bilih mangke wonten lodhanging wekdal kawula Insya Allah dipun lajengaken malih


~~.o0o.~~

Hambok bilih kirang leres anggen kawula nyerat werdining basa Arab dateng basa Jawi, Dalem nyuwun sih agunging pangaksami lan nyuwun dipun paringi masukan kritik lan saran pamrayogi mrih saenipun seratan ing nginggil,

Namung Gusti Allah Igkang Maha Sampurna,
Nuwun Matur Sembah Nuwun

Jaka Lelana